HANGUDI ANGGAYUH LELAKUNING BECIK

0

HANGUDI ANGGAYUH LELAKUNING BECIK



Bandha donya, pangkat drajat lan semat kuwi mung saderma nggaduh peparing saka ngarsane Gusti Hyang Tunggal Jati


Mung bae yen manungsa wis kerem ing gebyare kamukten banjur awel anggone nglepeh


Karepe pengen langgeng salawase anggone ngemut kamukten tanpa mikir sejatine urip kang sejati


Jumbuh karo perkara kasebut ana piwulang luhur, menawa yen wis tumekaning janji wong mati iku ora gawa bandha


Mula perkara gadhuhan iku kapan dikersaake amung Gusti kang pirsa yoiku :

PATI, JODHO, TIBANING WAHYU, DUNUNGE PEPESTHI lan GADHUHANING DONYA


Amung dadi purbawasesaning Gusti Kang Murbeng Dumadi


Perkara iki kudu bisa ngelangake marang kamukten kang dadi pangimpening manungsa


Mula elinga, bandha donya gampang lunga, pangkat drajat gampang oncat, bojo ayu bisa mlayu


Piwulang iki bisa dadi pepeling luhur kangge anggayuh sejatining urip


Mula sing sapa kadunungan pangkat lan drajat aja adigang adigung


Lan sing sapa kadunungan bandha donya aja adiguna


Kadunungan kamuktening donya kudu tansah eling marang sapadha


Aja nganti kamukten kuwi dadi tetesing waspa nanging dadiya sukaning wardaya, amemangun karyenak tyasing sasama bisa kanthi manising ati, luhuring wardaya, luhuring subasita sarta ilining bandha donya kanthi rila ing dana


Mula supaya bandha donya ora dadi memala kudu disranani kang bisa agawe pigunaning liyan


Kamukten saka bandha donya kang ala iku wekasane mung bakal ngangsa-ngangsa yen ora linambaran amemangun karyenak tiyasing sasama


Mula yen bakal lestari tumus marang anak putu kudu gegebengan marang perkoro siji iki :

NULUNG SAPEPADHANING SING NANDANG KASANGSARAN KUDU LINAMBARAN ATI KANG WENING


Ora kena kinantenan pamrih kang bakal gawe reregeting niyat


Yen sabarang tumindak becik nanging isih kinanthenan pamrih dadine bakal muspra


Dadiya pawongan kang tumindak nyebar kabecikan


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)