WUYUNG

0

 WUYUNG




Sing tak tresnani lahir trusing kalbu ya mung sliramu,

ingkang bisa madangi atiku.

ganjaran linuwih sakdawane umurku, kanng dak tampa saka Sang maha hayu.


Muga kasembadan sliramu sumanding sisihku,

sakdawane sisa umurku.

Esemu sumber kabahagyanku,

sumringahing cahyamu madhangi atiku,

sedihmu dadi panggratesing atiku,

tetesing eluhmu panelangsaku.


Wong ayu tekamu tak tunggu

rawuhmu tak antu,

siliring angin dalu lan rembulan ing langit biru,

melu ngenteni kapan sliramu lan aku

Hangiket janji suci lahir trusing kalbu

mbarengi mekare kembang mawar biru

ing wanci dalu.


Pingin tak regem tanganmu

mlaku bareng runtung rerenteng kaya mimi mintuna

momong wayah nganti tuwa

kembang tresna sansaya ngrembaka

Binerkahan dening purbane Allah Sang maha sampurna


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)