TIRTO PAWITRO MAHENING SUCI ꦠꦶꦂꦠꦺꦴꦥꦮꦶꦠꦿꦺꦴꦩꦲꦺꦤꦶꦁꦱꦸꦕꦶ

0

 TIRTO PAWITRO MAHENING SUCI

ꦠꦶꦂꦠꦺꦴꦥꦮꦶꦠꦿꦺꦴꦩꦲꦺꦤꦶꦁꦱꦸꦕꦶ





TIRTO : Banyu

PAWITRO : Bening

MAHENING : Meneb

SUCI : Ora kecepretan ing dosa.


Tegese : sak biso-biso manungso urip ngupoyo banyu bening kang biso menebake pikir lan sak biso-biso ngupoyo supoyo ora kecepretan ing dedosan.


Manungso urip pancen ora ono kang sampurno, nanging manungso diparingi kuoso mbudidoyo, nggayuh katentremaning urip, kanthi mbening lan menebake ati lan pikir kanggo nggayuh kasampurnane urip, mergo yen ati lan pikir yen wis bening lan meneb adate ora bakal keliru lakune, mergo wis dipetung kanthi genep.




Aksara Jawanipun :


ꦠꦶꦂꦠꦺꦴꦥꦮꦶꦠꦿꦺꦴꦩꦲꦺꦤꦶꦁꦱꦸꦕꦶ


ꦠꦶꦂꦠꦺꦴ꧇ꦧꦚꦸ

ꦥꦮꦶꦠꦿꦺꦴ꧇ꦧꦼꦤꦶꦁ

ꦩꦲꦺꦤꦶꦁ꧇ꦩꦼꦤꦼꦧ꧀

ꦱꦸꦕꦶ꧇ꦎꦫꦏꦼꦕꦼꦥꦿꦼꦠꦤ꧀ꦆꦁꦣꦺꦴꦱ꧉


꧋ꦠꦼꦒꦼꦱꦼ꧇ꦱꦏ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦧꦶꦱꦺꦴꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦴꦈꦫꦶꦥ꧀ꦔꦸꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦧꦚꦸꦧꦼꦤꦶꦁꦏꦁꦧꦶꦱꦺꦴꦩꦼꦤꦼꦧꦏꦺꦥꦶꦏꦶꦂꦭꦤ꧀ꦱꦏ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦧꦶꦱꦺꦴꦔꦸꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦱꦸꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦎꦫꦏꦼꦕꦼꦥꦿꦼꦠꦤ꧀ꦆꦁꦣꦼꦣꦺꦴꦱꦤ꧀꧈


꧋ꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦴꦈꦫꦶꦥ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦎꦫꦎꦤꦺꦴꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦺꦴ꧈ꦤꦔꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦺꦴꦣꦶꦥꦫꦶꦔꦶꦏꦸꦮꦺꦴꦱꦺꦴꦩ꧀ꦧꦸꦣꦶꦣꦺꦴꦪꦺꦴ꧈ꦔ꧀ꦒꦪꦸꦃꦏꦠꦺꦤ꧀ꦠꦿꦺꦩꦤꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀‌ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩ꧀ꦧꦼꦤꦶꦁꦭꦤ꧀ꦩꦼꦤꦼꦧꦏꦺꦄꦠꦶꦭꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂꦏꦁꦒꦺꦴꦔ꧀ꦒꦪꦸꦃꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦺꦈꦫꦶꦥ꧀‌ꦩꦼꦂꦒꦺꦴꦪꦺꦤ꧀ꦄꦠꦶꦭꦤ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦤꦶꦁꦭꦤ꧀ꦩꦼꦤꦼꦧ꧀ꦄꦣꦠꦺꦎꦫꦧꦏꦭ꧀ꦏꦼꦭꦶꦫꦸꦭꦏꦸꦤꦺ꧈ꦩꦼꦂꦒꦺꦴꦮꦶꦱ꧀ꦝꦶꦥꦼꦠꦸꦁꦏꦤ꧀ꦛꦶꦒꦼꦤꦼꦥ꧀꧈



Imajiner Nuswantoro 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)