Nata mudha ing Nagari Yawastina ugi sinebat nagari Astina, Gajah Oya, Liman Benawi. ꧋ꦤꦠꦩꦸꦣꦆꦁꦤꦒꦫꦶꦪꦮꦱ꧀ꦠꦶꦤꦈꦒꦶꦱꦶꦤꦺꦧꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶꦄꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧈ꦒꦗꦃꦎꦪ꧈ꦭꦶꦩꦤ꧀ꦧꦼꦤꦮꦶ꧉

0

 Nata mudha ing Nagari Yawastina ugi sinebat nagari Astina, Gajah Oya, Liman Benawi.

꧋ꦤꦠꦩꦸꦣꦆꦁꦤꦒꦫꦶꦪꦮꦱ꧀ꦠꦶꦤꦈꦒꦶꦱꦶꦤꦺꦧꦠ꧀ꦤꦒꦫꦶꦄꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧈ꦒꦗꦃꦎꦪ꧈ꦭꦶꦩꦤ꧀ꦧꦼꦤꦮꦶ꧉





Nata mudha ing Nagari Yawastina ugi sinebat nagari Astina, Gajah Oya, Liman Benawi.

Wenang den ucapna Dasanamanira sang Srinata ajejuluk 

1. Prabu Parikesit

Pinangka pepenget miosing Sang Nata anyarengi lumadining jaman Karimataya 


2. Prabu Paripurna

Kayekti bilih sang Nata lahir anyarengi paripurnaning Bratayuda Jaya Binangun


3. Dwipayana

Nunggak semi peparabing keng eyang buyut Ing Sapta Arga inggih ingkang nate Jumeneng Nata ing Ngastina duk ing nguni ajejuluk Prabu Kresna Dwipayana


4. Prabu Paripurnama

Sumorot wadananipun yayah soroting sasadara kang nedheng andadari


5. Bimanyu Siwi

Kayekti Bilih sang Nata atmajanipun sawargi Raden Abimanyu


6. Utariatmaja

Nyata lamun sang Nata atmajanipun Dewi Utari




Koleksi Artikel Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)