Geguritan Jawa ꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦗꦮ

0

 Geguritan Jawa

ꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠꦤ꧀ꦗꦮ





Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

Ora ono wong kang pinter tanpo sinau 

Ora ono wong kang kasil tanpo ngupadi temen

Ora ono wong kang sekti tanpo tirakat

Intine kabeh mau sabar nglakoni, dadi ojo meri utawa serik kalawan liyan sing wes noto kepenak




Lintang Panjer Wengi 

Nalika wengi iki isih sepi,

Lintang panjer rahina wes.


Tangi menehi pepadhang,

Sagung dumadi.


Kang wiwit gumregah,

Ngupaya rezeki.


Para among tani wes ndlidir,

Mecaki galengan.


Mbok bakul srabi wus,

Sengkut makaryo.


Para ngulama tumungkul

Pangestu puja miwiti ngaji,


Para santri wiridan,

Jago kluruk sesautan.


Mertandani yen wis padang.

Ndonya sampun gagat rahina


Maringi kalodhangan janma,

Ngupadi pangupajiwa




Lintang Panjer Rahina 

Nalika bumi isih sepi

Lintang panjer rahina wis tangi

Menehi papadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki


Para among tani wis ndalidir mecaki galengan

Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya

Para ngulama tumungkul mengestu puja

Para santri wiridan ngaji


Jago kluruk sesautan 

Melu tasbeh marang pangeran

Ndonya wis gagat rahina

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa




Lintang Asmoro

siang pantara ratri

mung eling manising ati

sedyaku bisa anduweni

marang sang dyah sulaksmi

rasa kangen kang nglimputi

lintang bulan dadi seksi

ubayane datan mbalenjani

janji sebaya mukti sebaya pati

wong ayu tresnamu kinarya tamba

susah jroning batinku

wong bagus antebna rasa atimu

tresnaku tulus jroning kalbu

senadyan ngarungi banyu segara

rasaku rabakal sirna

senadyan nyawa oncat saka raga

wis tresna rabisa dipisahna

yen wis tresna ora bisa dipisahna




Lintang Panjer Sore

Setahun aku ngenteni

Sumunare lintang panjer sore

Tak anti tekan seprene

Nyatane, slirane ra ono nyatane


Opo pancen ra kemutan

Marang sumpah janjine dhek biyen

Sineksen lintang rembulan

Jarene, tresnane nganti akhir jaman


Duh kusumo

Gantilane jiwo lan ragaku

Ojo siro, ojo amung gawe

Kekesing atiku


Sopo to sing ora bingung

Yen lintange kasaput ing mendhung

Semune angawe awe

Lha kae, lha kae lintange mlaku mrene


Setahun aku ngenteni

Sumunare lintang panjer sore

Tak anti tekan seprene

Nyatane, slirane ra ono nyatane


Opo pancen ra kemutan

Marang sumpah janjimu dhek biyen

Sineksen lintang rembulan

Jarene, tresnane nganti akhir jaman


Duh kusumo

Gantilane jiwo lan ragaku

Ojo siro, ojo amung gawe

Kekesing atiku


Sopo to sing ora bingung

Yen lintange kesaput ing mendhung

Semune angawe awe

Lha kae, lha kae lintange mlaku mrene




Kidung Wengi

Wengi wis lumingsir jero

Cahyane sang candra katon surem

Tumiyung mangulon mapag tekane gagat raina

Kahanan katon tintrim


Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon

Kala-kala jegoge asu sing mecah wengi

Jalma manungsa wus padha lerem ing pangimpen

Nepsu-nepsu panguripan uwal saka nala


Gumanti impen-impen kang endah mbuntel panjangka urip

Mung kemrosake manuk codhot nrusuk ing pang-pang wit pelem

ngluru woh-wohan nggo ngganjel weteng

Sakwuse sawengi natas ngancani sepining bawana

Swarane jago kluruk padha pamer swara

Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka


Cahya warna abang rampak-rampak

Pratandha ngjak jalma miwiti makarya

Ngobahake raga

Ngudi rejeki ngluru pangupajiwa

Sakwuse madhep kiblat

Ing tengahing pedhut manjing subuh

Nyeyuwun nugrahaning kang Maha Agung




PETENGING WENGI

sumribit angin ngelus langit sore

manuk sriti bali ing pucuking cemara

nganti tekaning wengi sing nyenyet

gawang-gawang katon pasuryanmu


gawe tambah kekesing angin sore

tumlawung rasa kang ngulandara

wengi bakal tumeka maneh

bareng karo wewayanganmu

kang bakal ngebaki impen petenging wengi


lumaku turut petenging lurung

bakal gawang-gawang campur mega-mega

apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?




PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan

mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun

bumi kang kapidak kebak sinengker

anggawa ganda bacin

manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore

peteng kang gemuleng ing angganing manungsa


wus sinerat ana ing kitab duk ing uni

pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah

kanggo kita sami jalma manungsa

kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun

amadhangi sakendhenging jagat raya

mara gage kita sami tumenga ing angkasa

mangayubagya rawuhipun sang pepadhang

kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga

mangestu nampi pepadhang …..




WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene

saklawase ora nate ketemu

saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi

gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk


wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur

wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih

ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur

ana cerita rinajut endah


dik, kala kala sliramu isih dadi impenku

pirsanana ana nduwur kae

ana teja manther ing sela-selaning gegodongan

lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene


saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen

simpenen kangenmu ana impen 




LINTANG-LINTANG

lintang-lintang abyor ing tawang

cumlorot sliweran nalika alihan

kumleyang mencok ing socamu asihku

cahyane gumebyar sunare gilar-gilar

ing telenge atimu sliramu tansah dakantu


lintang-lintang alihan

cumlorot telu ana pundhakku

kawitan lintang abang lintang perang

kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan

pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan




SEDYAKU

Wis, Jeng…

Aku sumeleh

nyelehake pangarep-arepku

marang katresnan lan kawigatenmu sing semu

yen nyatane amung semene

cunthele lelakonku…


Pepenginku tansah sumandhing

lan nresnani sliramu

kudu dakprunggel

sing luwih wigati, Jeng

donga lan pengestumu wae

tansah mili kanggo aku


Wis, Jeng

aku pamit

becik njembarake pikir

nggayuh kabegjan

mring ati lan katresnan satuhu

tan ora binagi ing liyan

sempurna ing guritan siji…




PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan

mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun

bumi kang kapidak kebak sinengker

anggawa ganda bacin

manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore

peteng kang gemuleng ing angganing manungsa


wus sinerat ana ing kitab duk ing uni

pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah

kanggo kita sami jalma manungsa

kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun

amadhangi sakendhenging jagat raya

mara gage kita sami tumenga ing angkasa

mangayubagya rawuhipun sang pepadhang

kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga

mangestu nampi pepadhang




KEKUDANGANKU

o, ngger sang ponang jabang bayi

bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi

sira wus lahir kanthi slamet

nyawang gumelaring jagat raya


yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi

kapurih sira bisa turu kanthi tentrem

yen sira mesem tak kudang tak liling


o, ngger sang ponang jabang bayi

tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe 




UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti

ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep

dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles


sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar

lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang

tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung

tak kanthi lakumu tumeka ngendi


mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis

marakake gawe kekesing ati

manuk kepodang wus mabur mangulon

nanging tetep tak tunggu tekamu 




NALIKA SEPI

pasuryanmu sing bening

tumiba ing banyu mili turut pletheking surya

saya suwe tansaya adoh

ninggalake sepi


tan ana sabawa gumrisiking alang alang

aku mung bisa nyawang

pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali

nganti datan katon kasaput pedut 




RON GARING

Wengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin


prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring


aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku


ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara


aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan


krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep


kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu


panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.



Imajiner Nuswantoro


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)