Ingsun Ngasal Saka Kedadeyane Bapa Lan Ibu Campyuh Dadi Suwiji, Tan Mesthi Pestening Allah Gusti Kang Kinasih Ingsun Sawijine Dluwang Putih Kersaning Allah Putihe Awujud Sukma Sari Ya Sarining Ndonya Pestening Allah Kang Maha Suci Ingsun Dudu Geni, Ya Kuwi Genine Kabungahan Kang Nedya Ngobong Putihe Sakelir, Putihe Dluwang Pestening Allah Kang Maha Suci Ingsun Anitis Lair Kadidene Paraga, Ya kuwi Paragane Ndonya Ndonya Padhang Gilar-Gilar Paragane Allah kang Maha Suci, Welas Lan Asih Gumebyar Nembusi Pepetheng Ampak-Ampak Ingsun Dadi Bageyane Ndoya Kang Tansah Jinaga,Di Emban,Di Kukup Dening Ibu Bumi Lan Bapa Angkasa Kakang Kawah Adhi Ari-Ari Lan Sedulurku Sekabeh Sing Kaweratan Lan Ora Kaweratan Ingsun Lumaku Urut Rumpile Kawah. Kawahe Kang Ndhepani Chandala Ingsun Golek Slamet, Lair Tuwuse Bathin Ya Bathine Kayu Jatining Allah Gusi Kang Maha Suci Ingsun Jatining Allah Awujud Godhong Ndonya Kang Ngrembayong, Kopat-Kapit Katiyup Angine Taqdir Iradhate Allah, Kabuncang Mega, Megane Pepesthening Jagat Panguripan Ing Alam Pepadhang Gahing Gusti kang Maha Suci Ingsun Kepengen Leladi, Leladi Kanggo Gunung Ya Kuwi Gununging Allah Kersaning Gusti Kawula Gunung Kasampurnan, Sampurnane Panguripan Lan Dadi Tumbalipun Kautaman Urut Lakuning Kabagyan, Ngleksanani Karma Pepesthening Gusti, Ya Kuwi Allah Lan Nurut Muhamad Nabi Panutan

0

Ingsun Ngasal Saka Kedadeyane Bapa Lan Ibu


Campyuh Dadi Suwiji, Tan Mesthi Pestening Allah Gusti Kang Kinasih


Ingsun Sawijine Dluwang Putih Kersaning Allah


Putihe Awujud Sukma Sari Ya Sarining Ndonya Pestening Allah Kang Maha Suci


Ingsun Dudu Geni,  Ya Kuwi Genine Kabungahan Kang Nedya Ngobong Putihe Sakelir,  Putihe Dluwang Pestening Allah Kang Maha Suci


Ingsun Anitis Lair Kadidene Paraga, Ya kuwi Paragane Ndonya


Ndonya Padhang Gilar-Gilar Paragane Allah kang Maha Suci,  Welas Lan Asih


Gumebyar Nembusi Pepetheng Ampak-Ampak


Ingsun Dadi Bageyane Ndoya

Kang Tansah Jinaga, Di Emban, Di Kukup


Dening Ibu Bumi Lan Bapa Angkasa


Kakang Kawah Adhi Ari-Ari Lan Sedulurku Sekabeh Sing Kaweratan Lan Ora Kaweratan

Ingsun Lumaku Urut Rumpile Kawah.


Kawahe Kang Ndhepani Chandala

Ingsun Golek Slamet, Lair Tuwuse Bathin


Ya Bathine Kayu Jatining Allah Gusi Kang Maha Suci


Ingsun Jatining Allah Awujud Godhong Ndonya Kang Ngrembayong, Kopat-Kapit Katiyup Angine Taqdir Iradhate Allah, Kabuncang Mega, Megane Pepesthening Jagat Panguripan Ing Alam Pepadhang Gahing Gusti kang Maha Suci


Ingsun Kepengen Leladi, Leladi Kanggo Gunung Ya Kuwi Gununging Allah Kersaning Gusti Kawula


Gunung Kasampurnan, Sampurnane Panguripan 

Lan Dadi Tumbalipun Kautaman

Urut Lakuning Kabagyan, Ngleksanani Karma Pepesthening Gusti, Ya Kuwi Allah Lan Nurut Muhamad Nabi Panutan




Aksara Jawanipun  :


꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦔꦱꦭ꧀ꦱꦏꦏꦼꦣꦝꦺꦪꦤꦺꦧꦥꦭꦤ꧀ꦆꦧꦸ


꧋ꦕꦩ꧀ꦥꦾꦸꦃꦣꦝꦶꦱꦸꦮꦶꦗꦶ꧈ꦠꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦥꦼꦱ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦏꦶꦤꦱꦶꦃ


ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦺꦣ꧀ꦭꦸꦮꦁꦥꦸꦠꦶꦃꦏꦼꦂꦱꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ


꧋ꦥꦸꦠꦶꦲꦺꦄꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦱꦫꦶꦪꦱꦫꦶꦤꦶꦁꦤ꧀ꦝꦺꦴꦚꦥꦼꦱ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ


꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦸꦣꦸꦒꦼꦤꦶ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦒꦼꦤꦶꦤꦺꦏꦧꦸꦔꦲꦤ꧀ꦏꦁꦤꦼꦣꦾꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦶꦲꦺꦱꦏꦺꦭꦶꦂ꧈ꦥꦸꦠꦶꦲꦺꦣ꧀ꦭꦸꦮꦁꦥꦼꦱ꧀ꦠꦼꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ


꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦄꦤꦶꦠꦶꦱ꧀ꦭꦻꦂꦏꦣꦶꦣꦺꦤꦺꦥꦫꦒ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦥꦫꦒꦤꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦚ


꧋ꦤ꧀ꦝꦺꦴꦚꦥꦣꦁꦒꦶꦭꦂꦒꦶꦭꦂꦥꦫꦒꦤꦺꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦄꦱꦶꦃ


ꦒꦸꦩꦺꦧꦾꦂꦤꦼꦩ꧀ꦧꦸꦱꦶꦥꦼꦥꦼꦛꦼꦁꦄꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦄꦩ꧀ꦥꦏ꧀


ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦣꦶꦧꦒꦺꦪꦤꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦪ

ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦗꦶꦤꦒ꧈ꦣꦶꦌꦩ꧀ꦧꦤ꧀‌ꦣꦶꦏꦸꦏꦸꦥ꧀


ꦣꦼꦤꦶꦁꦆꦧꦸꦧꦸꦩꦶꦭꦤ꧀ꦧꦥꦄꦁꦏꦱ


꧋ꦏꦏꦁꦏꦮꦃꦄꦣꦶꦄꦫꦶꦄꦫꦶꦭꦤ꧀ꦱꦼꦣꦸꦭꦸꦂꦏꦸꦱꦼꦏꦧꦺꦃꦱꦶꦁꦏꦮꦺꦫꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦎꦫꦏꦮꦺꦫꦠꦤ꧀

꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦭꦸꦩꦏꦸꦈꦫꦸꦠ꧀ꦫꦸꦩ꧀ꦥꦶꦭꦺꦏꦮꦃ꧉


ꦏꦮꦲꦺꦏꦁꦤ꧀ꦝꦼꦥꦤꦶꦕ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦭ

ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀‌ꦭꦻꦂꦠꦸꦮꦸꦱꦺꦧꦛꦶꦤ꧀


꧋ꦪꦧꦛꦶꦤꦺꦏꦪꦸꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦒꦸꦱꦶꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ


꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦄꦮꦸꦗꦸꦣ꧀ꦒꦺꦴꦣꦺꦴꦁꦤ꧀ꦝꦺꦴꦚꦏꦁꦔꦿꦼꦩ꧀ꦧꦪꦺꦴꦁ꧈ꦏꦺꦴꦥꦠ꧀ꦏꦥꦶꦠ꧀ꦏꦠꦶꦪꦸꦥ꧀ꦄꦔꦶꦤꦺꦠꦐ꧀ꦝꦶꦂꦆꦫꦣꦠꦺꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦏꦧꦸꦚ꧀ꦕꦁꦩꦺꦒ꧈ꦩꦼꦒꦤꦺꦥꦼꦥꦼꦱ꧀ꦛꦼꦤꦶꦁꦗꦒꦠ꧀ꦥꦔꦸꦫꦶꦥꦤ꧀ꦆꦁꦄꦭꦩ꧀ꦥꦼꦥꦣꦁꦒꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ


꧋ꦆꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦼꦔꦼꦤ꧀ꦊꦭꦣꦶ꧈ꦊꦭꦣꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦒꦸꦤꦸꦁꦪꦏꦸꦮꦶꦒꦸꦤꦸꦔꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦼꦂꦱꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦮꦸꦭ


ꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤ꧀‌ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦺꦥꦔꦸꦫꦶꦥꦤ꧀

ꦭꦤ꧀ꦝꦣꦶꦠꦸꦩ꧀ꦧꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦻꦴꦠꦩꦤ꧀

꧋ꦈꦫꦸꦠ꧀ꦭꦏꦸꦤꦶꦁꦏꦧꦒꦾꦤ꧀‌ꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤꦶꦏꦂꦩꦥꦼꦥꦼꦱ꧀ꦛꦼꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦩꦸꦲꦩꦣ꧀ꦤꦧꦶꦥꦤꦸꦠꦤ꧀




Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)