4) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG (Seri : IV. Jaman JAWA-DWIPA / JAWA-Pegon lan JAWA-Purwa)

0

4) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG

(Seri : IV. Jaman JAWA-DWIPA / JAWA-Pegon lan JAWA-Purwa)

  

(Dening Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan Argasoka)

 

 


 

IV. Jaman JAWA-DWIPA (JAWA-Pegon lan JAWA-Purwa)

 

Ing taun Masehi: 110, bumi Jawa-Pegon kuwi dihoregake Lindhu prakempa marambah-rambah asale saka Gunung Kamput; gunung kang ngongkang Segara-supitan Kamput padha horeg ngengkrog-engkrog sora banget, bregad-gedhe pada rungkat rubuh pating slayah; perenge gunung-gunung pada longsor nglongsori Segara-supitan Kamput. Liya dina kawuwuhan Gunung Kamput njeblug ngetokake blegedaba bulah-bulah mawalikan mblabar ning Segara-supitan; udan awu sumebar tutug ngendi-endi. Wong-wong Sitijenar nyawang langit peteng kaya kesaput mendhung ngendhanu ngono kuwi padha miris banget, ora ana wani metu saka ngomah sabab bledug-awu ngampak-ampak mlepegi napas, godhong gedhang padha sengkleh kabotan awu nemplek nglapis lumahe.

 

Bareng wis klakon setaun kaanan sing mengkono mau wis sirep tidhem, Segara-supitan Kamput katon malih dadi ciyut kali sapralimane, ganti wujud dadi bengawan ambane bisa disabrangi nganggo gethek-gedebog; wong-wong menehi aran: Kali Brantas (Nalika Taun Masehi: 111).

 

Wong-wong Nusa pegon sangsaya wuwuh adrenge nggone nedya manunggalake negarane karo negara Jawa-Purwa, mula nuli padha usul ning Dhatu Hang Tsu Hwan. Saka kawicaksanane Sang Dhatu pamonthane wong-wong kuwi enggal dileksanani, kanthi disekseni wong-wong saka negara liya, Gembleng cawuh manunggale negara Jawa-Pegon karo Jawa Purwa (P = (aksara Jawa) = loro) dijenengake: Nusa Jawa-Dwipa. Nalika taun Masehi 115.

 

In taun Masehi: 385, wong-wong banjar Terahan sing cacah jiwane wis padhet, padha lunga misah bebadra cakalbakal ning bumi Argasoka, yakuwi perenge Gunung Ngargapura sing sisih kulon; papane ngongkang Segara-teluk, sing sisih lor kadhangan Punthuk Ngendhen, Kecamatan Lasem. Segara-teluk kuwi mbanjeng mengetan nuli mbelok mengidul urut perenge Pegunungan Argasoka, ning pepereng pegunungan kono kuwi akeh wite Pucang lan Resula blukange warnane kuning-gadhing tuwuh nggenggeng ledhung-ledhung. Saka bumi bubakan kono yen nyawang mengulon katon Pulo Maura dikilung segara, pulo kuwi wujud gunung-gedhe masung pucake mawa kawah-geni ngetokake kukus kumebul nglandeng ning langit; ing sisih kidule katon benggang karo pegunungan Sukalila-Prawata keledan Segara supitan Maura. Wong-wong bebadra kuwi dipangarsani kanoman umur 35 taun asmane Hang Sam Badra, sawijining Klana kang adoh tebane ning Sabrang lan Negara kana-kana. Mula kuwi dening wong-wong bebadra mau mbanjur ngangkat dheweke diwisudha dadi Dhatu ning kono; bumi cakalbakal kuwi katelah aran Pucangsula (Saiki tilase dadi desa Logadhing-Sriamba, Kecamatan Lasem). Sawise desa kono madeg 15 taun malih dadi Banjar-gedhe sebab akeh wong neneka saka negara Sabrang melu bebadra ning kono; wong-wong manca mau sawise kumpul srawung karo wong Pucangsula, temahan padha malih ganti seneng ngrungkepi Kapercayan-Suci Hwuning lan Budibudaya Jawa, wekasane mbanjur luluh dadi wong Jawa-Dwipa.

 

Wiwit bebadra dadi Wong Jawa ning Tanjungputri ing taun Jawa-Hwuning: 1 nganti bebranahan mencar sumebar sepegunungan Kendheng Ngargapura suwene wis 617 taun, durung ana wong Wegig gong Wicaksana mulangake medhar Larasing Kapercayan-suci Hwuning. Wong-wong nggone ngrungkepi ngedhep/ manembah Hyang Tata Maha Das kuwi yaa mung atut-grubyug kaprah lumrahe wong akeh padha krukunan nindakake Tatacara susilatama lan setya ning Negara. Lagi jaman madege banjar Pucangsula kuwi Kapercayan-suci Hwuning bisa dingerteni/diwikani dilelaras

 

dening para Wegig, para Pandhita; saka leladi pangastutine Panembahan Guru Dhatu hang Sam Badra kang merlokake nyambi mulang para Kasepuhan Kanung (=sengkaning gunung); ing taun Masehi: 387, manggon ning Pasraman punthuk Punggur Gunung Tapa’an (Desa Warugunung, Kecamatan Pancur, Kabupaten Rembang).

 

Ing taun Masehi: 390, Dhatu Hang Sam Bandra nggawe plabuhan lan galangan-prau (=dhak-palwa) ning Sunglon Bugel utowo Gunung Bugel (Tilase saiki dadi pategalan lan kali aran Palwadhak; sakidule desa Tulis, Kecamatan Lasem). Prau-prau kuwi kanggo sesambungan Pemrentahan Pucangsula karo Banjar-banjar wilayahe saurute pesisir Jawa (Pantura), wiwit banjar-Losari teluk-Tanjung (Kabupaten Brebes), mengetan tutug banjar-Rabwan (Kabupaten Batang) lan Banjar-Tugu (Kabupaten Semarang), nuli banjar Purwata lan banjar-Tanjungmaja (Kabupaten Kudus), gisike pulo Maura sisih wetan yakuwi banjar-Tayu lan banjar-Blengon (Kecamatan Kelet, Kabupaten Jepara). Plabuan Pucangsula dumunung saelore galangan prau digawekake Gapura madhep mengulon ngadhepake Segara-teluk Kendheng (Saiki dadi desa Gepura) saka gapura kono digawekake ratan ndladag urut urut perenge Pegunungan Argasoka tutug punjere kutha Pucangsula.

 

Pangwasane Dhatu Hang Sam Badra dibantu Putra-putrine isih kenya yoswa 22 taun, rupane ayu banget pindha Widadari Wilutama; asmane Dewi Sie Bah Ha (=Sibah); sang Dewi ngasta pangwasa Angkatan Laut Segara Jawa-Dwipa kanthi kekuwatan Kapal-perang sing prajurite dumadi saka wong-wong kang kenthug kuwat lan pinter ulah kridhane perang, kanthi sikeb gegaman kang ampuh mawa racun-aneh; negara liya ora ana sing duwe lan ara ana sing bisa nggawe. Sang Dewi melu nylirani lelayaran ning samodra kanthi nitih Kapal-gedhe kang mligi dinayakani prajurit Wanita sing wanter lan kendel, uga sikeb gegaman kang mawa racun wujud Tulup-paser sing bisa nylorod adoh; sarta patrem-Tubrem yen disawatake musuh lamun mlesed, patrem mau bisa munyer bali maneh niba sacedhake sing nyawatake (Kaya bumerang). Wondene juru-mudhine sarta tukang welahe Kapal-kaputren mau wong lanang kang kuwat lan bandhol, nanging dipilih wong sing Peloh lan wis ilang prasa-Asmarane. Mula negara manca mau padha wedi lan sungkan ning Dewe Sibah lan negara Pucangsula.

 

Sang Dewi nggone ngwasani segara Jawa-Dwipa kanthi nggunakake kapal-perang kuwi perlu nganggo nglabrag nyirnakake Bajag-bajag kang gumendhung lan kumendel sing mung nggunakake prau-prau knothing sarta gaman pedhang lan clengkreng, dumeh praune bisa cukat rikat kanggo ngoyak prau-prau dagang memangsane utawa ndarat mrawasa Desa.

 

Bajag-bajag sing nggawe werid rengkede Segara-supitan Medunten kuwi wekasane sirna sa-Benggol-benggole lan sasudhunge. Wasana pesisir Segara Jawa-Pegon sisih wetan mau dadi tidhem lerem, banjar-banjar bisa bali madeg kanthi tata-tentrem sarta bisa sesambungan karo Pemrentahan Pucangsula.

 

Putri Sibah saliyane nyirnakake Bajag-bajag, merlokake narik Upeti ning kapal-kapal dagang kang liwat segara Jawa; isine kapal sing rupa beras lan pari sarta sembet-tenun cita-sutra uga gaman-pertukangan, ditarik upeti sapra-limane; sing gemang mbayar mesthi dilabrag ditelukake kapale dibeskup. Nakodha kapal sing rupane bagus utawa penumpang sing bagus mesthi ditawan dilebokake kamar-kamar Kaputren. Kawegigan lan Kaprawirane wong-wong bagus mau didadar dening Sang Dewi; yen bisa lulus pendadarane sarta bisa ngalahake kasektene Dewi Sibah rila dadi jatukramane. Sabalike yen kawitan didadar Kawegigan wis ora lulus, wong tawanan kuwi nuli diwetokake saka kamar pendadaran dipasrahake Nayaka-wanita kapal Kaputren; mangsa borong digawe apa kono. Ora nganti sesasi neng kamar-tawanan pangwasane Nayaka wanita mau, awake wong-bagus tawanan kuwi malih rusak ora kuwat ngglawat; wekasane nuli dijegurake samodra dadi mangsane iwak Undhuk-undhuk-gedhe kang rakus banget. Misuwure jare digawe sajen Ratune Jim Dhuyung-jaran, sing nguwasani Samodra Jawa-Purwa. Mula kuwi kapal dagang sing liwat segara Jawa gamang nggunakake Nakodha sing bagus rupane; dene wong bagus penumpang sing wani nekad mati-mati yen wis ngerti rasane ngalami nyatane, yaa sumangga mangsa borong!!! Asmane Dewi Sibah nganti kaloka ning negara Sabrang kana-kana, sang Dewi nganti diparabi: Mani Dattsu Asva Dev, tegese Mustjikane Dewi-bajag Dhuyung-jaran.

 

Wong-wong tanah Jawa wiwit jaman Kuna-makuna mula sing mung kulina mangan sega-jagung, sega-canthel, lan rupa-rupa palapendhem, sawise ngenal Pari lan mangan Sega-beras olehe narik upeti saka wong dagang negara Siyem lan Cempa lembah Bengawan Mekong, sang Dewi Sibah nuli mrentahake lan nyontoni wong-wong wadon Pucangsula diajak wiwit nandur pari lan adang sega-beras (wiwit taun Masehi 396), wiwi jaman kuwi wong-wong Jawa padha nganggep Dewi Sibah kuwi titise Widadari-pangan utawa Dewine Pari, iya Mbok Dewi Sri (Wong Sunda ngarani: Sang Hyang Seri). Uga ing sajrone taun 396 kuwi, ing sawijining dina kapale Dattsu Dewi Sibah dhog mangkal ning gisike Nusa Jawa-Dwipa bontos kulon wates gisike Negara liya bontos wetan, dumadakan ana wong bagus isih enom menganggo ciri Rsi marani kapale sang Dewi; wong kuwi nuli ditakoni Nayaka kapal Kaputren:

 

“Ana wigati apa? Asmane sapa? Saka ngendi pinangkane?”

 

Jawabe Rsi bagus :

 

“Perlu arep nunut ning Nusa Jawa-Dwipa, nedya mulang nyebar Agama Hindhu Shiwa. Asma: Rsi Agastya Kumbayani. Asal saka negara Menak, krajan Idriya-Satwamayu.”

 

Sang Rsi ditampa diwenehi panggonan ning senthong-tamu Kapal Kaputren; sawise kapal-kapale Dattsu Dewi Sibah mancal bali ning Nusa Jawa, Rsi Agastya nuli didadar Kawegigan sakehing ilmu dening Sang Dewi; sajroning telung dina bisa lulus. Nuli ganti didadar Kasektene lan Kaprawirane perang, jebule Sri Dattsu sing mandar kasoran nganti lemes daya kakuwatane; saking ngrasa wirang Dewi Sibah munthab bramantya mawinga-winga, nuli ngunus Curiga-racun kang bisa nggawe pati kanggo mungkasi pendadaran.

 

Sapandurat Dattsu-ayu nyawang praupan baguse sang Rsi netrane sing mulem-tajem, polatane tetep sumeh jatmika ora nggragap ora miris nyawang landhepe curiga; uga ora males bramantya sumringah ngangah-angah, mandar sorote netrane kang aliyep-asmara nrawung nembus jantunge Sang dewi; ndadekake panone Sang Dewi sumrepet peteng kantaka, raga lemes niba ning jrambah palagan; curiga gogrog uwal saka astane. Sang Rsi trengginas nyaut Sang dewi dibopong disarekake ning tilamrum; bareng Sri Dattsu punggun-punggun wungu marlupa, Sang Rsi nglelipur ngrerapu sarta nyepat-domba nagih janji sayembarane, nanging dileksanani yen wis tutug dalem kedhaton Pucangsula disekseni Rama-Ibu sarta para kadang kadeyan kawula-dasih.

 

Para Kenya Nayaka kapal kaputren padha rerasan ngungun banget, adat saben lagi telung dina wae wong Bagus-tawanan wis mesthi diwetokake dipasrahake ning Nayaka Putri; nanging wektu kuwi nganti pitung-dina pitung-bengi tawanan Rsi Bagus kuwi kok ora diwetok-wetokake; weruh-weruh jebul kapale wis padha labuh ning Pucangsula, Sang Dewi Dattsu wis runtung-runtung sekalihan karo Rsi Agastya tumuju ning Kedhaton dipethuk Rama Ibune. Dhatu Hang Sambadra sakulawargane padha mengayu-bagya karenan ing galih, dene Sang Putri wis entuk calok jatukrama isih enom bagus rupane tur sembada sakabehane. Pahargyan palakraman let telung dina nuli dikepyakake. Sang Rsi cumondhok kumpul Maratuwa nganti rong taun, mandar Dewi Sibah lagi karo-tengah pendhak wis ngemban mutra kakung, diparingi asma: Arya Asvendra. Rsi Agastya nggone arep mulangake Agama Hindhu Shiwa Maha-Dewa nedya diterusake dhasar Maratuwane maringi panggonan ning bumi Rabwan tutug Batur. Nanging sawise klebon ilmu Kapramanan Jawa-Hwuning saka Maratuwa lan saka Garwane, pikire arep mulangake Agama Hidhu Shiwa Maha-Dewa malih luntur; nedya diganti mulangake Agama Hindhu Shiwa Guru-Dewa, mikani Dhiri-pribadi lan jantraning dumadi; sarta pangastuti bekti ning Sembok-Semak.

 

In taun: 412 Masehi ana Klana Sramana Agama Buddha asama: Pha Hie Yen lelayar saka Nalandha India, nedya bali mulih ning Tsang-An (Tiongkok); dumadakan lagi tutug Samodra Jawa-Dwipa ana angin topan gedhe, praune nuli mangkal ning plabuhan Pucangsula nyuwun tulung lereb ning kono sasuwene angin prahara durung sirep; Sramana Hwesio Pha Hie Yen ditampa disesuba dening Dhatu Hang Sambadra, saben dina diajak wawan-sabda bab rupa-rupa pengalamane Sang Hwesio nggone lelana ning manca-negara. Hwesio Pha Hie yen nyritakake Piwulange Sang Guru Agung Sidharta Buddha Gotama, yakuwi: Sranane bisa manjing Nirwana supaya medhot blenggune kadonyan; kanthi liwat laku kang aran: Astha Arya Marga, tegese Laku Agung Wolu. Piwulang kuwi mirib Kapercayan-suci Jawa-Hwuning kang dirungkepi dening Pendhita-pendhita siswane Dhatu Hang Sambadra wong saka sengkaning-gunung, yakuwi: Sranane bisa nggayuh Katentreman supaya medhot Pangangsa-Pepenginan; kanthi liwat laku kang aran: Endriya pra Astha, tegese Tumemen ning Budipakarti Wolu. Mula Dhatu Hang Sambadra karo rayine Pandhita Jana-Bandra sayuk banget nggathukake intisarine piwulange Sang Buddha kuwi cawuh-luluh karo larase Kapramanan Jawa-Hwuning.

 

Ing taun Masehi: 415, Dhatu Hang Sambadra seleh kedhaton, pemrentahan Pucangsula dipasrahake Dewi Sibah diwisudha ditetepake dadi Dattsu-agung (=Prabu-putri). Rsi Agastya dadi Kepala banjar Rabwan lan banjar Batur tutug Pegunungan Dieng, kebawah negara Pucangsula, uga adhike Dewi Sibah asma: Dewi Sie Mah Ha (=Simah), kang dadi Adipati-anom Medhangkamulaan teluk Lusi (kabupaten Blora) diwisudha diangkat dadi Dattsu, dipindah ning banjae-gedhe Blengoh didadekake Keraton keling (Arane woh-bogor wadon sing wis tuwa-alot, yen isih enom diarani Siwalan). Saiki tilase dadi ara-ara Keratonan desa Blengoh, Kecamatan Keled, Kabupaten Jepara. Pangwasane Dattsu Simah diwarangkani kakunge aasma: hang Saburadhampuawang Segara Teluk Kendheng lan samodra Jawa. Sarta diemong diayomi Rama-paman Bhikku Buddha Kanung Janabadra ing Pasraman Tunahan. Nalika Dewi Sibah wis jumeneng dadi Dattsu Pucangsula, sang Dewi yasa Udhang-undhang tata Budibudaya Jawa Hwuning ditetepake dadi  Pranatane negara Pucangsula; saben sesasi sepisan diwulangke ning para Pandhita sengkaning-gunung Kendheng Ngargapura, manggon ning Kedhaton Pucangsula. Undhang-undhang kuwi dijenengake: Endrya pra Astha, ngrungkepi piwulange Ramane nggone nggawe jeneng Ilmu kuwi (Undhang-undhang ditetepake ing taun Masehi: 416). Para Pandhita para Kasepuhan nerusake mulangake Ilmu-pranatan mau ning para Siswane, sumrambah wong-wong kang maju-pikirane ning desa sengkaning-gunung. Ing pemburi taun-taun sabanjure wong-wong kang padha ngrungkebi nyeceb Ilmu Endriya pra Astha kuwi kasebut aran Wong Kanung. Isine Undhang-undhang pranatan kuwi ana 8 (wolung) bab :

 

Unen-unen Pranatan yakuwi :

 

Tunemen nyambut gawe ngudi rejeki kanggo murakabi Brayate, lan ora srei drengki kemeren ning liyan.

Nyembah mundhi-bekti ning wong tuwane-sakloron; sambat nyebut: Adhuh Sembooooook, Gusti kula! (=Sembok kuwi wong sing bagus atine sa-ndonya), Adhuh Semaaaaaak, Pangeran kula! (=Semak/Bapak kuwi pangengerane wong sagotrah anak-bojone).

Ngleluri mundhi Pundhen Nyai-Dhanhyang Kaki-Dhanhyang sing cakalbakal desane. Sarta emoh nganggu Manuk-manuk sing padha manggon ning bregat Pundhen, utawa ning bregat-bregat liyane kana-kana.

Sayuk rukun karo tangga-teparo lan sadulure, bebarengan gotong-royong ing wulan Purnama Badrapada; bresih desa, ratan, sendhang, karas pekarangan; sarta memetri nguri Bregat (=September).

Mangastuti rembugan nggathukake pinemu, kanggo pituduh mbangun majune Desane, lan njaga kaamanane.

Nguri-uri ngluhurake Budipakarti Seni-Budaya Jawa.

Mikani ning Bumi dununge kabeh Titah kasinungan Sang Urip kang Maha Esa, mikani ning Langit dununge/ manunggale Urip Agung Sang Nyawa kang Maha Das. Wong mati ragane dadi Mayit lebur ing Bumi, Jiwane dadi Yitma nunggal ning Langit.

Setya pranatane Negara lan Sabda wasitane Sesepuh Agung Manggala Praja.

Eyang Dhatu Hang Sambadra sawise misudha Putra-putrine nuli nilar praja dadi Sramana dhedhepok ning punggur Gunung Tapa’an, lan mulangake Ilmu Tatapranatan Endrya pra Astha ning para Siswa Wong-wong Kanung. Pasraman Gunung Tapa’an kono digawekake Tamansari tinanduran kembang-kembang maneka-warna: Mlathi, Kanthil, Gadhing, Kenanga, Mawar, Pacar-kuku, Kemuning, Gambir. Neng kono akeh Bregat ngrembuyung edhum, padha dienggoni nusuh manuk-manuk rupa-rupa; pakange bregat kethukulan: Aggrek, simbar lan kece pating grembel. Tarulata padha mrambat pepuletan pating klewer, kembange selang-seling putih biru, jambon lan wungu. Taman-sari kuwi dijenengake: Taman Argasoka; para cantrik, cekel, manguyu padha surti gambyak ngrawati Taman-sari kuwi.

 

Eyang Panembahan Hang Sambadra dadi Sramana ning Gunung Tapa’an kono tutug sepuh, seda ing taun Masehi: 425. Awu layone dipetak (dikubur) dadi sakluwat karo Reliqe Eyang Dhanhyang Kie Seng Dhang ning satengahe punggur Pudhen Tapa’an; ditengeri Watu-alam tilas pamujane Nini Ampu, watu kuwi nongol sa-ndhuwure gumuk Pundhen. Sawise Eyang Panembahan seda, negara Pucangsula akeh owah-owahan wiwit ing taun Masehi: 426.

 

Dattsu-Agung Dewi Sibah ngangkat putra Arya Asvendra dadi Dhatu-anom Pucangsula, manggon ning bumi Gebang sunglon Bugel. Arya Asvendra ngrungkepi Agama Hindu Kanung Shiwa Guru Dewa wulangane Ramane, ning punthuk Gebang dheweke nggawe :

a.    Pamujan, Lingga-Yoni nglambangke bakti-tresnane ning Sembok-Semake (Ibu-Ramane).

b.    Pamujan Lembu-Nandhi ndepok, nglambangake Tatakan kekuwatane Kawula-rakyate.

c.     Pamujan reca Dewa Shiwa Guru Dewa, nglambangake Ramane: Rsi Agastya kuwi Guru-Agung Ilmu Kaprajan lan Kasekten-mandraguna.

d.    Pamujan reca Ganapati Dewane Kawicaksanan putrane Bathara Guru, nglambangake: Slirane dhewe kuwi putrane Guru Rsi Agastya.

Angkatan Laut Pucangsula dipindhah ning negara Keling dikwasakake Dewi Simah, dibantu garwa hang Sabura; nanging isih kebawah negara Pucangsula.

Rsi Agastya diwisudha diunggahake dadi Dhatu Batur, punjere banjar didadekake kutha aran: Batur-retna. Banjar Rabwan dadi Plabuhane negara Baturetna.

Let sawetara taun wong-wong Endrya-Satvamayu krungu warta yen Rsi Agastya jumeneng Dhatu ning negara Baturretna, wong-wong mau banjur akeh kang padha nusul pindhah bebadra ning bumi Dieng kang subur digawe ulah petanen. Wong-wong kang ora dadi tani, diprentahake nyambut gawe ngumpulake wlirang saka peperenge kawah Dieng; wlirange kanggo pedagangan negara Baturretna diganjolake barang-barang petukangan lan kain sutra karo Pedagang saka negara China, liwat plabuhan banjar Rabwan. Negara Baturretna bareng dadi gedhe lan makmur, Dhatu Rsi Agastya nuli mrentahake tukang-tukang ahli pahat batu wong-wong saka Endrya-Satvamayu, diutus nggawe Candhi sepirang-pirang; saben candhi mawa reca Shiwa Bathara Guru; dununge candhi ning bumi punggur Gunung Dieng. Saben candhi kanggo Pamujane Sramana Shiwa Guru saka Pasraman kana-kana wilayahe negara Baturretna. Kaendahan lan kaelokane Pasraman Dieng kang akeh banget candhine Shiwa Guru Dewa, kang kinilung tlaga lan gunung-gunung sesawangane ngresepake ati. Para Sramana menehi jeneng: Pasraman-agung Endrya pra-Astha.

 

4. Dattsu-agung Dewi Sibah nayogyani ning kaipe Hang Sabura nedya ngedhuk wlirang ning bumi leluwah sawetane Gunung Dieng, sarta nggawe desa ning saelore Kejajar kanggo panggonane wong-wong kang padha nyambut gawe ngedhuk wlirang mau. Wlirang kuwi uga diganjolake karo Pedagang saka negara China.

 

Pengangkutane wlirang digawekake dalan liwat: Jlumprit, Adireja, Candhirata, Sukareja, mengetan ning Singaraja nuli nganti diemot prau liwat bengawan Bodri. Sungabane bengawan-Bodri ning teluk Bodri segara Jawa digawe plabuhan dagang kang sesambungan dagang karo negara Sabrang kana-kana; papane Teluk Bodri kuwi diapit-apit Punthuk-punthuk gunung Singaraja, kaanane luwih sembada omber banget nyenengake tinimbang plabuhan banjar Rabwan. Mula pedagang wlirang kliwat plabuhan Bodri kuwi malih luwih reja lan maju.

 

Saka anane sesambungan dagang wlirang karo negara-negara China, negara loro: Keling lan Baturretna kuwi malih dadi sugih lan makmur. Nanging mbanjur nukulake kamurkan, sii lan sijine rebut nguwasani: “Kriwikan dadi Grojogan”. Wekasane dadi perang bandawala. Ing taun Masehi: 436. Sarehne Kawula-rakyat sing dijak bebadra biyen nganti dadi negara Keling lan Baturretna kuwi, asal-usule sedulur wong Kanung Indriya pra Astha Pucangsula, mula peperangan kuwi katelah aran: Perang sedulur Endriya pra Astha.

 

Ing sajrone perang brubuh Rsi Agastya gugur ning palagan, wong-wong Baturretna saprajurite padha giris buyar mlayu mulih asal-negarane ning Endriya Satvamayu. Kutha Baturretna lan Pasraman Candhi Dieng sarta penambangan wlirang dijegi prajurit Keling kang padha makuwon ning Adireja, pangwasane Dhatu Rsi Agastya dadi cures ganti dikwasani Hang Sabura panglima Angkatan laut keling. Arya Asvendra krungu yen ramane gugur sarta negarane dikwasani paman-Hang Sabura, sakala pikire kobar nedya ngrebut negarane swargi-Ramane kang dadi hak-warisane. Sedyane Arya Asvendra wis dipenggak Ibu Dattsu Pandhita Dewi Sibah, nanging meksa nglimpe Ibune; dheweke mbudalake prajurit Sandi liwat alas Rabwan lan Bawang nusup mengidul nedya ngrebut Pasraman-agung Dieng dhisik, lan panggonan-panggonan wlirang. Tiba apese Arya Asvendra, lagi bisa nrobos beteng-pungkuran Candhi dheweke wis kena tulup-paser mawa racun saka Prajurit-seluman Keling kang padha njaga Candhi. Wasana Arya Asvendra gugur ngrungkepi sangarepe Candhi Sumbadra pamujane Sramana saka Pucangsula, prajurite Arya Asvendra kang perang ning alas-gedhe Rabwan akeh kang padha gugur; mayite pating glethak saenggon-enggon ning alas kono ora ana sing ngrawat, yitmane klambrangan dadi memedi Setan-Roban.

 

Sebab saka anane perang sedulur kuwi, Dattsu–agung Dewi Sibah ngrasa angles ing panggalih; ewuh aya ing pambudi. Arep ngrewangi negara Baturretna ateges nataki garwa Rsi Agastya. Arep ngrewangi negara Keling ateges nataki sedulur-adhik Dattsu Dewi Simah. Mula puntoning panggalih mbanjur nilar praja lumengser mertapa ning Pasraman Taman Argasoka Gunung Tapa’an, pemrentahan Pucangsula dipasrahake Pepatih; kang didhawuhi ora kena nyampuri urusane Perang-sedulur. Dewi Sibah seda ing nalika taun Masehi: 445, awu-layon dikubur ning Pundhen Gunung Tapa’an.

 

SIGEG

 


 



Bersambung :



Koleksi Imajiner Nuswantoro


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)