Dhandhanggula Ambal Warsa Kinasih Diajeng Ayu Titi

0

 Dhandhanggula Ambal Warsa Kinasih Diajeng Ayu Titi




Sekar dhandhanggula kang rinakit, 

Kula atur maring pawiyatan keluwarga ugi sesami sapadha-padha,

Engkang Kinasih Diajeng Ayu Titi kang asmane,

Mugiya wuwuh luhur,

Tuhu moncer sarwa linuwih,

Jejeg ing sedami,

Agama tinuhu,

Gulowenthah peputro kekaleh

Sesami sak podho-podho dwija binerkahan,

Kacintrakan rubeda sedaya kalis,

Wilujeng ambal warsa.


Engkang Kinasih saniki

ambal warsa kaping patangdoso wolu

wilangan rolikur tanggale, wulane pebruari wonten taun sewu sangangatus pitungpuluh lima, pangarsanipun saking Gusti Pengeran Kang Murbehing Jagad 


Rahayu selaminya

Tinebih ing bebendu

Cinaket kuncara mulya

Mugi tansah pikantuk suka basuki 

Kalis ing sambekala


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)