SESANTI TEMBANG WIPULA MANUMAYASA (Serat Sekar Jinarwi anggitanipun Sri Harto Jati)

0

 SESANTI TEMBANG WIPULA MANUMAYASA

(Serat Sekar Jinarwi anggitanipun Sri Harto Jati)




Saklebeting manahengkung Sang Resi Manumayasa dipun jugaraken dening Batara Narada sarta paring sabda sesanti mawi Tembang Wipula : "Hong sutama duyama partwa, lila prasidheng sinita, hong sutama mugwing sokita."

Tegese : "Dhuh utama temen kang santosa ing budi, sayekti dadi sabarang kang cinipta, duh utama temen kang tetulung ing kasusahan, sayekti nemu ing kabungahan."

Sasampunipun paring sabda, batara Naroda tumuli kundur ing makayangan.


Rikating carita Begawan Manumayasa dipun adep dening para raja tuwin satriya ingkang sampun dangu dados putra siswanipun. Sang Begawan kepareng amedar sabda : "Sira kabeh iku satriya ulah praja, sayekti amung sumurup marang sarupaning kang katon dening netra kepala bae, beda karo sing tinitah pandhita ulah puja brata, yen katarima sayekti ora samar marang saulah kridaning jagad".


Sarehning sira iku tinitah satriya ulah praja anglakanana ulah praja, mungguh utamane wong ulah praja iku kudu hambeg sarahita, darmahita, samahita ing mangka siji-sijine iku ora gampang lan yen gothang salah siji wae dadi cacad.


Sarahita iku ulah kaprajuritan, iku kudu putus ing gelar, waskitha ing pangreh aju-unjuing wadya, widagda mangulahing sara dibya, sudira anerang baya kanti weweka lan kasujanan.


Dharmahita iku kudu elingan, tegese kudu sambegana, nawungkrida lan waskita ing solahbawa, alelandasan ambeg marta tama.


Samahita tegese tatakrama wong ulah tata krama iku kudu paramengsastra, limpat ing tembung, jajah ing layang-layang carita, alelandasan budi jatmika anuraga.

Lah iya iku anggon-anggonne wong ulah praja.


Dene wong ulah puja brata iku kudu mungkur ing kadonyan iki kabeh, amekak ati aja kapulet ingkang tang yogya, kang indriya pada cinekel sawisayane, ora tinurut ing kekarepane, ORA KENA ASIH ORA KENA GETHING marang sarupaning titah, ora kena bungah ora kena susah lan prihatin (nampa susah ora beda karo nampa bungah tegese atine bening tentrem), aja ngrasakake adem aja ngrasakake panas (ora gampang diobong nesu utawa diblituk alus tembung manis), ora kena turu ora kena mangan (turu kanggo tamba ngantuk, mangan amung kanggo tamba luwe), amung amungku puja angesti tentreming driya, lang ngesthi kawruh kang luhung, yen wus bisa mangkana iku lagi kena ingaran madeg kapanditan tansah diemong SEMAR (semar lambang wahyu 8 perkara).

Dadi yen putih ya putih tenan aja kaya hantiga jaba putih jera kuning. Utamane pandhita iku yen wus mungkur saka pawewehing liyan iku pantes sira guranana.





Wasana menawi wonten ukara ingkang boten mranani ing dhiri, kula nyuwun agunging pangaksami.

Salam budaya 

RAHAYU RAHAYU RAHAYU


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)