NGLELURI LELUHUR GUMOLONG NYAWIJI AKARYA SANTOSANE NAGARA
(Serat Sekar jinarwi Sri Harto Jati)
Wonten ing pasamuan agung negari Hastina, Maha Resi Mahatma Bhisma amedhar sabda babagan sesaji rajasuya, makaten pangandhikanipun :
Bhisma : " Mara gatekna sabdaku kulup Duryudana, mulane eyang ora pengin nganakake sesaji rajasuya sabab uwis klakon dening leluhurira prabu Hastimurti.
Sesaji raja suya kaping pindhone dening prabu Bagi ratri, kaping telune dening prabu Haricandra.
Đene leĺakone přabu Haričandra ing nağara Ayodya iku mangkene, suwe anggone prabu Haricandra ora peputra minangka nerusake kaprabone . Tumuli sang Prabu teteki ana pinggire samodra nyeyuwun marang Resi Mintuna ya Bathara Baruna, nanging ana bebanane yaiku anak sepisan kudu di korbanke kanggo resi Mintuna disaguhi.
Ora suwe Sang Prabu kagungan putra kekasih raden Rohita, Resi Mintuna rawuh Rohita disuwun, ora diparingake dening Haricandra wangsulane ngenteni yen wus tukul untune, bareng wus tukul untune disemayani maneh yen wus remaja putra, nganti disemayani maneh yen wus dewasa luwih sampurna, bareng dewasa lolos saka keprabon.
Nggone cidra ing janji Haricandra lumpuh nandhang raga badal saliring usada, Rohita bakal bali ana negara Ayodya pasrah bongkokan dibekakak dening Dewa Baruna nanging ana tengahing marga dicandet lakune dening Bathara Indra lan paring sabda :
Dewa Indra : " Hong wilaheng sekaring bawana langgeng, hek titah ulun Rohita yen sira ngabekti marang wong tuwa iku carane kudu mikul dhuwur mendhem jero, yen sira mesake wong tuwamu lara banjur sira soroh nyawa dibadhog dening Resi Mintuna, negara Ayodya cures cuthel sirna saka lumahing bumi para kawula kesrakat uripe.
Ramamu isih suwe uripe, sira kudu lelaku tapa matirta ana tengahing begawan aja pati-pati wudhar anggonmu teteki lamun durung oleh wewenganeng jawata."
Ngestakake dhawuhe Bathara Indra, Raden Rohita kunkum ana tengahing kali karawuhan dening dewane banyu Bathara Wisnu paring Wasita Jati :
Wisnu : " Rohita wudharo anggon kita semedi, baliya ana Ayodya mampira ana gubuke begawan Ajigarda."
Jroning kampir ana gubuke begawan Ajigarda , Sang resi nari anak2 sapa sing gelem ganti dadi korban ing pangajap bisaha Raden Rohita sugeng dadi raja pangayomane kawula sak Ayodya, tumuli Sena sepa matur:
Sena sepa : " Adhuh kanjeng rama, rumiyin paduka nate paring wewuruk bilih ingkang pengin kagungan putra punika wong tuwa anak boten jaluk dilahirake, boten ateges kula nyaur males budi marang wong tuwa punika tembung nistha tumraping senasepa.
Eling-eling kula punika pinutraaken rama Ajigarda lingsem manawi boten tumut cawe-cawe ngudhare reruwet rentenging negari Ayodya,, kados kekudhangane leluhur rumuhun suta bisaha ngungkuli sudharma, junjung dhuwur mendhem jero. Jroning naluri kakang pembarep punika darah panerus tuwin adhi wuragil punika pasihaning ibu, kula ingkang panengah apa jare kang KAWASA.!!"
Ajigarda : " Ora ngilang-ngilangi dianak-anake dening Aji garda, kapan budhalmu ngger ? welinge bapa aja lali nyebut asmane leluhurmu kang wus Suwarga, takbalang sesanti rahayu rahayu niskala."
Medal saking gubuk kang winangun gedhek sakpingiring lepen, Sena sepa tuwin Raden Rohita lon-lonan lumampah tumuju kisiking samodra, kagyat jroning ati kapapak dening Raja Resi Wiswamitra kampiraken wonten ing pertapan. Kang waskita asalira bathara resi Wiswamitra nimbali ingkang putra-putra kapurih ganti Senasepa, boten wonten ingkang kedugi ganti damel murkane Sang Resi putra limang dasa kasotke dados bangsa nisadha (asor).
Ature Suna Sepa marang putra-putra Wiswamitra : " Dhuh kakangmas sedaya, sote kanjeng Resi Wiswamitra ampun kadhamel runtiking manah, sebab nadyan katonipun nistha damel sangsara ananging sejatinipun anyengkakaken kadumugening sedya, kedah sabar tuwin narima supados manggih kamulyan."
Antuk pangestune Raja Resi Wiswamitra, raden Rohita lan senasepa bacutake laku mampir ana Candhi leluhur kang wingit dibahureksa dening drubeksa tulding darahe jim jan banujan. Makaten pangudaraose para drubiksa :
Drubiksa : " He..he.. bojleng iblis lanat, ha...ha...ha.. ! he...he... kanca ana pangan teka katone bocah loro kae apes2e njaluk sugih lupute jaluk drajat pangkat, ayo dirungoke apa tembunge mengko dijaluki genti bebana, ha....ha...ha....!"
Minggah wonten ing candhi Senasepa tumuli nyebut asmane leluhure kang wus jinempana ing angin cinandhi ing ngawiyat makaten ature :
Senasepa : " Rahayu rahayu mugi rahayu sagung dumadi, muga2 kaki danyang kang rumeksa candhi iki muga2 antuk sihing pangeran . Dhuh kang Maha Kawasa kuwula kang nyuwunaken pangapunten kalepatanipun leluhur2 kula mugi manggiha Padhang jumeneng ing alam heneng hening."
Drubiksa : " Adhuh lagi iki aku kepothangan budi dening manungsa, wujudku sing gegilani sakiki merak ati ora beda para jawata amarga disuwunake sihing pangeran , he...he... raden balesku mengka apa, gedhe panuwunku nadjan ora boklilani bathara baruna mungsuhe aku."
Gancange carita Sena Sepa sampun diarak wonten ngarsane Bathara Baruna, badan karaket datan bisa ebah amung sumarah pasrah pejah gesang wonten ngarsane Kawasa, wahuta leluhure Sena sepa inggih Resi Brigu kang agung anjangkung ingkang wayah, eling2 sukma suci datan bisa disumurupi ananging anglimputi sakalir kalebu jagade bathara Baruna , kisis buron banyu kang ngelak getihe manungsa bubar kaya sinapunan dening drubiksa kang wus salira bathara. Mangkono wateke bangsa alus yen dingerteni luwih ngerti, kalah perbawa kaliyan Sena sepa bathara Baruna andeprok nyungkemi padane sang Sena sepa.
Bathara Baruna : " Hong Siwah Boja Hastuta Hastuti, rahayu rawuj paduka gusti Sena Sepa."
Sena Sepa : " Iya Baruna , becik tekaku ora maida sejatine karepmu pengin ngrawuhake panjenenganingsun. Wong lumrah bakal ngarani kuthung nalarmu, nggonmu tetulung marang Prabu Haricandra jaluk bebana wujud manungsa, gelem nulung iku tandhuran sing becik yen jaluk bebana rekasamu ngungkuli sing ditulung. Sing uwis ya uwis sing urung aja dibaleni. Wiwit dina iki wus pundhat utange Prabu Harcandra marang sira, minangka gantine sira sun wenangake makayangan ana gisiking samodra."
Bathara Baruna : " Mapan punika gusti ingkang kula ajeng2, mugi pangestu paduka saged manggiha sukarena anjayeng bawana."
Bathara (saking drubiksa) : " Adhuh gusti sena sena, manawi wonten keparenging penggalih , mugi kaparengna kula sakanca rumeksa lestarine samodra, supados manungsa sami kagungan suba sita nadyan wonten ing tepine samodra ingkang indah sesawanganipun, boten ngrisak wewangunan tuwin boten damel rereget.
Boten kasupen ingkang sami ngaturake panuwun dhateng pangeran , kang ngreksa samodra murih boten rusak dening pakartine candhala. Tandha panarima sakboten-botene amung sesaji sega wudhuk salawuhe kinarya tanda yen manungsa punika tunggal lawan samodra datan kena pinisahake , kanthi prasemon samodra kaya manungsa butuh sega kinarya pangan."
Lega rasane Bathara Baruna, tumunten Suna Sepa kondur dhateng gubukipun kumpul kaluwarga, Raden Rohita dipun ngapura tumuli jumeneng Nalendra.