NGELMU NGGAYUH WENINGE ATI
Wengi
ditegesi beda-beda antarane wong siji lan sijine. Ana kang nganggep yen wengi
iku padha karo peteng kang nyalawadi. Ing kamangka kahanan peteng rapet
sesambungan karo laku durjana lan kadurakan. Ana sesebutan golongan peteng,
laku peteng, lan uga lembu peteng. Jin setan priprayangan padha guyu
latah-latah nggegodha janma uga jumedhul ing madyaning ratri kang wingit. Tan
mokal yen akeh pawongan kang wedi metu ing wanci bengi.
Saperangan
bebrayan ana kang negesi yen lakune wengi bakal jumujug ing kahanan sepi. Jare
kandha sajrone wengi anane mung lali. Lali mring kasunyatan kang kita sumurupi
ing alam padhang. Wengi nyata bakal nggawa kita urip ing alam impen kanggo
nglelipur driya amrih bisa nglalekake sesanggan abote urip. Muhung aneng
sajrone impen kuwi kita bisa njawab pitakonan-pitakonan kang ginembol medhosol
ing sajrone ati. Iku ngono makna wengi tumrap wong-wong sing uripe isih
sinangsaya mring kahanan. Beda karo wong-wong mulya sing nganggep yen wengi iku
kudu dinikmati. Wengi iku kayadene alam kaswargan kang endah.
Njumenengi Ratri amrih Caket mring Gusti
Kang
tinulis ing dhuwur iku nggambarake pinemune sebageyan wong ngenani wengi lan
peteng. Mesthi wae ana maneh pinemu kang beda. Kabukten akeh uga kang menehi
makna positif ngenani tekane wengi. Para ahli agama lan para warga bebrayan
kang dhemen marsudi olah kridhane batin nganggep yen wengi iki kudu dijumenengi
kanggo marga amrih caket mring Gusti sesembahane tumitah. Mugiya kawuningan yen
tembung ‘ratri’ sing tegese ‘bengi’ iku asal muasale kanggo nyebut jenenge Dewi
Ratri yaiku dewi kang nguwasani alam wengi manut kapercayan lan mitologi
Hindhu.
Nadyan
kanthi cara lan ritual sing beda-beda, para ahli agama lan kebatinan yakin yen
wengi iku sa’at mirunggan kanggo ngadani laku amrih bisa cedhak ing ngarsa-Ne
Gusti kang Maha Agung. Laku tirakatan ing candhi lan pura kita sumurupi ing
tanah Bali nalika teka wanci purnama siddi. Kaya kang daksumurupi ing wulan
Juli kepungkur nalika aku sanja ana papane mitraku ing Singaraja, dheweke
semaya anggone ketemu aku muhung kepengin tirakatan ing candhi kang mapan adoh
saka kutha Singaraja. Kajaba wengi purnama siddi kang kanggo tirakatan, uga ana
wengi peteng ndhedhet kang sinebut Syiwaratri yaiku wengine Hyang Syiwa
kanggo ngadani ritual manembah marang
Dewa Syiwa.
Ing
crita rakyat saka Blora kita tepung karo paraga kang aran Jati Kusuma lan Jati
Swara (data disertasine Dr. Setya Yuwana Sudikan saka Unnesa, Surabaya).
Pangeran Jati Kusuma lan Jati Swara iku asring disebut minangka cikal bakal
desa Janjang, Jiken, Blora. Paraga loro kang kondhang sekti iki anggone laku
prihatin kanthi cara kang wewalikan. Jati Kusuma tansah nyegah dhahar nanging
kena nendra, suwalike Jati Swara kena nedha nanging ora kena sare. Gegambaran
laku iku nuduhake lamun pangan iku lambang kanikmatane awan dene turu iku
mujudake kanikmatan ing wanci wengi.
Nora
beda karo kang wus sinebutake ing dhuwur, sajrone wulan Romadlon ummat Islam
dilatih supaya bisa ngendhaleni dhiri marang nguja kanikmatan kang wujud mangan
lan ngombe ing wanci awan uga ngurangi nendra ing wayah bengi saperlu bisa
nindakake ibadah sunnah. Ana prastawa tekane lailatul qodar kang kita kabeh wus
sumurup yen wengi iku regane sakemper karo sewu sasi. Ing wengi iku nyata caket
banget Gusti Allah mring titah. Eman yen wengi-wengi iku ora bisa
dimanfangatake kanggo nikelale ibadah. Wengi-wengi kang pungkasan iku bisa
kanggo nggayuh kasampurnane iman anggayuh derajad taqwa sing luhur.
Neng Ning Nung Nang
Saka
andharan ing dhuwur kita bisa kandha lamun wengi saktemene dudu wanci kang
medeni lan nggegirisi kaya dedongenan wong-wong kuna sing ndhelik ing guwa nalika teka grahana rembulan ngira
lamun rembulane ilang ditadhah kalamangsa dening Hyang Bathara Kala. Tumrap
pawongan kang dhemen ngasah landhepe batin lan mersudi waskithane pangesthi,
wengi iku bisa dadi sarana kanggo tumuju kemenangan urip kanthi dalan neng ning
nung lan nang. Neng ning nung nang iku sekawit mujudake swara dhasar gamelan
(Muhammad Zuhri 1996). Rumusan iki uga
mujudake piwulange Ki Hajar Dewantara. Mung wae, kita bisa ngetrapake bab iki ing sajrone laku sing beda.
Neng.
Tembung ‘neng’ asale saka tembung jumeneng. Wengi iku kudu dijumenengi utawa
diedegake. Kayadene wisma, supaya wewangunan wisma bisa ngadeg mesthi mbutuhake
cagak. Cagake awak iku sikil nanging cagake sirah dudu gulu. Cagake mustaka iku
jebul netra. Coba dibayangake kayangapa kekuwatan gulune Mike Tyson, Si Leher
Beton lamun mripate wus ngantuk kelakon ambruk nglumpruk tanpa daya. Ya saka
pangerten iki mula ana istilah cagak melek. Ing kampung-kampung yen ana adicara
jagong sepasaran bayen (ing tlatah Yogya lan Surakarta) utawa muyi (ing tlatah
Wonosobo), melek sajrone pupak puser (ing tlatah Tegal), mula padha tirakatan.
Kanggo cagak melek mula terus padha kidungan, main kertu, lsp.
Njumenengi
wengi mesthine diprayogakake kanthi dalan sing bener yaiku nindakake ngibadah
lan nikelake anggone eling mring panguwasa-Ne Gusti kang Maha Rumeksa. Ing
piwulang Islam disebutake yen saprotelone wengi sing pungkasan iku klebu wektu
sing ijabah, mula disunnahake padha ngakeh-akehi nindakake ngibadah. Adate
donga lan panyuwunan kang diunjukake marang Gusti ing wanci iki uga gampang
kasembadan nadyan tembung ‘kasembadan’ iku bisa ditegesi werna-werna. Tumrap
sing njumenengi wengi kanthi mendem utawa ngunjuk ciu lan main gaple mesthine
beda entuk-entukake karo sing tekun ngibadah.
Ning.
Tembung ‘ning’ teges hening lan uga wening. Kanthi njumenengi wengi mula bakal
bisa ngrasakake swasana kang hening. Ratri kang terus tumapak bisa dirasakake.
Ing kahanan kang banget nyeyet kita bisa ngrasakake keteke jantung, melar
mingkuse nafas, prasasat tumiyupe samirana, obahe gegodhongan, pirembugane
kutu-kutu walang ataga bisa rinasa kanthi cetha malela. Apamaneh lamun kita
bisa ngrasakake gantine dina ing madyane ratri, ana rasa sing ora bisa
ginambarake kanthi reroncene tembung lan dawane andharan. Kanthi nglatih
ngrasakake heninge ratri kita bisa nglatih konsentrasi tumuju ati kang wening.
Weninge ati bisa menehi pituduh dalan bebener lan bisa uga nyumurupi dalan
luput.
Nung.
Tembung ‘nung’ teges kasinungan. Kasinungan iku padha wae ateges kapanggonan.
Kasinungan ing kene nuduhake kapanggonan daya. Lamun bisa duwe ati kang wening
mula nyumurupi dalan bebener lan luput wus mesthi titah iku bakal kasinungan
daya kaluwihan kang maneka warna. Ana kang ditambah kawaskithane, ngelmu
mimpin, daya linuwih, kapinteran, kesabaran, lan maneka warna kanugrahan
liyane. Wong kang kasinungan iku bisa diarani entuk wahyu (hanung) kang bakal
murakabi kanggo dhiri pribadi, kulawarga, lan bebrayan agung. Hanung iku
nuduhake sih kanugrahan lan kawelasane Gusti kang Maha Kawasa marang kabeh para
titah.
Nang.
Tembung ‘nang’ bisa ditegesi menang utawa wenang. Pawongan kang wus kasinungan
utawa entuk hanung bisa diarani wong kang menang. Menang sajrone urip tegese
bisa nguwasani urip. Menang karo sapa? Dudu menang sajrone perang lan nguwasani
sepadha-padha nanging menang lumawan hawa nafsu. Wong sing bisa ngalahake nafsune
dhewe teges entuk kewenangan ngrasakake kamardikan lair batin. Ing kamangka ing
jaman iki ora ana maneh perang sing luwih gedhe kajaba perang lumawan hawa
nafsu. Wong sing uripe kalah yaiku wong sing dadi budhak hawa nafsu lan
kepenginan kadonyan. Yen kaya mangkono nyata urip iku muspra tanpa piguna awit
jantrane uripe tumuju dalan sing agawe keblinger.
Imajiner Nuswantoro
wit jantrane uripe tumuju dalan sing agawe keblinger.