SERAT WIRID HIDAYAT JATI
Wejangan Serat Wirid Jati Hidayat
Dening, R Ngabehi Ronggowarsito
Wejangan 1 Anning Dat.
Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine kang suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun.
Serat Wahananing Dat ingkang kaping Wejangan 2. Sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka Ingsun alam, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal Ingsun kang minangka bebuking iradat Ingsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali langgeng. Null cahya aran nur muhammad, null kaca aran mirhatulkayai, null urip aran roh ilapi, null aran aran kandil, nuli sesotya aran getih, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalarat Ingsun.
Kahananing Dat kang kaping 3. Sajatine manungsa iku rahsan Ingsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asale saka unsur panang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku kang dadi kaManifestaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi gampang limang prakara, nur, rahsa, roh, hawa nafsu, budi. Ya Iku Minangka Warananing, rupa Ingsun, kang suci.
Ingkang kaping 4 Pambuking tata malige ing dalem betalmakmur. sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmakmur, iku omah enggoning parameyan Ingsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana Antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsn, dat kang. nglimputi ing kaanan jati.
Ingkang kaping 5 Pambuka tata malige ing dalem betalmukarram. sajatine Ingsun anata malige sajroning betalmukarram, iku omah enggoning larangan Ingsun, jumeneng ana ing dhadhaningg adam. Kang Ana Sajroning Dhadha Iku Ati, Kang Ana Antaraning Ati Iku Hati, Sajroning Hati Iku Budi, Sajroning Budi Iku Jinem, Yaiku Angen-angen, Sajroning Angen-Angen Iku Suksma, Sajroning Suksma Iku Rahsa, Sajroning Rahsa Iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.
Pawarta kaping 6 Pambuka tata malige ing dalem betalmukadas. sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmukadas, iku omah enggoning pasucen Ingsun, jumeneng ana ing kontholing adam. Kang ana sajroning konthol iku prinsilan, kang ana ing iang pringsilan ikku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar Awal, ing kono Wahananing Alam Akadiyat, Wahdat, Wakidiyat, Alam Arwah, Alam Lalu, Alam Ajsam, Alam Kamil, Dadining Manungsa Sampurna, Yaiku sajatining. sipatIngsun.
Panetep ingkang kaping 7, santosaning iman. Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusane Ingsun.
Sasahidan Ingsun ingkang kaping 8. anekseni ing Dat Ingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusane Ingsun. Ya bener pituturing Allah iku badane Ingsun, Rasulullah iku berkahe Ningsun, Muhammad iku cahyaning Ningsun. Ya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena lara, iya Ingsun kang urip tan kena owah gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun kang waskitha, iya Ingsun kang ora koheren ing sawi. Ya Ingsun, kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana, tan kekurangan ing pakerthi, byar sampurna padhang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan alam Ingsun.
SERAT WIRID HIDAYAT JATI
KARYA, R NGABEHI RONGGOWARSITO
Serat Wirid Hidayati Jati adalah satu dari sekian banyak naskah ynag menjadi media ekspresi bagi nilai-nilai kearifan Jawa. Sebagai bagian dari ekspresi budaya Jawa, Serat Wirid Hidayat Jati adalah karya sastra yang kaya akan ajaran filsafat yang bermanfaat bagi manusia di dalam menjalani kehidupannya. Serat Wirid Hidayat Jati disusun oleh R.Ng. Ranggawarsita, yang merupakan salah satu pujangga terkenal dari Surakarta.
Serat Widi Hidayat Jati berisikan ajaran mengenai ilmu kesempurnaan, yng berasal dari berbagai sumber ajarn islam, seperti Quran, Hadis, Ijma’, Qiyas, dan ajaran-ajaran yang berkaitan dengan ilmu tasawuf. Banyaknya pengaruh dari ajaran yang bermacam-macam tersebut menjadikan Serat Widi Hidayat Jati sebagai karya yang sangat kaya dengn pemikiran filsafat mengenai banyak hal. Beberapa pemikiran filsafat yang bisa ditemukan dalam karya tersebut adalah tentang manusia, Tuhan, alam, dan tentang moralitas. Dalam perspektif metafisika, karya sastra ini berisikan pandangan tentang realitas terdalam, mulai dari kuantitas realitas hingga norma ontologis transendental yang mengatasi segala realitas.
Wejangan ke-1 Ananing Dat.
Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine kang maha suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun.
Wejangan ke-2 Wahananing Dat.
sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngalIngsun kang minangka bebukaning iradatIngsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalaratIngsun.
Wejangan ke-3 Kahananing Dat.
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing wajah Ingsun kang maha suci.
Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige ing dalem betalmakmur.
sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmakmur, iku omah enggoning parameyanIngsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsn, dat kang nglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-5 Pambuka tata malige ing dalem betalmukarram.
sajatine Ingsun anata malige sajroning betalmukarram, iku omah enggoning lalaranganIngsun, jumeneng ana ing dhadhaningg adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.
Wejangan ke-6 Pambuka tata malige ing dalem betalmukadas.
sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmukadas, iku omah enggoning pasucenIngsun, jumeneng ana ing kontholing adam. Kang ana sajroning konthol iku prinsilan, kang ana ing antaraning pringsilan ikku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.
Wejangan ke-7 Panetep santosaning iman.
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusan Ingsun.
Wejangan ke-8 Sasahidan Ingsun.
anekseni ing DatIngsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusanIngsun. Iya sejatine kan aran Allah iku badanIngsun, rasul iku rahsaNingsun, muhammad iku cahayaNingsun. Iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun kang waskitha, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana ora kekurangan ing pakerthi, byar sampurna padhang terawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kodratIngsun.