Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare, Katampi Tembang Ilir-Ilir

0

Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare, Katampi Tembang Ilir-Ilir 




Kang kinitha lelaguning gendhing,

Sarayuda pambukaning sekar,

Dhandhanggula turu lare,

Binarung ing swara rum,

Ruming raras kang milangoni,

Wiramane lancaran,

Mung kinarya gecul,

Pepathete nora oncat,

Wus kacakup cakepane datan cicir,

Lir-ilir gumregaha.


Katampi Tembang Ilir-Ilir :

Lir-ilir lir-ilir tandure wus sumilir

Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar

Bocah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodotira

Dodotira kumitir bedhah ing pinggir

Domana jlumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung gedhe rembulane

Mumpung jembar kalangane

Ya suraka .. 

Surak iyo

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)