6) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG
(Seri
: VI. Kawitane dumadine negara KUDUS)
(Dening
Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan
Argasoka)
VI.
Kawitane dumadine negara KUDUS
Ing
taun Masehi: 645, sebab saka wuwuh rejane banjar Getaspejaten, Dhatu Hang
Anggana nuli ngelar panggonan kuwi mekar mengalor sarta yasa punjere kutha
nganggo asmane dhewekke katelah aran Rananggana (Rana + Anggana = Hang Anggana
bandhol paprangan). Saiki aran kutha: Kudus. Wektu kuwi wis akeh wong saka
India kidul negara Chola sing padha dagang-ganjol ning pasar Tanjungkarang,
wong negara Chola mau ngijolake: Babut-prangwedani gambar Pura/Candhi Hindhu,
lan minyak-wangi Yasmin/ Tagara, sarta pratus wangi; negara Rananggana ngijoli
kayu-jati glondhong, kapuk randhu lan lenga klenthik-klapa. Wong negara Chola
kuwi agamane Hindhu Shiwa Maha Dewa, jare Agama kuwi Agung luwih bener lan
luwih suci tinimbang Tata Budibudaya suci Jawa-Hwuning. Sabab saka sambung
rapete Penggedhe Rananggana karo Juragan-juragan negara Chola, wasana
Penggedhe-penggedhe lan wong dhuwuran. Rananggana kuwi wiwit padha kapilut niru
Kabudayane wong Chola mau; mlebune Kabudayan Chola ning negara Rananggana
ndeseg Tata Budibudaya suci Jawa-Hwuning sing dianggep remeh lan asor. Sarehne
kalah birawa kalah gebyar, Penggedhe-penggedhe lan wong Enom-kutha sing umur 18
taun sapengisor padha berag padha ngrasa gagah nggunakake Budayane wong sabrang
Ngatas-Angin; luwih-luwih para Wanitane padha anut-ngrubyug: “Kaya Belo melu
seton. Kaya bebek nyemplung kedhokan.” Nanging kawula rakyat Cilik ning
Karangpadesan, pegunungan lan bumi Rawa, ora mreduli ora nggubris anjrahe
Kabudayan manca ngono mau. Wong-wong mau mung botha-bathu mledreng nyambut gawe
butuh rejeki kanggo nyampeti krandhah anak-bojone. Dhatu Hang Anggana sarehne
wong wegig lan wicaksana, mula uga ngguyubi melu mlebu Agama-Hindhu nanging
dudu Hindhu Shiwa, dheweke ngarang Agama Hindhu-Kanung. Sabab ngrumangsani
nggone dadi Dhatu-Agung ning negara Rananggana kuwi saka dhukungane kekwatane
wong-wong Kanung kang uga isih Wangsane dhewe. Mula wujude Pamujan utawa
Pura-purane negara Rananggana kuwi ora niru cakrik Hindhu Chola utawa Hindhu
Dieng, dheweke nggawe Pamujan Lembu-Nandhi ndepok ning Altar nglambangake
Kekwatane Rakyate, sarta Lingga-Yoni wujud Lumpang-Alu gedhe banget,
nglambangake: Hang Anggana Dhatu Agung kang mundhi-bekti Sembok/Semake sarta
Dhanhyang Leluhure. (Dununge Sanggar-pamujan
kuwi saiki dadi desa Demangan, kakilung gendhong-gendhong Pabrik Rokok).
Saterue
nuli nggawe Pamujan Merudhandha-Agung (Saiki isih wujud Menara Kudus cedhak
mesjid Kudus-kulon). Merudhandha kuwi nglambangake ke-Agungane negara
Rananggana; puncak tengahe Merudhandha didokoki Oncor-prunggu ana pahatane
gambar Manyura ngingel, oncore tumumpang ajug-ajug (=Tajug) emas, rina wengi
tansah murub nganggo lenga klentik-klapa; dijaga/dirawat Pendhita Hindhu Kanung
wong 4 padha ganti saben 4 jam. Oncor kuwi nglambangake Kaluhurane lan
Kawicaksanane Hang Anggana; pisungsung saudagar China krajan Tsang Tai Tsung.
Ring gisik tepine bengawan Silugangga (Juwana) para Pambelah/Pelayar/Pelaut
digawekake candhi pamujane Dewi Hwa Ruh Na recane wujud Dewi Ratune Samodra
njoget tetayungan. Saiki tilase candhi-candhi mau wis kari wujud Pura padhang
gogrog ning desa: Jatiwetan, Loramkulon, Njepang lan Temulus. Sarehne Rakyat
Rananggana kuwi agamane Hindhu Kanung pamuja Lembu nandhi, mula wong-wong mau
padha sirik banget mbeleh sapi lan gemang mangan daginge; nganti jaman
pangwasane Shunan Tajug-Islam tutug jaman saiki isih dadi Adat-kapercayan,
tembunge: “Juuuug… juug, mangan daging sapi kuwi ora ilok Naang/Noook!!!”. Hang
Anggana seda in taun Masehi: 660, awu layone dilarung dikelemake ning sumuran
sangisor-dhasare Merudandha; ning wektu sabanjure banyu sumur kuwi kanggo
mbabtis wong kang arep dadi Pandhita kanung. Rembesane banyu sumur kuwi njedhul
tutug gompinge Kali Gelis; gomping kuwi ditembok dhuwur dhasare digawekake
jedhingan, banyune kanggo: Siraman ngruwat-sangkalane Bocah kang wiwit demolan
dibarengi Kethok-kuncung.
Koleksi
Imajiner Nuswantoro