Sekar Macapat Dhandhanggula Katresnane ibu Marang Putra

0

Sekar Macapat Dhandhanggula 

Katresnane ibu Marang Putra





Sumurupa angger duking nguni

Kalanira  sira durung ana 

Bapa biyungira kiye 

Ingajab jroning kalbu 

Bisanira kelakon mbinjing 

Bebranahan sesuta 

Estri lawan jalu 

Siyang ratri hameminta 

Sihing Gusti mugi pinaringan siwi 

Kang bagus lan sulistya 


Suwe suwe biyungira keksi 

Lungkrah ngelu kecut senengannya 

Amung kudu mutah wae

Katon cahyane alum 

Iku tanda lamun nggarbini 

Bungah kekalihira 

Kabul ing panyuwun 

Suka sukur marang  Allah 

Ingkang sampun paring putra wiji dadi 

Nadyan sih jro wetengan 


Siyang ratri kekalih memuji 

Mbinjang lamun lahire si jabang 

Tansah antuk sih marmane 

Dadya janma pinunjul 

Wignya marang sabarang kardi 

Piguna mring bebrayan 

Bekti mring Hyang Agung 

Wusnya ngancik Sangang Candra 

Dasa ari saking guwa garba mijil 

Titahing hyang Sukmana 


Bungah ing tyas tyang sepuh kekalih

Sutanira lahir kanthi gangsar 

Lan ugi para pepunden 

Sami amuji sukur 

Wayahira manggya basuki 

Muga pangajap nala

Tumus  jroning kalbu

Pinaringan bagas waras

Ingayoman Gusti ingkang Maha Suci 

Rahayu nir memala 


Siyang ratri tansah dipun jagi 

Nadyan sayah lungkrah tan rinasa 

Ing tyas amung Rahayune

Keng putra sang abagus (sang ayu) 

Den kekudang den liling liling

Sukeng tyas bapa biyang 

Keng suta gumuyu 

Yen nangis linela lela 

Aja nangis ilang baguse yen nangis 

Aluwung angguyua 



Wonten sambetipun  :

Sekar menika saget kangge jagong bayi  utawi pitonan (tingkeban)

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)