SIH PRANAWA JATI GINANJAR TULUSING ATI - SESAJI RAJASUYA BAGIRATRI
Kaya sesotya kang coplok saka ngembanan inggih raja muda Hastinapura prabu Maha Bisa(Nahusa). Eling-eling tendaking aldaka rembesing mafu turune andanawareh yaiku kang bisa ngereh sipat-sipat danawa ananging jejering manungsa tetep manungsa kesinungan luput apes lan lali,
Nuju alelana brata memba pekatik pados suket wonten ing ereng-erenging gunung sewu, Prabu Maha Bisa nyumurupi Haswaweda wujud korban kuda kagem jajah negari ingkang den lewati. Dilalsh kersane kawasa kuda mandeg wonten ngarepe pekatik jarah sukete, dipun gusah kuda dadosaken muntabe putra-putra ayodya mara tangan pekatik dijempalani nganti ora rupa manungsa di idoni ditinggal saenggon-enggon.
Nanging ana parmane dewa putra prabu Sagara inggih raden Bagiratri paring toya umjukan marang si pekatik, sawuse ngombe sipekatik seger waras kaya ing nguni-uni tumuli matur :
Pekatik : " Dhuh raden mboten pangling paduka punika pangeran pati ing Ayodya aran raden Bagiratri, dados aken kaget manah kula dupi nyumurupi ancas paduka badhe ngelar jajahan anggebak perang, kados pundi panjerite kawula ingkang sami ketaman. Alas ingkang kaliwatan haswa wedha dipun beseng dadi areng, sedaya kapurih anyekseni bilih prabu segara punika utusane jagad, punawa wonten utusane jagad golek seksi , kok boten buktekaken manawi prayata temen-temen utusan jagad mawi cara damel kamulyan sing kekurangan bisa dadi kecukupan, sing lara bisa waluya...lan sakpiturutipun. Manawi maspadakaken tingkah paduka punika deder yatim deder won miskin keluwen amarga perang, manawi sampun kelaleng paduka tartamtu sesorah elinga marang Kang Maha Kawasa welasana bocah yatim wenehana pangan wong miskin , sejatinipun kang damel miskin yatim punika Raden Bagiratri piyambak."
Bagiratri: " Hek ...pekatik ora susah kakeyan wuwus, iku kabeh dudu karepku nanging wus daci kekancing negara Ayodya dening rama prabu Sagara kudu ngadani Haswawedha., iki ana kekucah saka aku emas sing ora sepira ajine saka labet suketmu dipangan kudaku, andum basuki hek ..pekatik wus mangsa bodhoa."
Nggemprang kaya kidang lampah kretane raden Bagiratri nututi lampahe haswaweda. kaget raden Bagiratri dupi ningali ingkang paman, sedulur-sedulure tuwin prajurit sakhaksaini ajur lebur dadi awu, amargi kenging sorot netrane resi Arkila wungu tapa sabab kebrebegan Haswaweda. Resi Arkhila paring sabda :
Arkhila : " Kulup Bagiratri kawruhana dene sukmane paman-pamanmu lan sedulurmu sakprajurite padha klambrangan kaya kinjeng datanpa sotya, bisane mulih marang wulan-wulanira kudu bisa ngrawuhake Bathari Gangga kanggo nyuceni wadhage kang wus dadi awu."
Nampi dhawuhe Resi Arkhila tumuli Raden Bagiratri muja samadi datan pati-pati wudar manawi dhereng saged ngrawuhaken bathari Gangga, kari balung kulit Sang Bagiratri bebasane dadi dog pengamun-pengamun bakal den ujudi nadyan bubar jagade dereng bubar gegayuhane. Wahuta ingkang memba sudra inggih prabu Maha bisa kamiwelasen nyumurupi raden Bagiratri, pangandikane Widhi punika nuruti rasa kang murni rasa asih ing sesami. Prabu Maha Bisa ngeningken puja amung sakedeping netra wus lumarap wonten ngarsane Bathara Guru Ya sang Bathara Giri nata.
Bathara Guru anampi sowane Prabu Maha Bisa nuli kalenggahaken sinambi mirsani beksane bathati Gangga, gandhes luwes anggenipun beksa kairing gamelan lokanantha. Sang panungguling dewa Bathara bayu bonten saged ngampet branta meses ngengya maruta jalari kisis busananae bathari gangga ngleggena kaya golek kencana kang bisa tata jalma, para dewa samya nundukaken praupan amung Prabu Maha Bisa mentheleng jingleng jingklak-jingklak lali purwa duksina. Lumaris bathari Gangga wonten wingkinge bathara Guru kang murka memba Raseksa tumuli paring sot kang nistha :
Bethara Guru : " He....Maha bisa eling-elingen, manungsa iku yen seneng nyumurupi kawiranganeng liyan, adat tembene ora bakal sampurna patine mesthi nitis marang sato kewan yen beja marang manungsa."
Maha Bisa : " Ya Bathara Guru , aku teka mrene ana sing nglakoke uga sing ngatur yaiku Kawasa. Yen wis kinodrat Maha Bisa kudu manjalma besok marang turunku aran Bathara Siwa Sentanu, ya Senranu Dewa.
Lan wiwit dina iki Dewi Gangga arep takjaluk takjatukrama dadi prameswari ing negara Hastina, yen ora ngulungake apa klakon Gunung Tengguru bakal takjugrukake."
Muntap Bathara Gono lan Bathara Kartikeya angglandang Prabu Maha Bisa medal ing prapat kepanasan dadosaken panca bakah, Lantip panggrahitanipun Prabu Maha bhisa Bathara Gana tuwin Kartikea kacepen kasawataken dhateng sapine Resi Gotama pejak kapisanan, makaten wengising sabda :
Resi Gotama : " He... Maha Bisa , ayo tandhingmu aku dudu panjenengane para dewa."
Maha bisa : " He... pendita cecingkluk golek pincuk, oleh triman widadari wae ora teblat. Ora susah ngumbar umuk endhi pusakamu surya kantha ayo tamakna taktadahi dhadha."
Sorote suryakantha linepasaken datheng prabu Mahabisa balik ngengingi rabute Bathara Guru kang adiwut-diwut kaya ron lata imbanging aldaka jalari dawah sang Bathari Gangga. Grojog toyane Bathari Gangga saking pucuking gunung Sewu, semune boten karenan ing penggalih ngamuk nglelepi sakngisoring gunung. Dupi pertapane Resi Jahnu badhe klelepan tumuli sang resi Triwikrawa Batari Gangga disedot telas jalari muntape Prabu Maha Bisa.
Prabu Maha Bisa : " He... Resi Jahnu supaya Dewi Gangga metu saka wadhukmu sira bakal tak pecah dadi pitu, wiwit dina iki sira sesiliha Jahnawi ya kali dene banyune aran Gangga mula arana Kali Gangga ya Jahnawi Gangga."
Banyu pecah dadi pitu ngebegi anggenipun Raden Bagiratri masah semedi jalari resik awune leluhur kang papan mriku, tumuli bathari Gangga paring sabda arum :
Betahari Gangga : " Kaki Bagiratri wudara anggon kita semadi, wruhanana sejatine sing gawe ulun tumurun ing ngarcapadha mau pekatik sing kepala gancang dening leluhurmu nalika ngadani haswawedha, sira paring unjukan awujud banyu kendhi diwales nganggo banyu suci, kaki...., Sesaji Rajasuya aja ditumbali nyawa nanging luwih prayoga nyeyuwuna pangapura marang leluhurmu kang wus swarga."
Boten dangu Sang Bagiratri karawuhan utusan saking prabu Maha Bisa kapurih nglenggahi keprabon ing negari kosala sakpinggiring kali Bogawanta (begawan solo) ajejulun prabu Bagiratri, wenang angadani sesaji raja suya kanthi sarana ngirim puja marang leluhur kang wus swarga.
Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami.
Saking :
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)