Suluk Lan Janturan Patet Sanga Wantah

0

 Suluk Lan Janturan Patet Sanga Wantah





Wus ngalela wantah Sang Badranaya,

Hangracut aji mancala,

Wenang ngukut panca ndriya Ooo.....

Sayekti dewa utama Oooooo......

Pamong ing kang para suci Ooooo......

Adhuh lae dhuh bandara, dadya hayuning bawana.


Koneng kang cinarita kadya katetangi oneng ing nggalih Kyai Badranaya,

Eling eling Kyai Semar sanes salamaking jalma manungsa,

Dupi midhanget ature Ki Lurah Petruk Kantong Bolong, gya hangeningaken cipta merem ponang netra, sedhakep astanira, sumedyaning kayun kanti kawaspadaning pramana, harsa hamersani para kawula ing karang kadempel ingkang dadya sesanggemanira, dupi wus pana pamawasing pramana, katingal mesem jroning wardaya Kyai Nayantaka hanyarengi praptane Ki Nala Gareng Cokrowongso senambi nyekar rujak jeruk....



Imajiner Nuswantoro 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)