5) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG (Seri : V. Gunung-Gunung JAWA-PURWA padha njeblug)

0

5) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG

(Seri : V. Gunung-Gunung JAWA-PURWA padha njeblug)

 

(Dening Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan Argasoka)

 

 



 

V. Gunung-Gunung JAWA-PURWA padha njeblug

 

In tahun Masehi: 450, Gunung Dieng njeblug; Candhi Pasraman-agung Endriya pra Astha rusak korat-karit, para Sramana sing isih slamet padha ngungsi sumebar saparan-paran ngumpul ning pertapan-pertapane Wong agama Hindhu-Kanung, yakuwi wong Agama Hindhu kang muja nggawe pamujan Lingga-Yoni sarta Lembu Nandhi ning Pertapan-pertapan sakubenge Pegunungan Gemawang (Kecamatan Jumo, Kabupaten Temanggung).

 

Ing taun Masehi: 470, Gunung Ungaran nusul njeblug kawahe sing sisih wetan jebrol nyisa dadi kawah-mati Rawa Pening. Bledegaba bulah-bulah gumulung gedhe blabar ngalor-ngetan mlebu segara Jawa, gumulunge alun nyempyok gompenge Pegunungan Kendheng-kidul, dadi pada longsor ngurug segara Teluk Lusi lan segara Jawa; wasana mbanjur dadi dharatan Kabupaten Purwadadi, Kabupaten semarang, Kabupaten Demak, Kecamatan gajah. Nyisa mberemane kali Tanggulangin sing banyune wutah ning sunglon Welahan (Biyen desa kuwi isih ngongkan segara Jawa). Banyu tuk saka sela-selane gompengane Kendheng-kidul kuwi padha nglumpuk dadi kali: Jlagung Tuntang, Serang, Lusi lan Bengawan Juwana/ Silugangga (=Jratun Seluna).

 

Kawahe Gunung Ungaran sing wis matigenine ngembos-embos njedhul ngalor mengetan ning satengah-tengahe dharatan tilase segara Teluk Lusi; geni mau rina-wengi murub gumrebet manther-anther ora ana pegote dadi Mrapen (Api-Abadi), ning desa Mintheng, Kecamatan  Gubug, Kabupaten Purwadadi.

 

Manut dongeng Legenda: geni Mrapen kuwi tilas besalene Empu Ramadi Dewa tukang gawe keris; sawijining dina dheweke dijak ranjen para Dewa perlu ngethok puncake Gunung Maha Meru kang tansah dipeneki Kethek-kethek padha dolanan uthik-uthik lintang; Empu Ramadi ugik, merga lagi nggawe keris-pusaka Kahyangan Suralaya. Wasana dadi perangrame Dewa-dewa padha ngrubut Empu Ramadi sa-besalene diurug lemah kedhukane Gunung Maha Meru. Sarehne Empu Ramadi sekti tan kena ning pati, senajan wis diurugi lemah saka puncake gunung, ewosamana tetep isih urip sagenine besalen kang dadi geni Mrapen tutug wektu iki.

 

Bledegabane kawah Ungaran sing wis sirep ngembos-embos njebrot wujud endhut manget-manget ngemu uyah, bola bali mlembung sa-kebo mbanjur mbledhos kumeluk ngganda wlirang; rina-wengi nyuwara Bledhag-bledhug. Linede mblabar ngamblah-amblah nganti salapangan-alun-alun, banyune lined dialap wong-wong desa Kuwu, Kecamatan Kuwu/Wirasari, Kabupaten Purwadadi/Grobogan; digodhog digawe uyah diarani uyah bledhug Kuwu.

 

Ing taun Masehi: 471, Gunung Maura (Murya) uga njeblug pegunungane sing sisih kidul-wetan pedhot misah dadi Gunung Pati Ayam. Lambene kawah sing jebrol blegedabane mblabar mengidul ngurug Segara supitan Maura, mbajur malih dadi dharatan Kudus, Pati, Juana; nyisa wujud rawa-rawa gedhe wilayah Undhak’an  lan bengawan Silugangga.

 

Blagedeba sing mbludag mengetan nukulake alun omak gedhe nglanjak nyempyok gompenge Pegunungan Ngargapura tumlaweng mengulon tutug Kayen; gumulung baline ombak-gedhe nyered perenge gunung-gunung gompenge padha longsor ngurug segara Teluk-Kendheng, wasana malih dadi tanah ngare: Kayen, Jakenan, kaliori, Rembang, Sulang, lasem lan pamotan. Longsoran perenge Gunung Ngargapura sing sisih kulon ngesuk bumi Argasoka, lemahe malik numpleg ngurug desa-desa tegal pesawahan Pucangsula padha kependhem. (Saiki malih dadi desa: Ngendhen, Lagadhing, Sendangsari, Topar, Klindon, Warugunung). Kraton Pucangsula Endriya pra Astha kesered gumulung baline alun, sakehing wewangunan, omah, candhi, kedhaton, lan liya-liyane keblebeg ambles satengahe Ceruk segara Teluk Juwana; wasana padha sirna ludhes kakubur ning dhasare segara. Mung nyisa pundhen Tapa’an kubur awu layone Kakek-moyang panembahan Kanung, leluhure wong-wong Ngargapura Lasem; lan guwa-guwa tilas pertapaan, sarta sawetara reca Lembu nandhi, Ganapati, Lingga; uga grewalan-pecahan Altar-pamujan sisa tilas gempurane VOC kerja-paksa nggawe ratan-gedhe Daendelsstraat nalika tahun Masehi: 1809-1810.

 

Sabanjure bumi Argasoka dadi pusa ora ana sing ngenggoni, wekasane dadi grumbul bebondhotan rungkud sirung; kawuwuhan disirik wong dikhandhakake jare: Kuwi lemah singit-sangar panggonane Setan Brahala Dhemit. Wong-wong Kanung sing manggon Ceriwik lan pegunungan Sindawaya isih padha slamet, sing giris padha ngungsi ning perenge Gunung Buthak Pamotan sapengulon tutug wetan Todhanan; wong-wong mau ning bumi kono malih ganti aran Wong Kanor. Sing manggon Todhanan sapengulon tutug Sukolilo, Kabupaten Pati sarta pulo-pulo Rawa desa Kuthuk, Galiran, Kaliyasa, Ngelo, Karangrawa; malih ganti aran Wong Sikeb (=wong Samin). Wong-wong suku Kanung, Kanor, Sikeb mau sanajan wis ngalih ning kana-kana lan ganti arane Suku, nanging Adat-tatacara Budipakarti Kanung isih tetep dirungkepi naluri leluhur Pucangsula Endriya pra Astha. Yen didhawuhi Pamrentah-Negara mlebu Agama apa wae iya ora suwala mung manut kersane sing mrentah. Nanging tumindake ya mung angger: Rubuh-gedhang, obor-blarak = ora tulus suwe mlebu ning nalare.

 

Sawise 149 taun saka penjebluge Gunung Murya, owahe segara Teluk Serang lan Selat Maura kang malih dadi dharatan, isih nyisa segara Selat Welahan lan Rawa-gedhe Bengawan Silugangga, sarta Teluk Juwana; ngilung Gunung Maura. Bumi dharatan anyar perenge Gunung Murya sing sisih kidul mau, luwih saka satus taun wis dadi alas pejaten kang ngongkang Rawa-gedhe selat Murya. Ing taun Masehi: 620, bumi kono kuwi wis dienggoni wong bebadra saka negara Keling Dattsu Dewi Simah, wong Pegunungan Ngargapura, lan wong Pegunungan Sukalila. Ana kanoman gegedhug A.L. Keling kang isih Trah-darah turun kaping enem saka Hang Sabura/ Dewi Simah, asmane: Hang Anggana; dheweke ngajak wong-wong Pelaut negara Keling lan Petani pokol sing bebadra mau, dijak mbubak alas pejaten nggawe desa lan plabuhan sing gisike nggenggeng karangkitri rupa-rupa, bareng wis dadi desa karan: Getas-Pejaten, plabuhane karan: Tanjungkarang.

 


 


Bersambung :





Koleksi Imajiner Nuswantoro

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)