SASTRA JENDRA YUANANING RAT PANGRUWATING SIPAT DIYU
Selagine jejaka tumaruna Bambang Wisrawa amangun teki wonten telenging samodra Minang Kalbu, bantering mesu raga damel gara-gara gonjingke kayangan Suralaya. Para dewa sami nibakaken guntur wisesa, guntur geni, guntur banyu, guntur angin angrocok mawi gegamane sakti ewadene teguh datan sirna tanpa sesa, pratandha pujane katarima. Lon-lonan Sang pramesthi guru anyaketi tumuli amedhar sabda :
Bethara guru : " Hong wilaheng titah ulun pujangkara Wisrawa, mungguh apa panyuwunira bakal ulun sembadani, apa kepengin kawruh sangkan paraning dumadi bakal sun udaneni."
Wisrawa : " Sewu-sewu kalepatan kula mugi ageng pangaksamadika pukulun, anggen kula mesu raga namung menepaken ati boten nyuwun punapa-punapa.
Ngambali sabda paduka babagan ngilmi kula boten kepengin, ngelingi kamirahanipun Hyang Maha Asih, sedaya ngelmu sejatine titah sami ngranggoni . Kaupamaken titah kang wujud uler atapa ngentung dados kupu, sewaune anggegilani ing wingkingipun angresepi ati.."
Bethara Guru : :Iya nanging takupamakake kaya wong wadeh ambuka wadi , amiyak kekeraning Kawasa iku ora prayoga, ora ana bedane wong bodho karo wong pinter jagad jomplang. "
Wisrawa : " Ingkang kula pikajengaken makaten pukulun, kawruh ingkang sinandhang sadengah titah ingaran Sastra Jendra yuningrat pangruwating diyu pikajengipun sinten ingkang sampun sumerep kajatosan saestu hayuningrat tegese wilujeng jagadipun.
Inggih saged winastan Sastra Cetha tegesipun kaleresan kawaskitan saestu MARDIKA ing rat, inggih punika jumeneng wijine jagad awit boten kasamaran dhateng sangkang parane dumadi. Mila piningit boten kenging kengis ing ngakatah kajawi namung para jawata.
Ingkang kena rilaning Hyang Sukma Kawekas inggih manungsa kang katarima ing puja bratanipun ."
Bethara guru : " Mangertiya purwane dumadi sing tuwa dhewe aran cahya (dew =dewa=cahya), lagi dahana, bantala, banyu samodra."
Wisrawa : " Duh pukulun nyuwun agunging pangapunten menawi boten karenan ing penggalih dhateng unjuk atur kula ing mangke."
Bethara guru : " Iya ora dadi apa Wisrawa, kawruh iku akehe ora beda kaya tukuling suket seje silit seje anggit, saben wong pinaringan pangerten dening Kawasa metu saka prenthuling ati dhewe tinampa ing pikir dadi ngelmu."
Wisrawa : " Sabda pukulun kalawau tasih lepat ing pangancas boten benten mangeran dening kawontenm sisip sembiripun sumurup dhateng teja kekuwung. Ing mangka sadherengipun wonten cahya sampun wonten swara kadi gentha kekeleng. Paduka pukulun amung anggilut larasipun. Mungguh cethanipun makaten :
Hong-hong Hyang -hyang ing ulun, .....menggah sagungbing kawontenan punika kaesthi ing kajatosan, kajatosan punika wonten ing kahanan, saidine wonten ing manungsa punika boten benten jagade donya.
Mila kabasakaken sakdurunge wonten cahya sampun wonten swara apindha gentha punika jatine kantha kekeling punika dedunungan dados dununge HAWA(swasana) wonten ing kantha.
Kantha punika artosipun samar, samar punika elok, elok punika ghoib, dene ghoibing Pangeran punika mawi sasandha ing kadadosan kabaksakaken tanpa warna tanpa rupa nanging mimbuhi ing sipat wewarnan, tan arah tan enggon nanging nglimputi sagung kawontenan, ngandhika tanpa lesan muhung Bawa, Anggandha tanpa karna muhung purba, amirsa tanpa netra muhung Waskitha, amiyarsa tanpa karna muhung Wisesa, pangraos tanpa raos muhung Heneng Hening.
Kosok wangsulipun purwane ANA saking ORA tegese witing lahir saking batin, witing rame saking hening, witing gumelar saking sonya nanging sampun kagalih tawang towang tanpa wasana bebasan mangeran ing kumandhang.
Wosipun sirik manawk nampik milih, menawi nampik punapa'a kang ginelar boten saged kagulung malih, yen amilih punapa'a boten sumerep sagunging kawontenan saking ghoib, sedaya wau sampun ngantos korup malah angurupana sampun ngantos kawimbuhan malah amimbuhana punika kemawon cekap dhateng pangesthi Jati."
Kendel ature Bambang Wisrawa, Sang Bathara Guru lega ing penggalih rumaos angsal gegebengan anggenipun kagungan pangesthi dados Sang Hyang Athma angratoni manungsa sadaya, makaten wijile pangandhika :
Bethara guru : " Iya ora dadi apa Wisrawa , Dewa karo manungsa bisa uga tuwa manungsane, mung wae elinga manungsa kadunungan sipat salah luput lan lali, lan kawruhana nadyan sira bisa ngukir langit luputmu besok ana negara Ngalengka."
Wisrawa : " Sampun sandanganipun titah milanipun wonten pitungan selapan hari, manungsa sipat titah tartamtu kagungan salah, ingkang boten salah punika sipate Hyang Agung. Paduka pukulun inggih titah boten benten Wisrawa namung paduka kang sipat cahya inggih kasinungan ciri-ciri kalepan ."
Bathara Guru : " Gedhe panarimane ulun, amung memuji muga atuka berkahing Widhi, Ulun kondur makayangan Wisrawa, rahayu rahayu'a sagung dumadi."
Wisrawa : " Amung sembah sungkem kula dherekaken jengkar paduka pukulun."
Catetan :
AUM = HONG wonten ingkang merdeni Agni Udaka Maruta (geni banyu/lemah angin)
Sumber referensi saking :
Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati.