GENDING PEPELING SLENDRO

0

GENDING PEPELING SLENDRO 



Wus wancine padha di elingne

Wus wancine padha nindaake,

Adzan wus ngumandhang wayahe sembahyang

Netepi wajib dhawuhe Pangeran

Sholat dadi cagake agama

Limang wektu aja dilalekna

Kanthi istiqomah lan sing tumakninah

Luwih sampurna yen berjamaah 

Suhuh, Luhur lan  Asar

Sholat sayekti ngedohne tindak mungkar

Maghrib lan isya jangkepe

Prayoga ditambah sholat sunate

Jo sembrana iku cagak agama

Ngelingana .ning dunya mung sedhela

Sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa

Besuk yen mati bisa mlebu swarga


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)