Mboten ngudhi dunya Mboten ngudhi cantelan Mboten ngudhi palungguhan hanamung mapan dampar dingklik, Ananing jiwa raga, Asma kinarya jopo Sedaya sampiran pupus pasrah Gusti Allah, Narima Ngudhi Ngawulo Ngabdi Ngabekti Mring Gusti Kang Maha Wikan Maha Agung, Maha Suci, Maha Welas Asih, Kantun Hanglampahi perkawis ananing rinten ndalu, netepi pagesangan bebrayan agung memayu hayuning buwono, mugia tansah mboten kenging saru siku slamet saking garu luku, Numpak bejak pinggir kali Najan ora macak Ojo lali Saking tulisan bopo Sumarsono Cantrik Darmogathi

0

Mboten ngudhi dunya

Mboten ngudhi cantelan

Mboten ngudhi palungguhan hanamung mapan dampar dingklik,

Ananing jiwa raga, Asma kinarya jopo


Sedaya sampiran pupus pasrah Gusti Allah, Narima Ngudhi Ngawulo Ngabdi Ngabekti Mring Gusti Kang Maha Wikan Maha Agung, Maha Suci, Maha Welas Asih, 


Kantun Hanglampahi perkawis ananing rinten ndalu, netepi pagesangan bebrayan agung  memayu hayuning buwono, mugia tansah mboten kenging saru siku slamet saking garu luku,


Numpak bejak pinggir kali 

Najan ora macak Ojo lali


Saking tulisan bopo Sumarsono Cantrik Darmogathi


Foto : profile saking FB bopo Sumarsono Cantrik Darmogathi


Aksara Jawanipun :

ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦔꦸꦣꦶꦣꦸꦚ

ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦔꦸꦣꦶꦕꦤ꧀ꦠꦺꦭꦤ꧀

꧋ꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦔꦸꦣꦶꦥꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦤ꧀ꦲꦤꦩꦸꦁꦩꦥꦤ꧀ꦝꦩ꧀ꦥꦂꦣꦶꦁꦏ꧀ꦭꦶꦏ꧀‌

꧋ꦄꦤꦤꦶꦁꦗꦶꦮꦫꦒ꧈ꦄꦱ꧀ꦩꦏꦶꦤꦂꦪꦗꦺꦴꦥꦺꦴ


꧋ꦱꦼꦣꦪꦱꦩ꧀ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦥꦸꦥꦸꦱ꧀ꦥꦱꦿꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦤꦫꦶꦩꦔꦸꦣꦶꦔꦮꦸꦭꦺꦴꦔꦧ꧀ꦝꦶꦔꦧꦺꦏ꧀ꦠꦶꦩꦿꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦩꦲꦮꦶꦏꦤ꧀ꦩꦲꦄꦒꦸꦁ꧈ꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈ꦩꦲꦮꦼꦭꦱ꧀ꦄꦱꦶꦃ꧈


꧋ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦁꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦥꦼꦂꦏꦮꦶꦱ꧀ꦄꦤꦤꦶꦁꦫꦶꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤ꧀ꦝꦭꦸ꧈ꦤꦼꦠꦼꦥꦶꦥꦒꦺꦱꦔꦤ꧀ꦧꦼꦧꦿꦪꦤ꧀ꦄꦒꦸꦁꦩꦼꦩꦪꦸꦲꦪꦸꦤꦶꦁꦧꦸꦮꦤ꧈ꦩꦸꦒꦶꦪꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩ꧀ꦧꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦏꦼꦔꦶꦁꦱꦫꦸꦱꦶꦏꦸꦱ꧀ꦭꦩꦺꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦒꦫꦸꦭꦸꦏꦸ꧈


ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦧꦼꦗꦏ꧀ꦥꦶꦁꦒꦶꦂꦏꦭꦶ

ꦤꦗꦤ꧀ꦎꦫꦩꦕꦏ꧀ꦎꦗꦺꦴꦭꦭꦶ



ꦱꦏꦶꦁꦠꦸꦭꦶꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦥꦺꦴꦱꦸꦩꦂꦱꦺꦴꦤꦺꦴꦕꦤ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦝꦂꦩꦺꦴꦒꦛꦶ


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)