KANGEN

0

 KANGEN 




Yen ora amerga saka gedhene kangenku karo sliramu,

Ora bakal obah drijiku ngrakit aksara dadi tembung.


Upama ora merga saka gedhene kangenku, karo sliramu

Ora bakal tak gurit maneh suwarane ati iki.


Ya amerga kangenku karo sliramu 

kabeh para mitra karuhku, 

aku nggurit  senajan ukarane korat-karit, nanging muga bisa ngudhari 

rasa kangen sing mangi git-igit.


Saking : RanggaKusuman


ꦏꦔꦼꦤ꧀


꧋ꦪꦺꦤ꧀ꦎꦫꦄꦩꦺꦂꦒꦱꦏꦒꦼꦣꦼꦤꦼꦏꦔꦼꦤ꧀ꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸ꧈

꧋ꦎꦫꦧꦏꦭ꧀ꦎꦧꦃꦣꦿꦶꦗꦶꦏꦸꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦄꦏ꧀ꦱꦫꦣꦝꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧉


꧋ꦈꦥꦩꦎꦫꦩꦼꦂꦒꦱꦏꦒꦼꦣꦼꦤꦼꦏꦔꦼꦤ꧀ꦏꦸ꧈ꦏꦫꦺꦴꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸ

꧋ꦎꦫꦧꦏꦭ꧀ꦠꦏ꧀ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦩꦤꦺꦃꦱꦸꦮꦫꦤꦺꦄꦠꦶꦆꦏꦶ꧉


ꦪꦄꦩꦺꦂꦒꦏꦔꦼꦤ꧀ꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦱ꧀ꦭꦶꦫꦩꦸ

ꦏꦧꦺꦃꦥꦫꦩꦶꦠꦿꦏꦫꦸꦃꦏꦸ꧈

꧋ꦄꦏꦸꦔ꧀ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ꦈꦏꦫꦤꦺꦏꦺꦴꦫꦠ꧀ꦏꦫꦶꦠ꧀‌ꦤꦔꦶꦁꦩꦸꦒꦧꦶꦱꦔꦸꦣꦫꦶ

ꦫꦱꦏꦔꦼꦤ꧀ꦱꦶꦁꦩꦔꦶꦒꦶꦠ꧀ꦆꦒꦶꦠ꧀꧈


ꦱꦏꦶꦁ꧇ꦫꦁꦒꦏꦸꦱꦸꦩꦤ꧀

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)