5) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG
(Seri
: V.
Gunung-Gunung JAWA-PURWA padha njeblug)
(Dening
Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan
Argasoka)
V.
Gunung-Gunung JAWA-PURWA padha njeblug
In
tahun Masehi: 450, Gunung Dieng njeblug; Candhi Pasraman-agung Endriya pra
Astha rusak korat-karit, para Sramana sing isih slamet padha ngungsi sumebar
saparan-paran ngumpul ning pertapan-pertapane Wong agama Hindhu-Kanung, yakuwi
wong Agama Hindhu kang muja nggawe pamujan Lingga-Yoni sarta Lembu Nandhi ning
Pertapan-pertapan sakubenge Pegunungan Gemawang (Kecamatan Jumo, Kabupaten
Temanggung).
Ing
taun Masehi: 470, Gunung Ungaran nusul njeblug kawahe sing sisih wetan jebrol
nyisa dadi kawah-mati Rawa Pening. Bledegaba bulah-bulah gumulung gedhe blabar
ngalor-ngetan mlebu segara Jawa, gumulunge alun nyempyok gompenge Pegunungan
Kendheng-kidul, dadi pada longsor ngurug segara Teluk Lusi lan segara Jawa;
wasana mbanjur dadi dharatan Kabupaten Purwadadi, Kabupaten semarang, Kabupaten
Demak, Kecamatan gajah. Nyisa mberemane kali Tanggulangin sing banyune wutah
ning sunglon Welahan (Biyen desa kuwi isih ngongkan segara Jawa). Banyu tuk
saka sela-selane gompengane Kendheng-kidul kuwi padha nglumpuk dadi kali:
Jlagung Tuntang, Serang, Lusi lan Bengawan Juwana/ Silugangga (=Jratun Seluna).
Kawahe
Gunung Ungaran sing wis matigenine ngembos-embos njedhul ngalor mengetan ning
satengah-tengahe dharatan tilase segara Teluk Lusi; geni mau rina-wengi murub
gumrebet manther-anther ora ana pegote dadi Mrapen (Api-Abadi), ning desa
Mintheng, Kecamatan Gubug, Kabupaten
Purwadadi.
Manut
dongeng Legenda: geni Mrapen kuwi tilas besalene Empu Ramadi Dewa tukang gawe
keris; sawijining dina dheweke dijak ranjen para Dewa perlu ngethok puncake
Gunung Maha Meru kang tansah dipeneki Kethek-kethek padha dolanan uthik-uthik
lintang; Empu Ramadi ugik, merga lagi nggawe keris-pusaka Kahyangan Suralaya.
Wasana dadi perangrame Dewa-dewa padha ngrubut Empu Ramadi sa-besalene diurug
lemah kedhukane Gunung Maha Meru. Sarehne Empu Ramadi sekti tan kena ning pati,
senajan wis diurugi lemah saka puncake gunung, ewosamana tetep isih urip
sagenine besalen kang dadi geni Mrapen tutug wektu iki.
Bledegabane
kawah Ungaran sing wis sirep ngembos-embos njebrot wujud endhut manget-manget
ngemu uyah, bola bali mlembung sa-kebo mbanjur mbledhos kumeluk ngganda
wlirang; rina-wengi nyuwara Bledhag-bledhug. Linede mblabar ngamblah-amblah
nganti salapangan-alun-alun, banyune lined dialap wong-wong desa Kuwu,
Kecamatan Kuwu/Wirasari, Kabupaten Purwadadi/Grobogan; digodhog digawe uyah
diarani uyah bledhug Kuwu.
Ing
taun Masehi: 471, Gunung Maura (Murya) uga njeblug pegunungane sing sisih
kidul-wetan pedhot misah dadi Gunung Pati Ayam. Lambene kawah sing jebrol
blegedabane mblabar mengidul ngurug Segara supitan Maura, mbajur malih dadi
dharatan Kudus, Pati, Juana; nyisa wujud rawa-rawa gedhe wilayah Undhak’an lan bengawan Silugangga.
Blagedeba
sing mbludag mengetan nukulake alun omak gedhe nglanjak nyempyok gompenge
Pegunungan Ngargapura tumlaweng mengulon tutug Kayen; gumulung baline
ombak-gedhe nyered perenge gunung-gunung gompenge padha longsor ngurug segara
Teluk-Kendheng, wasana malih dadi tanah ngare: Kayen, Jakenan, kaliori,
Rembang, Sulang, lasem lan pamotan. Longsoran perenge Gunung Ngargapura sing
sisih kulon ngesuk bumi Argasoka, lemahe malik numpleg ngurug desa-desa tegal
pesawahan Pucangsula padha kependhem. (Saiki malih dadi desa: Ngendhen,
Lagadhing, Sendangsari, Topar, Klindon, Warugunung). Kraton Pucangsula Endriya
pra Astha kesered gumulung baline alun, sakehing wewangunan, omah, candhi,
kedhaton, lan liya-liyane keblebeg ambles satengahe Ceruk segara Teluk Juwana;
wasana padha sirna ludhes kakubur ning dhasare segara. Mung nyisa pundhen
Tapa’an kubur awu layone Kakek-moyang panembahan Kanung, leluhure wong-wong
Ngargapura Lasem; lan guwa-guwa tilas pertapaan, sarta sawetara reca Lembu
nandhi, Ganapati, Lingga; uga grewalan-pecahan Altar-pamujan sisa tilas
gempurane VOC kerja-paksa nggawe ratan-gedhe Daendelsstraat nalika tahun
Masehi: 1809-1810.
Sabanjure
bumi Argasoka dadi pusa ora ana sing ngenggoni, wekasane dadi grumbul
bebondhotan rungkud sirung; kawuwuhan disirik wong dikhandhakake jare: Kuwi
lemah singit-sangar panggonane Setan Brahala Dhemit. Wong-wong Kanung sing
manggon Ceriwik lan pegunungan Sindawaya isih padha slamet, sing giris padha
ngungsi ning perenge Gunung Buthak Pamotan sapengulon tutug wetan Todhanan;
wong-wong mau ning bumi kono malih ganti aran Wong Kanor. Sing manggon Todhanan
sapengulon tutug Sukolilo, Kabupaten Pati sarta pulo-pulo Rawa desa Kuthuk,
Galiran, Kaliyasa, Ngelo, Karangrawa; malih ganti aran Wong Sikeb (=wong
Samin). Wong-wong suku Kanung, Kanor, Sikeb mau sanajan wis ngalih ning
kana-kana lan ganti arane Suku, nanging Adat-tatacara Budipakarti Kanung isih
tetep dirungkepi naluri leluhur Pucangsula Endriya pra Astha. Yen didhawuhi
Pamrentah-Negara mlebu Agama apa wae iya ora suwala mung manut kersane sing
mrentah. Nanging tumindake ya mung angger: Rubuh-gedhang, obor-blarak = ora
tulus suwe mlebu ning nalare.
Sawise
149 taun saka penjebluge Gunung Murya, owahe segara Teluk Serang lan Selat
Maura kang malih dadi dharatan, isih nyisa segara Selat Welahan lan Rawa-gedhe
Bengawan Silugangga, sarta Teluk Juwana; ngilung Gunung Maura. Bumi dharatan
anyar perenge Gunung Murya sing sisih kidul mau, luwih saka satus taun wis dadi
alas pejaten kang ngongkang Rawa-gedhe selat Murya. Ing taun Masehi: 620, bumi
kono kuwi wis dienggoni wong bebadra saka negara Keling Dattsu Dewi Simah, wong
Pegunungan Ngargapura, lan wong Pegunungan Sukalila. Ana kanoman gegedhug A.L.
Keling kang isih Trah-darah turun kaping enem saka Hang Sabura/ Dewi Simah,
asmane: Hang Anggana; dheweke ngajak wong-wong Pelaut negara Keling lan Petani
pokol sing bebadra mau, dijak mbubak alas pejaten nggawe desa lan plabuhan sing
gisike nggenggeng karangkitri rupa-rupa, bareng wis dadi desa karan:
Getas-Pejaten, plabuhane karan: Tanjungkarang.
Koleksi
Imajiner Nuswantoro