Serat Kalatidha Sinom Pupuh 1 - 12 (karya sastra anggitané Rangga Warsita)

0

 Serat Kalatidha Sinom Pupuh 1 - 12 

(karya sastra anggitané Rangga Warsita)








Serat Kalatidha iku sawijining tembang anggitané Ranggawarsita. 

Tembang iki salah sawijiné tembang Jawa sing wigati. Isiné perkara pasambatané yèn ing jaman samono wong kudu mèlu-mèlu perkara sing kalebu ala supaya bisa 'maju'. Tembang macapat iki kabèh ing pupuh Sinom lan ana 12 pada gunggungé. Karya sastra iki ditulis kurang luwih taun 1860 Masehi. Kalatidha kuwi salah siji karya sastra Jawa kang kawentar. Malah nganti saiki isih akèh wong Jawa, utamané kalangan tuwa kang isih apal paling ora siji pada syair iki, yakuwi pada kapitu.


Wikipedia gadhah artikel ingkang magepokan kaliyan : Serat Kalatidha.



Latar wuri

Kalatidha kuwi dudu karya Rangga Warsita kang paling dawa. Tembang iki mung ana 12 jroning metrum Sinom. Kala tidha sacara harafiah tegesé "jaman édan", kaya kang ditulis déning Rangga Warsita dhéwé. Kocap kacarita, Rangga Warsita nulis syair iki nalika pangkaté ora diundhakaké kaya kang dikarepaké. Banjur panjenengané gawé generalisasi saka kahanan iki, lan nganggep sacara umum yèn jaman nalika semana minangka jaman édan lan krisis. Wektu kuwi Rangga Warsita minangka pujangga karajan ing Kraton Kasunanan Surakarta. Panjenengané kuwi pujangga panutup utawa "pujangga pungkasan", awit sawisé kuwi ora ana "pujangga karajan" manèh.


Tegesé :

Tembang Kalatidha bisa dipérang dadi telung bagéan, yakuwi : 

- bagéan kapisan arupa pada 1 nganti 6, 

- bagéan kaloro arupa pada 7, lan 

- bagéan katelu arupa pada 8 nganti 12. 


Pérangan pisanan yakuwi mangsa kang miturut Rangga Warsita arupa kahanan tanpa prinsip. Pérangan kaloro isiné katékadan lan mawas dhiri. Pérangan katelu isiné sikap kang taat marang agama jroning masarakat.


Sinom


1.

Mangkya darajating praja

Kawuryan wus sunyaturi

Rurah pangrehing ukara

Karana tanpa palupi

Atilar silastuti

Sujana sarjana kelu

Kalulun kala tidha

Tidhem tandhaning dumadi

Ardayengrat dene karoban rubeda


ꦩꦁꦏꦾꦣꦫꦗꦠꦶꦁꦥꦿꦗ

ꦏꦮꦸꦂꦪꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦸꦚꦠꦸꦫꦶ

ꦫꦸꦫꦃꦥꦔꦿꦺꦲꦶꦁꦈꦏꦫ

ꦏꦫꦤꦠꦤ꧀ꦥꦥꦭꦸꦥꦶ

ꦄꦠꦶꦭꦂꦱꦶꦭꦱ꧀ꦠꦸꦠꦶ

ꦱꦸꦗꦤꦱꦂꦗꦤꦏꦼꦭꦸ

ꦏꦭꦸꦭꦸꦤ꧀ꦏꦭꦠꦶꦣ

ꦠꦶꦣꦺꦩ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦤꦶꦁꦣꦸꦩꦣꦶ

ꦄꦂꦣꦪꦺꦔꦿꦠ꧀ꦝꦼꦤꦼꦏꦫꦺꦴꦧꦤ꧀ꦫꦸꦧꦺꦣ


2.

Ratune ratu utama

Patihe patih linuwih

Pra nayaka tyas raharja

Panekare becik-becik

Parane dene tan dadi

Paliyasing Kala Bendu

Mandar mangkin andadra

Rubeda angrebedi

Beda-beda ardaning wong saknegara


ꦫꦠꦸꦤꦺꦫꦠꦸꦈꦠꦩ

ꦥꦠꦶꦲꦺꦥꦠꦶꦃꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ

ꦥꦿꦤꦪꦏꦠꦾꦱ꧀ꦫꦲꦂꦗ

ꦥꦤꦺꦏꦫꦺꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀

ꦥꦫꦤꦺꦣꦼꦤꦼꦠꦤ꧀ꦝꦣꦶ

ꦥꦭꦶꦪꦱꦶꦁꦏꦭꦧꦼꦤ꧀ꦝꦸ

ꦩꦤ꧀ꦝꦂꦩꦁꦏꦶꦤ꧀ꦄꦤ꧀ꦝꦣꦿ

ꦫꦸꦧꦺꦣꦄꦔꦿꦺꦧꦺꦣꦶ

ꦧꦺꦣꦧꦺꦣꦄꦂꦣꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦏ꧀ꦤꦺꦒꦫ


3.

Katetangi tangisira

Sira sang paramengkawi

Kawileting tyas duhkita

Katamen ing ren wirangi

Dening upaya sandi

Sumaruna angrawung

Mangimur manuhara

Met pamrih melik pakolih

Temah suka ing karsa tanpa wiweka


ꦏꦠꦺꦠꦔꦶꦠꦔꦶꦱꦶꦫ

ꦱꦶꦫꦱꦁꦥꦫꦩꦺꦁꦏꦮꦶ

ꦏꦮꦶꦭꦺꦠꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦝꦸꦃꦏꦶꦠ

ꦏꦠꦩꦺꦤ꧀ꦆꦁꦉꦤ꧀ꦮꦶꦫꦔꦶ

ꦣꦼꦤꦶꦁꦈꦥꦪꦱꦤ꧀ꦝꦶ

ꦱꦸꦩꦫꦸꦤꦄꦔꦿꦮꦸꦁ

ꦩꦔꦶꦩꦸꦂꦩꦤꦸꦲꦫ

ꦩꦼꦠ꧀ꦥꦩꦿꦶꦃꦩꦺꦭꦶꦏ꧀ꦥꦏꦺꦴꦭꦶꦃ

ꦠꦼꦩꦃꦱꦸꦏꦆꦁꦏꦂꦱꦠꦤ꧀ꦥꦮꦶꦮꦺꦏ


4.

Dasar karoban pawarta

Bebaratun ujar lamis

Pinudya dadya pangarsa

Wekasan malah kawuri

Yan pinikir sayekti

Mundhak apa aneng ngayun

Andhedher kaluputan

Siniraman banyu lali

Lamun tuwuh dadi kekembanging beka


ꦣꦱꦂꦏꦫꦺꦴꦧꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠ

ꦧꦼꦧꦫꦠꦸꦤ꧀ꦈꦗꦂꦭꦩꦶꦱ꧀

ꦥꦶꦤꦸꦣꦾꦣꦝꦾꦥꦔꦂꦱ

ꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦩꦭꦃꦏꦮꦸꦫꦶ

ꦪꦤ꧀ꦥꦶꦤꦶꦏꦶꦂꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶ

ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦄꦥꦄꦤꦺꦁꦔꦪꦸꦤ꧀

ꦄꦤ꧀ꦝꦺꦣꦺꦂꦏꦭꦸꦥꦸꦠꦤ꧀

ꦱꦶꦤꦶꦫꦩꦤ꧀ꦧꦚꦸꦭꦭꦶ

ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦣꦝꦶꦏꦼꦏꦼꦩ꧀ꦧꦔꦶꦁꦧꦺꦏ


5.

Ujaring panitisastra

Awewarah asung peling

Ing jaman keneng musibat

Wong ambeg jatmika kontit

Mengkono yen niteni

Pedah apa amituhu

Pawarta lolawara

Mundhuk angreranta ati

Angurbaya angiket cariteng kuna


ꦈꦗꦫꦶꦁꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿ

ꦄꦮꦺꦮꦫꦃꦄꦱꦸꦁꦥꦼꦭꦶꦁ

ꦆꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦼꦤꦼꦁꦩꦸꦱꦶꦧꦠ꧀

ꦮꦺꦴꦁꦄꦩ꧀ꦧꦺꦒ꧀ꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦠ꧀

ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦪꦺꦤ꧀ꦤꦶꦠꦺꦤꦶ

ꦥꦼꦣꦃꦄꦥꦄꦩꦶꦠꦸꦲꦸ

ꦥꦮꦂꦠꦭꦺꦴꦭꦮꦫ

ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦄꦔꦿꦺꦫꦤ꧀ꦠꦄꦠꦶ

ꦄꦔꦸꦂꦧꦪꦄꦔꦶꦏꦺꦠ꧀ꦕꦫꦶꦠꦺꦁꦏꦸꦤ


6.

Keni kinarta darsana

Panglimbang ala lan becik

Sayekti akeh kewala

Lelakon kang dadi tamsil

Masalahing ngaurip

Wahaninira tinemu

Temahan anarima

Mupus pepesthening takdir

Puluh-Puluh anglakoni kaelokan


ꦏꦼꦤꦶꦏꦶꦤꦂꦠꦣꦂꦱꦤ

ꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦄꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀

ꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶꦄꦏꦺꦃꦏꦼꦮꦭ

ꦊꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦁꦣꦝꦶꦠꦩ꧀ꦱꦶꦭ꧀

ꦩꦱꦭꦲꦶꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀

ꦮꦲꦤꦶꦤꦶꦫꦠꦶꦤꦼꦩꦸ

ꦠꦼꦩꦲꦤ꧀ꦄꦤꦫꦶꦩ

ꦩꦸꦥꦸꦱ꧀ꦥꦼꦥꦼꦱ꧀ꦛꦼꦤꦶꦁꦠꦏ꧀ꦝꦶꦂ

ꦥꦸꦭꦸꦃꦥꦸꦭꦸꦃꦄꦁꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦏꦌꦭꦺꦴꦏꦤ꧀


7

Amenangi zaman édan, éwuhaya ing pambudi, mélu édan nora tahan, yén tan milu anglakoni, boya kaduman mélik, kaliren wekasanipun, dilalah kersa Allah, begja-begjane kang lali, luwih begja kang éling lawan waspada.


ꦲꦩꦼꦤꦁꦔꦶꦗꦩꦤ꧀ꦲꦺꦢꦤ꧀ ꦲꦺꦮꦸꦃꦲꦪꦲꦶꦁꦥꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶ꧈ ꦩꦺꦭꦸꦲꦺꦢꦤ꧀ꦤꦺꦴꦫꦠꦲꦤ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦶꦭꦸꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ꧈ ꦧꦺꦴꦪꦏꦢꦸꦩꦤ꧀ꦩꦺꦭꦶꦏ꧀ ꦏꦭꦶꦂꦉꦤ꧀ꦮꦼꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦢꦶꦭꦭꦃꦏꦂꦱꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦧꦼꦒ꧀ꦗꦤꦺꦏꦁꦭꦭꦶ꧈ ꦭꦸꦮꦶꦃꦧꦼꦒ꧀ꦗꦏꦁꦲꦺꦭꦶꦁꦭꦮꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦥꦢ꧉


Terjemahannya dalam bahasa Indonesia :

Berada di zaman gila, serba salah dalam bertindak. 

Ikut-ikutan gila tidak akan tahan, tetapi kalau tidak mengikuti arus, tidak kebagian, (lalu) jatuh miskin pada akhirnya. Tetapi Allah Mahaadil. 

Sebahagia-bahagianya orang yang lalai, akan lebih bahagia orang yang tetap ingat dan waspada.



8.

Semono iku bebasan

Padu-padune kepengin

Enggih mekoten man Doblang

Bener ingkang angarani

Nanging sajroning batin

Sejatine nyamut-nyamut

Wis tuwa arep apa

Muhung mahas ing asepi

Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma


ꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦆꦏꦸꦧꦼꦧꦱꦤ꧀

ꦥꦣꦸꦥꦣꦸꦤꦺꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀

ꦄꦼꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦏꦺꦴꦠꦺꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦺꦴꦧ꧀ꦭꦁ

ꦧꦼꦤꦼꦂꦆꦁꦏꦁꦄꦔꦫꦤꦶ

ꦤꦔꦶꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦧꦠꦶꦤ꧀

ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦚꦩꦸꦠ꧀ꦚꦩꦸꦠ꧀

ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮꦄꦫꦺꦥ꧀ꦄꦥ

ꦩꦸꦲꦸꦁꦩꦲꦱ꧀ꦆꦁꦄꦱꦺꦥꦶ

ꦱꦸꦥꦪꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩꦤꦶꦁꦲꦾꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ


9.

Beda lan kang wus santosa

Kinarilah ing Hyang Widhi

Satiba malanganeya

Tan susah ngupaya kasil

Saking mangunah prapti

Pangeran paring pitulung

Marga samaning titah

Rupa sabarang pakolih

Parandene maksih taberi ikhtiyar


ꦧꦺꦣꦭꦤ꧀ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ

ꦏꦶꦤꦫꦶꦭꦃꦆꦁꦲꦾꦁꦮꦶꦣꦶ

ꦱꦠꦶꦧꦩꦭꦔꦤꦺꦪ

ꦠꦤ꧀ꦱꦸꦱꦃꦔꦸꦥꦪꦏꦱꦶꦭ꧀

ꦱꦏꦶꦁꦩꦔꦸꦤꦃꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ

ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ

ꦩꦂꦒꦱꦩꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦃ

ꦫꦸꦥꦱꦧꦫꦁꦥꦏꦺꦴꦭꦶꦃ

ꦥꦫꦤ꧀ꦝꦺꦤꦺꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦠꦧꦺꦫꦶꦆꦏ꦳꧀ꦠꦶꦪꦂ


10.

Sakadaré linakonan

Mung tumindak mara ati

Angger tan dadi prakara

Karana riwayat muni

Ikhtiyar iku yekti

Pamilihing reh rahayu

Sinambi budidaya

Kanthi awas lawan eling

Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma


ꦱꦏꦣꦫꦺꦭꦶꦤꦏꦺꦴꦤꦤ꧀

ꦩꦸꦁꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦩꦫꦄꦠꦶ

ꦄꦁꦒꦺꦂꦠꦤ꧀ꦝꦣꦶꦥꦿꦏꦫ

ꦏꦫꦤꦫꦶꦮꦪꦠ꧀ꦩꦸꦤꦶ

ꦆꦏ꦳꧀ꦠꦶꦪꦂꦆꦏꦸꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ

ꦥꦩꦶꦭꦶꦲꦶꦁꦉꦃꦫꦲꦪꦸ

ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦧꦸꦣꦶꦣꦪ

ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦄꦮꦱ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦌꦭꦶꦁ

ꦏꦤ꧀ꦠꦶꦏꦌꦱ꧀ꦛꦶꦄꦤ꧀ꦠꦸꦏꦥꦂꦩꦤꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ


11.

Ya Allah ya Rasulullah

Kang sipat murah lan asih

Mugi-mugi aparinga

Pitulung ingkang martani

Ing alam awal akir

Dumununging gesang ulun

Mangkya sampun awredha

Ing wekasan kadi pundi

Mula mugi wontena pitulung Tuwan


ꦪꦄꦭ꧀ꦭꦃꦪꦫꦱꦸꦭꦸꦭ꧀ꦭꦃ

ꦏꦁꦱꦶꦥꦠ꧀ꦩꦸꦫꦃꦭꦤ꧀ꦄꦱꦶꦃ

ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦄꦥꦫꦶꦔ

ꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦆꦁꦏꦁꦩꦂꦠꦤꦶ

ꦆꦁꦄꦭꦩ꧀ꦄꦮꦭ꧀ꦄꦏꦶꦂ

ꦣꦸꦩꦸꦤꦸꦔꦶꦁꦒꦼꦱꦁꦈꦭꦸꦤ꧀

ꦩꦁꦏꦾꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦄꦮꦿꦺꦣ

ꦆꦁꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦏꦣꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶ

ꦩꦸꦭꦩꦸꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦠꦸꦮꦤ꧀


12.

Sageda sabar santosa

Mati sajroning ngaurip

Kalis ing reh aruraha

Murka angkara sumingkir

Tarlen meleng malat sih

Sanityaseng tyas mematuh

Badharing sapudhendha

Antuk mayar sawetawis

Borong angga sawarga mèsi martaya


ꦱꦒꦺꦣꦱꦧꦂꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ

ꦩꦠꦶꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦔꦻꦴꦫꦶꦥ꧀

ꦏꦭꦶꦱ꧀ꦆꦁꦉꦃꦄꦫꦸꦫꦲ

ꦩꦸꦂꦏꦄꦁꦏꦫꦱꦸꦩꦶꦁꦏꦶꦂ

ꦠꦂꦭꦺꦤ꧀ꦩꦼꦭꦺꦁꦩꦭꦠ꧀ꦱꦶꦃ

ꦱꦤꦶꦠꦾꦱꦺꦁꦠꦾꦱ꧀ꦩꦼꦩꦠꦸꦃ

ꦧꦣꦫꦶꦁꦱꦥꦸꦣꦺꦤ꧀ꦝ

ꦄꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦩꦪꦂꦱꦮꦺꦠꦮꦶꦱ꧀

ꦧꦺꦴꦫꦺꦴꦁꦄꦁꦒꦱꦮꦂꦒꦩꦺꦱꦶꦩꦂꦠꦪ




Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)