PITUTUR BECIK JAWA (ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦗꦮ)

0

 PITUTUR BECIK JAWA

ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦗꦮ




Rejeki iku ora isa ditiru 

Sanajan padha lakumu

Sanajan padha dodolanmu 

Senajan padha nyambut gawemu.

Kasil sing ditampa bakal beda 

Isa beda neng akehe bandha

Isa uga ana neng Rasa lan Ayeme ati, yaiku sing jenengé kabagyan


ꦉꦗꦼꦏꦶꦆꦏꦸꦎꦫꦆꦱꦣꦶꦠꦶꦫꦸ

ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦥꦣꦭꦏꦸꦩꦸ

ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦥꦣꦝꦺꦴꦣꦺꦴꦭꦤ꧀ꦩꦸ

ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ꦥꦣꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦮꦺꦩꦸ꧉

ꦏꦱꦶꦭ꧀ꦱꦶꦁꦣꦶꦠꦩ꧀ꦥꦧꦏꦭ꧀ꦧꦺꦣ

ꦆꦱꦧꦺꦣꦤꦺꦁꦄꦏꦺꦲꦺꦧꦤ꧀ꦝ

꧋ꦆꦱꦈꦒꦄꦤꦤꦺꦁꦫꦱꦭꦤ꧀ꦄꦪꦺꦩꦺꦄꦠꦶ꧈ꦪꦻꦏꦸꦱꦶꦁꦗꦺꦤꦺꦔꦺꦏꦧꦒꦾꦤ꧀



Kabeh iku saka tresnane Gusti kang Maha Kuwasa,

Sapa temen bakal tinemu,

Sapa wani rekasa bakal nggayuh mulya

Dudu akehe, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi

Wis ginaris neng takdiré menungsa yen apa sing urip kuwi wis disangoni saka sing Kuwasa 

Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kaya angin sing disedhot bendinané


꧋ꦏꦧꦺꦃꦆꦏꦸꦱꦏꦠꦿꦼꦱ꧀ꦤꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦩꦲꦏꦸꦮꦱ꧈

ꦱꦥꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦠꦶꦤꦼꦩꦸ꧈

ꦱꦥꦮꦤꦶꦉꦏꦱꦧꦏꦭ꧀ꦔ꧀ꦒꦪꦸꦃꦩꦸꦭꦾ

꧋ꦣꦸꦣꦸꦄꦏꦺꦲꦺ꧈ꦤꦔꦶꦁꦧꦼꦂꦏꦲꦺꦏꦁꦣꦝꦺꦏꦏꦺꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦚꦸꦏꦸꦥꦶ

꧋ꦮꦶꦱ꧀ꦒꦶꦤꦫꦶꦱ꧀ꦤꦺꦁꦠꦏ꧀ꦝꦶꦫꦺꦩꦼꦤꦸꦁꦱꦪꦺꦤ꧀ꦄꦥꦱꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦏꦸꦮꦶꦮꦶꦱ꧀ꦝꦶꦱꦔꦺꦴꦤꦶꦱꦏꦱꦶꦁꦏꦸꦮꦱ

꧋ꦣꦭꦤ꧀ꦈꦫꦶꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦔꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦕꦼꦩꦼꦥꦏ꧀ꦕꦼꦣꦏ꧀ꦏꦪꦄꦔꦶꦤ꧀ꦱꦶꦁꦣꦶꦱꦺꦣꦺꦴꦠ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦝꦶꦤꦤꦺ



Nanging kadhang menungsa sulap mata lan peteng atine, 

Sing adoh saka awake katon padhang cemlorot ngawe-awe, 

Nanging sing cedhak neng ngarepe lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwé guna 


꧋ꦤꦔꦶꦁꦏꦣꦁꦩꦼꦤꦸꦁꦱꦱꦸꦭꦥ꧀ꦩꦠꦭꦤ꧀ꦥꦼꦠꦼꦁꦄꦠꦶꦤꦺ꧈

꧋ꦱꦶꦁꦄꦣꦺꦴꦃꦱꦏꦄꦮꦏꦺꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦣꦁꦕꦼꦩ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦠ꧀ꦔꦮꦺꦄꦮꦺ꧈

꧋ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦁꦕꦼꦣꦏ꧀ꦤꦺꦁꦔꦫꦺꦥꦺꦭꦤ꧀ꦝꦣꦶꦠꦁꦒꦸꦁꦗꦮꦧꦺꦣꦶꦱꦶꦪꦱꦶꦪꦏꦪꦎꦫꦣꦸꦮꦺꦒꦸꦤ



Rejeki iku wis cemepak saka Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungsa saka lair tekané pati.

Nanging yen kanggo nuruti karep menungsa sing ora ana watesé, rasané kabeh cupet, neng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.


꧋ꦉꦗꦼꦏꦶꦆꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦕꦼꦩꦼꦥꦏ꧀ꦱꦏꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈ꦎꦫꦧꦏꦭ꧀ꦏꦸꦫꦁꦄꦤꦤꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦚꦸꦏꦸꦥꦶꦧꦸꦠꦸꦲꦺꦩꦼꦤꦸꦁꦱꦱꦏꦭꦻꦂꦠꦼꦏꦤꦺꦥꦠꦶ꧉

꧋ꦤꦔꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦸꦫꦸꦠꦶꦏꦫꦺꦥ꧀ꦩꦼꦤꦸꦁꦱꦱꦶꦁꦎꦫꦄꦤꦮꦠꦺꦱꦺ꧈ꦫꦱꦤꦺꦏꦧꦺꦃꦕꦸꦥꦼꦠ꧀‌ꦤꦺꦁꦥꦶꦏꦶꦫꦤ꧀ꦫꦸꦮꦼꦠ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦄꦠꦶꦤꦺꦩꦫꦲꦶꦧꦸꦤ꧀ꦝꦺꦠ꧀꧈



Welinge wong tuwa, 

apa sing ana dilakoni lan apa sing durung ana aja diarep-arep, semelehke lan yen wis dadi duwekmu bakal tinemu, yen ora jatahmu, apa maneh kok ngrebut saka wong liya nganggo cara sing ala, ya wae, iku bakal gawe uripmu lara, rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga, kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.


ꦮꦼꦭꦶꦔꦺꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮ꧈

꧋ꦄꦥꦱꦶꦁꦄꦤꦣꦶꦭꦏꦺꦴꦤꦶꦭꦤ꧀ꦄꦥꦱꦶꦁꦣꦸꦫꦸꦁꦄꦤꦄꦗꦣꦶꦪꦫꦺꦥ꧀ꦄꦫꦺꦥ꧀‌ꦱꦼꦩꦼꦊꦃꦏꦼꦭꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦝꦣꦶꦣꦸꦮꦺꦏ꧀ꦩꦸꦧꦏꦭ꧀ꦠꦶꦤꦼꦩꦸ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦎꦫꦗꦠꦃꦩꦸ꧈ꦄꦥꦩꦤꦺꦃꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦿꦼꦧꦸꦠ꧀ꦱꦏꦮꦺꦴꦁꦭꦶꦪꦔꦁꦒꦺꦴꦕꦫꦱꦶꦁꦄꦭ꧈ꦪꦮꦌ꧈ꦆꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦒꦮꦺꦈꦫꦶꦥ꧀ꦩꦸꦭꦫ꧈ꦉꦏꦱꦭꦤ꧀ꦄꦁꦏꦫꦩꦸꦂꦏꦱꦏ꧀ꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭꦸꦮꦂꦒ꧈ꦏꦧꦺꦃꦆꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤꦧꦭꦶꦏ꧀ꦝꦣꦶꦱꦏ꧀ꦩꦺꦱ꧀ꦠꦶꦤꦺ꧉



Yèn umpama ayem iku mung bisa dituku karo akehe bandha dahna rekasane dadi wong sing ora duwé 

Untunge ayem isa diduwèni sapa wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI.


꧋ꦪꦺꦤ꧀ꦈꦩ꧀ꦥꦩꦄꦪꦼꦩ꧀ꦆꦏꦸꦩꦸꦁꦧꦶꦱꦣꦶꦠꦸꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦄꦏꦺꦲꦺꦧꦤ꧀ꦝꦣꦃꦤꦉꦏꦱꦤꦺꦣꦝꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦎꦫꦣꦸꦮꦺ

꧋ꦈꦤ꧀ꦠꦸꦔꦺꦄꦪꦼꦩ꧀ꦆꦱꦣꦶꦣꦸꦮꦺꦤꦶꦱꦥꦮꦌꦱꦶꦁꦒꦼꦊꦩ꧀ꦔ꧀ꦭꦼꦉꦩ꧀ꦏꦼꦄꦠꦶꦤꦺꦆꦁꦧꦧ꧀ꦏꦣꦺꦴꦚꦤ꧀‌ꦱꦼꦤꦼꦁꦠꦼꦠꦸꦭꦸꦁꦩꦫꦁꦭꦶꦪꦤ꧀‌ꦭꦤ꧀ꦥꦱꦿꦃꦏꦺꦈꦫꦶꦥꦺꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦩꦸꦂꦧꦺꦁꦣꦸꦩꦣꦶ꧉



PITUTUR BECIK FALSAFAH RONGGOWARSITO


ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦥ꦳ꦭ꧀ꦱꦥ꦳ꦃꦫꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦮꦂꦱꦶꦠꦺꦴ



Terjemahannya dalam bahasa Indonesia bebas :

Keberuntungan tidak bisa ditiru 

Bahkan jika Anda melakukan hal yang sama 

Bahkan jika mereka sama jualan

Meskipun mereka sama-sama bekerja 

Hasil yang Anda terima akan berbeda-beda 

Isa berbeda dalam banyak harta 

Isa juga ada dalam Rasa dan Ayeme ati, yang disebut kebahagiaan


Segala sesuatunya berasal dari kasih Tuhan Yang Maha Esa, 

Siapa yang akan ditemukan, 

Usaha yang berani 

Sapa akan mencapai kejayaan 

Bukan jumlahnya, tapi keberkahannya yang membuatnya cukup dan mencukupi 

Telah tertulis dalam takdir manusia bahwa apa yang hidup itu adalah anugerah dari Yang Maha Kuasa 

Jalan hidup dan makanan itu erat bagaikan angin yang meniupkan perbedaan


Namun terkadang mata manusia buta dan hatinya gelap, 

Yang jauh darinya tampak bersinar terang, 

Namun apa yang ada di hadapannya dan menjadi tanggung jawabnya terbuang sia-sia seolah tak ada gunanya


Rezeki telah dianugerahkan Tuhan, tidak akan ada kekurangan untuk memenuhi kebutuhan manusia sejak lahir hingga meninggal. 

Namun jika mau menuruti hawa nafsu manusia yang tidak terbatas, maka kamu akan merasa tidak mampu, pikiranmu menjadi ruwet, dan hatimu dipenuhi amarah.


Peringatan bagi orang tua, apa yang dilakukan dan apa yang tidak ada, jangan diharap, berikan dan kalau itu milikmu pasti ketahuan, kalau bukan bagianmu kenapa tidak diambil dari orang lain dengan cara yang tidak baik ya, akan ada membuat hidupmu menyakitkan, sulit dan kemarahan dalam keluarga, semuanya akan hilang kembali ke kebenaran.


Misalnya kedamaian hanya bisa dibeli dengan kekayaan yang banyak, dan sulit menjadi orang yang tidak memilikinya. Untungnya kedamaian bisa dimiliki oleh siapa saja yang rela menenangkan hatinya dalam urusan duniawi, suka membantu sesama, dan mempercayakan hidupnya kepada TUHAN YANG MENYELURUH DUNIA.


SARAN BAIK FILSAFAT RONGGOWARSITO



Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)