WEDHARE WARSITA JATI CUNDUK MARANG KAWRUH KASUNYATAN
Sampun gantalan candra dewi Kunthi kang minangka pengawak dutane Pandawa boten purun wangsul dhateng Negari Wirata. Sri Baginda Maha Raja prabu Matsapati ngadani duta kaping kalih inggih prabu Drupada, tinampi dening Prabu Duryudana tuwin Resi Druna charya, makaten pangandikanipun :
Duryudana : " Wilujeng rawuhipun."
Drupada : " O...inggih wilujeng, kok makaten panampinipun prabu Duryudana marang Aku katelah paman kang tinemu sepuh ."
Durpada : " Rawuh paduka paman boten mawi cecala langkung rumiyin sakora-orane kedah mawi nawala, supados Kurawa saged mahargya mawi panghormatan carane nalendra, sinten ingkang saged nginten priyanggung kang mandap saking kreta sajuga tanpa bala jebul paman Drupada, mengku pamrih punapa boten cetha punapa kawigatosanipun pribadi punapa nagari?"
Drupada : " Ya....ora dadi ngapa, tekaku mrene iki minangka Duta pangawak Pandawa, jaluk bali negara Amerta lan hastina sesigar semangka . Dene yen dikeparengke bisa nyuak jangkane jagad perang Bratayuda bisa wurung."
Resi Drona : " Hu.., lole..lole kenthos gembol monyor-monyor emprit ganthil buntute abang, Dhuh sinuhun Prabu Drupada, anak Prabu Duryudana punika boten sanes keparengipun amung sumedya rahayu, bebasan ngempalken balung pisah daging renggang sami-sami nak sanak kenyer-kenyer trahing resi wiyasa, ngelingi pasulayan punika ngawontenaken bebanten bandha donya, wadya dalah kawula, rusaking bawana punika sesiriking jawata."
Drupada : " Iya kakang Panemban, dhawuh pangandikamu mau luhur banget, ngendi ana manungsa duwe sedya rahayu tumbuk lahir batine, sing bebayani jaba lan jerone ora gambuh lahire becik batine mitenah. nadyan dewa sing kasampiran panguwasa isa kleru tumindak sabab winengku dening pamrih mikoleh."
Resi Drona : " Yen ngono ateges Bratayuda bakal dumadi, kabeh sing bakal kaleksanan wus kinarang dening dewa sakdurunge. Hu....lole lole ....Dewa sing endhi he.. Drupada?
Dewa senengane gelar banjur ngukut , nitahake manungsa banjur angrusak manungsa, pepetane kaya dene wong ngrusak sela sarana kaben sela, kayu didu kayu, Dewa kaya bocah dolanan sedela dititahake sedela dirusak, elinga Hyang Maha Kawasa tan kena kinaya ngapa, he.... Drupada."
Drupada : " Panemban , Jawata kang kasampiran panguwasa mranata titah iku mesthi benere. Amarga kalamangsana Dewa tumurun ing madyapada perlu ngrusak lan nyirnakake titah kang ora gelem sumungkem marang panjenengane."
Sengkuni : " Sontoloyo angon bebek ilang loro, he.......he...he..., titah sing ora gelem sumungkem Dewa iku kurawa , sing bekti marang dewa iku Pandawa katelah putrane dewa, jawata kang tumurun iku ..sri bathara...., bathara Kresna. he...he.., dewa ora isa gawe duwite...he....."
Drupada : " He..Sengkuni manungsa julig ora susah clemongan, upama ora geduga ngulungke negara Amerta lan Hastina apa klakon Bratayuda, ketekan pangajapku kaule Resi Jaya lan Upajaya besoke anak geni sesaji sing angka loro lan telu bakal numpes Druna lan Bhisma."
Sengkuni : " Ha....he... takampet guyuku ora pantes takbasani, Drupada sawangen Kakang Rubaya Sukalima, ora wicaksana manawa sawijine brahmana kang wus tan samar saulah kridaning rat ora nganggo tedheng aling-aling pancene apa kurang waskitha, ucapmu mau dhisiki kersane Hyang Sukma.
coba piyarsakna, aja dadi dukaning penggalih, rumiyin wonten satriya bagus murid resi Baratwaja nyuwita dhateng Hastina , lajeng dipun padosaken kamukten dening ratu Hastina swargi Prabu Pandu kadhaupaken kaliyan putri Pancala. Dangune-dangu kancane teka ora diakoni kepara dipala dening Gandhamana. Ringkesing carita Ratu mau dadi bandane Pandawa minangka upahe beguru Resi Druna, yen ora ana lilane ati rampungana dhewe perkaramu lawan resi Druna aja ngembet-embet kawula Hastina iku jiwa satriya, eloke sing ngrangket dadi mantu ora dikatutke dosane."
Drona : " Hu.....adhi Suni, aja diumbul-umbulke aku mundah pekok,...., awake dhewe rombongane wong elek ngono wae, yen basakake caritane sinuhun Prabu Drupada kudu wutuh ora pas nyuwita ana Hastina dibasake, ngepasi dadi ratu dijangkar iku ora ilok, upama dadi pepesten kaule Resi Jaya lan Upajaya ya mung sumendhe takdir Hyang Widhi. Wong yen pasrah marang Kawasa mesthi sampurna.
Anak-anakku Kurawa eling-elingen sabdaku iki kandhele rasa pasrah marang Widhi mau jalari dadi kewanen, besok wani saiki wani. Kamenangan kang sejati ora kaya mrewasa satru ana palagan, ananging kamenang sejati kaya dene uler kang triwikarama dadi kupu, ngisep sarine kembang sumebar gandhane tanpa beda wangine kaswargan, tilingna ucapku Drupada sira bakal keweleh Besoke prabu Duryudana dadi Prabu Suyudana ."
Ucape Resi Druna sineksen dening Jagad saisine, tembene Prabu Duryuda sinuyudan dening para ratu sewu negara, prabu Duryudana linuwih ing dana peparinge lan prabu Duryudana becik olah kridaning perang datan ninggal pranatan jumeneng kautaman.
Horeg ingkang wonten ing jawi, kretane Prabu Drupada rinusak dening sata kurawa ing pangajap Prabu Drupada boten saged dhateng Wirata tumuli wangsul dhateng Pancala. Medal saking pasamuan datan pamitan awit kogel jroning manah kedah lampah suku menyang Pancala.
Ngamuk punggung sora tantaha Raden Trusthajumena anglepasaken pusaka kadewatan tinampanan mawi dhadhane prabu Karno kaya amung diencoki lemut, sorak gumuruh wadya bala Hastina. Purun boten purun Raden Trustajumena kedah adherekaken ingkang rama mlapah tumuju negari Pancala.
Lon-lonan Resi Druna maripih Prabu Karno murih lilih bramantyanipun tumuli sageda lejar penggalihipun.:
Resi Drona : " Dhuh sinuhun kula ature lerem anggenipun bandayuda, ngemuti Trustajumena punika lare, adol kwanen menang menangan candrane kados kewan jangkrik berik sing kalah mati. Boten saged ngulur ngungkretaken pikiran mrih rahayuni sesami.
Sejatine Bratayuda punika perang sanes perang paten pinaten nilar kawicasanan, ananging pamerangan amerangaken olah puja rahayu tapasing dumadi.."
Karno : " o...inggih bapa, mugi paringa dhawuh, punapa werdinipun bapa?"
Resi Drona : " Sedaya kawiwitan saking negari Pancala, tegesipun Panca punika lima, la punika malih. Inggih malihanipun barang lelima, pikajengipun saklebeting ari-ari punika enggen panuksmane adon-adonan lelima kang dados setunggal wujud bakale anggota kita. Tembung Pancala saking rimbaging tembung pancal-pancalan pikajengipun ari-ari punika mesthi bedah saking pamancaling jabang bayi. Dipun sanepakaken Pancala dibedah Pandawa lima tumuli ngadek pertapan Sukalima dumadi saking sesigar semangka negara Pancala
Mangsuli sayembara mentang langkap sing ingkang kuwawa badhe kadhaupaken kaliyan dewi Drupadi. Cundhuking kaliyan kawruh wontening sayembara minangka pralambanging asmara. pamenthanging gandewa punika rahsa kita murut saking saranduning anggota cumalorot manjing ing guwagarba, panah saged ngengingi lesan
utawi cangkem.
Arjuna ingkang saged mungkasi karya punika minangka kangge pitedah gampiling pasemon tinampi ing pangertosan sakyatanipun panjamaning urip kita punika wahnanipun kadadosan saking toya rahsa inggih Arjuna."
Karno : " Tuhu wasis olah lungiding budi bapa Sukalima , ngengeti wancinipun gegalongan, mangga kula dherekaken kondur panembahan."
Resi Drona : "Inggih sinuhun, tembang rawat-rawat ujare mbok bakul sinambi wara punapa ingkang rayi Permadi badhi rabi angsal putri sukowati nggih, sinuhun?"
Karno : "Permadi punika yen rabi kakange boten di kabari, babar blass, mung dijipuk butuhe rampung dikipatke boten diajeni atase sedulur tuwa. Bapa mesti pirsa sabab gurune ngrestos alang ujure. Ha...ha....., ......"
Saking :
Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati

