GUSTI KANG MAHA WIKAN
(Versi renungan)
Sajroning ati kadhang kita duwe pitakonan, "Kena apa ya kok wong-wong duraka sing pijer tumindak murang tata uripe tetep lestari ?, kenapa Gusti Allah ngejarake bae wong-wong iku tetep aman-aman lan kepenak bae uripe, ora diukum ?"
Gusti bakal nandukake ukuman mring wong-wong kang ngupaya ndhelikake tumindak duraleksana ing gegorohan (apus-apus). Gusti ora kok mendel bae, ing wancine ukumane bakal kaancas miturut uripe kang blasar saka paugerane Gusti.
Mangkono iku Gusti katone mendel bae nalika umat manungsa urip ing kadurakan. Panjenengane uga bisa bae lumantar wong-wong kang geguletan ing kadurakane paring ukuman menyang wong-wong kang ora setya tuhu mring dhawuhe Gusti. Nanging ora ateges Gusti ngejarake kadurakan.
Gusti Allah tetep bae Gusti kang nresnani kabecikan, kadurakan tetep bakal nampa ganjarane minangka ukumane. Ya kadya mangkono iku wewadine Gusti kang ora bisa jinangka dening manungsa. Gusti Allah iku Maha Asih, Maha Suci, kebak katresnan marang umat kinasihe, lamun dene umate kedlarung-dlarung pamblasare ya Panjenengane bakal njewer kupinge supaya bali ing dalan kang bener.
Sajroning urip kita tumindak kang ora tata / ora bener, bokmenawa ora sanalika nampa kawusanane. Kahanan mangkono iku bisa anjalari kita kabujuk lena kurang weweka/waspada bisa nuwuhke pamikiran, "Ahh, jebulane sing daktindakake ora apa-apa, ora ana sing ngerti, ora ana sing ngukum, Gusti uga mendel bae."
Wee lha dalah.., pamikiran kang kaya mangkono iku mbebayani, bisa-bisa ketagihan nglakoni maneh kena bujukane iblis krasa aman lan nyaman / kepenak urip kang ora tata mau. Angel yen kita wus kabacut ngrasakake kepenak kaya mangkono bali urip ing dalan kang bener, mula sadurunge krasa aman lan kepenak iku prayoga kandheg aja dibacutake lan nyuwun panuntune Gusti aja nuruti bisikane iblis.
Ayo kita enggal eling dene kita urip kang ora miturut dhawuhe Pangeran nuli enggal bali ing dalan kang bener, temahan Gusti ora bakal negakake umate kang wus mratobat.
Gusti iku Maha Wikan (Maha Pirsa), aja nganggep yen Gusti Allah iku ora pirsa lan ora preduli krenteg lan tindak tanduk kita.
Salam tentrem rahayu wonten ing patunggilaning Gusti.
Mugya karahayon karumentahaken mring kita umat kinasih-Ipun .
Aamin Aamin