MACAPATAN ꦩꦕꦥꦠꦤ꧀

0

 MACAPATAN

ꦩꦕꦥꦠꦤ꧀




KINANTHI 

Kawi kenaka ing laku

Gelang alit aywa lali

Iwak kawi ywa sembrana

Satindaknya tan nalingsir

Yen nalingsir dadi pocap

Isi sawo nora becik


Aywa ragu jroning laku

Lamun wus tumindak becik

Angaraha urip tata

Siyang pantaraning ratri

Urip aywa padha ngangsa

Mamrih tentrem jroning ati


Satitahira lumaku

Dikebak pangati-ati

Murih urip tan cilaka

Sapa nandur ngundhuh yekti 

Aywa caket mring piyala

Digegentur tapaneki 


Sapa weweh bakal wuwuh

Gelem suguh dadi sugih

Gagasan lan tetembungan

Tindak-tanduk wus nyawiji

Aywa gampang panasbaran

Sabar subur lair batin


Sing titi sabar ing laku

Amrih becik mupangati

Ywa tansah padha sembrana

Kudu tansah ngati-ati

Tembung satembung kang nyata

Karya padhang jroning galih


Sun kanthi kaki angidung

Angidung sekar kinanthi

Dimen jiwa trus sumunar

Gesang padhang anelahi

Pindha diyan tarawangan

Nyunari tyasing sasami


Pangesthine laku jujur

Datan selak jroning batin

Apa ingkang kinawruhan

Wasis milah sarta milih

Tan gela cuwa neng nala

Manjing karep ati siji



SEKAR GAMBUH 

Rongkop rungkading laku

Lamun bener becik tan maelu

Tibaning njata amung ngisin-isini

Angkara gung wus angurung

Pindha diyu pating clonong


Iki padha siningkur

Cecengilan tindak nora jujur

Tandang-tanduk solah-bawa datan kasil

Ucapnya datan ginugu

Amung lir miri kang kopong


Jinarak racakipun

Urip tumiba kalantur-lantur

Kurang eling lan waspada jroning batin

Lakune kajlungup- jlungup

Niba-nangi wus kapentog 



SEKAR PANGKUR

Dipadha lulus raharja 

Anggonira memayu urip suci 

Lah iya dipadha rukun 

Sarta ambudidaya 

Mesu reh kautaman lan budi luhur 

Genging lekas ameminta 

Sihing Gusti Mahasuci 


Nora wurung gawe wirang 

Lamun urip nggugu karsaning dhiri 

Samubarang datan ndunung 

Lewane gawe cuwa

Sasolahe tatakrama datan tepung 

Jroning patrap mung aleman 

Dadi pocap siyang ratri 


Singkirana kehing godha 

Sanyatane karasa wus dumadi 

Sirna sumelanging kalbu 

Emut tan kasamaran 

Jroning urip wruh sejatining urub 

Wekasing wisik binuka 

Telenging batos wus manjing 


Kadya lintang panjerina 

Sumorot abyor padhang anelahi 

Byar trawangan jroning kalbu 

Mangkono wong utama 

Sabarang tindak-tanduke ngemu patut 

Pantes kinarya tuladha 

Dadya pepadhanging jalmi 


Wisnya rancak kang rinancang 

Jroning laku wus maujud sayekti 

Sayektine budi tulus 

Tan wigih ringa-ringa 

Jer niyating tyas tan minger satuhu 

Lumampah nuting pepadhang 

Mila lepat ing bilai 


Dening: Ki Y.P.B.Wiratmoko



Imajiner Nuswantoro 


Aksara Jawanipun :

ꦩꦕꦥꦠꦤ꧀



ꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ

ꦏꦮꦶꦏꦼꦤꦏꦆꦁꦭꦏꦸ

ꦒꦺꦭꦁꦄꦭꦶꦠ꧀ꦄꦪ꧀ꦮꦭꦭꦶ

ꦆꦮꦏ꧀ꦏꦮꦶꦪ꧀ꦮꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ

ꦱꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦚꦠꦤ꧀ꦤꦭꦶꦁꦱꦶꦂ

ꦪꦺꦤ꧀ꦤꦭꦶꦁꦱꦶꦂꦣꦝꦶꦥꦺꦴꦕꦥ꧀

ꦆꦱꦶꦱꦮꦺꦴꦤꦺꦴꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀


ꦄꦪ꧀ꦮꦫꦒꦸꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦭꦏꦸ

ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀

ꦄꦔꦫꦲꦈꦫꦶꦥ꧀ꦠꦠ

ꦱꦶꦪꦁꦥꦤ꧀ꦠꦫꦤꦶꦁꦫꦠꦿꦶ

ꦈꦫꦶꦥ꧀ꦄꦪ꧀ꦮꦥꦣꦔꦁꦱ

ꦩꦩꦿꦶꦃꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦄꦠꦶ


ꦱꦠꦶꦠꦲꦶꦫꦭꦸꦩꦏꦸ

ꦣꦶꦏꦼꦧꦏ꧀ꦥꦔꦠꦶꦄꦠꦶ

ꦩꦸꦫꦶꦃꦈꦫꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦕꦶꦭꦏ

ꦱꦥꦤꦤ꧀ꦝꦸꦂꦔꦸꦤ꧀ꦝꦸꦃꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ

ꦄꦪ꧀ꦮꦕꦏꦺꦠ꧀ꦩꦿꦶꦁꦥꦶꦪꦭ

ꦣꦶꦒꦺꦒꦺꦤ꧀ꦠꦸꦂꦠꦥꦤꦺꦏꦶ


ꦱꦥꦮꦼꦮꦼꦃꦧꦏꦭ꧀ꦮꦸꦮꦸꦃ

ꦒꦼꦊꦩ꧀ꦱꦸꦒꦸꦃꦣꦝꦶꦱꦸꦒꦶꦃ

ꦒꦒꦱꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦤ꧀

ꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦚꦮꦶꦗꦶ

ꦄꦪ꧀ꦮꦒꦩ꧀ꦥꦁꦥꦤꦱ꧀ꦧꦫꦤ꧀

ꦱꦧꦂꦱꦸꦧꦸꦂꦭꦻꦂꦧꦠꦶꦤ꧀


ꦱꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦱꦧꦂꦆꦁꦭꦏꦸ

ꦄꦩꦿꦶꦃꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦩꦸꦥꦔꦠꦶ

ꦪ꧀ꦮꦠꦤ꧀ꦱꦃꦥꦣꦱꦼꦩ꧀ꦧꦿꦤ

ꦏꦸꦣꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦠꦶꦄꦠꦶ

ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦱꦠꦺꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦁꦚꦠ

ꦏꦂꦪꦥꦣꦁꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦒꦭꦶꦃ


ꦱꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦏꦶꦄꦔꦶꦣꦸꦁ

ꦄꦔꦶꦣꦸꦁꦱꦼꦏꦂꦏꦶꦤꦤ꧀ꦛꦶ

ꦣꦶꦩꦺꦤ꧀ꦗꦶꦮꦠꦿꦸꦱ꧀ꦱꦸꦩꦸꦤꦂ

ꦒꦼꦱꦁꦥꦣꦁꦄꦤꦺꦭꦲꦶ

ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦣꦶꦪꦤ꧀ꦠꦫꦮꦔꦤ꧀

ꦚꦸꦤꦫꦶꦠꦾꦱꦶꦁꦱꦱꦩꦶ


ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦛꦶꦤꦺꦭꦏꦸꦗꦸꦗꦸꦂ

ꦣꦠꦤ꧀ꦱꦺꦭꦏ꧀ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀

ꦄꦥꦆꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦮꦿꦸꦲꦤ꧀

ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦩꦶꦭꦃꦱꦂꦠꦩꦶꦭꦶꦃ

ꦠꦤ꧀ꦒꦼꦭꦕꦸꦮꦤꦺꦁꦤꦭ

ꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦏꦫꦺꦥ꧀ꦄꦠꦶꦱꦶꦗꦶ



ꦱꦼꦏꦂꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ

ꦫꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦥ꧀ꦫꦸꦁꦏꦣꦶꦁꦭꦏꦸ

ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦌꦭꦸ

ꦠꦶꦧꦤꦶꦁꦚ꧀ꦗꦠꦄꦩꦸꦁꦔꦶꦱꦶꦤ꧀ꦆꦱꦶꦤꦶ

ꦄꦁꦏꦫꦒꦸꦁꦮꦸꦱ꧀ꦄꦔꦸꦫꦸꦁ

ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦣꦶꦪꦸꦥꦠꦶꦁꦕ꧀ꦭꦺꦴꦤꦺꦴꦁ


ꦆꦏꦶꦥꦣꦱꦶꦤꦶꦁꦏꦸꦂ

ꦕꦼꦕꦼꦔꦶꦭꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦤꦺꦴꦫꦗꦸꦗꦸꦂ

ꦠꦤ꧀ꦝꦁꦠꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦣꦠꦤ꧀ꦏꦱꦶꦭ꧀

ꦈꦕꦥ꧀ꦚꦣꦠꦤ꧀ꦒꦶꦤꦸꦒꦸ

ꦄꦩꦸꦁꦭꦶꦂꦩꦶꦫꦶꦏꦁꦏꦺꦴꦥꦺꦴꦁ


ꦗꦶꦤꦫꦏ꧀ꦫꦕꦏꦶꦥꦸꦤ꧀

ꦈꦫꦶꦥ꧀ꦠꦸꦩꦶꦧꦏꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ

ꦏꦸꦫꦁꦌꦭꦶꦁꦭꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦣꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀

ꦭꦏꦸꦤꦺꦏꦗ꧀ꦭꦸꦔꦸꦥ꧀ꦗ꧀ꦭꦸꦔꦸꦥ꧀

ꦤꦶꦧꦤꦔꦶꦮꦸꦱ꧀ꦏꦥꦺꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀



ꦱꦼꦏꦂꦥꦁꦏꦸꦂ

ꦣꦶꦥꦣꦭꦸꦭꦸꦱ꧀ꦫꦲꦂꦗ

ꦄꦁꦒꦺꦴꦤꦶꦫꦩꦼꦩꦪꦸꦈꦫꦶꦥ꧀ꦱꦸꦕꦶ

ꦭꦃꦆꦪꦣꦶꦥꦣꦫꦸꦏꦸꦤ꧀

ꦱꦂꦠꦄꦩ꧀ꦧꦸꦣꦶꦣꦪ

ꦩꦼꦱꦸꦉꦃꦏꦻꦴꦠꦩꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦸꦣꦶꦭꦸꦲꦸꦂ

ꦒꦼꦔꦶꦁꦊꦏꦱ꧀ꦄꦩꦺꦩꦶꦤ꧀ꦠ

ꦱꦶꦲꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦩꦲꦱꦸꦕꦶ


ꦤꦺꦴꦫꦮꦸꦫꦸꦁꦒꦮꦺꦮꦶꦫꦁ

ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦈꦫꦶꦥ꧀ꦔ꧀ꦒꦸꦒꦸꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦣꦶꦫꦶ

ꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦣꦠꦤ꧀ꦤ꧀ꦝꦸꦤꦸꦁ

ꦊꦮꦤꦺꦒꦮꦺꦕꦸꦮ

ꦱꦱꦺꦴꦭꦲꦺꦠꦠꦏꦿꦩꦣꦠꦤ꧀ꦠꦼꦥꦸꦁ

ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦠꦿꦥ꧀ꦩꦸꦁꦄꦊꦩꦤ꧀

ꦣꦝꦶꦥꦺꦴꦕꦥ꧀ꦱꦶꦪꦁꦫꦠꦿꦶ


ꦱꦶꦁꦏꦶꦫꦤꦏꦼꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦣ

ꦱꦚꦠꦤꦺꦏꦫꦱꦮꦸꦱ꧀ꦝꦸꦩꦣꦶ

ꦱꦶꦂꦤꦱꦸꦩꦺꦭꦔꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ

ꦄꦼꦩꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦱꦩꦫꦤ꧀

ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦮꦿꦸꦃꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦈꦫꦸꦧ꧀

ꦮꦼꦏꦱꦶꦁꦮꦶꦱꦶꦏ꧀ꦧꦶꦤꦸꦏ

ꦠꦼꦊꦔꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁ


ꦏꦣꦾꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦥꦚ꧀ꦗꦺꦫꦶꦤ

ꦱꦸꦩꦺꦴꦫꦺꦴꦠ꧀ꦄꦧꦾꦺꦴꦂꦥꦣꦁꦄꦤꦺꦭꦲꦶ

ꦧꦾꦂꦠꦿꦮꦔꦤ꧀ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ

ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦈꦠꦩ

ꦱꦧꦫꦁꦠꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦸꦏꦺꦔꦼꦩꦸꦥꦠꦸꦠ꧀

ꦥꦤ꧀ꦠꦺꦱ꧀ꦏꦶꦤꦂꦪꦠꦸꦭꦣ

ꦣꦝꦾꦥꦼꦥꦣꦔꦶꦁꦗꦭ꧀ꦩꦶ


ꦮꦶꦱ꧀ꦚꦫꦚ꧀ꦕꦏ꧀ꦏꦁꦫꦶꦤꦚ꧀ꦕꦁ

ꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦭꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦩꦻꦴꦗꦸꦣ꧀ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶ

ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦧꦸꦣꦶꦠꦸꦭꦸꦱ꧀

ꦠꦤ꧀ꦮꦶꦒꦶꦃꦫꦶꦔꦫꦶꦔ

ꦗꦼꦂꦤꦶꦪꦠꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦔꦺꦂꦱꦠꦸꦲꦸ

ꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦤꦸꦠꦶꦁꦥꦼꦥꦣꦁ

ꦩꦶꦭꦊꦥꦠ꧀ꦆꦁꦧꦶꦭꦻ


ꦣꦼꦤꦶꦁ꧇ꦏꦶꦪ꧀꧈ꦥ꧀꧈ꦧ꧀꧈ꦮꦶꦫꦠ꧀ꦩꦺꦴꦏꦺꦴ



ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)