KUMBO KARNO
Meniko pirembaganipun yitmanipun raden kumba karna kalian begawan kunta wibisana
Raden Kumba Karna,
Wibisana adhiku..... dhi ora kaya kapang ing pun kakang marang si adhi ndak upadhi pirang pirang tahun lawase lagi samengko bisa ketemu
Begawan kunta wibisana
Adhuh kakang mas...... kaluhuran pangandhika paduka nadyan ri paduka kula ugi makaten, eman nipun kapambeng kawontenan ingkang misahaken paduka kaliyan kula
Raden kumba karna
Iya dhi aku wus mangerti kang dadi aturmu, semana uga aku wus ndhada marang kahanan ingkang ndak sandhang kang saka pangrasaku bener nanging jebul tibane malah luput rehning wus dhadi anteping tekadku nadyan uripku samengko kaya dene kleyang kabur kanginan tanpa dhadah lan pernah nanging aku ora getun kedhuwung pancen kudhu mangkene panandhange kumba karna
Begawan kunta wibisana
Wadhuh kakang mas, tetela santosaning manah paduka taksih puguh kadhos rumuhun paduka kaliyan kula mbotem wonten bentenipun sami sami ngrungkepi bebener
Raden Kumba karna
Si adhi pinter temen ngenaki tyasing pun kakang ya kanti lelakon kang ndak sandhang samengko aku nintingi lamun bener ingkang sejati iku amung sawiji benerku hamung kalebu sempalan, awit kepriye wae adeg adegku maksih kaworan ing luput nadyan dudu aku pribadi ingkang agawe cara carane warastra wus lumepas saka kendheng ing langkap tangeh lamun bisane kapundhut bali, mula ciptaku mung kari sumarah lan minta aksama marang hyang purba winenang dupi aku dhumunung ana alam pepeteng pletik pletik ana cahya sakonang gedhene bareng ndak prepegi dhunung ing cahya jebul katemune lawan si adhi, mbok manawa iki margane aku bakal antuk pangapuraning hyang purba jati
Begawan kunta wibisana
Kakang mas kula namung badhe caos margi sak estunipun ing wedhal samangke jawata nurunaken kanugrahan agung, mbok menawi saget dhados lantaran paduka manggih kamulyan jati suwawi kula aturi tindak dhateng sukuning gunung kutharunggu, inggih ing wana dhandaka ing ngriku paduka kakang mas saged ngupadi panitisan ing mbenjang saget nggempil kamulyan sesarengan dhateng kaswargan langgeng
Raden Kumba karna
Wibisana..... wibisana adhiku dhi banget panarimaning pun kakang, bakal ndak estokake pangandikaning si adhi pun kakang minta pamit yayi.
Begawan kunta wibisana
Sumangga kakang mas,,,
mugi mugi kasembadhaning sedya paduka.
KUMBO KARNO
Bandaku yo donyaku yo amal-amalku. Hee adiku di yayi kumbo karno adiku sing tak tresnani.
Podo raharjo tekamu yayi....
Iyo kakang doso muko oleh pangestumu slamet tekoku. Ono pari gawe opo kakang utusan anakmu indrajit.nangek ake anggonku topo nendro kakang cobo paringo dawuh. Sak durung aku paring dawuh.
Aku ngormat tekamu.
Bakal tak ajak kemul bujono ondro ino. Aku kangen kumbo katno.
Jiit cawisno dedaharan kang miroso unjukan.
inggih romo dewo ji ngesto aken dawuh.
Kombo Karno ayo yayi bareng kemul bujono.
Ayo kakang.
Ucap kacarito sak sampun ipun dahar doso muko lajeng paring dawuh. Dateng kumbo karno.
Kumbo Karno uwis warek oleh mu dahar uwis kang.
Yo eneng kowe tak timbali wigatine perlu aku njaluk tulong Kumbo Karno. Njaluk tulong opo kakang.
Iki negoro ngalengko wis kentekan senopati. Anung-anungne ngalengko wis podo gugur belo negoro.
Goro-Goro adimu gunawan.
Sing nyekel wadine projo. Senopati topas tapis tanpo tilas.
Kakang rahwono opo kumbo karno. Enenge negoro ngalengko kedaden banjir getih iki songko pokalmu dewe nuruti watak angkoro.
Nyidro dewi sinto.
Mulo balekno wae bojo romo legowo.
Piye dibalekne iblis kombo karno.
Lek matamu ra picek kuping ora budek. Tak rewangi koyo ngene. Mergo q mbelani Sinto.
Kowe moso wis nguntal warek mejang karo wong gerang. Saiki balekno badokan sing kok untal.
Hee la dalah jebul olehmu menehi pangana ora iklas. Iki tak tak utahne daharan sing tak pangan.
Hoooheeek.
Medal sedoyo dedaharan dipun utahne kumbo karno tasih utuh. Keparat koe kumbo karno. Ora sudi panganan sing kok utahne.
Jid jupuk en ndase anake kumbo karno. He kumbo karno deloken ndase anakmu kumbo-kumbo suwani kumbo wis modar ha ha ha. Hee la dalah anakku wis mati.
KUMBO KARNO GUGUR
Oooooo....... anakku ngger kumbo kumbo, aswani kumbo...... kowe gugur ndisik i pun bopo ngger........ kakang rahwono kowe tego, tegel marang bocah kang durung ilang pupuk lempuyange, kon maju palagan....... kumbo karno!! kowe getun anakmu gugur belani negoro!!......... timbang kowe buto ra ngerti di welasi anak e maju palagan malah enak-enak turu ki buto opo kwe ki kumbokarno!!....... kowe enek ngalengko tak mulyak ke, tak kek i panganan enak neng ora ono tandang gawene......... kagiat resang kapirangu jojo mungkat lerkinepat netro kocak ngondar andir oooooong...... oo ooooo kakang rahwono, kowe getun ngekek iki panganan ku........ kakang pangananmu ijik utuh kakang nyoh tak balekne, huuuook........ bajingan bangsat nggilani kumbo karno....... kakang rahwono yoh, aq arep maju neng palagan........ aku ora mbelani kowe sing tumindak angkoro murko........... nanging aq mbelani negara ku wutah darah ku kakang........ wes aq njaluk pamit budal neng palagan dadi senopati......... wes ndang minggatto nyepet nyepeti mripat bangsat Kumbo Karno!!!!!