SULUK WAYANG KULIT PURWA (RINGGIT PURWA)

0

SULUK WAYANG KULIT PURWA (RINGGIT PURWA)




SULUK PATHET NEM AGENG

(Kagem Jejer Ngastina Prabu Duryudana)


Lengleng ramyaningkang

Sasangka kumenyar, o

Mangrengga ruming puri

Mangkin tanpa siring

Halep nikeng umah

Lir mas murubing langit,o

Tekwan sarwa manik, o


Umpak gender .235 .356 5356 .532


Tawingnya sinawug, o......, o.....

Saksat sekar sinuji,

Unggyan banowati,

Mrik a langen,

Lan nata Duryudana, o....

Lan nata Duryudana, o....


ADA ADA GIRISI

(Kagem Jejer Ngastina Prabu Duryudana)


Lengeng gatiningkang

Awan saba-saba

Nikeng Ngastina

Samantara tekeng

Tegal Kuru Narar

Ya Kresna lakunira Parasurama myang Kanwa Janaka

Dulur Narada, o.....


Kapanggya eka

Jumurunging karsa

Sapartitala

Sangbupati.


Suluk Pathet Nem Jugag

(Kagem Mambeng)


Hanjrah ingkang puspita rum

Kasiling samirana mrik, o

Sekar gadhung

Kongas gandanya,o

Maweh raras renaning ndriya, o


SENDON KALORAN

(Kagem Bibar kaputren)


Galak ulat, kadi thatit abarung

Kang pamulu

Alus manis maweh kung, o


Umpak gender 3536 3536 3531 .3.2


Agoreh pantes dadya malat kung, o

Umpak gender 555. 5365 5352 5356


ADA ADA SEKAR GANDHUNG

Gandane kang sekar gadhung,

Lawan kembang-kembang menur,

Kang esmu arum,

Pring oyod-oyodan,

Kadi kusuma mangambara-ambar,

Wor kukusing dupa kang kumelun,

Kelun wor mega memba bathara,

Tan samar pamoring suksma,

Sinuksmaya wahyaning asepi,

Sinempen telenging kalbu,

Saking pambukaning warana,

Tarlen saking liyep-layaping aluyup,

Pindha pesating supena sumusuping rahsa jati, E


Ada-Ada Hastakuswala Alit

(Kagem Budalan Undang wadya)


Mundur rekyana patih,

Undanging pra wadya sawega,

Umyung ramya swaraning bendhe beri,

Gubar gurnang kalawan,

Tambur myang suling pepanden daludak,

Miwah kakandha mawarna-warna,

Pindha jaladriyan,o

Asri kawuryan


Ada-Ada Hastakuswala Ageng

(Kagem budhalan)


Greg greg andheman ningkang

Jaran ngrik magalak

Genti manitih

Pamekak ira risang, o

Sudarsana dhahat,

Kendhali rangah manjing, o

Lak-lakaning kudha ngrik mijil rah,

Kadya tuk sumarambah, o


Umpak gender .111 2612 6163 5616


Mungjir-Mungjir Munggir

Yaksa temahan,o

Krura srumanaut

Yitna sang narpatmaja

Yitna sang narpatmaja, o


ADA ADA BUDHALAN MATARAM 

Enjing budhal gumuruh,

Saking jroning praja,

Gunging bala kuswa,

Abra busanaira lir surya wedalira,

Saking jalanidhi,

Arsa madhangi jagad,

Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, o


ADA ADA MATARAM 

Rikat lampahira ireng nata,

Prapteng sukuning harga,

Eram tumingaling,o

Ndendheng saengga praja,

Umyung kang pradangga busekan janma, o


PATHET KEDHU

Myat langening kalnggyan,

Aglar pandam muncar, o

Tinon Lir kekonang,

Surem sorote tan padhang,

Kasor lan pajaring, o, o

Purnameng nggegana, o

Dhasare mangsa ketiga, o

Hima hanaweng,

Ing ujung ancala,

Kasenen karya wigena, o

Miwah sining wana, o,o

Ompak gender:.235. 356. 5356 .532

Wreksa gung tinunu, o

Ompak gender :111 2612 3123 1216 3565 2356


ADA ADA GIRISA YAKSA

Yaksa giri rupa

Ri sedheng narendra

Yaksa lelaku

Kang malweng kang

Gambira marangah

Hangisis siyung ametu prabawa

Lesus aprakempa

Gora mawalikan

Ditya durbalarsa

Mrih sirnaning lawan

Wiratri lodra, ywa..


ADA ADA GREGET SAUT MATARAM JUGAG

Manganjur lakuning angin,

Guntur anggraning arga

Gora gurnita kagiri, o..


ADA ADA GREGET MATARAM JUGAG

Sigra kang bala tumingal,

Prang campuh samya ngedali,

Lir thathit wileding gada, o


ADA ADA MATARAM WETAH

Ridhu mawur mangawur-awur wurahan,

Tengaraning ajurit gong maguru gangsa, e..

Teteg kadya butula,

Wor pangriking turanggesthi,

Rekatak ingkang dwaja lelayu sebit, o


SULUK PATHET SANGA WANTAH

Sang saya dalu araras,

Abyor lintang kang kumedhap,

Titi sonya madya ratri,

Lumrang gandanya puspita,o

Karenggyan pudyanira,

Sang dwijawara brengengen,

Lir swaraning madu branta, o


SULUK PATHET MANYURA WETAH

Meh rahina semubang ywang haruna,

Kadi netraning hangga rapuh,

Sabdaning kukila,

Mring kanigara saketer, o

Kinidunganing kung,

Lir wuwusing pini panca, o

Pepetogong ayam wana, o


ADA ADA SANGA WETAH

Bumi Gonjang ganjing,

Langit Kelap-kelap katon,

Lir kincanging alis,

Sang maweh gandrung,

Sabrang kadulu,

Wukir moyak mayik,

Saking tyas balewur,

Lumaris agandrung,

Dhuh ari sumitra,

Tan nay a parentah,

Kabeh sining wana,

Nangsa yen maringsun, o


ADA ADA GREGET SAUT SANGA WANTAH

Kadangmu padha warahen den becik,

Besuk amendhema, e

Baris prayitna,

Haywa saranta wong ing Dwarawati,

Tinumpesan iku awak Pandhawa, o


ADA ADA GREGET SAUT SANGA JUGAG

Jumangkah anggro sesumbar,

Lindhu bumi gonjing gumaludug Guntur ketur ketug,

Gora reh gara-gara, o


SULUK PATHET MANYURA JUGAG

Yahning-yahning talaga kadi langit,

Mambang tan pas wulan upamaneka, o

Lintang tulya kusumawur, o


ADA ADA GREGET SAUT MANYURA WANTAH

Tandya bala pandhawa mbyuk gumulung mangungsir,

Mring sata Kurawa, o

Kambah kongkih sru katitih,

Mirut kerut larur para ratu,

Tuwin sagung pra dipati, o


ADA ADA GREGET SAUT MANYURA JUGAG 

Niyata laruta sakehing yodha sang kuru kula,

Ya tan mutusa sang sri wara bisma, o


SULUK SENDHON TLUTUR JUGAG

O, Surem-surem diwangkara kingkin,

Lir manguswa kang layon, o

Denya ilang memanise,

Wadanaira layu,

Kumel kucem rahnya maratani, o

Ompak gender: 5555 5352 3523 5356


SULUK PATHET JINGKING

O, o, nihan siswa umatur, o

Marang risang maha yogi,

Sang wipra kadi paran,

Karsaning hyang hodipati yoga saliring warna,o

Kang gumelar aneng bumi, o

Mugi ulun tedahna,

Tandya sang wiku anjarwi, o


SULUK PATHET MANYURA WANTAH 

Lingsir ratri tumapaking wanci,

Bang-bang wetan sumaput ngakasa,

Lintang rina wus kawuryan,

Umiring kang sasadara,o

Sumilak prabeng ngakasa, o

Gatining Sang Hyang wisesa weh tentrem triloka,


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)