BABAGAN PRALAMBANGE NGELMU
Ing
mangke anutugake urut-urute pralambnag kabeh, ananging tegese, sakehing para
amarsudi ngelmu pada darbe panemu dewe-dewe, bener luput amborangake ing deduga
prayogane , kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.
1.
Gigiring Panglu : tegese gigiring mimis,
iku ibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora enggon, ing endi saestuning
panggonane, sayekti among dumunung ana Dzating urip kita.
2.
Tambining Pucang : tegese ibarat kaelokane
sifating Dzat, dene binasakake dudu lanang dudu woado dudu wandu, kaya apa
satemening sifate, sayekti amung dumunung ana sifating urip kita. Ana kang
angarani Tambining Pucang iku leng-ing grono loro, saka pangira wau bokmanawa
kaliru ing sesurupan.
3.
Wekasaning Langit : tegese iku ibarat
wangenane soroting cahya, sumarambah tumeka ing sifat kita.
4.
Wekasaning Samudra Tanpa Tepi : tegese iku
ibarat wangenane pangawasing rahsa, sumarambah tumeka ing sifat kita.
5.
Galihing Kangkung : tegese iku ibarat
wahananing sukma, dumunung ing kahananing sifat kita.
6.
Geni Sakonang Angasatake Samudra : tegese
iku ibarat hawaning nafsu, wimbuh sajroning pancadriya kita.
7.
Manuk Miber Angungkuli Langit : tegese iku
ibarat rasaning budi, winbuh sajroning af’al kita.
8.
Prau Amot Samudra : tegese, prau iku
ibarating jasad, samudra iku ibarating ati sapanunggalane.
9.
Angin Katarik Ing Prau : tegese iku ibarat
lakuning napas metu saka ing jasad.
10. Susuhing Angin :
tegese iku ibarat paleremaning napas, dumunung ing jantung. Ana kang angarani
Susuhing Anging iku rambut, saka pangira bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.
11. Bumi Kapetak
Sajroning Lemah : tegese
iku ibarating wujud kita, asal saka ing lemah, ing tembe kapendem ing
lemah, iya iku wahanane dadi daging.
12. Amek Geni Adedamar
: pada karo : Geni ana Sajroning Geni, utawa : Geni Binasmi ing Geni : tegese
iku ibarating wujud kita, asal saka ing geni tansah andadekake geni, iya iku
wahanane dadi napsu.
13. Barat Katiyub ing
Angin, pada karo : Angin Anginte Prahara : tegese iku ibarating wujud kita, asal
saka ing angin, anggung angingsep anging ametokake angin, iya iku wahanane dadi
napas.
14. Angangsu Pikulan
Banyu, pada karo : Banyu ana Sajroning Banyu, utawa : Banyu Kinum Ing Banyu :
tegese iku ibarating wujud kita, asal saka banyu tansah kailenan banyu, iya iku
wahanane dadi getih, mula ana kang ngarani, banyu sajroning banyu iku getih.
15. Srengenge Pine,
surasane pada karo : Kaca Angemu Srengenge : tegese iku ibarat cahya kasorotan
ing, utawa srengenge ana sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing
netra.
16. Wiji Ana Sajroning
Uwit, Uwit Ana Sajroning Wiji : tegese iku ibarating kawula dumunung ana ing
Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula, dibasakake pangleburan papan tulis.
17. Kakanganing
Pambarep, Adining Wuragil : tegese iku ibarating martabat Insan-Kamil, ing
nalika tanajul, tiba ana wekasan dewe, bareng tekane ing tembe dadi wiwitan,
mungguh Insan-Kamil iku wahananing urip kitapribadi.
18. Busana Kancana
Retna ora Amboseni, sairib pada karo : Busana Wastra Tanpa Seret : tegese iku
ibarating jasad, busana kancana retna wahanane dadi jasad ing jero, busana
wastra wahanane dadi kulit.
19. Tugu Manik Ing
Samudra : tegese iku ibarat pantenging cipta terus marang pelenging paningal.
Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka pangira bae.
20. Sawanganing
Samudra Retna : dadi ibarataing babu’larbab, tegese, korining Pangeran, iya iku
hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan nawasanga sajroning
jasad. Mungguh ing Kabudane, sawanganing samudra retna, iku diarani : kori sela
matangkep, dadi ibarat melar mingkusing maras, utawa menga mingkeming lambe.
21. Samudra
Winaton Kilat : dadi ibarating wot
siratalmustakim, tegese dalan kang bener, iya iku hakekate pesating atma tumeka
ing chalarating Dzat. Ana kang ngarani wot siratalmustakim iku hakekate
wetuning pamicara, iku pada pakolehe.
22. Bale Tawang
Gantungan : dadi ibarating ‘arasy kursi, tegesing ‘arasy : padaupan, iya iku
hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah utawa jaja, tegese kursi :
palenggahan, iya iku hakekate palenggahaning Dzat, dumunung ana ing utek utawa
jantung.
23. Wiji Tuwuh Ing
Watu : dadi ibarating loch kalam, tegesing loch : papan, kasebut, lochilmakful,
tegese papankang rineksa, iya iku hakekate sifating Dzat, dumunung ana ing
jasad, rineksa ing malaekat Kiraman, tegesing kalam : panyeratan, iya iku
hakekate wewayanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh ing angen-angen,
rineksa ing malaekat Katibin.
24. Tengahing Arah :
dadi ibarataing mijan, tegesing mijan : taraju, iya iku hakekating panimbanging
Dzat, dumunung ana ing paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa miwah pamiarsa.
Ing
saiki amung kajujag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabeh,
manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wekasan, tur ora pati andadekake perlu
ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane
diwawasa saka ing deduga prayoga kaya ing ngisor iki.
1.
Sawarnane kang binasakake : gede, amba, dawa, duwur,
luwih, sapanunggalane iku dadi ibarate Ananing Dzat.
2.
Sawarnane kang binasakake : cilik, ciyut, cendak,
endek, kurang sapanunggalane iku dai ngibarate wahananing sifat.
Upama
unen-unen : Botok Banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing alu
bengkong, iku pradikane : botok banteng dadi ibarat Ananing Dzat, godong asem
dadi ibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ibarat Kahananing Af’al kabeh,
mungguh dununge mangkene : Ananing Dzat kita awarana Wahananing Sifat kita,
tanda ing solah bawa kita, nanging wardine kang sejati iku ora prayoga manawa
kagawe rerasanan ing akeh, kenane kawicarakake kalayan kang wis pada tunggal
ngelmu, sarta kang wis kalumuhan deduga, tegese wis liwat tengah tuwuh, manawa
kawicarakake marang kang durung darbe deduga mundak kadinginan tuwuh, amarga
durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sepuh, ingatase
wong urip iku awit saka lair tumeka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating
Dzat kaping rolas, ing dalem satuwuhan, antara nem taun, kaya kang
kapratelakake ing ngisor iki.
TUWUHE IRADATING DZAT
1.
Awit saka lair tumeka 6 tahun, katuwuhan
lali, tegese durung enget (durung eling).
2.
Awit umur 7 tahun tumeka 12 tahun,
katuwuhan enget.
3.
Awit umur 13 tumeka 18 tahun, katuwuhan
budi.
4.
Awit umur 19 tumeka 24 tahun, katuwuhan
birahi.
5.
Awit umur 25 tumeka 30 tahun, katuwuhan
murka.
6.
Awit umur 31 tumeka 36 tahun, katuwuhan
wiweka.
7.
Awit umur 37 tumeka 42 tahun, katuwuhan
deduga.
8.
Awit umur 43 tumeka 48 tahun, katuwuhan
santosa.
9.
Awit umur 49 tumeka 54 tahun, katuwuhan
rumangsa.
10. Awit umur 55
tumeka 60 tahun, katuwuhan wirangi.
11. Awit umur 61
tumeka 66 tahun, katuwuhan jatmika.
12. Awit umur 67
tumeka 72 tahun, katuwuhan pepeka.
Dene
luwihe saka iku adat katuwuhan lali maneh, tegese asring-asring kalalen,
mungguh pratikele supaya aja nganti katuwuhan lali maneh, iku amung anyegaha
napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu kasampurnan iku
amung napsu, adat kadunungan ati awas emut, manawa tansah awas emut, tamtu nemu
kamulyan ing sangkan paran, iku aku anyumanggakake ing panggalih, sarehne aku
durung bisa anglakoni dewe dadi amung atur pepuji bisane kalakon oleh kamulyan.
Imajiner
Nuswantoro