PIWULANG KAUTAMAN NGELMU JAWA
BABAGAN
PITUDUH NGELMU JAWA :
1.
KETUHANAN
2.
KAUTAMANING BATIN
3.
LAKU BUDI UTAMA
4.
KEBANGSAAN
5.
WEWALER
6.
KAKALUWARGAAN
7.
MEMAYU HAYUNING BUDI LAN TEKAD
8.
MEMAYU HAYUNING BEBRAYAN
KETUHANAN
Pituduh
001
Pangeran
Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngendi papan,
langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahan wong saalam donya
kabeh, panembahan nganggo carane dhewé-dhewe.
Pituduh
002
Pangeran
Kang Maha Kuwasa iku anglimput ana ing ngendi papan, anèng sira uga ana
Pangeran (maksude : tajaline Kang Murbeng Dumadi).
Pituduh
003
Pangeran
iki Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.
Pituduh
004
Pangeran
iku nitahake sira lantaran bapa lan biyungira, mula kudu sira ngurmati marang
bapa lan biyungira.
Pituduh
005
Ing
donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran
lan bener saka kang lagi kuwasa.
Pituduh
006
Ketemu
Gusti (Pangeran) iku lamun sira tansah eling.
Pituduh
007
Cakra
manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng).
Pituduh
008
Aja
sira wani-wani ngaku Pangeran, senadyan kawruhira wis tumeka “Ngadeg SarirÃ¥
Tunggal” utawa bisa mengerteni “Manunggaling Kawula Gusti”.
Pituduh
009
Aja
ndisiki kersa.
KAUTAMANING BATIN
Pituduh
014
Kahanan
donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit
samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.
Pituduh
015
Kahanan
kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang
sapadha-padhaning tumitah.
Pituduh
016
Sing
sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran lan
diwelehake dening tumindake dhewe.
Pituduh
017
Wataking
manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake panguwasa
miturut kersane Pangeran pribadi.
Pituduh
018
Janma
iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter
dhewe.
Pituduh
019
Rame
ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawene.
Pituduh
020
Manungsa
saderma nglakoi, kadyawayang saupamane
Pituduh
021
Mulat
sarira tansah eling lan waspada.
Pituduh
022
Sabegja-begjane
kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
Pituduh
023
SÃng
sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.
Pituduh
024
Nglurúg
tanpa bala, sugÃh ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.
Pituduh
025
Yen
sira dibeciki liyan tulisen ing watu supeye ora ilang lan tansah kelingan, yen
sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora
kelingan.
Pituduh
026
SiÃng
seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe.
Pituduh
027
Lamun
sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
Pituduh
028
Wani
ngalah luhur wekasane.
Wewaler
029
Aja
seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru
Sejatinira.
Wewaler
030
Aja
sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing
bener dhewe.
Wewaler
031
Aja
lali marang kebecikan liyan.
Wewaler
032
Aja
sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
Wewaler
033
Aja
rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.
Wewaer
034
Aja
wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
Wewaler
035
Aja
gawe serÃk atining liyan lan aja golek mungsuh.
Wewaler
036
Aja
sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang
ora ana uwis-uwise.
Wewaler
037
Aja
ngumbar hawa napsu lan aja melik darbeking liyan, mundhak sengsara uripe.
LAKU BUDI UTAMA
Pituduh
038
Ala
lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing
pakarti.
Pituduh
039
Sing
sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.
Pituduh
040
Ajining
dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
Pituduh
041
Yitna
yuwana, lena kena.
Pituduh
042
Ala
ketara, becik ketitik.
Pituduh
043
Klabang
iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut (entup).
Yen
ula mung dumunung ana untune ula kang duwe wisa. Nanging yen durjana wisane
dumunung ana ing sakujur badan.
Pituduh
044
Rawé-rawé
rantas, malang-malang putúng.
Pituduh
045
Mumpung
enom ngudiya laku utama.
Pituduh
046
Sing
prasaja, percaya marang dhiri pribadi.
Pituduh
047
Ngelmu
pari, saya isi saya tumungkul.
Pituduh
048
Wong
mati iku bandhane ora digawa.
Pituduh
049
Wong
iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
Pituduh
050
Wong
kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
Pituduh
051
Wong
linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
Pituduh
052
Perang
tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.
Pituduh
053
Ngelmu
iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora
digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
Pituduh
054
Turuten
pituture wong tuwa.
Pituduh
055
Wong
kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa
ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait).
Pituduh
056
Wong
pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.
Pituduh
057
Wong
linuwÃh iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo
mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe
senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen
ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.
Wewaler
058
Aja
panasten lan aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating dhemit.
Wewaler
059
Aja
seneng yen den alem, aja sengit yen den cacad.
Wewaler
060
Aja
lali piwulang becÃk.
KEBANGSAAN
Pituduh
061
Bangsa
iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi
supaya antuk kanugrahan adeging bangsa kang “Andana Warih”
Pituduh
062
Negara
iku ora gunu lamun ora duwe angger-angger minangka pikukuhing negara kang
adhedhasar isi kalbune menungsa salumahing negara kuwi.
Pituduh
063
Kang
becik iku lamun ngerti anane sesantine ngabdi bebrayan agung : “Ing Ngarsa
Asung Tuladha, Ing Madya Amangun Karsa, Tut Wuri Handayani”.
Pituduh
064
Negara
kita bisa tentrem lamun murah sandhang klawan pangan, marga para kawula padha
seneng nyambut gawe, lan ana panguwasa kang darbe watak “Ber budi bawa
laksana”.
Pituduh
065
Wadyabala
pamong praja kang seneng marang kawula alit iku dadi senengane para kawula
sajroniÃng praja lan bisa gawe kukuh sarta dadi tamenging nagara.
Pituduh
066
Para
mudha aja ngungkurake ngudi kawruh kang nyata amrih bisa kinarya kuwating
nagara, ungguling bangsa, lan bisa gawe rahayuning sasama.
Pituduh
067
Panguwasa
pamonge negara iku kudu bisa gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora
mangkono bisa kadadeyan para kawula ngrebut panguwasaning negara.
Pituduh
068
Negara
kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disujudi dening liya negara.
Pituduh
069
Lamun
sira dadi wadyabala pamonging nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe. Jalaran yen
sira wis ora kasinungan panguwasa maneh, ing tembe bakal ndadekake ora kajening
awakira ing tengahing bebrayan. Ngelingana yen sejatine isih ana wong kang bisa
ngalahake sira ing babakan apa bae.
Pituduh
070
Dene
sing mengku nagara ora darbe watak “Ber budi bawa leksana”. Iku bisa njalari
wadyabala kang dadi tetungguling prajurit negara kuwi ora sujud maneh lan bisa
uga kepingin ngrebut panguwasaning negara.
Pituduh
071
Yen
wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen ora kena
disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andheng).
Pituduh
072
Perang
iku becik laman tujuwane nggayuh kamardikaning nagara lan bangsane, lan perang
iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.
Pituduh
073
Wong
ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosokbaline yen wong becik
kang kuwasa, kang becik iku kang ditindakake.
Pituduh
074
Wajibing
warganing nagara iku kudu bisa rumangsa melu handarbeni, wajib melu
hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.
WEWALER
Wewaler
075
Aja
seneng yen lagi darbe panguwasa, serik yen lagi ora darbe panguwasa. jalaran
kuwi-kuwi ana bebendhune dhewe-dhewe.
Wewaler
076
Aja
mung kepingin menange dhewe kang bisa marekake crahing nagara lan bangsa, kudu
seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin.
KAKALUWARGAAN
Pituduh
077
Bapa
biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.
Pituduh
078
Sing
sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangerane, Ngabektiya marang
wong tuwa.
Pituduh
079
Wong
tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanagara (trapsila,
unggah-ungguh) lan tata krama, kuwi sejatine dudu panutane putra wayah.
Pituduh
080
Sapa
sing seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedaki
nanging aja ditresnani.
Pituduh
081
Paribasane
tangga iku padha karo bapa biyung.
Pituduh
082
Tangga
kang ora becik atine aja dicedhaki nanging aja dimungsuhi.
Pituduh
083
Sadumuk
bathuk sanyari bumi ditoh pati. (Unen-unen kanggo nggambarake kasetyane marang
kulawarga).
Pituduh
084
Mikul
dhuwur mendhem jero. (Unen-unen kanggo nggambarake bektine anak marang wong
tuwane).
Pituduh
085
Anak
iku minangka terusane wong tuwa, ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane
wong tuwa marang anak.
Pituduh
086
Tresna
marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku wohing
katresnane putra lan mantu.
Pituduh
087
Sayojana
iku dohe sepuluh ewu dhepa. Swara kang krungu nganti sayojana, aruming jeneng
ngambar-ambar salumahing bumi (dialembana).
Pituduh
088
Golek
jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utw bagus.
Wewaler
089
Aja
ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon sugih lan dhuwur drajade, jalaran
pangkat lan bandhane wong tuwamu iku mau bisa sirna sadurunge sira warisi.
Wewaler
090
Aja
gampang nyepatani anak nganggo tembung kang ora prayoga, jalaran sepatane wong
tuwa bisa numusi sarta bisa ngilangake rass bektine anak marang wong tuwane.
Wewaler
091
Aja
menehi jeneng marang anak sing kurang pantes, jalaran jeneng sing disandhang
anak bakale kagawa nganti delahan (akherat).
KADONYAN
Pituduh
092
Bandha
kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene kang ora
ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka
nemu
duweking
liyan kang kawruhan sing duwe.
Pituduh
093
Kadonyan
kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikiraka kiwa
tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
Pituduh
094
Golek
bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.
Pituduh
095
Bandha
iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.
Pituduh
096
Wong
golek kemakmuran iku ora kalebu ngoyak kadonyan.
Pituduh
097
Bandha
iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik,
gawe cilaka lamun saka barang kang ala.
Pituduh
098
Wong
urip aja tansah kepingin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-mangsa
bisa gawe cilaka.
Pituduh
099
Sing
sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman.
SÃng
sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane.
Pituduh
100
Dhek
jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara, lan mboyong putri. Nanging jaman
iku ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe ringkihing
nagara.
Wewaler
101
Bandha
iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajad lan pangkat iku perlu, aja dipamèr
pamerake, jalaran bisa mlesedake awake dhewe.
Wewaler
102
Aja
melik darbeking liyan, marga rebutan rajabrana lan wanita iku bisa gawe
congkrahing para sujana lan gawe nisthaning ati.
Wewaler
103
Aja
seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa lunga,
drajad/pangkat bisa oncat.
Wewaler
104
Aja
seneng marang wong kang nguja hawa napsu marga akeh bandhane. Jalaran bandha
mau bisa gawé cilaka amarga durung mesthi bandha kang resik.
MEMAYU HAYUNING PRIBADI
Pituduh
105
Ing
samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget
ambekalane sIng ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “Menawa
manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane
Pangeran Kang Maha Wikan”.
Mula
ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab sÃng durung kelakon. Saupama
nyumurupa, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake
bilahi.
Pituduh
06
Sabar
iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : “Sabar iku kuncining
swarga”, ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing
coba lan andadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan
pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae
kang gumelar ing salumahe jagad iki.
Pituduh
107
Kahanan
donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan
bandha lan kasinungan pangkat, aja banjúr rumangsa “Sapa sira sapa ingsun”,
tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang sapadha-padha. Élinga yen
bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
Pituduh
108
Saiba
becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku
tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak
kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa
rumangsa yen wong dilairake marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran,
munggahe ngreksa hayuning jagad.
Pituduh
109
Aja
sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan
kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa
bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora aji. Luwih
prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung,
kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.
Pituduh
110
“Rumangsa
sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik
bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak
ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora
maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho
pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa
samangsa gawe kapitunane liyan.
Pituduh
111
Nadyan
wesi iku kanyatane atos, ewa semono yen iÃs ketrajang ing taiyeng ya bakal
entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine mbaka
sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga
kelangan greget lan lumuh makarya.
Wusanane
pepes atine kentekan pengarep-arep.
Pituduh
112
Yen
sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah
elinga rong prakara iki :
1.
Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira
lebokake ing tutuk, dithinthing luwih dhisik apa bakal gawe rusaking raga apa
ora.
2.
Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira
wetokake saka tutuk. Lire pikiren luwih dhisik klawan mateng apa kang bakal
sira wetokake iku ora malah gawe kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan
apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang
piduwung.
Pituduh
113
Digendhongana
dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa
ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita manungsa mono ing
atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang
sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan
kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. AwÃt isih ana
panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwÃh kuwasa.
Pituduh
114
Ngombe
lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake
bilahi.
Mula
nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mengkono mau wis
ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane
kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut nyingkiri
sadurunge bilahi.
Pituduh
115
Kamulyan
lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang
mlarat.
Pituduh
116
Kang
kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang wis
temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong kang kaya
mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah linambaran ati kang
sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amang akarana Allah. Ora cilÃk ati, gedhené
ngrasa owet ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe, nanging bisa
gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang nindakake pangibadah
nanging isih ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan digawokana dening Allah,
iku pratandha yen pangidhepe lan pangibadahe durung akarana Allah.
Pituduh
117
Pambudidayanira
manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo sarana ngalab tumuruning
peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung saka niyat manembah.
Awit
wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku panembah kathik banjur nyata
kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur dadi kethul kawaspadane marang
kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur
dadi wong jubriya seneng nyepelekake marang sesamaning dumadi.
Pituduh
118
Ana
sawenehing wong kang duwepenganggap menawa nyenyuwun sihing Allah iku ora ana
gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal peparing
marang wong kang ora pantes nampa ganjaran, nanging wong mau sajak lali yen
Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong kang ora
precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora precaya marang anane dhewe,
dene nganti awake lair ana ing donya.
Nanging
yen wong mau nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine
yen Pangeran iku ana malah banjur disesuwuni.
Pituduh
119
Wong
kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas banjur
bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh bisa
ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang
pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana
panglantih kang tumemen lan ora bosen.
Klawan
mangkono sabarang kang maune rinasa rekasa lan abot, bakal sirna.
Mangkono
uga ana bedane yen kita kepingin nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi
tanpa bosen.
Pituduh
120
Yen
pinuju wayah bengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal
nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran
lintang-lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane,
angin sumilir ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane
kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem ing
ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake kita
tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing mau?.
Pituduh
121
Tumraping
wong mursid yen pinuju kambah ing prihatin, nolah-noleh ngiwa nengen wis ora
ana pitulungan maneh kang bisa diarep-arep tekane. Parandene ora bakal koncadan
ing pangarep-arep. Awit wis mangerti menawa tambane prihatin kang ampuh iku ora
liya kejaba : sabar. Sabar lan tawakal nyenyuwun kanthi temen-temening ati
marang kamurahaning Kang Maha Kuwasa kang ngregem sakabehing mobah-mosiking
jagad saisine.
Pituduh
122
Ala-alaning
kelakuwane wong ora kaya kang sinung watak “Sapa sira sapa ingsun”. Marga
sendhenan kaluwihane, embuh kekuwasaane, embuh karosan, seneng tumindak
sawenang-wenang marang kalahane kang wis tita ora bakal kumawani mancahi
gedhene nganti wani mbandakalani kekarepane. Wong kang nduweni sesipatan kaya
mangkono mau prayoga enggal ngelingana menawa laku jantraning jagad mono wis
kinodrat cakra manggilingan; sing wingi ana ngisor dene sesuk gilir gumanti
bakal ngerehake.
Pituduh
123
Saben
dina kita ajeg reresik badan lan penganggo, kajaba amrih bagas kuwarasan uga
katon apik lan ngresepake. Iki pakulinan kang apik. nanging luwih prayoga maneh
yen jroning ati banjur katuwuhan osik : apa saben dina kita uga reresik lan
ngupakara batin lan jiwa kita amrih sangsaya apik lan sangsaya resik saka
sakehing rereged saka anane cacad-cacad lan panggodha.
Sebab
yen badan wadhag kang kena ing rusak iku kita gemateni, geneya jiwa kita kang
asipat langgeng malah kita lirwakake pangupakarane?.
Pituduh
124
Sumendhe
ing takdir iku dudu sipate wong kang seneng ulah luhuring kebatinan, nanging
dadi watake wong kang lumuh tumandang gawe lan cupet nalare. Luhuring kebatinan
kudu tansah jumbuh lan laras karo ajuning kawruh lair. Lire, kebatinan kang
luhur iya kudu bisa ngujudi pakarti kang luhur uga, kang bisa njunjung lan
mulyakake drajading nusa lan bangsane.
Pituduh
125
Saka
kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti
kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamangnungsan. Uripe prasasat
kaesok kabeh ana ing kono. Ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad
pancen ora ana wewaler wong nglumpukake bandha rajabrana, janji pikolehe manut
dalan kang bener lan dipigunakake minangka prabot prenataning jagad.
Pituduh
126
Urip
tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa.
Gegayuhan
bisane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune
ngaurip, wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora
becik kelakone yen ora mapan. Lire, bisowa tansah ngelingi marang jantraning
kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan, angel kepepete, jalaran yen mapan
mesthi cepak waspadane. Dene waspede mono sirikane mele lan adoh saka bebendhu.
Pituduh
127
Sakabehing
tumindak iku panimbange manut kawusanane. Mula murih bisane sampurna, sabarang
kang bakal dilakoni lan ditindakake iku luwih dhisik thinthingana lan
pilah-pilahna ala becike kanthi weninge nalar/pikir. Yen wis, tumindake kanthi
duga lan prayoga, sarta mawa tepa tuladha. Lire, sabarang patrap mau upamakna
tumrap awake dhewe, ilangna pangira-ira tumrap awake liyan kang durung
disumurupi. Elinga, sapa kang arep mbecikake alam donya iku, kudu mbecikake
awake dhewe luwih dhisik.
Pituduh
128
Ciri-cirine
jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan
tingkah lakune kang ora nate gelem kalah. Sabarang tindak-tanduke kepingin
unggul lan mamerake kaluwihane, ora angger kaluwihan bisa kanggo ngadhepi
bebaya lan ngentas saka papan cintraka.
Kaluwihan
kang tanpa dilandhesi kautaman, kena diumpamakake kayadene wedhak pupur sing
nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka
pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian.
Pituduh
129
Saben
tumindak sejangkah ngilowa marang kinclong-kinclonge banyu samudra sing suthik
kanggonan sangkrah, jalaran sakehe uwuh mesthi disingkirake minggir. Saben
makarya sapecak, tuladhanen pakartine banyu tritisan, nadyan tumetes mbaka
satetes, ditindakake kanthi ajeg keconggah mbolongake watu sing atose ngluwihi
waja.
Pituduh
130
Sapa
kang bisa nelukake mungsuh-mungsuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging sapa kang
bisa nelukake awake dhewe, iya dheweke iku kang luwih kuwat maneh.
Pituduh
131
Samangsa
lagi ngadhepi urip rekasa prayogane adhepana klawan esem gumuyu. Awit iku wus
wujud senjata kang bisa gawe enthenging sanggan lan bakal numusi muluring
pikir.
Nanging
yen penandhangmu mau tansah kok adhepi kanthi ulat kang suntrut adhakane kowe
bakal kentekan pikir kang wening, wusanane dadi nekat nuruti pokal kang nerak
bebener.
Pituduh
132
Sapa
kang nganggep apa bae gampang, mesthi bakal nemu akeh rubeda. Sapa kang gampang
janji, iya kuwi kang arang netepi.
Pituduh
133
Urip
tegese mbudidaya ngetog tenaga (berjuwang). Urip nikmat tanpa angin prahara
padha karo segara kang mati. Aku luwih seneng ditendhang, dilawan dening nasib,
tinimbang diugung.
Pituduh
134
Laku
jujur kuwi padha karo dhuwit kang bisa laku ing ngendi bae.
Pituduh
135
Kang
becik lan ala, kabeh mesthi nampa pikoleh, senajanta kadhang-kadhang nampane
cepet, kadhang-kadhang alon.
Pituduh
136
Wong
kang kinaranan berbudi iku, yakuwi wong sing rumangsa tambah kasiksa yen
nyumurupi sapepadhane nandhang papa lan kasangsaran. Runtuhe rasa welase adate
banjur sinusul sarana cucule prabeya lan barang darbeke. Nanging pancen angel
golek-golekane wong sing kaya mangkono iku. Buktine ora sethithik wong sing
mati merga kewaregen, apamaneh wong sing mati amarga kaliren.
Pituduh
137
Manungsa
kuwi dadine becÃk miwiti saka njero menjaba.
Pituduh
138
Kang
waspada marang awakmu dhewe jalaran iya awakmu dhewe kuwi kang mujudake
mungsehmu kang paling gedhe.
Pituduh
139
Manungsa
kang mung ngelingi marang pakartine pancadriyane mono bakal tansah kasinungan
rasa dhemen utawa sengsem. Saka Rasa Dhemen banjur kathukulan rasa melik, saka
rasa melik munggah dadi nafsu, saka nafsu banjúr nasar pakartine lan sirna
bebudene sing wekasane tumiba ing papa, nandhang kasangsaran.
Pituduh
140
Wong
juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki ing pasamuwan, katut
samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ene ing ati
wening.
Wetune
ora sarana lambe, nanging katampanan ing pucuking pen, mili amber ing kertas
putih, rinasakake ing wong sajagad.
Pituduh
141
Amrih
urip kita tansah nemoni rahayu, aja kendhat nggegulang nandur cipta utama
sajroning ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang mantheng marang Gusti Kang
Maha Welas lan Maha Asih, muga pinaringan nugraha bisa ndarbeni ati kang wening
lan jiwa kang utama.
Pancen
ora gampang wong ngudi bisane kasinungan cipta utama ngelingi menawa manungsa
ono mula wis keserenan sipat apes lan lali. Sok ngonowa yen ta sawise nandhang
apes lan lali banjur gumregah maneh pangudine apa dene ora kendhat ing
panglantihe mantepa ing keyakinan yen Gusti Allah ora bakal ora ngudaneni
panyuwun kita.
Pituduh
142
Kawruh
lan “Ilmu pengetahuan” iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku kang
laras karo apa kang diwulangake. Lire, ajaran teorine kudu bisa dicakake lan
ditrapkake kanggo karahayoning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan
tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning
iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa
dudu.
Pituduh
143
Banyu
iku bisaning bening yen wis menep. Sanadyan maune buthek, nanging yen wis
menep, iya banjur bening. Semono uga tumrap pepinginan utawa gegayuhan yen
diudi nganti katog lan menep ing tembe uga bakal kasinungan sifat bening. Lire,
nadyan pepinginan lan panggayu bisa kaleksanan klawan tumuli, ewa semono yen
ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.
Pituduh
144
Yen
kepingin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka
kalungguhan kang endhek dhewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal
gampang disepelekake dening bawahanmu. Lan kang utama yaiku kowe nuli bisa
madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak
degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa salira.
Pituduh
145
Ginubel
dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang
diayahi, sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo
luwÃh maju.
Nanging
yen rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda
kayadene reridhu sing esthine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.
Pituduh
146
Elinga,
mbesuk yen wis tumekaning janjine ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir
kang kita darbeni iki bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa
menyang alam kalanggengan. Mula aja banget nggonira katrem marang kadonyan. Apa
maneh, sapa kang tansah ngegul-egulake marang donya branane lan gandrung marang
pepinginan kang ora langgeng, esthine ora bakal bisa nemokake kahanan kang bisa
gawe langgenging kasenengan lan katentremaning ati.
Pituduh
147
Batiné
wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah
laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran.
Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan
meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat
ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.
Pituduh
148
Abot-aboting
coba tumraping ngaurip iku malah ora kaya wong kang lagi kebyukan sihing Gusti
Allah. Yen lulus saka pandadaran bisa dadi manungsa kang kajaba gedhe sih
kadarmane uga wicaksana lair batine. Nanging yen ta ora teguh imane, wong kang
lagi kabombong ing donya arta lan keladuk rumangsa sarwa kuwagang mbendung
segara njugrugake gunung mau istingarah bakal koncatan kawaspadane. Kejaba lali
marang sangkan parane uga lali yen sakehing drajat lan semat dalasan tekan
nyawane dhewe pisan iku mung lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa
dipundhut bali dening Kang Kagungan.
Pituduh
149
Ambudidayaa
ing bandha manut sakatoging tenaga nanging aja lali kinanthean tead lan seya ye
sapeangan bakal kita tanjakakekanggo nindakakepangibadah. Élinga ye pati iku
lawanging akheat, denelaku ngibadah iku kang bisadadi sarana nggampangake
manungsa tumekane marang ing lawang mau kanthi rasa pangrasa tobat lan
sumarah.Suwalike, jiwa raga kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gusti Allah iku
ora beda kaya anggana bandha kang ora dijakati lan ora ditanjakake kanggo
penggawe kabecikan.
Pituduh
150
Yen
sira pinuju nandhang bagas kuwarasan, elinga yen nalika kena ing lara, suprih
sira tetep bagas kuwarasan kanthi sesirik prakara-prakara kang mbiyen nyebabake
lara. Yen ing nalika sugih, elinga yen kena ing pekir, lekas sing kaya mengkono
mau kanggo ngawekani amrih sira ora gampang kadunungan pikiran seneng pamer lan
sesongaran. Kawruhana, iku kepara nuduhake pratandha yen dheweke iku sejatine
wong kang tuna ing rasa welas asih lan miskin ing kawruh.
Pituduh
151
Kita
manungsa iki ora kena tansah ngantu-antu tekane wektu kang becik, jer wektu
kang becik iku sejatine kudu kita dhewe sing gawe. Kita kudu tansah eling yen
sabarang tingkah lan tanduk kita ing dina kang siji iku nggawa keputusan tumrap
dina sijine. Dene dina kang pungkasan iku kang mutusake sakabehing wektu lan
dina-dina kang wis kapungkur. Mula sadurunge kita umapak marang dina
pungkasaning urip, dipadha bisa nglungguhi marang jejering urip manungsa.
Pituduh
152
Wong
nandhang lara mono akeh sing merga anggone ngombe lan memangan kliwat taker lan
tanpa pilÃh-pilÃh. Mula kanggo nyandhet ubaling hawa marang bab sakarone mau,
dibisa marsudi nyuda nuruti kecaping lidhah sarana nglakoni pasa kang mengku
ancas nyingkiri sadurunge katamaning bilahi.
Pituduh
153
Wong
kang lagi kasinungan kabegjan lan kamulyan iku dibisa marsudi amrih langgeng,
aja banjur kalimput watak jubriya lan sembrana sing sisip sembire bisa
kejlungup tiba ing kasangsaran. Yen wis mangkono mung rasa getun lan piduwung
sing kari ing pamburine.
Pituduh
154
Hawa
napsu lan watak angkara iku sawutuhe manjing ing dhiri pribadine dhewe-dhewe.
Yen
diumbar ngrebda bakal gawe “Bencana lan kasangsaran”. Suwalike yen bab mau bisa
dikendhaleni bakal njÃlma dadi watak “Sabar lan prasaja”, tulus eklas aweh
pangapura marang sapadha-padha sing gawe kaluputan.
Pituduh
155
Tapaning
ati iku mung temen, yen tapaning nyawa mung eling. Sing sapa bisa eling sedina
sepisan bae, adate barang kang sinedya bakal ana. Sing sapa temen salawase,
kabeh pangajabe bakal kecandhak. Dene kang aran sejatining katemenan iku sakabehing
pakarti kang ditindakake klawan madep mantep tanpa mandheg-mangu lan
tolah-toleh, saengga sabarang kekarepane bakal ginayuh.
Pituduh
156
Wong
iku yen lagi nandhang lara lagi bisa ngrasakake sepira mungguh begjane wong
kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nanging suwalike, wong sing awake
seger waras lumrahe lali rekasane wong lara. Sangsaya adoh kelingane, sangsaya
cedhak anggone ngumbar hawa nuruti pepinginane mripat, ilat, lan telih (wadhuk,
weteng) kang sejatine ngajak marang rusaking raga. Mula prayogane tansah elinga
perihing lara kanthi nggemateni kanikmatan kang wis diparingake dening Gusti
Allah tan kena kinayangapa ajine, yaiku wujud awak kang bagas kuwarasan.
Pituduh
157
Manungsa
pinaringan dening Pangeran peranganing awak kang kalarasake karo gumelaring
bebrayan. Pinaringan mripat loro, perlune supaya akeha kang dideleng, ya kang
ngenani uber ingering alam, ala beciking kahanan, lan owah gingsiring jaman.
Lire, supaya linarasna kanthi lantiping panggraita. Pinaringan kuping loro,
murih akeha swara kang dirungokake, nuli kathinthingana lan kasaringa kanthi
lungiding panyipta lan alapen kang aweh pakoleh.
Pinaringan
tangan loro, sikil loro, supaya akehe kang ditandhangi, pilihen kang murakabi
kanggo bebrayan agung.
Pituduh
158
Pancen
ora ana wewaler ing jagad iki tumraping wong kang nglumpukake donya brana.
nanging kita kudu tansah eling yen donya brana mono dudu panggonane
kalanggengan.
Nabi
Muhammad wus paring sabda : “Ora prayoga ninggalake kadonyan marga nglakoni
akherat. Nanging jeneng wong kang nistha sapa kang ninggalake bab akherat marga
mung golek donya brana tanpa waspada marang pungkasaning dumadi.”
Pituduh
159
Brangating
ati sabisa-bisa kendhalenana, aja diububi nganti muntab dadi ubaling nepsu.
Kayadene
nyirep geni sarana lenga. Napsu amarah mono isih tetep bakal tansah mbebedhag
selawase yen ta ora kinanthenan pikiran kang menep, lan ati kang eling.
Elinge
ati lan meneping pikir bakal numusi mulure budi kang tundhone bisa dadi
panyirep sakehing pakartining setan.
Pituduh
160
Wong
kang ringkih iman lan batine bakal gampang dadi jujugane durjana apus-apus kang
pating sliwer golek mangsan. Pirang-pirang kehe wong kaselak percaya rembug
pangiming-iming ora pinikir bakal kedadeyane ing tembe. Wusanane nandhang
kapitunan lan kena ing apus.
Mula
ditansah waspada, aja lirwa ing kaprayitnan.
Pituduh
161
Samangsa-mangsa
thukul pletiking pikir kang kasarung dening ubaling nafsu ala, yogyane
sumenepna sauntara. Yen bisa kaya mangkono karan wong wicaksana, jalaran kejaba
bisa ngleremake ati kanthi meneping pikirmu uga bakal keconggah nyirep ubaling
nafsumu mau.
Wusana
rahayu kang tinemu merga bisa sumingkir saka memala kang teka arep ngreridhu
awakmu.
Pituduh
162
Wong
kang sengsara uripe jalaran ana rong warna. Kapisan saka kaluputane dhewe, kang
kapindho merga saka pokale dhewe. Sing kapisan iku paribasane tanem tuwuh kang
tansah kodanan lan kepanasan ora diopeni, dene sing kang kapindho paribasane
tanem tuwuh kang tansah diapek asile nganti ora kober thukúl godhonge.
Pituduh
163
Yen
sira urip ing alam donya iki rumangsa nampa pandum kesethithiken iku wis dadi
pepesthene uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga lipuren sarana
mawas lelabuhanmu dhewe, jer lelabuhan ing alam donya mono dadi trajuning akeh
sethithike pandummu.
MEMAYU HAYUNING BUDI LAN TEKAD
Pituduh
164
Yen
gelem nalusuri sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang malah
kita tampa saka wong-wong gawane nacad lan ora dhemen marang kita, katimbang
mitra katruh raket kang tansah ngalembana. Awit panacad bisa nggugah kita
nglempengake laku, dene pangalembana kepara bisa nyababake wong kerep dadi
lali.
Pituduh
165
Manawa
kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja kesusu
ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake panacad. Awit
kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan molak-malik. Apa
kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe mburi bisa malÃh kok senengi,
kepara malah bisa dadi gantungane urÃpmu.
Pituduh
166
Karepe
wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake dhewe. Yen
sing diajak nyatur wong kemplo, pamrih sing kaya mangkono mesthi katekane.
Nanging tumraping wong mursid : “Wong kang ngumbah rereged ing awake sarana
migunakake banyu peceren malah saya nuduhake blentonge pambegane”.
Pituduh
167
Tembung
kang prayoga kang kelair mung marga kadereng dening dayaning hawa napsu iku
pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal aweh rasa
getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe kang satemah tansah bisa
ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman sethithik naging memikir
akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh katentreman lan krasa marem kang gedhe
dhewe.
Pituduh
168
Siji-sijining
dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan kepercayaan
lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita mung kandheg ing
gagasan lan kukuhing karep bae, tanpa tumandang lan makarya minangka srana
panebuse, wohe ya ora beda kaya dene ing pangimpen. Cilakane maneh, yen
selagine nganggit-anggit mau wis kaselak ngrasakake kanikmatane ing
pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe lan wedi ing kakewuh (wedi
kangelan).
Pituduh
169
Ora
beda karo rob lan suruding segara, kahanan uriping manungsa iku uga ora bisa
uwal saka bungah lan susah. Kang perlu dicilengi ing kene yaiku aja kaselak
kebacut kerem kalimput ing kabungahan lan aja kaselak gampang angles yen lagi
kapinujon apes. Awit kasusahan iku sok malah bisa ngentas kita saka kaluputan
lan kabodhowan, sauger insyap marang dhirine lan ora mupus, apadene tansah
percaya marang Kang Kagungan Panguwaos.
Pituduh
170
Menangi
jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu tumindhak
nistha. Ora eling yen sejatining urip ing donya iku ora ngupaya rajabrana bae,
nanging uga mangesthi kamulyan ing tembe. Urip ing satengahing godha rencana,
nanging tetep tumindak utama, presasat tapa ing satengahing coba. Sapa kang
santosa ora bakal tumindak sasar.
Mula
tansah ngugemana sebuting pitutur : “Sabegja-begjane kang lali nganti kelu
penggawe sasar, isih begja kang panggah eling lan waspada tetep ing panggawe
utama”.
Pituduh
171
Yen
sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa
pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang marakake sira
kaloka mau, sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa “Aji godhong jati
aking”.
Pituduh
172
Sapa
kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasaan iku sejatine malah dadi sumbering
dununging wong lali, gampang lirwa ing kaprayitnan, lan gampang kapilulu ing
pakarti dudu.
Awit
yen lagi kuwasa, adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka.
Kanggo
nggayuh panjangkane, sakehing cara ditempuh. Ora maelu senadyan nganti mentala
gawe sangsarane mitra karuh. satemah mung dadi leletheg kang luwih aji uwuh.
Pituduh
173
Ilat
kuwi sawijining pedhang kang landhep, kang bisa mateni senajan tanpa ngetokake
getih.
Pituduh
174
Ora
ana critane wong kejungkel iku marga kesandhung watu gedhe, sing mesthi merga
kesandhung watu sing cilik.Yen tatuwa ya marga saka watu krikil-krikil sing lancip-lancip.
Bab
mau aweh pituduh supaya kita aja nyepelekake marang barang sing katone sepele
ora mingsra, naging sejatine kepara malah gampang dadi dhadhakane wong njungkel
njempalik tiba ing papa.
Pituduh
175
Wong
sugih sing lumuh kelangan bandhane nadyan kanggo keperluwane dhewe iku ora liya
sababe marga tansah kuwatir yen dheweke tiba ing kemlaratan. Nanging ora
ngertiya yen dheweke ing wektu iku sejatine wis padha karo wong mlarat. Uripe
kepara luwih sangsara katimbang wong kesrakat, kang batine tansah ora
narimakake marang adiling Kang Murbeng Dumadi.
Pituduh
176
Dereng
nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa rinasa
ing nalika kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga kita tansah
waspada ngendhaleni dhiri. Dene kang kinaran dereng utawa nafsu seneng pamer
kang gampang dineleng lan sineksen dening wong liya iku aran riya kang pratela
(cetha), utawa ngedheng. Becik kita singkiri.
Wondene
dereng sajroning laku panembah, arang kang disumurupi wong liya. Luwih-luwih
yen lagi kapinuju ana ing papan kang sepi. Sok ngonowa elinga, yen Gusti Allah
iku tansah ngudaneni.
Pituduh
177
Kabeh
salakune (tumindake) wong bodho iku esthine nggawe hikmah lan piwulang becÃk
tumraping wong kang ahli budi. Awit saka samubarang kang ora becik kang
dilakoni wong bodho dening para ahli budi banjur kari ngemohi lan dadi
pandoming urip kang perlu disiriki lan disingkiri. Suwalike wong bodho sungkan
nyuplik lelakon becik kang dialami para ahli budi.
Mula
ora jeneng aeng yen akeh para bodho sing uripe tetep kasurang – surang lan para
ahli budi kang tansah rahayu ing uripe.
Pituduh
178
Aja
sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing sêmangatmu. Malah prayoga
dinarima marang apa kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti Kang Maha
Kuwasa.
Awit
ngelingana menawa ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan luwih cacad
tinimbang sira, suprandene dheweke babar pisan ora kawetu nutuh marang Gusti
Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele imane lan yakin marang
kwadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang sakabehing lelakon kang dumadi ing
jagad raya iki.
Pituduh
179
Ngalembana
lan panacad iku padha bae panindake. Lire, tarikane napas padha, kedaling ilat
padha lan obahing lambe ya padha. Sok ngonowa najan rekasane utawa gampange
padha, nanging oleh-olehane utawa wohe sing ora padha. Ing ngadat kejaba sok
adoh sungsate, uga malah sering kosok balen. Sing siji bisa ngraketake
paseduluran sijine padha bae karo golek dadakan nandur rasa memungsuhan.
Pituduh
180
Aja
ndarbeni pepinginan dadi wong kang linuwih kang ngandhut idham-idhaman supaya
sarembuge diandela wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae barang rembugira
kanthi becik, patitis lan maedahi. Karo maneh tindak tanduk kang ngresepake,
luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing
pitutur kang ndhakik-ndhakik nanging kang durung kabukten ana ing panindak.
Mula kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug “Keplok lumah kurepe” karo
tindakira.
Pituduh
181
Kang
kinaran manungsa winasis yaiku wong kang wis kaconggah mbenerake tindak kang
mlenceng. Dene asor-asoring budine manungsa iku ora kaya wong kang mlencengake
tindak kang wus bener. Adate sipat kaya mangkene iki thukul marga kasurung
dening ati drengki srei.
Kamangka
sapa kang ngadani ati drengki lan panasten iya ing wektu iku dheweke wiwit
nyiksa ing awake dhewe, lan uripe ora bakal bisa tentrem.
Pituduh
182
Samangsane
kowe diclatu wong kanthi sengak aja kok wales sanalika kanthi tembung (rembug)
kang sengak lan atos. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang alus lan sareh. Jer,
ya klawan laku kang kaya mangkono iku, kowe bisa ngendhakake watakkang
panasbaran, lan bisa ngasorake sipat kang lagi kasinungan iblis.
Pituduh
183
Ing
ngendi dununge pamarem lan katentreman ? Saking ungele mapanake rasa, nganti
meh ora ana wong rumangsa marem lan tentrem uripe. Sabanjure banjur kepiye ?
Iya kudu tlaten ngolah budi. Doh ana rasa meri lan drengki amrih gorehing pikir
bisa tansah sumingkÃr.
Pituduh
184
Tepa
slira lan mawas dhiri iku dadi obring laku nggayuh rahayu, minangka jimat
paripih umraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake
watak drengki lan dak-wenang marang sapepadhane. Sregep mawas dhiri ateges
bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga wusanane thukul greged
ndandani murih apike.
Pituduh
185
Kita
iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, ana siji engkas darbek kita
kang ora kena ginrayang lan ora kasat mata, nanging ajine tan kena kinaya
ngapa, yaiku osiking ati kang ajeg ngelikake kita marang lurusing laku samangsa
kita ketaman pletiking cipta ala, munggahe katuwuhan krenteg nindakake laku
ngiwa. Mula poma-poma, tansah bisowa ngrungokake osiking atimu, awit iku kang
ngajak sapari-polahmu tumuju menyang karahayoning uripmu.
Pituduh
186
Nggayuh
kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur.
Ya
dhuwur ing bab lahire, uga ing batine. Lire, sing murakabi kanggo dhiri
pribadine, sumrambahe tumrap bebrayan agung. Sapa kang mung mligi nggayuh
kaluhuraning lahir bae, ateges mung mburu drajat, semat lan pangkat. Durung
aran jejeg uripe. Suprandene sapa kang mung ngemungake kaluhuraning batin,
ateges ora nuhoni jejering manungsa ing alam donya, yaiku tumandang ing gawe.
Pituduh
187
Akeh
wong kang sadurunge nyoba ngayahi pagaweyan wis dipantok dhisik sarana tembung
“Ah, aku ora bisa”. Dayaning tembung “Ora bisa” satemah numusi ora bisa
temenan. Awit entek-entekane pocap mangkono iku ateges ngapesake awake dhewe.
Luwih dene maneh banjur lumuh ing pambudi. Samubarang kang diudi ora bakal
dadi. Kang ora diluru tangeh bisane ketemu.
Mula
percayaa marang dhiri pribadi. Ciptanen kanthi mantheng ing ati lan enggal
makartiya.
Kekuwataning
manungsa iku dumunung sajroning cipta, sauger sinartanan pamarsudi klawan
temen-temen. Dayaning cipta cetha bakal nekakake sedya.
Pituduh
188
Aja
sok nggresula !, Wruhana yen pangresula iku sawijining mala, dene panggresah
mono agawe bubrah. Yen wis nggresah padatane banjur lali marang kewajibane kang
kudu diayahi sarta kemba marang sadhengah pakaryan. SÃng sapa esuk-esuk wis
sambat ngaru-ara ing bab ngrekasane anggone urip, wong mau presasat mbutoni
sumbering pangupa-jiwane dhewe.
Ora
trima marang pandum peparinge Pangeran Kang Murbeng Dumadi.
Pituduh
189
Yen
kowe kepingin mulya uripmu, lakonan apa kang kok gagas-gagas rikalane kowe
nandhang sengsara utawa lara. Awit ing mangsa-mangsa kaya mangkono mau manungsa
banjur ketuwuhan budine kang murni, yaiku watak kang sarwa kebak welas-asih lan
ngerti sepira perlune wong kang tansah ambudi amrih aja nganti nemoni
kacingkrangan.
Pituduh
190
Wong
kang wis kinaran “sukses” iku, yaiku : wong kang wis ngetog kadibdyane,
ngudidaya nganti kecandhak gegayuhan lan idham-idhamane laras karo kepinginane.
Tekane
“sukses” durúng ateges tamating crita, nanging malah kudu tansah luwih waspada,
prayitna lan ngati-ati. Jalaran adhakane wong sing wis “sukses” iku banjur
kurang kaprayitnane, sembrana lan gumampang ing sabarang tumindake, kang luput
sembire bisa klenggak.
Mula
sawijining “sukses” iku anggepan kayadene sawijining pandadaran kanggo
lestarining penggayuh becik.
Pituduh
191
Saben
wong mono pancen nduweni nafsu. Awit tanpa nafsu wong ora bakal duwe krekat
kepengin maju. Mung bae wong kudu bisa milah-milahake nafsu endi sing kudu
dicandhet, lan nafsu sing kepriye sing kudu diunggar. Nafsu kang bakal nekakake
bilahi tumraping awake dhewe lan wong liya kudu bisa dicandhet, dene nafsu kang
perlu diunggar yaiku nafsu kang empane tumuju marang karahayoning
sapadha-padha.
Pituduh
192
Hukum
alam wis netepake, sapa kang nandur mesthi ngundhuh. Dene apa kang diundhuh iya
manut wijine kang ditandur. Yen sing ditandur winih alang-alang, ing tembe iya
aja ngarep-arep yen bisa bakal panen pari, iku genah nyalahi kodrat. Mula
mumpung isih esuk, nandura wiji cipta lan penggawe kang becik-becik. Awit
elingana, yen akeh sethithik anak putu kita uga bakal katut melu ngrasakake
pait getire wong kang bibite ditandur dening wong tuwane.
Pituduh
193
Sapa
sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung bisa
maujud menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan sedya,
jangka lan panuwun, iku saumpama wong lelungan mono tumuju papan kang arep
diparani utawa dijujug.
Dene
kekarepan iku kudu ana kanthine, yaiku nalar utawa pecahing nalar. Jalaran
kekarepan kang tanpa nalar iku ora beda karo karepe bocah cilik. Kejaba tanpa
teges, uga sok tanpa wasana, satemah ora ana dadine.
Pituduh
194
Sebab-sebab
kang gawe ciliking ati lan cekleking semangat iku adhakane dumunung ing
gegambarane pikiran kang sarwa nguwatirake marang lelakon kang durung kelakon,
temahane pikiran dadi peteng, lumuh ihtiyar lan koncadan gregeting makarya.
Katimbang nyumelangake barang kang durung bisa ginrayang rak luwih becik aja
pegat ing ihtiyar kanthi nenuwun marang sihing Kang Murbeng Kuwasa, jer iya
mung Panjenengane kang murbawasesa urip kita iki.
Klawan
mangkono istingarah kowe ora bakal ngedhap ngadhepi sakehing lelakon.
Pituduh
195
Kerep
nggresah lan ngresula iku nuduhake karingkihane tekad. senajan dingresulanan
sedina ping pitulikur, ora bisa owah nasibe. Nggresah lan ngresula iku padha
karo sambat. Wong sambat iku kena bae, nanging yen isih keduga aja dhemen
sambat. Ngresula bisa dadi mala, panggresah bisa gawe bubrah, dene pisambat iku
dalane wong kang seneng mlarat, jalaran sakehing gegayuhan kang disangkani
sarana sambat mono adate mung gayuk-gayuk tuna, apa kang digayuh tanpa ana
kabul wusanane.
Pituduh
196
Dhasar
premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi santosa.
Sarana
ndulu kacamata benggala kang kita alami saben dina, teteg kawegigane pikir bae
ora mujudake gaman pamungkas tumrap kasembadaning sedya. Mula yen mung
ngendelake marang punjuling nalar lan moncering kawruh bae, tanpa mengkoni ing
budi santosa, atine gampang miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak
sesongaran sing adhakane sing uwis-uwis banjur kacenthok pancabaya, ubayane
banjur mbalenjani.
Pituduh
197
Ora
ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe, kejaba
nindakake pegaweyan kanthi srempeng sing juntrunge mung ngoyak derenge
panguwasa, drajad lan bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan marang pitutur
becik lan panemune liyan kang wigati, anane mung rasa melik kang nggendhong
lali.
Pituduh
198
Siji-sijining
marga amrih kaleksanane gegayuhan iku ya kudu sarana makarti.
Yen
kita mung kandheg marang ngunggar-unggar karep lan nganggit-anggit gagasan bae,
tibaning enggon mung kaya ing pangimpen. Luwih-luwih menawa salagine
nggagas-nggagas mau kaselak kesusu ngrasakake kanikmatane pengangen-angen,
wusana tumus dadi lumuh ing gawe lan wedi ing pakewuh.
Pituduh
199
Ngakoni
kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti yen
wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline sapa
kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi pekerti.
Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora nduweni
pikiran iku luwih mlarat.
Dene
wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.
Pituduh
200
Kang
kok kandhakake putih iku durung karuwan putihing (sucining) ati, bisa uga mung
wujud putihing pupur sing kandel waratå. Lan sing kok kandhakake abang iku
durung tinamtu abanging (kekendelaning) bebener nanging bisa uga mung abange
lambe kang keconggah njlomprongake marang jurang kang jero. Dene sing kok
kandhakake resik, iku durung mesthi resiking ati, nanging adate mung wujud
resiking sandhangan rinengga ing sotya abyor kang bisa mblerengake mripat.
Pituduh
201
Ngunggar
wetuning kekendelan sing mung kadereng saka dayaning pangojok-ojok iku kerep
ora murni. Tandang lan trajange kang akeh banjur mung kabrongot panasbaran.
Wusanane
malah sok bakal nunjang palang, bebathene kosok balen karo kang sinedya. Mula
minangka gegondhelane kapitayan, kekendelan iku prayoga kadhasarana rasa
sumungkem marang Kang Murbeng Dumadi, niyat leladi marang sapepadhane titah.
Yen wis mangkono sakehing cak-cakane pakarti mesthi tansah patitis lan
mikolehi.
Pituduh
202
Teteping
rasa kamanungsan iku ora marga saka kawruh lan kapinteran kang wis dianggep
luwÃh luhur ing salumahe bumi, nanging mung jalar saka kadunungan telesing rasa
asih marang sapepadhaning tumitah. Dene rasa asih mau cinipta saka patrap
anggone reksa-rumeksa lan sugih ing pangapura sarta tansah kinanthenan pangucap
lan pasemon sÃng bisa gawe resep lan ora natoni atining liyan. Kawruhana,
menawa kapinteran kang ora kinanthenan kautaman iku sejatine luwih mbebayani tumraping
bebrayan katimbang karo bodho kang linambaran ing budi rahayu.
Pituduh
203
Nglengkara
wong bisa luwar babar pisan saka panggodha. Sebab, sumbere panggodha iku ora
liya iya mung saka awake dhewe. Sing sapa mung nyingkiri panggodha kang kasat
mata bae, ora dibedhol tekan oyod-oyode, adhakane bakal ketaman pakewuh lan
godha kang luwih gedhe maneh. Sok ngonowa yen wong tlaten lan sareh, kanthi
kencenging tekad kang gilig, mesthi bakal bisa mentas saka reridhu. Aja mung
mandheg ing panggrantes, nutuh awake dhewe, apa maneh yen nganti nguman-uman
marang wong liya.
Pituduh
204
Yen
ing donya iki manungsane sing sugih uripe ora mbethithil, kepara malah dhemen
tetulung marang kang kecingkrangan, dene sing duwe kepinteran adoh saka karep
kanggo minteri liyan, kepara malah dadi papan jujugane wong tetakon, genah
kahanane donya bakal ayem tentrem, adoh saka reridhu lan kalis saka godha
rencana.
Pituduh
205
Wong
kang lagi karejeken aja kaduk anggone bungah, kosokbaline aja kaduk nelangsa
samangsane nemahi reribed lan nandhang susah, gedhene nganti nggetuni barang
kang wis kelakon. Awit kaduk bungah mau bakal ngilangi kaprayitnan, kaduk susah
njalari ati tansah kemba, lan tangeh lamun bisa uwal yen ora dibudeni sarana
tumandang makarya.
Pituduh
206
Yen
darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana sarana
makarti kang madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora ngedhap nadyan
mangerti yen dalan kang diambah kebak parang curi. Yen tansah rongeh lan
rangu-rangu, ateges mung wani ing gampang, wedi ing pakewuh, samubarang kang
sinedya ora bakal ginayuh.
Pituduh
207
Manungsa
iku bisa kinaranan urip yen isih duwe karep lan pangarep-arep.Nanging yen karep
mau mung kandheg ing pangangen-angen lan gagasan bae, ora beda manungsa kang
mati sajrone urip. Kosokbaline yen anggone nandangi karepe mau kaselak kesusu
nikmati pikolehe kang durung klakon, genah anggone makarti mung angger bae.
Kepara bakal mundur yen ngadhepi pakewuh, satemah dadi wong lumuh.
Pituduh
208
Wong
kang kebak dening pepinginan iku adate banjur ngangsa-angsa, mula lakune uga
banjur miyar-miyur. Kepengkok gawe sethithik bae sing digedhekake pangresulane,
tundhone atine gampang pepes lan nglokro. Beda karo wong kang wicaksana uripe
mesthi mawa tekad lan tujuwan. Bebasan tiba kaping pitu gumregah tangi kaping
wolu ngrungkebi tekad lan tujuwane.
Pituduh
209
Angger
wong wis mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho tekade.
Mulane yen darbe karep aja mundur merga luput sepisan pindho bae, prayoga
ambalana maneh nganti katekaning sedya. Samubarang pegaweyan menawa kok temeni
wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh bageyan lan kauntungan. Apa kang kok
sedya bakal tumeka, pituwase lagi ketemu mburi.
Pituduh
210
Sarupane
pakaryan kang wis kok yakini beciking asile tumuli enggala katindakna, aja
ngenteni liya wektu. Jer kekencengan sarta kekarepan iku yen diendhe-endhe ora
mundhak kuwate.
Nanging
malah mundhak ringkih lan bisa uga ilang dayane. Sipat seneng ngendhe-endhe iku
mujudake dalan kang anjog marang watak ora antepan lan kesed, sungkan ing gawe
sing tundhone dadi tanpa aji urip ing bebrayan.
Pituduh
211
Wong
kang sinebut berbudi urip ing bebrayan iku ora mung wong kang rumangsa kasiksa
nyumurupi sapepadhane sing nandhang papa, nanging wong kang gampang runtuh
welase kang tinumbalan runtuhing barang darbeke lan deduwene kanggo tetulung
marang wong sing kacingkrangan lan kasangsaran. Nanging kang kaya ngono mau
pancen angel golek-golekane.
Tandha
yektine ing alam donya iki ora sethithik wong sing mati marga kuwaregen, lan
akeh wong sing mati marga kaliren.
Pituduh
212
Wong
mono aja mung tumandang angger bares nanging kanthi laku kang ora beres. Dibisa
tansah milah-milahake endi sing kenceng lan endi sing nalisÃr saka paugeran,
sarta kulinakna nyirik marang penggawe musyrik, sinung marang watak tulus lan
ngukuhi kajujuran.
Kawruhana,
menawa ora ana pusaka kang ampuhe ngluwihi kajujuraning ati lan weninging pikir
kang sepi ing pamrih. Pamrihe mung sawiji, yaiku mangan karahayoning bebrayan,
ngluhurake kamulyaning bangsa lan nagara.
Pituduh
213
Pangrasa,
pikiran lan kekarepan iku tansah mbudidaya rebut unggel lan rebut panguwasa
anggone murba sapari polahe manungsa. Pangrasa emoh diungkuli pikiran.
Pikiran
sêmono uga suwalike. Wondene kang moncol dhewe sumedya mbalap ora gelem dipekak
yaiku kekarepan. Mula wajibing manungsa kudu bisa ngukuhi sifat manungsane.
Den
sranani kanthi nanjakake uripe melu ngrasakake lan memikir marang ombak
umbuling jaman. Tumandang ing gawe ngesthi marang rahayuning bebrayan munggahe
marang ajuning jaman.
Pituduh
214
Selawase
urip nglengkara wong bisa uwal babar pisan saka panggodha, jer panggodha iku
sumbere ora liya ya saka awake dhewe. Asale tumuwuh saka uwohing pikir kang
ngayawara, banjur katarik marang kekarepan ala kang wusanane mbabarake pakarti
nistha.
Sapa
kang wiwitane enggal tumandang nanggulangi panggodha, bakal mundhak
kasampurnane lan patut sinebut wong kang santosa ing budi. Balik kang sapa
tansah nguja panggoda semaya nanggulangi, kekuwatan batine saya lungkrah,
bakale bubrah dadi leletheging jagad.
Pituduh
215
Wong
nandur pari iku bakal ngundhuh pari, ora bakal ngundhuh jagung utawa kacang.
Semono
uga pikiraning manungsa, ora beda karo mau. Yen pikiran kita tansah kita
kulinakake lan kita pigunakake kang becik-becik ya bakal nduweni daya kekuwatan
kang becik, satemah bisa aweh pakaryan kang pengaji tumraping bebrayan. Mula
katimbang nggagas kang ora-ora lan ngayawara, prayogane nggagasa marang laku
utama lan mulya. Lan luwih utama maneh menawa gagasan kang mangkono mau
diwedharake dadi pakarti pisan.
Pituduh
216
Rasa
was sumelang iku nerakane wong sing arep nggayuh kemajuan. Sapa kang wis
ketaman rasa iki salawase ora bakal bisa maju. Ing sabarang tandang tanduke
sarwa tidha-tidha lan tansah awang-awangen ngadhepi kangelan kang bakal
memalangi laku. Kosokbaline tekad iku rasa ciptaning karsa kang wis gembleng.
Dadi yen ana kepenak lan orane bakal didhadhagi lan diterjang wani. Kang
pinandeng mung bakal tekaning sedya. Nanging tekad mono beda banget karo nekad,
jer nekad kuwi uwohing pakarti kang tuwuh saka kajudheganing nalar sing tundhone
keconggah tumindak nistha, merga koncadan pepadhang.
Pituduh
217
Aboting
abot iku ora kaya yen kudu nuruti prentah lan pitutur. Pait lan ngrekasa dikaya
ngapa prentah lan pitutur iku prayoga lakonana bae. lng suwalike barang pait
mau, kowe mesthi bakal nemu barang legi sing ora klebu ing petunganmu. Pancen
luwih prayoga paite dhisÃk, tinimbang legine. Awit bisane kowe ngrasakake legi
iku rak marga kowe wis ngrasakake pait. Bisa nikmati kabungahan marga wis nate
ngalami nandhang kasusahan.
Pituduh
218
Wong
kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang gawe, genah
ora sumurup marang kaluputane celatune, sabab celathu mono mung obahing ati
kang ana ing lati, dudu obahing tangan sing kanggo tumandang. Nanging yen wis
tumandang gawe dhewe, cetha bakal meruhi marang luputing celathune. Mula saiba
begjane wong kang bisa celathu klawan enggal-enggal tumandang gawe dhewe.
MEMAYU HAYUNING BEBRAYAN
Pituduh
219
SÃng
sapa ngidham kaluhuran kudu wani kurban lan ora wegah ing kangelan.
Merga
yèn tansah tidha-tidha, mokal apa sing kagayuh bisa digantha lan tangeh lamun
apa sing diluru bisa ketemu. Makarti wani rekasa kanthi masrahake urip lan jiwa
raga marang Kang Murbeng Kuwasa. Yen kepingin menang pancen larang patukone,
yaiku kudu bisa nuhoni sesanti: “Sura dira jayaningrat lebur dening
pangastuti”.
Pituduh
220
Isih
beja yen kowe diunekake “Ora Lumrah Uwong”, jalaran isih dianggep manungsa.
Ya
mung solah tingkahmu kang kudu kok owahi amrih ora gawe seriking liyan.
Cilakane
yen diunekake “Ora Lumrah Manungsa”, jalaran kowe dianggep setan gentayangan
sing mung dadi leletheging jagad marga pakartimu kang ninggal sifat
kamanungsan.
Mula
enggal-enggala sumujuda marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Sifate Gusti Allah
mono sarwa welas asih marang umate kang wis sadhar marang dosa-dosane sarta
temen-temen bali tuhu marang dhawuh-dhawuhe.
Pituduh
221
Ora
ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu nyampeti
kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku ateges uga
mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang uga ateges
angabekti marang Pangeran Kang Maha Wikan. Pancen pangabekti mono wis aran
pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih kang kita asungake. Kabeh
iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha Kuwasa, kita ora wenang ngajab wohing
pangabekti kanggo kita dhewe. Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen
wajÃb, nanging ngundhuh wohing kautaman kita ora wenang.
Pituduh
222
Memitran
paseduluran nganti jejodhowan kuwi yen siji lan sijine bisa emong-kinemong,
istingarah bisa sempulur becik. Yen ana padudon sepisan pindho iku wis aran
lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging suwalike yen padha angel
ngenggoni sifat emong-kinemong mau genah langka langgenge, malah bedaning
panemu sithik bae bisa marakake dhahuru.
Pituduh
223
Wong
kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang njalari
tekane rasa trenyuh lan welas lahir batine. Wong kang wis nate ketaman ing
prihatin luwih bisa ngrasakake penandhange wong liya. Mula adhakane luwih gelem
aweh pitulungan marang kang kasusahan.
Pituduh
224
Sarupaning
wewadi sing ala lan sing becik, yen isih kok gembol lan mbok keket kanthi remit
ing ati salawase isih bakal tetep dadi batur. Nanging yen wis mbok ketokake
sathithik bae bakal dadi bendaramu. Isih lagi nyimpen wewadine dhewe bae wis
abot. Apa maneh yen nganti pinarcaya nggegem wewadine liyan. Mula saka iku aja
sok dhemen kepingin meruhi wewadine liyan.
Sing
wis cetha mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.
Pituduh
225
Sok
sapaa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar lan
padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe bae nandhang susah utawa nemoni
pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon suntrut kerep
nggrundel lan grenengan merga ora katekan sedyane iku cetha bakal koncatan
kekuwataning batin lan tenagane, tangeh lamun entuka pitulungan, kepara malah
dadi sesirikaning mitra karuhe.
Pituduh
226
Kita
iki diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa, lire mengku
karep amrih kita iki kudu luwih akeh ngrungokake katimbang micara. Yektine wong
kang dhemen ngumbar cangkeme tinimbang kupinge iku adate wicarane gabug.
Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane sethithik nanging patitis lan mentes.
Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang mbutuhake rembug kang prayoga.
Pituduh
227
Wong
kang tansah dhemen nguping kepingin weruh, apadene nyampuri perkarane liyan,
gedhene nganti nrambul urun ucap, iku padha karo golek-golek momotan kang
sejatine ora prelu, adhakane kepara malah ngreridhu awake dhewe.
Pituduh
228
Ucap
sakecap kang kelair tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi.
Mula
wetune tembung satembung saka lesan iku prayoga tan udinen aja nganti nggepok
prekarane wong liya, gedhene nganti gawe seriking liyan. Bisa nyandhet ucule
pangucap kaya mangkono mau wis klebu ewoning pakarti kang utama. Nanging geneya
kok ora saben wong bisa nglakoni ?
Pituduh
229
Wong
iku yen wis kasokan kabecikan lan rumangsa kapotangan budi, ing sakehing
pakartine lumrahe banjur ora kenceng lan resik. Mulane tangeh lamun yen bisa
njaga jejeging adil, awit lesane kasumpetan, mripate bereng, kupinge budheg.
Atine dadi mati, angel weruh ing bebener.
Mula
saka iku aja gumampang nampa kabecikane liyan, samangsa tujuwane ngarah marang
penggawe kang nalisÃr saka bebener.
Pituduh
230
Aja
kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit ana
kalamangsane kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing kanyatane bisa
mbengkas lan nguwalake saka karuwetanmu. Pancen ing sawijine bab wong bisa
kaaran bodho, nanging ing babagan liya tangeh lamun yen kowe bisa nandhingi.
Pituduh
231
Yen
micara aja gumampang nelakake penacad utawa pangalem, luwih- luwih nganti
memaoni.
Awit
wicaramu durung karuwan bener. Sing mesthi panacad mau gawe serik, pangaleme
nuwuhake wisa, dene waonane ora digugu, kabeh swara ala. Mula kang prayoga iku
mung meneng, jalaran meneng iku yektine pancen mustikaning ngaurip.
Pituduh
232
Udinen
ing alam donya iki aja ana wong kang kok sengiti, supaya ora ana wong sengit
marang kowe, balik sabisa-bisa padha tresnanana. Amarga lelakon ing alam donya
iki anane mung wales-winales bae. Dene yen kepeksa kowe sengit marang
sawijining wong, mangka kowe ora bisa mbuwang sengitmu, gawenen wadi aja ana
wong kang ngerti. Yen kowe ngandhakake sengitmu marang liyan, prasasat kowe
mamèeake alane atimu.
Pituduh
233
Ajining
dhiri ana ing lati. Ajining raga ana ing busana. Mula den ngati-ati ing
pangucapmu, semono uga anggónmu ngadi busana kang bisa mapanake dhiri.
Pituduh
234
Wong
pinter kang isih gelem njaluk rembuging liyan iku dianggep manungsa utuh.
Sapa
sing rumangsa pinter banjur suthik njaluk rembuging liyan kuwi manungsa
setengah wutuh.
Lan
sing sapa ora gelem njaluk rembuging liyan, iku bisa kinaranan babar pisan
durung manungsa.
Pituduh
235
Yen
atimu wis gilig arep gawe kabecikan kanggo karaharjaning bebrayan, beraten rasa
uwas marang pandakwa ala kang ora nyata. Srananana kanthi jembaring dhadha lan
sabaring nala, amrih bisa nuwuhake gedhening prabawa lan cabaring sakehing
piala.
Pituduh
236
Wicara
kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang becik,
ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi lan nguripake
pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan uriping jiwa iku ora bisa
yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang wigati yaiku wicara kang mawa tandang
minangka tuludha.
Jer
tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan. Luwih-luwih mungguhing para
manggalaning praja kang wis pinracsys ngembani nusa lan bangsa.
Pituduh
237
Luwih
becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine isih
nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo nutupi
kabodhowane, jer kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen ta kungkulan
dening sapepadhane. Tindak mangkono mau malah dadi sawijining godha kang mung
bakal ngrerendheti lakuning kemajuwane dhewe ing jagading bebrayan.
Pituduh
238
Sapa
wonge sing ora seneng yen entuk pangalembana. Nanging thukuling pangalembana
iku ora gampang. Kudu disranani kanthi pakarti kang becek lan murakabi marang
wong akeh.
Yen
mung disranani bandha, pangalembanane mung kandheg ing lambe bae ora tumus ing
ati.
Dene
yen disranani penggawe kang lelamisan, ing pamburine malah bakal
kasingkang-singkang kasingkirake saka jagading pasrawungan.
Pituduh
239
Geneya
akeh wong kang dhemen nyatur alaning liyan lan ngalembana awake dhewe? Sebabe
ora liya marge wong-wong sing kaya ngono mau ora ngerti yen penggawe mau klebu
pakarti kang ora prayoga, mula prelu dingertekake. Awit yen ora enggal-enggal
nyingkiri pakarti kang ora becek mau, wusanane dheweke kang bakal diemohi
dening pasrawungan.
Pituduh
240
Nggayuh
kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lair lan
batine, ya tumrap dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning bebrayan.
Nanging yen kandheg salah siji, tegese gothang. Yen mung nengenake kaluhuraning
lair genah mung ngoyak drajat lan semat, isih miyar-miyur gampang kene
pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake kaluhuraning batin, cetha ora nuhoni
jejering manungsa, awit ora tumandang ing gawe kanggo keperluwaning bebrayan. Ateges
tanpa guna diparingi urip ing alam donya.
Pituduh
241
Sing
sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis kadhung
katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak kang asor,
nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora gampang linakonan
dening sadhengah wong.
Iya
wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes
sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.
Pituduh
242
Manungsa
urip iku dibisa nguwasani kamardikaning lair lan batin. Kang dikarepake
kamardikaning lair iku wujude bisa nyukupi kabutuhaning urip ing saben dinane
saka wetuning kringet lan wohing kangelan dhewe ora gumanung ing wong liya lan
ora dadi sangganing liyan.
Dene
kamardikaning batin iku dicakake sarana nyingkiri hawa napsu, adoh saka asor
lan nisthaning pambudi, sepi ing rasa melik lan drengki srei, sarta tuhu marang
paugeran urip bebrayan.
Pituduh
243
Ora
ana wong kang ingaranan urÃp, kejabane kang mikir sarta tresna marang wong kang
ringkÃh lan nandhang papa cintraka. Bisa melu ngrasakake kasusahane sarta lara
lapane wong liya.
Kanthi
pangrasa kang mangkono mau ateges bisa nggadhuh kekuwatan kang tanpa wates,
perlu kanggo mitulungi sapadha-padha kang kahanane luwih nrenyuhake katimbang
dhiri pribadine. “Pakarti mono darbek kita dhêwe, nanging wohe pakarti mau dadi
kagungane Kang Gawê Urip”, mangkono sabdane sawijine Pujangga kaloka.
Pituduh
244
Wong
kang baut mawas dhiri iku wong kang bisa manjing ajur ajer, ngerti empan papan
laras karo reh swasana sakupenge tanpa ninggalake subasita. Paribasane wong
kang baut ngadisarira, aja mung kalimput edining busana bae, nanging bisowa
tansah mersudi marang padhanging semu lan manising wicara tanpa nglirwakake
marang alus lan luwesing solah bawa.
Pituduh
245
Kecandhaking
sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer lan pepaking ilmu
lan kawruh bae. NangÃng ana syarat siji kang ora kena kalirwakak, yaiku
kapinteran ing bab sesrawungan. Sapa kang bisa tumindak ajur-ajer lan bisa
nuwuhake rasa resep marang liyan, prasasat wis entuk pawitan kanggo nandangi
sakehing pagaweyan apadene nggayuh idham-idhamane.
Pituduh
246
Nindakake
kabecikan mono ora mesthi kudu cucul wragad, nanging bisa ditindakake sarana
pakarti-pakarti liyane sing sejatine akeh banget carane. Sauger bisa gawe
senenging liyan, upamane bae mawa ulat sumeh tangkep srawung kang sumanak, bisa
manjing ajur-ajer ing madyaning bebrayan, lan bisa dadi patuladhan laku utama.
Kabeh mau klebu ewoning tindak kabecikan kang ajine ngleluwihi wragad dedana
kang diwenehake utawa dipotangake, apamaneh lamun anggone menehi utawa ngutangi
iku sinamudana kebak pamrih.
Pituduh
247
Yen
kowe arep rembugan, pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok wetokake.
Apa wis ngenggoni telung prekara : bener manÃs, migunani. Ewa semono sing bener
iku isih perlu dithinthingi maneh yen gawe gendrane liyan prayoga wurungna.
Dene tembung manis mono ora duwe pamrih, pamrihe bisa gawe senenge liyan kang
tundhone migunani tumrape jagadÃng bebrayan.
Pituduh
248
Sugih
omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging ngomong mung golek
suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae cacahe wang kang
kepleset uripe múug marga suka anggonesugih omong. Mula sabecik-becike wong iku
ora kaya wong kang meneng. NangÃig menenge wong kang darbe bobot kang anteb
sÃng bisa dadi panjujugane para pawongan kang mbutuhake rembug lan pituduh.
Pituduh
249
Ing
jagading sesrawungan mono nyirÃk marang sesipatan kang gumedhe lan wewatakan
kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane banjur nuwuhake
rasa ora lila yen nyipati ana liyan sÃng luwih katimbang dheweke. Mula saiba
becike samangsa sapa kang rumangsa pinter dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe
iku gelema nglaras dhiri lan ngleremake cÃptane kang wening, yen sejatine isÃh
ana maneh kang Maha Pinter, Maha Sugih, lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa
pangrasa dumeh lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan bisa sumingkÃr.
Pituduh
250
Luwih
becik makarti tanpa sabawa kang anjog marang karahayoning bebrayan, katimbang
tumindake wong kang rekane nindakake panggawe luhur nangÃng disambi udur.
Yektine
tata tentrem iku ora bakal bisa kagayuh yen ta ora adhedhasar kerukunan, dene
kerukunan iku mung bisa kecandhak yen siji lan sijine padha bisa aji-ingajenan
lan mong-kinemong.
Pituduh
251
Yen
kepengin diajeni liyan, mula aja sok dhemen martak-martakake, apa maneh nganti
mamerake kabisan lan kaluwihanmu. Pangaji-ajining liyan iku sejatine ora perlu
mbok buru, bakal teka dhrwr. Nuduhake kewasisan pancen kudu bisa milih papan
lan empan.
Mula
kang prayoga kepara purihen aja kongsi wong liya bisa njajagi. NangÃng mangsa
kalane ngadhepi gawe parigawe keconggah mrantasi.
Pituduh
252
Aja
sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa kita ora katekan
apa kang dadi kekarepan kita. Becike kita tliti lan kita goleki sebab-sebab ing
badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal saka dayaning pangira-ira kang ora
prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing njalari nganti ora katekan
sedya kita iku, ora ana liya, ya dumunung ana ing awak kita dhewe.
Pitudh
253
Arang
wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis klakon digayuh. Yen
rumangsa kurang isÃh golek wuwuh, yen wis oleh banjur golek luwih, yen wis
luwih tumuli mbudidaya aja ana wong sÃng bisa madhani. Wong kang duwe rasa
mangkono mau satemene memelas. Uripe tansah ngangsa-angsa, ora nate sumeleh
atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru kasebut sok-sok banjur tumindak ora
samesthine lan nalisir saka pakarti kang bener.
Pituduh
254
Watak
narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yenta nganti kleru ing
panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima, lire ora ngangsa-angsa
nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih katekaning sedya, dudu
ateges kebacut lumuh ing gawe, suthik ihtiyar.
Awit
yen mangkono ora jeneng narima, naging keset. Jer wataking wong keset iku mung
gelem enake emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok, satemah dadi wong ora
weruh ing wirang, siningkirake saka jagading bebrayan.
Pituduh
255
Wong
urip ing alam bebrayan iku yekti angel, kudu bisa ngereh pakone “si aku”, aja
nggugu karepe dhewe lan nuruti hawa napsu. Luwih-luwih ing dina samengko, alam
bebrayan donya tansah kebak pradhondhi, silih ungkih, rebutan benere
dhewe-dhewe. Mula sing baku, wong urip kudu bisa miyak aling-aling kang nutupi
pikiran kang wening. Lire, senajana sajroning pasulayan, kudu bisa nyandhet
kemrungsung “si aku” istingarah sakehing bedane panemu bisa disawijekake.
Pituduh
256
Wong
kang nduweni watak tansah njaluk benere dhewe iku adate banjur kathukulan
bendana seneng nenacad lan ngluputake marang panemu sarta tindak tanduke wong
liya. Mendah becike yen wong sing kaya mangkono mau kala-kala gelem nggraita
ing njero batine : “mbok menawa aku sÃng kleru, mula coba dak tlitine klawan
adil sapa kang sejatine nyata-nyata bener”.
Pituduh
257
Reseping
omah iku ora dumunung ing barang-barang mewah kang larang regane, nanging
gumantung marang panataning prabot kang prasaja, sarta pemasange rerenggan kang
adoh saka watak pamer. Semono uga reseping saliraiku ora marga saka pacakan
kang edi-peni, nanging gumantung ing sandhang penganggo kang prasaja, trapsila
solah bawa, lan padhanging polatan.
Pituduh
258
Yen
kowe kepener lagi srengen lan nesu, prayogane wong sing kok nesoni lan kok
srengeni mau kongkonen enggal sumingkir. Utawa kowe dhewe sumingkira sauntara,
aja tetemonan karo wong liya. Sabanjure menenga lan etung-etunga kanthi sareh
wiwit siji tekan sepuluh.
Klawan
mengkono atimu bakal bisa nimbang-nimbang apa nesu lan srengenmu marang wong
mau bener, apa malah dudu kowe dhewe sing luput.
Pituduh
259
Jeneng
tanpa guna uriping manungsa kang nganti ora bisa nyumurupi marang kang
kedadeyan ing sakiwa tengene. Ora bisa asung lelimbangan lan pamrayoga
sakadhare kanggo karahayoning bebrayan. Rupak pandelenge ora ana liya kang
disumurupi kajaba uripe dhewe. Mati pangrasane, jalaran ora kulina kanggo
ngrasak-ngrasakake kang katon ing saben dinane, wusana dadi cethek budine,
jalaran saka kalepyan marang tepa palupi kang maedahi ing uripe.
Pituduh
260
Aja
sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa
ngrumaketake rasa paseduluran. Éwasemono aja nganti kowe kesusu mbecÃkake
kelakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa ngenggoni rasa sabar
lan tepa selira.
Sapa
kang wis ngerti lan ngrumangsani marang sakehing dosane, iku sawijinÃng wong
kang wis ngerti marang jejering kamanungsane, manungsa kang utama.
Pituduh
261
Ajining
manungsa iku kapurba ing pakartine dhewe, ora kagawa saka katurunan,
kapinteran, lan kasugihane. Nanging gumantung saka enggone nanjakake kapinteran
lan kasugihane, sarta matrapake wewatekane kanggo keperluan bebrayan. Kabeh mau
yen mung katanjakake kanggo kaperluwane dhewe, tanpa paedah. Nanging yen
pakarti mau kadayan denÃng rasa pepinginan golek suwur, golek pangkat lan donya
brana, malah bisa dadi memalaning bebrayan, jalaran nyinamudana sarana nylamur
migunakake jenenge wong akeh.
Pituduh
262
Ora
ana budi kang luwih luhur saliyane nduweni rasa asih marang nusa lan bangsane.
Kadunungan
rasa rumangsa nduweni sesanggeman lan kuwajiban mranata tentreming praja kanthi
pawitan kapinteran kang dilandhesi kawicaksananing pambudi. Tandha yetineyen
asih, yaiku tansah samapta tumandang sawayah-wayah yen ana parigawe kang wigati
kanggo warga sapadha-padha, munggahe tansah samapta leladi kanggo keslametaning
bebrayan lan karaharjaning nagara.
Pituduh
263
Wong
kang kerep tansah dipituturi wong liya iku adate bisa dadi wong dhemen
ngati-ati, nanging menawa kapengkok ing perlu sok ora bisa tumindak lan
ngrampungi dhewe.
Kepeksa
isih kudu noleh wong liya sing diwawas bisa aweh pituduh. Mula kuwi prayoga
ngawulaa marang ati lan kekuwatanmu dhewe, jalaran wong liya iku sejatine yen
ana apa-apane mung saderma nyawang, ora melu ngrasakake.
Pituduh
264
Wong
kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesthi bakal kasurung atine
arep mamerake kaluwihane, lire amrih dimangertenana dening wong akeh yen
dheweke mono wong kang pinunjul lan supaya diajanana. Sumurupa, sakabehing
kaluwihan mau yen ora dicakake mawa lelabuhan kang murakabi marang bebrayan,
tanpa guna kepara malah ora kajen lan gawe pituna. Mula kang prayoga bisa tulus
dadi wong kang linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang
batine dhewe, iku wis cukup.
Pituduh
265
Dedana
utawa sedhekah marang wong kang lagi nyandhang papa cintraka iku sawijining
penggawe becik kang patut tinuladha, sauger paweweh mau ora kinanthenan
panggrundel kang nelakake ora eklasing atine. Tetembungan kang lembah ing manah
lan merak ati iku luwih gedhe ajine katimbang dedene kang ora eklas. Suprandene
nulung lan menehi pepadhang marang jiwane wong kangkacingkrangan iku kang
sejatine luwih perlu lan wigati, katimbang mung tetulung marang awake kang
awujud kelairan bae.
Pituduh
266
Ulat
sumeh, tindak-tanduk sareh kinanthenan tembung aris iku bisa ngruntuhake ati
sarta ngedohake panggodhaning setan. Kosokbaline watak wicara kang keras,
kejaba keduga gawe tangining kanepson, uga gampang nuwuhake salah panampa.
Sabarang prakara kang sejatine bisa putus sarana aris lan sareh, kepeksa dadi
adu wuleding kulit lan atosing balung, kari si setan ngguyu ngakak
bungah-bungah.
Pituduh
267
Wong
kang kulina urip mubra-mubru iku samangsane ngalami sandhungan urip sethithik
bae adate gampang kethukulan gagasan lan gawe kang cengkah karo bebener, luwih
begja wong kang uripe pokal samadya nanging resik atine. Dene begja-begjane
wong iku ora kaya wong sing tansah urip ing kahanan kang kebak godha rencana,
prasasat tapa ana satengahing coba, nanging tansah tawekal lan kandel keimanane
marang adiling Pangeran Kang Maha Kuwasa.
Pituduh
268
Sipate
wong urip iku mesthi kesinungan kekuwatan. Kang ngerti bisa ngecakake dene kang
ora bisa ngerti kurang digladhi, temahan ora tumanja. Ewasemono ngempakake
kekuwatan mula ora gampang. Buktine ora sethithik kekuwatan kang empane ora
mapan. Kawruhana, yen rusake bebrayan ing antarane marga saka pakartine
para-para kang ngerti marang dayaning kekuwatane nangÃng ora kanggo nggayuh
gegayuhan kang mulya, mung kanggo nuruti derenging ati angkara.
Pituduh
269
Katresnan
kang tanpa pangreksa iku dudu sejatining katresnan. Kena diarani sejatining
katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning hawa napsu. Dadi yen
ana unen-unen ” tresna iku wuta” yaiku sÃng kaprabawan hawa napsu. Sing prayoga
iku mesthine kudu ngugemi unen-unen “tresna iku rumeksa” bisa salaras
tumindake. Rasaning katresnan kang cedhak dhewe tumrap sadhengah manungsa iku
dumunung ing awake dhewe. Mula sapa kang tresna marang sapadha-padha iku aran
tresna marang awake dhewe, tundhone sapa kang tansah ngreksa marang
karahayoning liyan, ora beda karo pangreksa marang keslametane dhewe.
Pituduh
270
Srawung
ing madyaning bebrayan iku kejaba kudu wasis milÃh papan lan empan, uga kudu
bisa angon mangsa lan mulat ing semu. Aja nggegampang ngrojongi rembug kang
kowe dhewe durung ngreti prakarane. Rembug sethithik nanging mranani iku
nuduhake boboting pribadi.
Rembug
akeh nanging ampang malah gawe sangga runggine sing padha ngrugokake kepara
njuwarehi.
Pituduh
271
Wong
kang wis tekan pesthine utawa wis katimbalan bali menyang jaman kelanggengan
iku sejatine lagi kena diwenehi biji tumrap ajine kamanungsane lan pakartine
nalika urip. Dene wong kang isih padha urip iku perlu disemak bae dhisik,
durung kena dipatrapi biji, jer kahanane isih bisa owah gingsir. Sarehne
manungsa iki sawijining titah kang luhur dhewe, mula wis samesthine yen kita
aja nganti kayadene sato kang patine mung ninggal tenger lulang lan balung bae.
Nanging bisowa kita nanjakake urip kita marang pakarti-pakarti utama,
sumrambahe marang karahayoning urip bebrayan.
Pituduh
272
Mustikane
wong tuwa marang anak mung ana ing laku kang gumati, gunem kang ruruh, lan ujar
kang manis. Gumatine dumunung ing tepa tuladhaning tingkah laku. Gunem lan ujar
kawengku ana ing ucap kang istingarah numusi kajiwan, lan luhuring budi
pekerti. Mula yen ana apa-apa, aja selak marang sebuting paribasan : “Ora ana
kacang ninggal lanjaran”.
Pituduh
273
Nanggapi
kahanan urip ing satengahing bebrayan iku gampang angel. Aran angel kepara
malah bisa gawe ketliwenging pikir samangsa anggon kita mawas kedhisikan
kagubel ing hawa.
Aran
gampang yen kita bisa mikir klawan wening lan meneb. Iya pamikir kang meneb iku
kang aran akal budi sejati. Kang bisa mbabarake wohing wawasan kang mulus
resik, ora kacampuran blentonge “si aku”. Apamaneh yen ta kita bisa tetep
nguwasani weninging pikir, nadyan kahanane urip ing satengahing bebrayan
kisruha dikayangapa, istingarah ora angel anggon kita nanggapi.
Pituduh
274
Srengen
marang wong mono aja nganti kenemenen lan keliwat-liwat mung marga wis ngerti
yen wong mau ora bakal wani nglawan utawa wis ora bisa nglawan, sing estine
mung arep ngedÃr-edirake drajad pangkat utawa kadibyane bae. Pakarti kaya ngono
mau kejaba klebu ambeg siya, uga wong sing disrengeni durung karuwan bakal dadi
becik, kepara bisa nuwuhake rasa sengit.
Kang
prayoga iku srengen samadya kang mengku pitutur murih becike.
Pituduh
275
Wong
pinter kang ora kinanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta kang
nggawa obor ing wayah bengi. Madhangi wong liya nanging dheweke dhewe lakune
kesasar-sasar.
Kapinteran
mangkene iki yen ta dicakake ing madyaning bebrayan bakal nuwuhake kapitunan,
pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan.
Koleksi Artikel Imajiner Nuswantoro
R. Tri Priyo Nugroho (Yoyok Syayid Syah Dien) Bin Kodrat Samadikoen
Al. Sjadjid Bin Hadiwijaya Bin Kyai Moestho’alim