SUGENG WILUJENG WARSA ENGGAL 2024 GEMAH ARIPAH LOH JINAWI KARTA RAHARJA TANSAH PINARINGAN AYEM MULYO BAGAS WARAS, BAGYO RAHARJO NIR ING SAMBIKOLO

0

SUGENG WILUJENG WARSA ENGGAL 2024

GEMAH ARIPAH LOH JINAWI KARTA RAHARJA 

TANSAH PINARINGAN AYEM MULYO BAGAS WARAS, BAGYO RAHARJO NIR ING SAMBIKOLO 




GEMAH tegese kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan anglur selur tan ana pedhote, labet datan ana sangsayane margi. 


ARIPAH tegese kathah para janma manca negari ingkang samya katrem bebale wisma kadiyo salebeting kitha Nagari Hastina, jejel apipit, bebasan aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal rupak. 


LOH tegese subur kang sarwa tinandur, 


JINAWI tegese murah kang sarwa tinuku. 


KARTA tegese para kawula ing padhusunan nungkul pangolahing tetanen, ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwen tan ana cinancangan rahina aglar ing panggonan lamun bengi teka bali marang kandhange dhewe-dhewe. 


RAHARJA tegese tebih parangmuka karana para mantri bupati bijaksana limpating kawruh tan kendhat denya ambudiaya kaluhuraning sri narapati. Marmaning Negara Ngastina jeneng anempuh bebasan gedhe obore padhang, jagade dhuwur kukuse, adoh kuncarane. 

Ora ngemungake kanan kiring kewala, senadyan ing praja maha praja kathah ingkang samya tumungkul datan sarana linawan bandayuda, amung kayungyung poyane kautaman. Bebasan ingkang celak manglung ingkang tebih mentiyung, asok bulu bekti, glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi.



TANSAH PINARINGAN AYEM MULYO BAGAS WARAS, BAGYO RAHARJO NIR ING SAMBIKOLO 


Tambanono ngagem keyakinan ingkang dipun tuwuhaken soko telenging ati.

Ombenono nganggo toya sekti kang kaubengan doyonipun pengeran ingkang Moho Pancipto Kang Suci.

Seger kewarasan saking kersane Gusti Pengeran ingkang Moho Sekti.

Rahayu sagung dumadi kalis ing rubedo nir ing sambikolo 


Mecaki dino mungkasi warso

Ora kroso umur mundhak tuwo

Ananging tuwo iku Kanugrahan

Paringe kang Moho Kuwoso

Mugo tansah diparingi rahayu widodo

Kalis saking sedoyo rubedo


Roso pangroso dipontho-pontho

Endi sing becik lan endi sing olo

Dadi panglimbanging roso

Sing apik diupokoro

Sing elek dibuwang supoyo ora dadi memolo


Panyuwun dadio tuwo tuwuh

Uripe tetep piguno

Tansah pinaringan ayem mulyo

Bagas-waras, bagyo raharjo

Nir ing sambikolo.


Wilujeng ngelampahi Warsoagung 2024 Masehi 

Ngaturaken sedaya kalepatan ingkang sampun, nyuwun agunging pangaksomo


Mugi sedoyo tansah rahayu, wilujeng, bagas, saras, mirah rejeki, tinebihaken lir sabikolo, beboyo lan memolo


Tumuju nagari ingkang ngadil lan makmur sentosa, pejabatipun sedaya amanah nyengkuyung nagari Indonesia Nuswantoro, ulama dhalah tokoh agami sami rukun ingkang sampun kasebat Bhinneka Tunggal Ika, mboten wonten rerusuh amargi masyarakatipun tumus leres makmur lahir bathos sedaya, adedasar luhur Pancasila, UUD 45, NKRI, Toleransi mawa Bhinneka Tunggal Ika Tan Hanna Dharma Mangrwa.


Mugi-mugi kinabulan sedaya kajad lan kaijabah sedoyo panyuwunan dening Gusti Pengeran, Allah SWT.

Gusti Ingkang Murbeng dhumadi

Gusti Ingkang Akarya Jagad

Aamiin Ya Rabbal a'lamin 


NYUWUN AGUNGING SAMUDRA PANGAKSAMI SEDOYO KALEPATAN KAWULO




Imajiner Nuswantoro 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)