Ada-ada Greget saut, mendhet cakepan saking Sekar Durma

0

 Ada-ada Greget saut, mendhet cakepan saking Sekar Durma




Sanalika agni murub molat-molat,

Anoman datan gigrig,

sigra triwikrama,

ngumbar kasektenira,

dahana den obat-abit,

wradin sakutha,

kutharaja kabesmi.

------------------------------


Kacarita ing lampahan Anoman duta, ing mriku Anoman karangket lajeng kaobong dening prajurit Ngalengka.

Anoman boten pejah krana kobaring dahana, nanging malah lajeng triwikrama dados rewanda ageng. Geni kaobat-abitaken ing sedaya wewangunaning kedhaton Ngalengko, temah kitharaja Ngalengka kobar dening geni ngantos telas ludhes dados awu.

Salang tunjang prawadya Ngalengka, samya lumajar jrih kobar ing hagni nilar saking rananggana.

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)