JATINING TUTUR YEN JINATUR

0

JATINING TUTUR YEN JINATUR



Urip iku kebak ing pitutur

aywa kalantur

tindak tanduk aja kuwur

kang ala luwih prayaga lamun den singkur

ingkang becik rinabuka murih subur makmur


tedak turun kita kebeh Iki sedulur

dipadha rumaket,lan waspada aja nganti sasar susur..

liding tutur,Urip Iki bebasan mung nenendur


kang lali den elingna

kang luput tansaha diapura

aja padha ngege mangsa

supaya pikir Tan caket ing brahala 


Mugi Sedaya tansah winengku ing karaharjan, Basuki manggih ing Kamulyan 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)