Pitutur luhur, Yen gelem anggrahita kanthi wening. Sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang kita tampa saka wong-wong kang gawene nacad lan ngina marga ora seneng marang kita, katimbang saka kanca raket kang tansah ngalembana. Awit elinga Panacad iku bisa nggugah awake dhewe uga nglempengake laku. Ewadene pangalembana kepara njalari lena lan kelalen. Hamung kalamangsa panacad sing kaliwat natoni driya iku angel tamba-tambanane. Ora saben wong kuwawa ngadhepi kanthi legawa, pacobaning kesabaran, kejaba wong kang wus buntas elmune.

0

 Pitutur luhur




Yen gelem anggrahita kanthi wening.

Sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang kita tampa saka wong-wong kang gawene nacad lan ngina marga ora seneng marang kita,  katimbang 

saka kanca raket kang tansah ngalembana. 


Awit elinga

Panacad iku bisa nggugah awake dhewe  uga  nglempengake laku. Ewadene pangalembana kepara njalari  lena lan kelalen.


Hamung kalamangsa panacad sing kaliwat natoni driya iku angel tamba-tambanane.

Ora saben wong kuwawa ngadhepi  kanthi legawa, pacobaning kesabaran,

kejaba wong kang wus buntas elmune.




Aksara Jawanipun :

ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦭꦸꦲꦸꦂ


ꦪꦺꦤ꧀ꦒꦼꦊꦩ꧀ꦄꦁꦒꦿꦲꦶꦠꦏꦤ꧀ꦛꦶꦮꦼꦤꦶꦁ꧉

꧋ꦱꦼꦗꦠꦶꦤꦺꦎꦫꦱꦼꦛꦶꦛꦶꦏ꧀ꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦭꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦁꦏꦶꦠꦠꦩ꧀ꦥꦱꦏꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦒꦮꦺꦤꦺꦤꦕꦣ꧀ꦭꦤ꧀ꦔꦶꦤꦩꦂꦒꦎꦫꦱꦼꦤꦼꦁꦩꦫꦁꦏꦶꦠ꧈ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ

ꦱꦏꦏꦚ꧀ꦕꦫꦏꦺꦠ꧀ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦭꦺꦩ꧀ꦧꦤ꧉


ꦄꦮꦶꦠ꧀ꦄꦼꦭꦶꦔ

꧋ꦥꦤꦕꦣ꧀ꦆꦏꦸꦧꦶꦱꦔ꧀ꦒꦸꦒꦃꦄꦮꦏꦺꦣꦼꦮꦼꦈꦒꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦼꦔꦏꦺꦭꦏꦸ꧉ꦄꦼꦮꦣꦺꦤꦺꦥꦔꦭꦺꦩ꧀ꦧꦤꦏꦼꦥꦫꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦭꦺꦤꦭꦤ꧀ꦏꦼꦭꦭꦺꦤ꧀꧈


꧋ꦲꦩꦸꦁꦏꦭꦩꦁꦱꦥꦤꦕꦣ꧀ꦱꦶꦁꦏꦭꦶꦮꦠ꧀ꦤꦠꦺꦴꦤꦶꦣꦿꦶꦪꦆꦏꦸꦄꦔꦺꦭ꧀ꦠꦩ꧀ꦧꦠꦩ꧀ꦧꦤꦤꦺ꧉

꧋ꦎꦫꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦸꦮꦮꦔꦣꦺꦥꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦊꦒꦮ꧈ꦥꦕꦺꦴꦧꦤꦶꦁꦏꦼꦱꦧꦫꦤ꧀‌

꧋ꦏꦼꦗꦧꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦄꦼꦭ꧀ꦩꦸꦤꦺ꧉




Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)