Bocah Bajang :  Ana titah awujud bocah bajang sakembaran, Gombak kalawan kuncung.   Kang satunggal asenjata sada lanang karsanira anyaponi jagat, sajuga anyangking bathok bolu, sanggupira arsa nawu sagara.   Kekarone papagan ing dlanggung prapatan, sulayaning rembag dadya pancakara, dreg-udregan rebut bener, rebut unggul.