SIJI KANGGO WONG AKEH WONG AKEH KANGGO WONG SIJI
(Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)
Sanggiting gelar Resi Druna sejatine mengku piwulang kang linangkung lungit datan kena sinangga gampang. Rasa jejere guru tansah paring piwucal dhateng putra-putra siswaipun nadyan nyelaki puputing nyuswa.
Prabu Wresaya anenantang perang tandhing ijen padha Ijen kaliyan Raden Werkudara wonten kisiking Samodra, mengku pamrih prabu Wresaya kesinungan pancasona wreksakaning banyu tan saged pejah lamun tasih sinangga Toya.
Semanten ugi Prabu Gardapati anenantang Raden Arjuna tandhing tiyasa sanginggile kreta, mengku pamrih tansah kaseliring sumilire angin. Sabab kinayungan aji pancasona wreksakane angin pramila nyingkiri Luweng kaliyan toya.
Prabu Gardapati lumangsah wonten ing ara-ara Tegal Kuru setra damel Raden Arjuna kacipuan. Manawi kirang prayitna supe dhateng piwulange resi Drona jalari apesing Pandawa, damel lingseme Resi Drona. Lahdene duwe murid Pandawa mung nepsune kinarya gadha, bungah yen mrawasa ora beda watake sato.
Gempung tyasing Sang Sri Baginda Maha Raja Prabu Masyapati dene nyumurupi gelaring baris Cakrabyuha, dadal mawut barisan Pandawa. Dupi ngengeti kang prajurit pitung haksaini tinumpes tapis dening sawargi Resi Bisma, ing wedal samangke kedah lumawan jurit ngadepi sang pujangganing perang Resi Drona.
Sri Baginda Maha raja Matsapati kaya-kaya wus ora duwe pengarep-arep, amung was-was manawa nganti prabu Puntadewa bisa kepikut jalari purnane Barata yuda. Ketir-ketir jroning penggalih dupi ningali cucuking yuda Raden Kartamarma angirid prajurit Narayana ratu Sewu nagara
nadyan sedina mati ping pitu boten badhe kaleksanan lamun datan tumpes-tumpesan sami-sami Narayanane.
Wauta Risang Abimanyu dupi ningali mawute barisan Pandawa, sigra lumebet ing pagedhongan ingkang wa prabu Sri Bathara Kresna. Dupi boten wonten ingkang nyumurupi pusaka kyai Gandhawisa tuwin Gandewa Kyai Gusara kapendhet.tanpa nyuwun idi palilah. Jroning batin ngunandhika:
Abimanyu : " Ora idhep sinebut maling, nyolong pusaka kadewatan Bathara Wisnu. Tinimbang pusaka tanpa guna kaya dene Wastra Lingsir ing sampiran, apek ambune. Ujare para sepuh wani cluntangan dolanan pusakane Bathara Wisnu siniku mlebu Naraka, ya! ora apa-apa wis tau ngrasake kepenak, neraka akeh kancane eyangku Pandu lan canggah Sentanu dewa.
Anggonku laku Kamandaka iki ideping tekad amung nylametake adeging Negara supaya jejeg bisa ngayomi kawula , Bebasan dosa siji keterima ing akeh, Sing dosa Abimanyu unduh2ane Negara sakawula kalebu anak turunku melu mukti, wong siji kanggo wong akeh, wong akeh kanggo wong siji.
Amuk suramatra jayamatra hayo Kurawa imbang-imbangana Abimanyu."
Kanthi ngasta pusaka Kyai Gusara ngamuk punggung muta tuli Raden Abimanyu ngemuti wus cinadang dadi intiping neraka datan welas tingkahe mungsuh, panah2 kang linepasan saking Gendewa kyai Gusara ora beda ampuhe Bramastra klakon jebol barisan Cakrabiyuha sorak ambatha rubuh wadya bala Pandawa.
Resi Drona boten kirang waskitha, Gendewa Kyai Gusara katatas rantas mawi jemparing Kyai Panatas, dadosaken apese Abimanyu. Wusana sang Abimanyu gugur dadi kusumane nagara, kinarya tepa tuladane para prawira angambar arum asmane ora beda wangine swarga.
Purnane baratayuda Prabu Kresna ngandika marang kang rayi Arjuna : " Duh rayiningsun Arjuna , kahanan kang sira sumurupi iku kahanan kang Sejati, dene kahanan kang sira sipati saben dina iku amung wewayangane bae. Mula yen ngemungake mindheng ngulataken wewayangan wae wus mesthi sira ora bisa nyumurupi kang sejati. Sakabehe kahanan sadurunge dumadi gumelar ing ngarcapada sejatine luwih dhisik wus dumadi ing kayangan utawa kitab Jitabsara, iya banjur katon gumelar makna iki.
Kaya dene Abimanyu ya Bathara Prahas putra Bathara Soma lan Siti Sundari Putri Bethara Wisnu semono uga para kurawa kabeh wus lumebu ing kayangan maneh. Elinga marang lelabuhane Abimanyu wani tumindak ing gawe datan cidra ing sesanggeman aran datan lumuh rumagang ing gawe amrih hayuning sejagad. Dasare mudha tumaruna tansah memuji jaya, sepi ing pamrih rame ing gawe.
Abimanyu satriya kang datan rangu2 pikire iku ora liya saka ora duwe pamrih, datan jirihira lamun diweden-wedeni dosa, sabab wus luput saka regemaning pangaribawane pepinginan. Madhep mantep tumandhang ing gawe sumarah ing pepesteni Hyang Widdhi.
Satriya iku tangane jawata kanggo nindakake sakehing pakaryan kanggo rahayune bawana. Manawa ana satriya nganti klakon kepikut dening Ratune PEPINGINAN, wus mesthi ora bakal kawasa nindakake kawajiban kang kudu linakonan amarga wus sirna kamardikane tetep dadi boyongane raja salaka emas.
Mungguh werdine, sarana kawicaksanan wong bisa birat sakehing rasa susah, putek petheng apa maneh srei, drengki, dahwen, panasten, jahil, metakil, tsp. Jalaran wus ana sadhuwure kabodhowan iya iku diarani SADU tegese wus ngrasuk salira. Satwa uwis bisa anyirep kridane rajas tamas kinalisake saka kapetengan, kabingungan kabodhohan ya diarani Angka Wijaya.
Angka Wijaya ora gugur sing gugur iku wadahe sejatine manungsa iku langgeng selawas-lawase , ora owah gingsir ora bisa mati ora bisa tatu, ora bisa kobong ora bisa teles dening banyu, sumurupana kanthi premana jati.
Nalaren kanthi kaweningan ati manawa Sukma ora Kobong dening Geni apa tumon Sukma bisa Kobong dening genine kawah Candradimuka ?
Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami.
Salam budaya
Rahayu Rahayu Rahayu