CATUR PADA SEKAR DURMA

0

 CATUR PADA SEKAR DURMA

(Yasanipun: Ki Y.P.B.Wiratmoko)




Sakehing ngelmu kudu tansah  ginulang 

Rasa tresna lan asih 

Mring sasamanira

Datan gawe kuciwa 

Tan kena sembrana yekti 

Lamun micara 

Mranani jroning ati 


Dipadha setya ing laku saben dina 

Tan dhemen balenjani 

Padha lembah manah 

Sareh ingkang ginelar 

Tindak-tanduk ngati-ati 

Ywa padha lirwa 

Marang pakarti becik 


Ingaran becik weruh ngelmu sanyata 

Yeku tresna lan asih 

Ngelmuning kamulyan

Tinata ing tumindak 

Pilih tulus kang kaesthi 

Sarta wacana 

Tansah ingalus manis 


Yen handika kapingin urip kang mulya 

Kudu awas lan eling 

Aywata tininggal 

Rasa sabar narima 

Kehing pilih trus tininting 

Sura sembada 

Bener becik ywa lali 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)