SIH RAHMATE GUSTI ANYEGERAKE
Kahanan ing negri iki kang pendhak dina kita nyipati ing têngahing masarakat uripe ngalami kekisruhan, ana bae rakyat cilik uripe ketula-tula dikuya-kuya, didhesek/diêsuk dening warga liyane kang duwe prabawa/Kuwasa.
Nadyan mangkono,
Sih rahmate Gusti pendhak esuk anyegerake sedina natas,
tan kendhat ganjaran kang kasinungan.
Ohh Sang Lintang Pajar kang padhang crah, cahyaning karumentahna,
têmahan ing nala kêbak trang lan Sih Rahmate Gusti.
Kasingkirna pepeteng ing arcapada. kwasa jahat kausira,
kasinungana kebak ing tentram rahayu tinuntun Astane Gusti.
Kalancarna trang margining umat nadyan donya kebak reribed,
klawan teguh pracaya Gusti kang mikukuhake.
Kawicaksanan dumadi marang kang kawogan kanggo ngudhar reribed,
mugya rahayu kang tinemu...
Aamin

