WANI NGALAH LUHUR WEKASANE

0

 WANI NGALAH LUHUR WEKASANE 




Patrap lan tumindhake Wong Jawa sajroning sesrawungan iku tansah ngugemi NGA-telung perkara yaiku :


1. NGALAH

Yen ana sing njarag utawa salah paham kang bakal ndadekake padudon/pertengkaran luwih becik wani ngalah


2. NGALIH

Yen iseh dingalahi ora kena iseh njarag wae utawa iseh ngajak padudon alias ngeyel luwih becik ditinggal ngalih wae.


3. NGAPURA

yen wis ngalih iseh digarai/dijarag luwih becik paringana ngapura aja nyimpen panasé ati merga benci lan dendam kuwi bisa ndadekaké racuné ati.


Mula ngalah luhur wekasané karana dilakoni kanthi niyat ngarah marang luhuré bebuden.

Yen ing pewayangan watak mau digambaraké dadi watak lan sifate Prabu Puntadewa / Yudistira kang kaloka kagungan watak kalangkung sabar ngungkuli sak pepadhané titah.

Nganti disebutaké nduweni getih kang warna putih.


Mugi kita saget nerapaken ing diri kita pribadi




Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)