Pangeran Diponegoro ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦝꦶꦦꦤꦼꦒꦫ

0

 Pangeran Diponegoro 

ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦝꦶꦦꦤꦼꦒꦫ


Keterangan : Lukisan Pangeran Diponegoro sketsa soko Adrianus Johannes Bik, naliko Pangeran Diponegoro ditawan (ora kunjoro) neng Balai kutho Batavia April - Mei 1830. Lukisan iki sing paling memper mergo Bik sing asline pelukis naliko kuwi dadi pejabat kehakiman, mulo iso nemoni lan nglukis Pangeran Diponegoro.





Laskar Pangeran Diponegoro sing nglawan Londo ing tahun 1825 nganti 1830. Perang Karo Laskar Pangeran Diponegoro iki sing ngentekno energine Walöndö, mergo Laskar Pangeran Diponegoro perang gerilya ing alas.


Perang Pangeran Diponegoro iki kalokö aran Perang Jöwö utowo boso Löndö ngarani "De Java Oorlog" utowo "the Java War" (bösö Inggris), dalah perang neng Pulo Jowo iki saklawase limang taun. Jenderal Hendrik Merkus de Kock sing nyoba ngendhek perlawanane penduduk Jöwö sing dipimpin Pangeran Diponegoro. Akibate perang iki pahlawan Jöwö sing  tewas 200.000 penduduk. Pihak Londo sing mati 8.000 prajurit Londo lan serdadu pribumi sing anteke Londo 7.000 mati.


Pangeran Diponegoro dicekel Londo kanthi licikan yokuwi dijebak naliko perundingan ing Magelang lan digöwö neng Batavia, banjur diasingne neng Manado ing taun 1830, lan terakhir diasingne neng Fort Rotterdam, Makasar ing taun 1833. Wayah jam setengah Pitu isuk 8 Januari 1855, Pangeran Jöwö sing paling diwedeni Löndö sedo, Alfatihah kagem Swargi Pangeran Diponegoro lan laskare.


Sakwise perang Pangeran Diponegoro leren, tanah Jöwö dikuwasani lan dikontrol karo Löndö.


Keterangan : Lukisan Pangeran Diponegoro sing dilukis Karo Nicolaas Pieneman ing taun 1835.

Keterangan : Pangeran Diponegoro sing dipercoyo dhalah Sultan Abdoel Hamid Trah Tjokro Kabirul Mukminin Sajidin Panotogomo Djarwo Cholifat Rosulillah.

Keterangan : Cap surate Pangeran Diponegoro yen kirim layang nganggo huruf Arab Jawi, unine : Ingkang sinuwun kanjeng Sultan Abdul Hamid ghoir Cokro Kabiru mukminin sayyidin alim Kholifah Rosulillah ingkang jumito (berkuasa dan berpengaruh) ing Jawi


Katrangan : 

Cap surate Pangeran Diponegoro yen kirim layang nganggo huruf Arab Jawi, unine : 

Ingkang sinuwun kanjeng Sultan Abdul Hamid ghoir Cokro Kabiru mukminin sayyidin alim Kholifah Rosulillah ingkang jumito (berkuasa dan berpengaruh) ing Jawi



Koleksi artikel Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)