Kawruh Sanggama
Hal-hal yang berkaitan dengan seksualitas
selalu menarik untuk dikaji meskipun diikat oleh tabu. Pada awal abad XX,
naskah-naskah soal seksualitas cukup populer, apalagi sudah dicetak dalam
bentuk buku yang diperjualbelikan di lapak-lapak buku. Salah satu naskah yang memuat
seksualitas adalah Serat Kawruh Sanggama. Tujuan penelitian ini adalah untuk
mengungkap bentuk, fungsi, dan makna politik tubuh dalam Serat Kawruh Sanggama.
Metode yang digunakan adalah analisis data kualitatif-interpretatif dengan
pendekatan teori politik tubuh. Hasil penelitian menunjukkan, Serat Kawruh
Sanggama ditulis di Kediri dan disebarluaskan oleh penerbit Boekhandel Tan
Khoen Swie Kediri. Bentuk politik tubuh berupa narasi tentang tata cara atau
aturan bersenggama. Naskah ini mengandung politik tubuh yang berfungsi untuk
menundukkan, mengontrol, dan mendominasi tubuh perempuan. Namun demikian,
naskah ini dapat dimaknai sebagai upaya laki-laki untuk memahami misteri tubuh
perempuan. Selain itu, naskah ini dimaknai pula sebagai daya perempuan, sehingga
laki-laki harus berusaha untuk memahami seluk beluk tubuh perempuan.
Isinipun sêrat punika
I.
Mulabukanipun kawruh
sanggama.
II.
Patraping cumbana kanthi
aji asmaragama.
III.
Ngagêm aji asmaragama
kêdah mawi lampah: catur brata.
IV.
Rubedaning cumbana sarta
pambengkasipun.
V.
Pangruktining sarira.
VI.
Tumuruning wiji ingkang
winadi.
VII.
Panunggilanipun aji
asmaragama, inggih punika: asmara sabda, asmara cipta, asmara wanita, tuwin
asmara tăntra.
I
Mulabukanipun
Kawruh Sanggama.
Sampun
kodrat, priya punika manawi ningali wanita lajêng tuwuh manahipun rêmên,
sêngsêm, makatên ugi kosokwangsulipun. Rêmênipun wau beda kalihan rêmên ingkang
tumrap dhatêng barang, sayêktosipun lajêng kêpengin sajiwa utawi salulut.
Dening kodrat ingkang makatên wau kita lajêng gadhah panganggêp manawi ingkang
maha kawasa pancèn sampun anglilani sarta paring dhawuh, supados kula sadaya
băngsa manungsa sami ambabarakên tuwuh măngka isèn-isènipun marcapada, sintên
ingkang ngèstokakên dhawuh wau sami pinaringan ganjaran kêncèng: raos nikmat
ing salêbêtipun sacumbana.
Ananging
sarèhning manungsa punika beda kalihan sato, sanajan bab sarêsmi punika sampun
sami sagêd nindakakên, inggih kêdah nganggea tatakramaning sanggama utawi
susilaning sanggama. Punika purwanipun wontên kawruh sanggama ingkang ugi
winastanan: aji asmaragama. Asmara têgêsipun: sêngsêm, gama. Sanggama, cumbana.
Pikajêngipun: sêngsêm ing cumbana.
Mênggah
bakunipun ingkang kinajêngakên dhatêng ingkang ngagêm aji asmaragama wau wontên
kalih prakawis, inggih punika: 1. Tumrap dhatêng rahsaning wanita. Sagêda
wanita ingkang sinanggama punika karaos lêga, rêna, marêm, carêm, satêmah
mantêp, têmên, ambangun turut dhatêng priya.
Tumrap
dhatêng putra. Sagêda apêputra ingkang kenging sinêbut utami. Jalaran saking
punika, mila aji asmaragama wau ugi kawastanan: asmara dwi paedah, têgêsipun
kalih pigunanipun. Rahsaning wanita tuwin putra.
Saiba
bêgjanipun, manawi priya sagêd amêngku garwa ingkang ambangun turut, bêkti ing
laki, tuwin kagungan putra ingkang utami, sangsaraning sangsara manawi kataman
kosokwangsulipun. Mila, kainan sangêt manawi priya botên karsa marsudi sarta
ngagêm aji asmaragama punika.
Kacariyos
mênggah aji asmaragama punika ing kinanipun, ingkang ngagêm namung panjênênganipun
para dewa tuwin para nabi, lajêng tumurun dhatêng para sinatriya ingkang
linangkung. Angsalipun aji wau sarana rêkaos, kêdah tinumbas ing tapa brata.
Sang Hyang Girinata (Bathara Guru) duk jaman kina, kacariyos sagêdipun
katarimah pinaringan aji wau dening Sang Hyang Tunggal, inggih mawi mêsu puja
brata, jalaran taksih dèrèng marêm ing galih kagungan putra sakawan dèrèng
wontên ingkang pinunjul. Sasampunipun Sang Hyang Girinata ngagêm aji
asmaragama, lajêng sagêd apêputra Sang Hyang Wisnu, gêgununganipun para dewa.
Dados,
aji asmaragama punika pancèn dede ngèlmi sêmbarangan. Mila botên prayogi kangge
mainan, sayêkti malalti.
Inggih
punika: manawi panggilutipun botên adhêdhasar panggalih suci, rêsik, sisip
sêmbiripun kêsasar kèrêm dhatêng patrap pratingkah lêlangêning cumbana tuwin
raos kanikmatan kemawon, satêmah dados priya brancah botên pilih-pilih, inggih
bilai yêktos, ngrisakakên jiwa raga. Mila sadhèrèk kula para mudha: dèn awas
dèn êmut.
II.
Patraping
Cumbana kanthi Aji Asmaragama.
Patrap
utawi pratingkahing sarêsmi punika warni-warni, kados ta: miring, anjêngking,
lênggah, mangku, ngadêg, sukuning wanita dipun panggul, wanita wontên ing
nginggil, sapanunggilanipun, ingkang murih sukaning galih. Ananging patrap
ingkang makatên wau sayêktosipun kirang mikantuki tumrap sakalih-kalihipun,
sarta kenging kabasakakên kêkathahên polah botên prasaja.
Ingatasipun
aji asmaragama, punika botên namung murih lêganing prana kemawon, inggih ugi
amrih lêganing rahsa sajati, mila kêdah ngangge patrap pratingkah utawi
tatakramaning sanggama ingkang prayogi (susila sanggama) sampun kadamêl mainan,
kasukan.
Mênggah
pratingkahing cumbana ingkang mikantuki punika kacariyosakên kados ing ngandhap
punika:
Manawi
badhe matrapakên sacumbana, punika utaminipun priyantun kakung kalihan putri
lênggah rumiyin ajêng-ajêngan, ardaning driya dipun asrêp-asrêpa, păncadriya
kalêrêmna, sawarni kados badhe muja sêmèdi. Nuntên astaning priya ingkang
têngên anyêpênga dariji manisipun wanita ingkang kiwa, lajêng kapijêta
sawatawis, supados wanita kraos manahipun, gadhah grêgêt saut pyur tratab,
ngantos karaos ing jisimipun èstri, titikanipun kêkêtêkipun èstri mungêl
dhêg-dhêg, asring kêpirêng ajêng-ajêngan. Nuntên kakung angastaa gigiripun
èstri dumugi walikatipun, tuwin angarasa poking karna ingkang wradin ngantos
dumugi grananipun wanita. Tumuntên angalapa napasipun èstri, katarik ing
napasipun kakung, ing batos nyiptaa ngalap manahipun wanita wau. Lajêng
angarasa larapanipun èstri, sarta anyiptaa malih: ngalap warni, kalakuan tuwin
nyawanipun wanita wau sarana dipun aras êmbun-êmbunanipun. Sadaya wau kêdah
katindakakên kalayan sabar sarèh.
Mênggah
anggènipun mawi patrap kados ing nginggil punika wau, saking pamanggih kula
ingkang dipun kajêngakên makatên: sapisan, supados ardaning driyanipun priya
botên ngămbra-ămbra, panggalih botên daya-daya, pikantukipun adamêl dangu
wêdaling rahsa, satêmah adamêl lêganing prana tuwin prayogi tumraping putra.
Kaping kalih, mawi angêningakên cipta ngalap manah tuwin nyawanipun wanita (aji
asmara cipta) punika manawi katrimah inggih prayogi sangêt, awit sagêd adamêl
lêga rahsaning wanodya ingkang sajatining rahsa, pikantukipun wanita sagêd
karaos marêm carêm lahir batos. Kaping tiga, manawi mijêt dariji, ngaras,
sapanunggilanipun punika minăngka panggugah supados manahipun wanita sagêd
karaos, rahsanipun sagêd kabuka, pikantukipun garêgêting wanita saya mêmpêng
dununging rahsa enggal cumawis, satêmah gampil ing pangurahipun. Sayêktosipun
bab patrap ingkang măngka pambukaning rahsa punika inggih kenging ngangge
patrap sanèsipun makatên punika, namung anggêripun botên sangêt saru kados
satataning sato, dene utaminipun anindakna aji asmara wanita kasêbut ing wingking,
măngka pambukaning rahsanipun wanita wau.
Sasampunipun
makatên, wanita lajêng karangkula, kasarèkakên ing kajang sirah ingkang alon
ririh, jêngkuning èstri kalih pisan katêkuka: kasêdhêkusna manginggil, ragi
kabênggang sawatawis. Kempol karapêtna ing pupu, tungkak karapêtna ing pocong
saestha kadamêl nyagaki. Priya lajêng amatrapna sariranipun pribadi, patrapipun
mangkurêp, suku kalih pisan kaslonjorna ingkang rapêt, padharan kaabêna sami
padharan, jaja katumpangna payudara dèn ririh (anggang-anggang), astaning priya
ingkang têngên kasêdhêkusna, asta ingkang kiwa kabantalna ing cêngêlipun
wanodya.
Manawi
sampun makatên, priya lajêng amaosa mantranipun aji asmaragama ing salêbêting
batos kados ing ngandhap punika:
Hong
Hyang Hyang Kamajaya Ratih, surapsara surapsarièng asmara, ulun mamisik wanita,
matêmah yumana kang rahsa, sing dayèng aji asmaragama, myang wisesèng paduka.
Bakda
punika lajêng amaosa măntra malih: măngka panariking wiji ingkang utami,
makatên:
Hong
Hyang Hyang Jagad Pratingkah, ulun manuhun lumerahèng wijining manungswa kang
minulya, măngka sutèng ulun, sing wisesèng paduka.
Sarampunging
pamaosipun măntra wau kenging lajêng miwiti nindakakên sanggama. Lêbêting pasta
purusa ingkang alon, saking sakêdhik. Manawi pasta purusa sampun dumugi ing
kudhup, lajêng kaangkah-angkaha sagêdipun tansah anggosok êsong, pandêdêlipun
ingkang ajêg lan alon-alon, manut panjing wêdalipun napas. Ing salêbêtipun
makatên, bilih karsa angaras. Angarasa antawising pipi lan grana.
Pangglintiring pênthil kaangkaha murih kêrinipun. Thukuling raos daya-daya
kêdah tansah dipun pêrangi, wontênipun namung sarèh, ngarah-arah. Êmpaning
sanggama kaciptaa manggèn wontên ing pucuking pasta purusa.
Manawi
song wau tansah kagosok, èstri karaos nikmat sarta kêri, adat ingkang sampun
kalampahan lajêng ngêdalakên toya ingkang kados yiyiting mina. Ing ngriku
kêrinipun saya wêwah, nyarambahi ing badanipun sakojor, grêgêting karsanipun
èstri katawis saya mêmpêng, sautipun pasti hawa karaos saya kiyêng, watakipun
lajêng butêng, inggih punika lajêng palintiran ngulat-ngulèt utawi damêl solah
bawa sanèsipun, ingkang sayêktosipun ambiyantoni solahing pasta purusa: supados
nyenggol ing dununging prasanipun.
Tumrap
èstri ingkang sampun kawical lènjèh ing kakung, wiwit sinanggama: sampun damêl
solah bawa, anggènipun damêl solah bawa punika mawarni-warni, tanpa mawi
taha-taha utawi rikah-rikuh malah pangraosipun: solah bawanipun wau
satunggaling kawignyan ingkang sagêd damêl sukaning kakung. Nanging
satêmênipun: pancèn inggih, kathah priyantun kakung ingkang lam-lamên dhatêng
solah bawaning wanita ingkang makatên wau. Dene tumrap wanita ingkang sae-sae,
solah bawanipun wau namung samadya kemawon: manawi sampun karaos kêri sangêt,
jalaran inggih rikuh manawi kadakwa lènjèh ing kakung punika wau.
Ing
wêdal wanita grêgêt sautwipun katawis saya mêmpêng wau, priya kêdah nimbangana,
inggih punika dêdêl sêndhalipun pasta purusa ragi kakêrêpna sarta karosanipun
kaajêgna. Sasampunipun makatên, sukuning èstri lajêng kawudhara: salonjor, pupu
karapêtna sami pupu, dene pupuning priya kalih pisan inggih lajêng katumpangna
ing pupuning wanita. Salajêngipun bab pangaras sarta pangglintiring pênthil ugi
kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil, utaminipun mawia anêcêp lathining
èstri ingkang ririh, sarta sarira kagosokna sami sarira ingkang waradin. Manawi
solah bawaning wanita sampun katawis saya butêng, kados Bathara Kala krodha
badhe anguntal jagad, mratandhani manawi sampun badhe amudhar prasa, inggih
lajêng kapungkasana, sarana ngêrêpakên sêndhal dêdêling pasta purusa. Adat
ingkang sampun kalampahan, botên dangu wanita lajêng mudhar prasa, mila
sirahing pasta purusa karaos kados dipun amêti ing lambening keyong gondhang
(ginêgêt ngêpuh kama) inggih punika korining kayanganipun Sang Hyang Kamajaya
binuka mêdal minăngka rahsa pita. Tarkadhang asring kêpirêng swara makcêthut,
dening rosaning panggêgêd amargi saking lêganipun, pratandhanipun malih manawi
wanita wau sampun mudhar prasa, sariranipun ngalumpruk marlupa kados oncat
yitmanipun sarta asêsambat ingkang damêl trênyuhing manahipun priya. Tumrap
wanodya ingkang sampun asring-asring lêledhang ing taman lambangsari, asring
sambat pêjah, botên purun pisah, sasaminipun, kados inggih-inggiha. Dene tumrap
wanita ingkang sae-sae, adatipun namung sêsambat kapurih nyampuni, dening
pancèn sampun rumaos kalêgan ing prananing rahsa.
Dene
utaminipun, duk kala badhe mungkasi wau, manawi priya sampun karaos gumrêgêt
badhe ngêdalakên rahsa (kama), punika lajêng wiwit amêgênga prasa, tancêbing
cipta anggayuha utama. Manawi kama sampun mêdal, pasta purusa katêtêpna dèn
ngantos nêtêp, kakèndêlna panggosokipun, ing ngriku lajêng amêpêta păncadriya,
êninging panggalih anggayuh utama kalajêngna. Pikantukipun: manawi kasusupan
wiji măngka lantaraning dumadi, badhe prayogi kadadosanipun.
Wontên
malih patraping cumbana ingkang sagêd damêl lêganing wanita, ananging priya sok
botên bêtah, jalaran kêdah ragi sawatawis dangu ing panggosokipun. Patrap wau
èstri kaslonjorna, bokong kaganjêla ing kasuran alit supados baganing èstri
sagêd mungal. Sukuning priya kapêthangkrongna (kasêdhêkusna mrêgagah), padharan
ugi kaabêna sami padharan, jaja katumpangna ing payudara. Panggosoking pasta
purusa dêdêl sêndhalipun kabandulna manginggil, supados sagêda anggosok song,
kridhaning bokonging priya sawatawis kaegal-egolna manêngên mangiwa. Bab
pangaras, panêcêping lathi, salajêngipun, ugi kados ingkang sampun kajarwa ing
nginggil.
Patraping
sanggama ingkang kasêbut ing Sêrat Nitimani kados ing ngandhap punika wosipun :
Kalamun
pasta purusa, wus kiyêng kiyat santosa, kwèhning daya wus samêkta, iku nulya
katindakna, umangsah ing rananggana, sayêkti datan kuciwa, katêmpuh ing
băndayuda, nanging ta dipun prayitna, ing tindak aywa sêmbrana, gone bakal nuju
prasa, mring wanita mêngsahira, supaya lêganing driya, wruhanta dipun waspada,
jroning pasti kono ana, musthikaning rasa mulya, rinêksa para jawata, aran Sang
Hyang Otapatra, utawa Sang Hyang Gambira (song), dumunung wuri purana, yèn
tinêmpuh dening gada, watak kêri prasanira, nuli bêbantune prapta, pêpingitan
ing jro baga, ingaras Sang Hyang Asmara, asêsilih Sang Hyang Cakra, kang
abipraya sarosa, wimbuh kêri grimingira, anarik daya ajunya, mring Sang Hyang
Purnama Săngka, utawa Sang Kamajaya, pamèting rahsa mangkana, srana ngagêma
wisaya, pratingkah ukêling pasta, kacarita solahira, duk murwani lumaksana,
karya pêpucuking yuda, kwèhning daya saniskara, aywa sinêru sarosa, ing tindak
kêdah sarănta, pangangkah amung muriha, kêri prasaning wanita, kalamun wus
sawatara, campuhing prang lama-lama, pêpalu tumêmpuhira, pinindha upama gada,
tinangkis ing băndabaya (tamèng), saking rosaning panggada, kuwating
panangkisira, wêkasan mêtu dahana, mubal sumundhul ngakasa, sêsumuke ngêmu
pêga, kukus katut samirana, prapta tumanduking prasa, kêkêrining mêngsahira,
gumriming saya andadra.
Gantya
wau sang wanita, gènnya tadhah băndabaya, mubal wêtuning dahana, sumarambah ing
sarira, tan kuwawa anahêna, kêri gumriminging prasa, saya arda ngămbra-ămbra,
wantu wataking wanodya, yèn wus liwung krodhanira, ing budi datan sarănta,
sigra amusthi sanjata, warastra măngka pusaka, turunan sang jawata, ganjaran
Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka kang hru barunastra, sumêmbur
angêmu tirta, toya lir yiyiting mina, angêlêm pasta purusa, wau ta sira sang
pasta, silêm kinêlêm ing tir, tan măntra-măntra rêringa, ing solah saya
gambira, panglêburing barunastra, lir ombak samodra bêna, ganggêng lumut
satêpinya, samodra karoban toya, ngêmpêl ngumpul lir tinata, bêbarise
wrahatbala, kadi gêlar cabrabyuha, bêbondhot bundhêting pasta, nging tan surut
saya rosa, liwung pamukirèng yuda, mangkya gantya cinarita, ramening prang
bratayuda, nulya kono ana swara, lamat-lamat kapiyarsa, surasa asung sasmita,
miyose kadya mangkana, hèh kulup sira sang pasta, poma gèr dipun prayitna,
panarik sêndhaling gada, maju miwah undurira, papane lunyu sadaya, wus tan kêna
tinulaka, wit iluning barunastra, saya adrês panêmburnya, dene gonmu lumaksana,
lamun lena yêkti ina, yèn kaplèsèd angsahira, rêbahe nindhihi gada, katikêl
dadya rubeda, ing jro aran raga brata, pilêg ing kadadeyannya, lan kulup sira
wêruha, adat wataking wanodya, yèn wus ngêdalakên tirta, kang kadi yiyiting
mina, gumriminge saya arda, mêmpêng dêrêngirèng prasa, kawistara sarap sira,
kiyat kiyêng sariranya, sawănda kêjêng sadaya, dene lamun wus mangkana, sira
adarbe sêdya, têtulung mring mêngsahira, tumraping asmaragama, tan liya amung
misaya, solahing pasta purusa, sinêngkakna pamukira, têmpuh pamukuling gada,
kang ajêg lan dèn kêrêpna, kalawan dipun waspada, amawasa ing sasmita, adat
wantuning wanita, yèn wus liwung pamukira, nulya agawe lêlewa, pratingkah
solahing angga, wit saking kurang prasaja, sajatine karsanira, biyantu solahing
pasta, kinèn nuju amrênahna, mring dununging prasanira, kang supaya tinrajanga,
sinondhol pucuking pasta, ing kono dipun turuta, sakarsanirèng wanodya, yèn
pinarêng datan lama, wanita amudhar prasa, yêkti ana wataranya, gara-gara
jroning baga, anyondhol pucuking pasta, iku saka kira-kira, laraping rêca
gupala, kabukaning kang wiwara, jinêking Hyang Kamajaya, aliya tăndha mangkana,
kang sayêkti kawistara, kawawasa warnanira, ing angga sakojur wanda, anglir
kaoncatan yitma, lêsu ngalumpruk marlupa, kadi-kadi tan kuwawa, anandhang
enaking rasa, sêsambate mêlasarsa, karya trênyuhing wardaya.
Patraping
cumbana ingkang kawarsitakakên ing nginggil punika wau kenging dipun wastani
sampun nyêkapi, liripun, dene sampun sagêd damêl lêganing wanita, pratăndha
angganipun ngalumpruk marlupa yayah kaoncatan yitma. Ingkang prêlu, ing
salêbêtipun sarêsmi wau priya kêdah amawasa ulat liringing wanita, tuwin inggih
amawas sariranipun pribadi. Manawi panggalih sampun karaos lêga, marêm, carêm,
ing sakalih-kalihipun, upami dhahar makatên sampun karaos tuwuk, prayogi
kapungkasana sapêrlunipun. Inggih punika nalika wanita mudhar prasa wau priya
anyarêngana wêdalipun kama. Nanging manawi liringing wanita sanajan sampun
mudhar prasa: nanging sajakipun dèrèng patosa lêga, upami dhahar makatên taksih
kêdah tanduk, utawi manawi priya pribadi ingkang rumaos dèrèng lêga, inggih
sampun anyarêngi ngêdalakên kama, dados wanita mudhar prasa piyambakan. Dene
manawi priya karaos kêlayu badhe tumut mudhar prasa (ngêdalakên kama) kêdah
dipun ampêt kalayan tahan, sarananipun ngampêt makatên :
Kêdah
manggèn wontên gajêging gêla, sampun ngantos kadamêl lêga, têgêsipun: manahing
priya sampun kadamêl lêga, angèngêt-èngêta gêlanipun. Pasta purusa kakèndêlna
rumiyin wontên ing jawi utawi wontên salêbêting kudhup, gumantung sênêng
parêngipun panggalih. Manawi sampun ragi aring, raos kêlayu badhe mudhar prasa
wau sampun ical, kenging tumuntên kalajêngakên malih, nanging sampun
grusa-grusu, sampun daya-daya, awit sang wanita wau sariranipun marlupa, mila kêdah
dipun arih-arih, bokmanawi kêparêng dhangan ing panggalih, priya kêdah
angêmpakna têmbung manuhara, manis sêdhêp ing wicara, dèn bisa nuju prana,
angatingalna katrêsnanira. Manawi sampun wontên antawisipun kêparêng, patrap
pratingkahipun inggih tan prabeda kados ing nginggil. Sang wanita kagugaha
kêrining prasanipun, adat ingkang sampun kalampahan, botên antawis dangu wanita
lajêng pulih malih kakiyatanipun, tandangipun kados rasêksa badhe amăngsa
daging, ing ngriku priya ingkang prayitna, kenging lajêng dipun kêrêpi sêndhal
dêdêling pasta purusa, sarta lajêng angêdalna kama: nyarêngi pamudharing prasanipun
wanita, dados wanita mudhar prasa kaping kalih, priya sapisan.
Ing
Sêrat Panitisastra, gêgubahanipun Bagawan Palasara ingkang sampun dipun
jarwakakên dening Sang Prabu Jayabaya ing bab 85 nyêbutakên makatên: mênggahing
sanggama, tiyang jalêr 8 punika saminipun pawèstri 1, mila pangandikanipun Dèwi
Drupadi: botên wontên pawèstri tuwuk ing kakung. Nanging ungêl-ungêlan punika
sayêktosipun tumrap priya ingkang botên ngagêm aji asmaragama. Manawi priya
sagêd nguja karsaning wanita kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika,
wanita inggih sagêd karaos tuwuk sayêktos, malah kacariyos tuwukipun wau sagêd
kangge ing salêbêtipun saminggu.
Kacariyos
katrimahipun aji asmaragama ingkang makatên punika, wanita karaos angsal
sarining kanikmatan ingkang linangkung, sarta tansah èngêt salaminipun gêsang
dhatêng tanduk solah bawa tuwin warninipun kakung, sanajan têbih inggih tansah
katingal gawang-gawangan, tuwin botên kasupèn raosing kanikmatan wau. Mila
priya ingkang sampun widagda dhatêng aji asmaragama wau, sanajan mêngku
pawèstri ingkang lènjèh pisan, insaallah sagêd malik dados narimah, manut
miturut sapangrèhing
kakung,
rumaos botên sagêd pisah. Manawi wontên alangan pisah, măngka èstri wau
sinanggama ing liyan kakung, ing salêbêting cumbana wau tansah karaos cuwa,
gêla, sarta kèngêtan wawentehan dhatêng raosing kanikmatan nalika sinanggama
ing kakung ingkang undhagi aji asmaragama wau. Dening pancèn beda sangêt
raosipun, awit sang widakda asmaragama wau, botên namung saking sagêdipun
dhatêng bab patraping sanggama: anuju prasaning wanita kemawon, inggih saking
katarimah anggènipun nyipta ngalap manah tuwin nyawanipun èstri wau, dados
wanita karaos kalêgan sangêt rahsanipun sajati. Pancèn inggih botên gampil
nindakakên aji asmaragama punika, nanging wontên bêbasanipun, sapa têmên-têmên:
tinêmu. Dados manawi wontên priya karsa cumbana sarana roda pêksa utawi namung
kangge mainan sasaminipun, punika botên kalêbêt ing wêwarahipun kawruh sanggama
punika.
Manawi
priya sampun widakda sayêktos nindakakên aji asmaragama makatên punika, sanajan
pasta purusanipun alit utawi agêng, cêlaka, panjanga, sampun sami kemawon,
sagêd damêl suka rênaning wanita. Nanging priya ingkang dèrèng sagêd nindakakên
aji asmaragama botên makatên. Manawi pasta purusanipun alit: wanita karaos
cuwa, manawi agêng: karaos sêbah, yèn cêlak karaos kêmba, yèn panjang karaos
sakit. Dene manawi cêkapan agêng sarta panjangipun, sanajan wanita sagêd karaos
sakeca, nanging inggih botên sagêd karaos lêga. Dene cumbana ingkang ngantos
dangu wêkdalipun, manawi priya dèrèng widakda aji asmaragama, punika malah
adamêl anyêl manahing wanita.
Wontên
sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi citra tuwin pasariranipun wanita
punika kaperang pintên-pintên warni, wontên namanipun piyambak-piyambak, punika
manawi sinanggama inggih wontên kawruhipun piyambak-piyambak, anggènipun
ambukani (miwiti) nglêbêtakên pasta purusa, amrih enggal kabuka rahsanipun.
Nanging bab punika kajawi angèl anggènipun mastani utawi andunungakên sèlèhipun
satunggal-tunggaling citra wau, tuwin sagêdipun apal patrapipun miwiti,
sayêktosipun patrapipun wau inggih namung sakêdhik sangêt bedanipun kalihan
ingkang sampun kajarwa ing nginggil. Bakunipun patraping sanggama punika namung
kêdah amuriha kêri prasaning wanita, makatên salajêngipun, ngantos wanita
mudhar prasa, ing ngriku priya kêdah waspada ing sêmu, duk kala wanita badhe
mudhar prasa wau, pasta purusa kêdah ragi sinêru sêndhal dêdêlipun. Manawi
wanita sampun mudhar prasa, priya anyarêngana ngêdalakên kama, pasta purusa
katêtêpna ngantos pokipun dumugi ing kudhuping parji tuwin sirahipun dumugi ing
lesaning pranakan, lajêng kinèndêlana ing panggosokipun. Ing ngriku pucuking
pasta purusa karaos kados dipun amêti ing lambe keyong, inggih punika
wiwaraning wanita angêpuh kamaning priya, manawi kalêrêsan wahyaning măngsa
kala sang wanudya lajêng sagêd anggarbini. Adatipun sakalihan sênggoring napas
sêsarêngan, sarta mawi gănda ambêting hawa arum angambar pindha gandaning sêkar
malathi ingkang nêdhêng ambabar sari, mratandhani tumuruning cahya adi mulya
dhatêng guwa garbaning wanita alantaran priya.
Para
jêjaka dhusun ingkang kirang sêsêrêpan, sami mastani lesaning pranakan ingkang
warninipun kados silit ayam punika: kênthos, sarta sami ngintên manawi punika
dununging prasanipun pawèstri. Mila manawi cumbana ngarah sagêdipun sirahing
pasta purusa tansah nyenggol ing lènging pranakan wau sarana dipun
têtêp-têtêpakên. Pangintên punika botên lêrês, awit lènging pranakan punika
manawi kapêtêl, pawèstri karaos pêgêl, kirang sakeca, nanging manawi wanita
panuju mudhar prasa, măngka lènging pranakan wau kapêtêl ing sirahing pasta
purusa (dipun têtêpakên) punika wanita karaos marêm sangêt, lêga, tuwuk,
anggêripun botên kêsêron ing pamêtêlipun.
Wontên
malih sarjana ingkang kagungan pamanggih, manawi wanci wiwitipun wudharing
asmaragama tumrap wanita punika botên sami, miturut beda-bedaning kêkulitanipun
wanita. Nanging bedaning wanci wau botên kathah kaotipun, namung jam-jaman,
sadaya wanci dalu. Pancèn prayoginipun cumbana punika inggih wanci dalu, kiwa
têngênipun têngah dalu ngantos dumugi bangun enjing, awit ing wanci wau kajawi
sirêp tiyang, kawontênanipun wiji: pinuju pupul, manawi dados putra wahananipun
badhe kandêl wêwatêkanipun. Manawi wanci siyang kawontênanipun wiji pinuju amèr
amargi kadayan dening soroting surya, manawi dados putra wahananipun tipis
wêwatêkanipun. Ing sadèrèngipun cumbana utaminipun sampun ngantos sare rumiyin
ing sakalih-kalihipun.
III
Ngagêm
Aji Asmaragama Kêdah Mawi Lampah: Catur Brata.
Sadaya
ngèlmu punika katarimahipun kêdah dipun rangkêpi laku (lampah), makatên ugi
ngèlmi asmaragama punika inggih kêdah mawi lampah, dene lampahipun wontên kawan
prakawis (catur brata) kados ing ngandhap punika :
1.
Lila, inggih punika lila dhatêng kalong-longan,
têgêsipun nuruti sapanêdhanipun èstri.
2.
Narima, inggih punika narimah dhatêng lêladosan tuwin
cawisanipun èstri.
3.
Têmên, têgêsipun botên rêmên cidra, anuhonana ing
patêmbayan.
4.
Sabar, têgêsipun botên sugih duka, para apura ing
kalêpataning wanita.
Lampah
kawan prakawis ing inggil punika, manawi katarimah, sagêd amêwahi dayanipun aji
asmaragama, inggih punika wanita sagêd kadunungan trêsna, mantêp, srêgêp,
tumêmên, nguja sakarsaning priya.
IV
Rubedaning
Cumbana sarta Pambengkasipun.
Ingkang
prêlu kêdah sami dipun èngêti, manawi badhe nindakakên sacumbana punika:
panggalih kêdah sabar, sarănta, sampun daya-daya lumaksana, angêntosana manawi
sang pasta purusa sampun kiyat, kiyêng, santosa. Manawi dèrèng kiyat santosa
saèstu, măngka lajêng sinêru lumaksana, punika asring ambalenjani nèng wiwara,
panggalihing priya dèrèng lêga, sang wanita dèrèng mudhar prasa, kêsaru
wiyosipun Sang Hyang Kamajaya. Ingkang makatên punika kajawi priya piyambak
manggih cuwa, inggih cineda kabatosan dening wanita, amargi tiwas karaya-raya
wêwadi binuka, tibakipun boya măntra-măntra adamêl lêga, malah manggih gêla,
cuwa, kacariyos wanita ingkang sampun karaos kêri murinding măngka dèrèng
ngantos mudhar prasa lajêng dipun sampuni, punika kêjawi cuwa sangêt manahipun,
inggih karaos pêgêg boyokipun ngantos pintên-pintên jam dangunipun, arata, rak
mêsakakên.
Kathah
para mudha sami rêmên ngangge jampi awarni galêpungan utawi lisah wontên ing
pasta purusanipun, supados kuwawi sacumbana dangu, punika saking pamanggih kula
kirang prayogi, awit danguning cumbana wau lajêng botên timbang kalihan
kêkiyataning sarira, liripun, manawi sarira ringkih măngka lajêng sinêngka
kangge cumbana dangu: jalaran ngangge jampi wau, punika ngrisakakên sarira, tur
tarkadhang jampinipun wau inggih dèrèng kantênan manawi botên mawi dat ingkang
kirang prayogi tumrap kasarasaning sarira. Punapa malih danguning wanci wau
inggih dèrèng mêsthi damêl rênaning manahipun wanita. Pawèstri manawi
sinanggama ing kakung ingkang dèrèng lêbda dhatêng aji asmaragama, danguning
wanci wau malah adamêl mangkêl, anyêl, tumraping wanita, sarta karaos sakit.
Sanajan sinanggamaa pintên-pintên jam dangunipun, wanita angèl sagêdipun mudhar
prasa (ngêdalakên rahsa pita), malah wêwah anyêlipun. Suka pirênaning wanita
punika botên saking danguning wanci, inggih punika saking sagêdipun priya anuju
prasa, sarananipun widakda pangulahing sanggama tuwin waskitha mawas kêdhèp
liringing netra, inggih punika ingkang kawastanan kakung undhagi aji
asmaragama. Mila para mudha botên prayogi ngagêm jampi-jampi kasêbut
nginggil, dene sarana ingkang prayogi punika inggih namung sabar, sarèh, botên
daya-daya punika wau. sarta panggalih kêdah ênêng, êning, awas, eling,
pikantukipun :
Ênêng,
adamêl dangu wêdaling rahsa, angandêlakên wiji, manawi dados putra badhe
panjang yuswanipun.
Êning,
sagêd karaos nikmat munpangat, ambêningakên wiji manawi dados putra badhe
kadunungan watêk guna, kawasa.
Awas,
sagêd priksa ulat liringing wanita tuwin awon saening wiji.
Eling,
èngêt dhatêng wêwadosipun wanita tuwin èngêt amrênahakên wiji ingkang sae utawi
anglêbur wiji ingkang awon.
Samangke
nêrangakên rubedaning cumbana. Mênggah bedaning cumbana punika wontên
pintên-pintên bab kados ing ngandhap punika :
1.
Manawi sariraning priya sawêg kataman ing arip, sakit,
luwe, tuwin susah. Milanipun manawi priya sawêg kapandukan ing rubeda kawan
prakawis wau inggih prayogi sampun nindakakên sacumbana.
2.
Manawi priya cumbana kalihan wanita ingkang prasaning
rahsa botên tunggil băngsa. Kados ta manawi lêlawanan kalihan wanita wrêdha,
satêmah panggalih kapandukan ing raos êngah, gêla, cuwa, kêmba. Manawi lawanan
kalihan wanita ingkang kuciwa ing warni, panggalih lajêng kataman ing raos ewa,
mèrèng.[8] Manawi lawanan kalihan èstri ingkang awon sangêt gandanipun, satêmah
panggalih kadunungan raos nêg, gêg, gigu. Mila prayoginipun priya milih wanita
kagêm garwa punika ingkang ngatos-atos, kêdah ingkang nunggil băngsa prasaning
rahsa wau.
3.
Manawi priya botên kapadhan ing karsa ing salêbêting
cumbana. Mila prayoginipun priya sampun grusa-grusu, cumbana sarana roda paksa,
pangarih-arihipun dèn aririh, pamilutanipun dèn malat prana, rinungruma ing
sabda rum, sampun ngantos purunipun sarêsmi wanita wau namung jalaran ajrih ing
pamêksa sasaminipun, kêdah sarana sênêng parênging galih.
4.
Manawi pasta purusa dèrèng kiyat santosa lajêng sinêru
lumaksana, kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil. Mila prayoginipun, manawi
pasta purusa wau dèrèng kiyat saèstu, sampun ngantos katindakakên sacumbana
rumiyin, poma dèn sabar.
Mênggah
rubeda ăngka 4 punika pancèn kêrêp sangêt dipun alami dening para mudha ingkang
kirang sabaran. Manawi priya kataman ing rubeda wau, panulakipun makatên: pasta
purusa kêdah dipun kèndêlakên panggosokipun rumiyin, kados ingkang kasêbut ing
bab patraping cumbana manawi priya badhe kêlayu mudhar prasa. Ing salêbêtipun
kèndêl wau priya kêdah amêmulya kridha, têgêsipun amêmulih gagas, osik,
anggêlêngna prasa tuwin rahsa. Manawi katarimah, sapandurat kemawon, prasa
tuwin rahsa wau sagêd gumêlêng, satêmah lajêng sagêd tumindak malih ingkang
tanpa sangsaya. Nanging tinimbang makatên, inggih prayogi ingkang sabar punika wau.
V
Pangruktining
Sarira.
Wontên
sarjana ingkang kagungan pamanggih, para priya ingkang ngêmatakên aji
asmaragama punika prêlu sangêt dhahar: dhêdhaharan utawi jampi ingkang
anggadhahi daya bêntèr tumraping sarira, kados ta: ulam menda mawi bumbu marica
pala, tigan ayam mawi madu tuwin marica, sasaminipun, utawi malih kathah para
mudha ingkang sami rêmên ngunjuk jampi bangsanipun arak, supados kiyat. Punika
wau sadaya mênggahing kula inggih kirang condhong awit dhêdhaharan utawi
jampi-jampi ingkang kapratelakakên wau, dayanipun ingkang agêng namung prakawis
kiyating sanggama sarta ngindhakakên raos kêpengin cumbana,
lajêng
dados kakung ingkang barancah karêm dhatêng cumbana, satêmah adamêl risaking
sarira, prasasat anggege pêjah, jalaran kama punika kadadosan saking sari-sari
saking otot ingkang alus-alus miwah sungsum. Milanipun priya ingkang sangêt
karêm ulah langêning asmara punika adatipun sok kataman ing sêsakit ngêthok,
ngêrês, linu, pêgêl, suda paningal, sasaminipun, sarta inggih kenging
kawastanan ngècèr-ècèr satwa manimaya, wiji badhening manungsa, ingkang tamtu
badhe angsal bêbêndu saking ingkang maha kawasa, kacariyos cumbana punika
prayoginipun kêrêp-kêrêpipun ing salêbêtipun saminggu namung sapisan, langkung
saking saminggu saya prayogi.
Dene
ingkang prêlu kêdah dipun jagi punika bab kasarasaning sarira, sarananipun
rêsikan, sampun tumandang ingkang sarwa nyêngka (langkung saking ukuran), tuwin
adhahara dhêdhaharan ingkang prayogi tumrap sarira, kados ta: pêrêsan lêmbu,
tigan ayam, sêkul saking uwos ingkang taksih wuluh, kacang ijêm, sayur-sayuran,
sapanunggilanipun, bab punika para nupiksa tamtu botên kakilapan. Manawi karsa
ajêjampi jawi, para sêpuh paring piwulang: ajêjampia lêmpuyang. Kenging mawi
cabe sakêdhik kemawon. Kacariyos lêmpuyang punika sagêd nuntumakên urat-urat
ingkang lumêmpit utawi katalip. Dene unjuk-unjukan ingkang prayogi punika
bonggoling nampu. Kaabênan oyoding lêmpuyang, oyoding kunir, oyoding sêdhah,
oyoding rumput têki tuwin oyoding nampu, punika kacarub dados satunggal,
kagodhog ing toya ingkang ngantos tanêk, toyanipun kakantunakên sapalihipun.
Sadaya
ingkang sagêd ngindhakakên raos kêpengin sarêsmi punika saking pamanggih kula
malah prayogi sangêt dipun singkirana ing sawatawis, kados ta: kêkathahên
wungu, kêkathahên êsês (udud), ngunjuk kopi kêkênthêlên, dhahar lombok,
sasaminipun, ingkang adamêl bêntèr raosing sarira.
Pasta
purusa ingkang waras wiris, punika saking pamanah kula botên prayogi dipun
rekadaya: dipun unjuki jampi-jampi ingkang murugakên kiyêng kiyat, kuwawi
sarêsmi dangu. Awit dede kiyênging pasta purusa tuwin danguning wanci cumbana
punika ingkang sagêd damêl lêga rahsaning wanita, manawi priya dèrèng sagêd
susilaning sanggama. Ingkang murba wisesa anggènipun maringi gadhuhan
saranduning angga kita tamtu sampun mawi ukuran kêkiyatan ingkang timbang
kalihan pigunanipun. Amurih kiyating pasta purusa tuwin danguning cumbana,
botên wontên sarana malih ingkang prayogi, mikantuki, kajawi namung saking
sabaring panggalih punika.
Dene
ingkang prêlu tumrap para mudha punika namung sampun ngantos tumindak utawi
dhahar dhêdhaharan ingkang sagêd ngêndhokakên
pasta
purusa, kados ta: kêlan terong, êsês mawi uwur kalêmbak, pucuk,
sapanunggilanipun. Sampun lênggah ing papan asrêp, andhodhok kêdangon, malumpat
wiyar, sadaya punika sagêd ngêndhokakên purus.
Nanging
manawi priya pancèn kataman ing sakit kirang kiyat pasta purusanipun, inggih
punika pêluh utawi mêlur, punika inggih prayogi dipun jampèni ing saprêlunipun,
adatipun priya ingkang kataman sêsakit makatên punika, manawi botên kenging
alangan sanèsipun, jalaranipun saking karêm ulah asmara ingkang ngantos
langkung saking takêr. Jampinipun: kêdah cêgah sanggama rumiyin ngantos
samantunipun, wungu sarta siram sabên enjing, ebahing sarira ingkang ajêg,
dhahara dhêdhaharan ingkang sarwa êmpuk sarta adamêl kiyat tumraping sarira,
wosipun sarira kalihan panggalih kêdah tansah dipun sêsêgêr. Ingkang langkung
prayogi inggih punika nyuwun pitulunganipun dhoktêr tuwin mituhu ing
sapitêdahipun.
VI
Tumuruning
Wiji kang Winadi.
Kacariyos
malêbêtipun wiji punika anyarêngi lêbêting napasipun bapa, nuntên uminêb wontên
ing utêk, lajêng rêmbês dhatêng panon, inggih punika sarining utêk ingkang
manggèn wontên salêbêting manik. Wiji ing sasampunipun wontên ing ngriku kawawa
manuksma ing pramana, sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana andayani saeka
karsa, nuntên anarik daya sêrênging sacumbana. Punika manawi cinêgah dados
paedah, inggih punika sagêd mêwahi muncaring pangèksi, dene manawi linantur
dados batur, liripun sagêd mahanani putra.
Mênggah
badhe kadadosanipun putra wau ing têmbenipun, punika manut êmpaning cipta sarta
urubing pramana wau. Awit duk kala wau wiji sumusup ing pramana lajêng nunggil
urubing pramana, punika upami têtêdhan: sagrênêking ciptanipun wau minăngka
bumbu, urubing pramananipun minăngka bau. Bumbu manawi sampun kaulêt ing bau,
raosipun lajêng kêmpal, dene matêngipun kaolah wontên ing pabrik ingkang
sakalangkung prêmati, dumunung ing guwa garbaning rena, kawastanan yitna maya.
Tăndha
yêktinipun manawi kadadosaning putra wau miturut êmpan tancêbing cipta nalika
sami sacumbana, pêpukiran utawi wêwatêkaning putra punika ingkang kathah mèmpêr
kalihan yayah renanipun, jalaran ing nalika pêpasihan wau tancêbing cipta ing
sakalih-kalihipun sami kadunungan wêlas tuwin trêsna. Nanging tarkadhang
pêpukiran utawi wêwatêkaning putra wau mèmpêr kalihan kaki nini, sanak
sadhèrèk, tiyang ingkang sangêt dipun trêsnani utawi sangêt dipun gêthingi ing
yayah renanipun, punika sababipun inggih saking tancêbing ciptanipun yayah rena
duk kala sarêsmi wau sawêg tumuju dhatêng kaki nini, sanak sadhèrèk, tiyang
ingkang dipun trêsnani utawi dipun gêthingi wau. Milanipun manawi sami cumbana
kalihan garwanipun ngatos-atos, sampun ngantos kasêlanan cipta ingkang badhe
mahanani kirang prayogi kadadosanipun. Lêrês sangêt para sêpuh sami paring
wasita wanti-wanti dhatêng putra wayah: manawi mêntas saking kakesahan,
ngabotohan, kagèt, gumun, sasaminipun, sampun ngantos cumbana kalihan garwa,
ingkang dipun kawekani: bokmanawi ing salêbêtipun sacumbana lajêng kagagas
punapa ingkang mêntas dipun sipati kala wau.
Bab
wahananing wiji miturut daya tancêbing cipta punika, mila botên anèh manawi
putranipun sujanma ingkang ambêk pinandhita wontên ingkang botên dados abahan,
anakipun tiyang ingkang karêm lampah maksiyat dados tiyang ingkang utami. Awit
sang ambêk pinandhita wau duk kala sarêsmi kalihan garwanipun bokmanawi sawêg
kasêlanan cipta ingkang kirang prayogi, pun tiyang ingkang karêm lampah
maksiyat pinuju kasêlanan cipta ingkang adi. Inggih punika lênggahipun bêbasan:
băngsa punika madosi bangsanipun (soort zoekt soort). Nanging mênggah
lêlampahanipun sang ambêk pinandhita kalihan tiyang ingkang karêm lampah
maksiyat wau punika kenging kawastanan sawêg kapinujon utawi dumadakan
(nyêbal), manawi adatipun: tiyang ingkang kulina ulah puja brata punika yêkti
kathah kaèngêtanipun, tancêbing ciptanipun inggih kêrêp cipta ingkang utami.
Tiyang ingkang rêmên lampah maksiyatan, punika tancêbing ciptanipun inggih
kêrêp cipta ingkang kirang prayogi, wusana dadosipun putra inggih sami mirib
kalihan tiyang sêpuhipun, bêbasanipun: kacang botên nilar lanjaranipun.
Wontên
malih katrangan bab dayaning cipta ing salêbêtipun sacumbana, kacariyosakên
makatên: manawi nalika sacumbana punika sêrênging driya dumunung wontên ing
priya, punika manawi nglêrêsi wahyaning măngsakala sagêd dados putra, badhe
mahanani putra èstri, amargi sêrênging driya wau prasasat anyipta putri ingkang
endah ing warni. Kosokwangsulipun manawi arda sêrênging driya dumunung wontên
ing wanita, punika manawi dados putra mahanani putra kakung. Ingkang
kathah-kathah, bapa punika trêsna dhatêng anak èstri, biyung kathah trêsnanipun
dhatêng anak jalêr, punika bokmanawi jalaran bapa ingkang prasasat nyipta anak
èstri, biyung ingkang nyipta anak jalêr punika wau. Ing Sêrat Widyakirana[9]
amratelakakên miturut suraosipun Sêrat Jitabsara, karanganipun Bagawan Palasara
ing wukir Martawu, bab wijanganing wiji punika kados ing ngandhap punika:
Manawi
wiji wujudipun kandêl, ing têmbe badhe mahanani putra kandêl manahipun, manawi
tipis, inggih tipis manahipun, yèn wiji wau agêng, mahanani budi jêmbar, yèn
alit, yêkti rupak budinipun, bilih wiji wau mancorong, badhe mahanani budi
ayêman, bilih bêsêm, inggih badhe mahanani watak sungkawan.
Manawi
cumbana ing wanci siyang, ingkang tamtu wiji wau tipis, amargi pramana
nêdhêngipun amèr, yèn wanci dalu kandêl, amargi pramana nêdhêngipun pupul. Mila
utaminipun cumbana punika ing wanci akiring dalu dumugi bangun enjing.
Bab
wahananing wiji miturut dhatêng ingkang andarbeni daya panggèndèng,
kapratelakakên kados ing ngandhap punika:
Manungsa
ingkang sawêg tuwuh tancêbing cipta wêlas asih, ingkang tamtu urubing pramana
warni pêthak sumirat biru amaya-maya, măngka lajêng kataman ênêng, punika
lajêng kawawa narik wiji, ingkang sumusup inggih sami kalihan urubing pramana
wau, ing têmbe manawi mahanani putra: sarwa jatmika, alus kabudayanipun, asih
wêlasan, ananging kirang panggraitanipun.
Manawi
manungsa sawêg katuwuhan tancêbing cipta: rila, lêgawa, urubing pramana tuwin
wiji warni jêne sumirat ijêm, ing têmbe badhe mahanani putra bèrbudi, lantip
panggraitanipun, kajèn sasamining tumitah.
Manawi
tancêbing cipta pinuju mardi kabudayan, urubing pramananipun tuwin wiji: abrit
ambaranang, ing têmbe manawi mahanani putra: limpad pasanging panggraita, wasis
ing pamicara sarta emutan, ananging cugêtan manah.
Manawi
manungsa sawêg tuwuh tancêbing cipta runtik sapanunggilanipun, ingkang tamtu
urubing pramana tuwin wiji warni cêmêng mêlês, ing têmbe manawi mahanani putra,
santosa dhatêng kaawonan, panasbaranan tur bodho dhatêng kabudayan.
Manawi
sawêg tuwuh tancêbing cipta mêthuthuk, gumunggung, rumaos kalêrêsan sasolah
bawanipun, urubing pramana tuwin wiji: biru muyêg sumirat amarakata, badhe
mahanani putra sae manahipun, sarta andarbèni karilan, ananging sangêt bodho.
Manawi
sawêg katuwuhan tancêbing cipta drêngki, urubing pramana tuwin wiji warni wungu
sumirat, ing têmbe badhe mahanani putra andaluya, dora ing pamicara, rêmên
pandamêl ngiwa, asring kenging sêsakit gêndhêng tuwin wuta.
Manawi
sawêg tuwuh tancêbing cipta tarima, urubing pramana tuwin wiji: ijêm
angênguwung, ing têmbe manawi mahanani putra ambêk apura paramarta, rila,
tarima, lêgawa.
Manawi
sujanma kulina nungku puja brata, asih sasamining dudi,[10] ambêk paramarta,
têmên, narima, ingkang tamtu urubing pramana tuwin wiji warni ijêm nèm muncar
maya-maya, ing têmbe manawi mahanani putra: wicaksana, lêpasing pambudi
langkung saking sasaminipun manusa, sagêd mêngku darajad agêng.
Sarèhning
wiji punika bangsanipun alus, dados sagêdipun priksa inggih kêdah sarana
alusing pandulu, inggih punika saking êninging panggalih, sirnaning karsa,
sarèhing panggănda, lêrêming păncadriya, jatmikaning solah bawa.
Ing
ngajêng ugi sampun kapratelakakên, ing salêbêting sacumbana punika panggalih
kêdah ênêng, êning, awas, eling. Pikantukipun ênêng: adamêl dangu wêdaling
rahsa tuwin ngandêlakên wiji. Êning: sagêd karaos nikmat manpangat tuwin
ambêningakên wiji. Awas: sagêd pariksa awon saenipun wiji ingkang sumusup,
sarana nyatitèkakên sagrênêking cipta ing wêkdal punika. Eling: inggih punika
èngêt amrênahakên wiji ingkang sae utawi nglêbur wiji ingkang awon. Manawi wiji
ingkang sumusup wau sae, kaprênahna punapa samêsthinipun, sagêdipun katampèn
ing lènging pranakan, manawi wiji ingkang sumusup wau awon, kêdah kalêbur
sarana santosa, sampun ngantos korup nuruti sêngsêming karsa, inggih punika
kêdah kasilipakên mangandhap utawi manginggil, utawi kawutahakên wontên ing
jawi kemawon, wosipun sampun ngantos kamaning priya wau katampèn lènging
pranakan.
VII
Panunggilanipun
Aji Asmaragama.
Aji
asmaragama punika wontên panunggilanipun pintên-pintên asmara, para nawung
kridha sami yasa nama piyambak-piyambak. Ing ngandhap punika katêrangakên
namung ingkang kamanah prêlu-prêlu kemawon:
Asmara
Sabda
Asmara
têgêsipun: sêngsêm, sabda: pangandika. Pikajêngipun sêngsêma sapocapan, utawi
sêngsêma dening dayaning pangandika.
Ing
ngajêng sampun kacariyosakên, priya dhatêng wanita ingkang pinurih trêsnanipun,
punika kêdah angêmpakna têmbung manis manuhara, pamilutanipun ingkang sagêd
anuju prana, pangalêmbananipun ingkang sagêd anuju karsa. Ing sadèrèngipun
wiwit nandukakên sabda arum manis wau, priya mawi amaosa mantranipun aji asmara
sabda ing salêbêting batos makatên :
Hong
Hyang Hyang Kamajaya dumarèng karasikan, surapsarèng asmara, acanèng ulun
lumarapa, makêcêp ring wanita ika, sing dayèng aji asmara sabda, myang wisesèng
paduka. Aji asmara sabda wau manawi katarimah sagêd ambuka sêngsêming wanudya
satêmah kadunungan manah asih trêsna, pikantukipun anggampilakên tumindakipun
asmaragama.
Ing
sêrat piwulang Panitisastra, gêgubahanipun Bagawan Palasara, ingkang sampun
kajarwakakên dening Sang Prabu Jayabaya, ing bab 3, nyêbutakên makatên: yèn
wontên ngarsanipun mêngsah umuka ing sabarang damêl, yèn wontên ngarsanipun
pandhita angraosana rahsaning ngèlmi tuwin kawruh, yèn dhatêng pawèstri
angungruma pangandika ingkang akarya kasmaraning galih.
Asmara
Cipta.
Asmara
têgêsipun: sêngsêm, cipta inggih cipta utawi osiking manah. Pikajêngipun:
sêngsêma ciptanira utawi sêngsêma dening dayaning cipta.
Ing
bab patraping cumbana sampun kapratelakakên sakêdhik bab aji asmara cipta,
inggih punika nalikanipun cumbana, priya anggêlêngna cipta: angalapa manah
tuwin nyawanipun èstri. Aji asmara cipta ingkang makatên wau, manawi katarimah,
wanita sagêd karaos marêm carêm têrusing manah, awit botên namung kalêgan
dening patrap pangulahing sanggama kemawon, sayêktosipun kalêgan rahsanipun
sajati. Asmara cipta ingkang kasêbut ing nginggil punika botên ngangge waosan
măntra, awit sampun kawêngku ing măntra asmaragama.
Aji
asmara cipta punika ugi sagêd kangge sarana ngangkah pawèstri (pangasihan)
lampahipun makatên:
Priya
kêdah anyirika sanggama tuwin asêsirih ing sakêparêngipun (ngêngirangi dhahar
nendra) minăngka lampah. Dangunipun pitung dintên pitung dalu, saya dangu malih
saya utami, upaminipun 40 dintên 40 dalu.
Manawi
ing dalunipun badhe matrapakên asmara cipta wau, priya sêsucia rumiyin, wiwit
sontên sampun ngantos sare. Ing wanci têngah dalu lajêng lênggaha, sarira
kasèndhèkna, patrapipun kados lênggah sêmèdi. Ing ngriku tumuntên angêningna
paningal, amêpêta păncadriya, pamirsa, panggănda, pamiyarsa, pangraos tuwin
pamiraos, lajêng anyiptaa: mujudakên warnining wanodya ingkang kaangkah wau,
yèn sampun wujud saluguning warni, lajêng sinanggamaa saking êmpaning cipta
kemawon, sinartan maos măntra makatên: hong Hyang Hyang Kamajaya dumarèng
karasikan, surapsarèng asmara, sotèng ulun lumarapa, makêcêp ring wanita ika,
sing dayèng aji asmara cipta, myang wisesèng paduka. Manawi sampun widagda
sayêktos anggènipun matrapakên, adat ingkang sampun kalampahan, wanita ingkang
kaangkah wau lajêng supêna kados sinanggama ing kakung ingkang nyipta wau,
satêmah lajêng nandhang wiyoga (gandrung) saking sangêting wiyoga ngantos
mêntala mahyakakên saraosing driya (marahi), tarkadhang tan sarănta lajêng
dhatêng nginggah-inggahi.
Nanging,
para mudha kêdah èngêt: manawi wanita wau manahipun rêsik, suci, ahli puja
brata, punika asmara ciptaning priya wau botên sagêd tumama, awit kawon prabawa
kalihan kasucianipun wau, satêmah tuwuk tanpa dadya, malah wangsulipun cipta
ingkang lumêpas wau sagêd andadosakên kirang prayogi tumrap ingkang gadhahi
cipta, milanipun sampun agahan nindakakên asmara cipta.
Asmara
Wanita.
Asmara
têgêsipun: sêngsêm, wanita: pawèstri. Pikajêngipun: sêngsêmipun dening
wêwadining pawèstri sampun kasumêrêpan.
Mênggah
asmara wanita punika pigunanipun inggih kalih warni, inggih punika kangge
ambuka rahsaning wanita kalihan kangge pangasihan.
Kacariyos
rahsaning wanita punika botên ngêmungakên dumunung ing baga kemawon,
sayêktosipun wontên ing saranduning badan sadaya, sabên sadintên sadalu alihan.
Patrapipun priya nindakakên asmara wanita punika kados nindakakên asmara cipta,
nanging pawèstri kêdah katingal kasat mata. Sanajan pawèstri pinuju sareyan,
lênggah, lumampah, ugi kenging katindakakên, patrapipun makatên: priya
angêningna cipta, amêpêta păncadriya, amêgênga rahsaning sanggama, nuntên
rahsaning sanggama wau katarika lajêng katancêbna wontên ing cipta, manawi
sampun botên ewah, lajêng katarika malih katancêbna wontên ing panon, manawi sampun
botên ewah malih, lajêng kalêpasna dhatêng pundi saranduning badanipun wanita
ingkang pinuju kadunungan rahsa, sinarêngana maos măntra makatên: hong Hyang
Hyang Kamajaya dumarèng karasikan, surap sarèng asmara, kang wanita rumarasa,
kataman kanang rahsa mulya, sing dayèng aji asmara wanita, myang wisesèng
paduka. Manawi sampun widagda anggènipun nindakakên, wanita ingkang kalêpasan
wau lajêng kagèt, anjingkat, sanajan pinuju tilêm kêpati inggih mêksa sagêd
ngalilir, sarta gadhah raos kados sinanggama. Èstri ingkang kataman makatên wau
sêngsêmipun kadosdene kataman asmara cipta.
Dene
asmara wanita ingkang kangge pambukaning rahsa, paedah anggampilakên
tumindaking asmaragama, patrapipun nindakakên makatên: duk kala rahsaning
sanggama wau sampun tumancêb ing cipta, manawi sampun botên ewah, lajêng
katarika malih, nanging botên katancêbakên ing panon, inggih punika kadèkèka
wontên ing pucuking dariji, dariji wau lajêng kagrayangna ing pundi saranduning
badanipun wanita ingkang pinuju kasèrènan rahsa, sinartan matêk măntra kados
ingkang kajarwa ing nginggil. Adat ingkang sampun kalampahan, wanita ingkang
kagrayang wau raosipun kados sampun sinanggama, sarira gumriming marinding
anandhang minta tandhing, korining Sang Hyang Kamajaya sampun kabuka, satêmah
anggampilakên tumindaking asmaragama.
Mênggah
dununging rahsaning wanita ingkang sabên sadintên sadalu alihan punika
pratelanipun makatên, tanggal 1 manggèn wontên ing pucuking jêmpol suku ingkang
têngên, minggah-minggah dumugi tanggal 15 manggèn wontên ing têngahing alis ugi
ingkang têngên, nuntên tanggal 16 pindhah wontên têngahing alis ingkang kiwa,
mêdhak-bêdhak dumugi tanggal 30 wontên ing pucuking jêmpol suku ingkang kiwa.
Tanggal punika tanggal Jawi. Supados gampil anggènipun ngapalakên, kula
sêkarakên dhandhanggêndhis dados tigang pada, nanging dhong-dhingipun inggih
namung sadhawah-dhawahipun kemawon, kados ing ngandhap punika:
Rahsaning
dyah dununging mêmanis | tanggal pisan lawan tigang dasa | pucuk jêmpol suku
manggèn | kalih lan sanga likur | nèng têngahing tlapakan nênggih | tiga wolu
likurnya | têngah tungkak suku | catur pitu likur têngah ing kêmiri | gangsal
nêm likur manggyan ing | têngah kempol punika ||
Tanggal
nênêm lan salawe mungging | pucuk jêngku pitu patlikurnya | têngahing pupu
sumèrèn | wolu lan tiga likur | têngah bocong dunungirèki | sanga kalih
likurnya | têngah baganipun | sadasa salikur manggyan | têngah pusêr sawêlas
lan kalih dèsi | ing têngah payudara ||
Kalih
wêlas lan sangalas mungging | têngah janggut tiga wlas wolulas | manggèn ing
têngahing lambe | patblas pitulasipun | pucuk grana gyanning rahsa di | gangsal
wêlas nêmbêlas | têngah imba iku | tanggal kang dhihin sinêbat | apan kanan de
kang wuri sisih kering | yèku nut tanggal Jawa ||
Asmara
Tăntra.
Asmara
têgêsipun: sêngsêm, tăntra: bala, utawi tiyang kathah, pikajêngipun: sêngsêma
tiyang kathah punika.
Asmara
tăntra punika pigunanipun: nyanggama wanita satunggal nanging wanita
pintên-pintên ingkang sampun nate sinanggama: sagêd karaos sadaya. Patrapipun
makatên:
Ing
salêbêtipun nyanggama, sasampunipun maos mantranipun aji asmaragama, utawi
botên, amargi mangke badhe kawêngku ing asmara tăntra, priya wiwita
angêningakên cipta anglêrêmna păncadriya, nuntên anarika rahsaning sanggama
(rahsanipun piyambak) rahsa wau katancêbna wontên ing cipta, nuntên anyiptaa:
mujudakên warnining wanita sapintên kathahipun ingkang badhe sinung rahsaning
sanggama wau. Manawi sampun wujud lugu sajatining warni, kadosdene lampahing
asmara cipta, lajêng sinanggamaa saking êmpaning cipta kemawon, dene
mantranipun makatên: hong Hyang Hyang Kamajaya Ratih, surapsara surapsarièng
asmara, ulun mawisik wanita, matêmah yumana kang rahsa, prahasana ring wanita
samoa, kanang ulun cipta, sing dayèng aji asmara tăntra, myang wisesèng paduka.
Lajêng angêdalna rahsa, inggih rahsanipun pribadi. Katarimahipun aji asmara
tăntra wau, wanita-wanita ciptan wau sagêd karaos sinanggama ing alam supêna
sarta marêm carêmipun ugi tan prabeda kados sinanggama ing sawantahipun.
Kacariyos Radèn Dananjaya ingkang dados lananging jagad, Prabu Arjunasasra
ingkang garwanipun dhomas (800), sarta Prabu Suryamisesa ing Jênggalamanik
(Panji Inu Kartapati), punika anggènipun nyarambahi asung rahsa sarta nguja
karsaning wanita ugi ngagêm aji asmara tăntra wau. Walahualam.
Pungkasaning
Atur.
Dumugi
samantên, pangraos kula sampun cêkap pangimpun kula kawruh sanggama punika.
Manawi kula talusur malih maksudipun aji asmaragama punika, kajawi minăngka
sarana adamêl lêga tumraping wanita ing salêbêtipun cumbana, tuwin pambudidaya
sagêda kasinungan putra ingkang utama, inggih ugi minăngka panggarenda dhatêng
para mudha, supados sami ngulinakakên agêningakên cipta, amêpêt păncadriya,
analiti sajatining wiji, ingkang dahat sinandi, tuwin wadining dumadi. Manawi
dipun lampahi kanthi têmên-têmên, ingkang tamtu inggih tinêmu têmênan. Nanging
manawi panggilutipun sêmbarangan, panindakipun namung kangge mainan, namung
kèrêm dhatêng ulah kridhaning sarêsmi sayêkti inggih malati, angrisakakên jiwa
ragi. Mila sadhèrèk kula para mudha ingkang kasdu maos sêrat punika, poma dipun
waspada uwosing wasita. Pemut kula :
Rasakêna
yayah madu brangti | dèn ta mamèt uwosing wasita | bralanana mrih pratamèng |
tata susilèng lulut | ketang ngèsthi kotamèng siwi | salamêt mêngku garwa |
wajibing priya nung | kalamun sisip ciptanta | dhinêsêking tyas kèrêm langêning
rêsmi | risak jiwangganira ||
Tamat.