PARIBASAN NGENGRENGAN KASUSASTRAN DJAWA DENING S. PADMOSOEKOTJO

0

PARIBASAN NGENGRENGAN KASUSASTRAN DJAWA DENING S. PADMOSOEKOTJO









Paribasan

Kapethik saka buku Ngengrengan Kasusastran Djawa

Anggitanipun S. Padmosoekotjo tahun 1955.

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladha :

1. Ana catur mungkur. Ora gelem ngrungokake (mraduli) rerasaning liyan kang ora prayoga, kang bisa uga njalari tuwuhing padudon utawa regejegan.

2. Undhaking pawarta, sudaning kiriman. Pawarta iku lumrahe mundhak saka nyatane, nanging kiriman lumrahe (tumekane wong sing dikirimi) suda utawa kalong.

3. Kepara-kepere. Ora padha pangedume, ana sing kaduk la nana sing kasethithiken.

4. Blaba wuda. Marga bangeting lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.

5. Durung pecus kaselak besus. Durung sembada wis kepengin sing ora-ora. Umpamane, durung pinter wis kepengin omah-omah (berumah tangga).

6. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan. Sanadyan wong liya, nanging yen nganti nandhang rekasa, mesthi dibelani.

7. Mbidhung api rowing. Sumedya maeka/mitenah, rewa-rewa asung (rewa-rewa = pura-pura).

8. Nambung laku utawa tambuh laku. Api-api ora ngerti (api-api = apen-apen = pura-pura)

9. Criwis cawis. Diprentah, ing lair sajak wegah, madoni, nanging ing batin sumadya nindakake, lan wusanane uga tumindak temenan. (madoni = membantah)

10. Cekoh regoh. Wong kang wis jompo sarta kang wis ora bisa nggeglawat.

11. Cekoh dhokoh. Dhokoh sarta sengkut anggone mangan.

12. Cebolo mangan teki. Wong bodho, ora pantes yen bisa mangan sega utawa mangan panganan sing lumrah. Nanging pantese mangan suket teki.

13. Kuncung nganti gelung. Wiwit isih bocah (cilik) nganti tumekane diwasa.

14. Kongsi jambul wanen. Nganti tuwa banget.

15..Tulung menthung. Tetulung, nanging wusanane malah saya agawe rekasane wong kang ditulungi.

16. Saksi rumembe. Saksi susulan; upama sakawit kandha yen mung duwe saksi siji, pamburine kandha duwe saksi loro utawa luwih.

17. Dahwen ti open. Nacad, nanging panacade mau merga duwe pamrih marang barang sing dicacad arep dialap dhewe.

18. Tan-tan tuman. (Tahan-tahan tuman). Bisa tahan (kuwat,betah) merga wis kulina.

19. Welas temahan lalis. Welas marang wong, pamburine malah gawe cilakane sing diwelasi. Upamane : merga welas (bisa uga kegawa rasa tresnane) tansah gelem tetulung, wusanane wong sing ditulungi (diuja) banjur kurang prihatine utawa ichtiyare, merga tansah ngendelake pitulungan.

20. Nyolong pethek. Ora memper karo petheke; dipethek pinter (merga katone ing lair sajak patut yen pinter), jebule bodho. Utawa kosok baline, dipethek bodho jebule pinter.

21. Giri lusi, janma tan kena ingira. Ora kena ngina marang wong. Salagine cacing sing mung bisa nggremet, bisa nganti tekan ing pucuking gunung; apa maneh manungsa ora kena diina.

22. Obah ngarep, obet mburi. Menawa wong sing dadi pengarep gelem tumindak kanthi kemempengan (gelem ada-ada/kreatif), kang ana mburi yaiku andhahane, mesthi melu bae.

23. Ciri wanci, lelai ginawa mati. Cacad utawa pakulinan ala, ora bisa ilang nganti wong sing duwe pakulinan ala iku tumeka ing pati.

24. Kineban lawang tobat. Wis ora bisa oleh pangapura saka Gusti Allah.

25. Kadang konang. Sing dianggep sedulur mung sanak sedulure sing sugih (sing linuwih, sing dadi priyayi).

26. Tunggal welad. (Tunggal bapa biyung).

27. Ketula-tula ketali. Tangsah ngalami (nandhang) kahanan ora kepenak, kerep nemu reribed.

28. Kalah cacak menang cacak. Samubarang pegawean, bisa ditindakake lan orane sawise dicacak (dicoba).

29. Njajah desa milang kori. Njajah (mlaku) tekan ngendi-endi lan prasasat kabeh panggonan diparani, nganti tekan papan sing cilik-cilik lan kiwa distitekake kaanane.

30. Sadumuk bathuk, sanyari bumi. Padudon prakara lemah lan wanita, lumrahe dilabuhi nganti tumeka ing pati.

31. Ulat madhep ati karep. Dhasar atine wis cocok, tur ya pancen wis lawas (suwe) kepengine.

32. Golek-golek ketanggor wong luru-luru. Mbutuhke sawijining barang, nembung nyilih (utang) marang wong liya, jebul wong sing ditembungi iku uga mbutuhake barang mau, malah lagi arep ichtiyar (usaha) golek silihan.

33. Jalukan ora wewehan. Gelem njaluk, nanging ora tau gelem weweh.

34. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh. Sanadyan kanthi alon nanging terus tumindak, mesthi bakal kaleksanan sedyane.

35. Jumambak manak, jumebeng meteng. Kerep banget duwe anak (nglairake anak). Angger rambute anake wis jumebeng, ngarepake rambute jumambak, wis meteng maneh. Tumekane rambute anake jumambak, wetengane wis lair (duwe anak maneh).

36. Njunjung ngantebake. Ngalembana, nanging ngandhut maksud ngesorake (ngremehake).

37. Wong wadon iku paribasane : swarga nunut, nraka katut. Begja-cilakane wanita iku gumantung guru lakine (bojone).

38. Durung ilang pupuk lempuyange. Dipadhakake bocah cilik kang isih nganggo pupuk pipisan lempuyang ing embun-embunane.

39. Ana dhaulate ora ana begjane. Ana ungup-ungupe bakal oleh kabegjan, nanging kabegjan mau ora sida tumiba.

40. Keplok ora tombok. Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake wragad (ora cucul wragad/ ora melu urun wragade).

41. Yatna yuwana, lena kena. Sing sapa weweka (ngati-ati) bakal nemu raharja (slamet), sing sapa pepeka (tumindak sembrana) bakal nemu cilaka.

42. Lengkak-lengkok, ora wurung ngumbah popok. Wong wadon ditari omah-omah (berumah tangga), ing sakawit ora gelem, wusanane gelem malah klakon duwe anak.

43. Yuwana mati lena. Wong becik bebudene nemu cilaka merga saka kurang weweka (ngati-ati).

44. Ladak kecengklak. Wong angkuh nemu pakewuh(reribed).

45. Kenes ora ethes. Wanita kang sugih umuk ( omongan sing seneng pamer), nanging bodho.

46. Blilu tau, pinter durung nglakoni. Sanadyan kurang kapinterane, sarehne wis kerep nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong sing luwih pinter nanging durung tau nindakake.

47. Busuk ketekuk, pinter keblinger. Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka. Sing bodho nemu cilaka merka pancen ora ngerti, yen sing pinter merga kurang wewekane.

48. Anak molah (polah) bapa kepradhah. Nemu pakewuh merga saka luputing tumindake anake.

49. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem. Saka puji- pandongane wong akeh, muga-muga bisa klakon temenan, klakon kaya pandongane wong akeh mau.

50. Bapa kesulah, anak kepolah. Anak kuwajiban tanggung jawab marang perkarane bapakne kang wus tinggal donya.

51. Kendel ngringkel, dhadhag ora godag. Kerep ngungasake kekendelane, kerep ngumukake kapinterane, wasana bareng ana gawe-parigawe kang kudu ditandangi kanthi mbutuhake kekendelan lan kapinteran, jebul ora bisa mrantasi, malah ketok yen jirih lan bodhone.

52. Kulak warta, adol prungon. Tetakon warta, terus warta sing dirungu mau genti dikandhakake marang wong liya.

53. Tuna satak bathi sanak. Tuna sethithik ora dadi apa, waton bisa nambahi memitran.

54. Tut wuri ndayani (tut wuri handayani). Wong tuwa (guru) kang nyekarep marang pepinginane wong enom (murid) kang becik yaiku: idham-idhaman luhur, ada-ada, inisiatif, bakal bisa mahanani woh kang becik, sanadyan mung sarana ngulat-ulatake lan aweh pamrayoga saperlune.

55. Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinambewara. Kabar kang durung bisa dipesthekake bener utawa lupute.

56. Tembang = tabuh. Nembang tengara = nabuh tengara (tanda), upamane kang ditabuh minangka kanggo tengara iku bendhe.

57. Sambewara = (diseseli na utawa in dadi sinambewara) = sudagar, bakul.

58. Sepi ing pamrih, rame ing gawe. Tanpa darbe pamelik apa-apa, tumindak ing gawe kanthi kemempengan (semangat).

59. Gemblung jinurung, edan kuwarisan. Tumindak ndhugal ugal-ugalan, nanging tansah nemu slamet. Senadyan ndhugal, nanging ora tau nemu cilaka.

60. Sluman-slumun slamet. Sanadyan ora weweka, nanging tansah nemu yuwana.

61. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan. Tansah raharja, ora ana pangganggu gawe kang bisa tumama.

62. Buntel kadud, ora kinang ora udud. Buruh nyambut gawe kanthi opah borongan, tanpa nampa ingon (makan dan minum).

63. Winongwong Jawata. Tansah ketekan sabarang kang sinedya.

64. Entek golek kurang amek. Ngunen-uneni (ngomeli) wong nganti sakatoge.

65. Garang garing. Ing lair katon sarwa bregas lan sugih, nanging satemene mlarat ora duwe apa-apa.

66. Sipating wanita iku paribasane : karubyuk kabotan pinjung. Waanita iku anane mung sarwa ribet.

67. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat. Wis ora kena diendhakake kekarepane.

68. Sing malang-malang putung, sing rawe-rawe rantas. Kabeh sing ngalangi-alangi sedyane, kena disirnakake.




TEMBUNG ENTAR

Kapethik saka buku Ngengrengan Kasusastran Djawa, anggitanipun S. Padmosoekotjo, 1955.

Entar ateges : 

– Silihan.

– Lunga, mangkat, bablas.

Upama ing ukara: kepareng kawula mentar ( lingga entar + seselan um).

Tembung entar tegese tembung silihan, tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae utawa

ora mung salugune bae (basa kiasan).

Tuladhane :

1. Lobok atine yaiku tegese sabar ora gampang muring (nesu).

2. Dawa tangane yaiku climut, clemer, seneng njejupuk darbeking liyan.

3. Jembar segarane yaiku sugih pangapura.

4. Lunyu ilate yaiku guneme mencla-mencle, molah-malih, ora kena dipercaya.

5. Tipis lambene yaiku seneng nyatur wong, seneng memisuh.

6. Entheng tangane yaiku cengkiling, dhemen milara, sok nangani.

7. Gedhe endhase yaiku ambeg ujubriya-kibir, sumangkeyan / sombong.

8. Panggedhe kang landhep pene yaiku seneng ngancam marang andhahane sing luput lan ngrepotake marang dhedhuwuran /atasan.

9. Ngatonake siyunge yaiku nuduhake panguwasane, nuduhake kuwanene / arogan.

10. Udan tangis yaiku akeh wong kang padha nagis.

11. Nggedhekake puluk yaiku nengenake pangan, kurang prihatine.

12. Kelepetan ala yaiku katut melu ala.

13. Nggugah susah yaiku marakake susah maneh.

14. Kawruhe jembar yaiku kawruhe akeh lan nyukupi.

15. Manis eseme yaiku ngresepake, agawe kencuting ati.

16. Mogel ilate yaiku memangan akeh, warni-warni lan sarwa enak.

17. Agawe pinggeting ati yaiku marakake serik ati, gawe jengkel.

18. Kawruhe mateng yaiku kawruhe cukup, malah wis nyedhaki sampurna.

19. Mbalang liring yaiku nglirik, ngujiwat.

20. Metani luputing liyan yaiku nggoleki lupute wong liya.

21. Mbukak wadi yaiku ngandhakake wadi /rahasia.

22. Ngabangake kuping yaiku agawe nesu.

23. Ora kuwat payung yaiku ora bisa duwe drajat / jabatan.

24. Mbuwang tilas yaiku api-api (ethok-ethok) tumandang gawe kanggo nutupi panggawe ala sing mentas ditindakake.

25. Ngrabekake sikut yaiku wong lanang sing njarag senggolan karo wong wadon (utawa kosok baline) ana ing papan kerameyan.

26. Panen mata, pailan gulu yaiku weruh pangan warna-warna kang sarwa menginake, nanging ora bisa melu weruh rasane (ora melu mangan, ora diwenehi).

27. Sanadyan padhang mripate, nanging peteng atine yaiku sanadyan laire katon seneng, nanging batine susah.

28. Tembunge pedhes yaiku tembunge gawe serik lan mangkelake

29. Ngendhaleni hawa nafsu      : nyegah kekarepan kang ora prayoga(ora becik).

30. Papan kang kiwa             : panggonan kang ora adhakan, ora kerep kaambah, sepi.

31. Dewa iku luput ing pati                          : dewa iku ora kena ing pati, ora ketaman ing pati.

32. Muga kalisa sakehe lelara     : muga aja nganti ketaman lelara apa-apa.

33. Nyambut gawe nganti adus kringet  : nyambut gawe abot (angkat njunjung).

34. Ngetog karosan, ngepuh kringet       : kanthi mempeng banget.

35. Prajurit kang prawira apambegan yaiku wedi wiring, wani mati.

36. Nandur kabecikan, ndhedher kautaman yaiku gawe kabecikan marang pepadaning urip, mbokmenawa anak-putune ing tembe tampa piwalese.

37. Ngadu wuleding kulit, atosing balung yaiku ngadu tyasa, unggul-unggulan kadigdayan utawa kaluwihan.

38. Ora ngrengga prajane yaiku ora njaga awake supaya kajen- keringan / dihormati.

39. Ora katon dhadhane yaiku ora wani adu arep.

40. Nggilut kawruh yaiku ngudi kawruh kanthi kamempengan / mencari ilmu dengan penuh semangat.

41. Murid kang ketengen yaiku murid kang dikasihi dening guru.

42. Kanggo cagak lek yaiku kanggo srana supaya bisa betah melek.

43. Tumiba ing kasangsaran yaiku nemahi urip sing ora kepenak.

44. Kuwat drajat yaiku bisa dadi wong gedhe (pemimpin).

45. Tumenga sepa, tumungkul sepi yaiku ora ana sing kena disambati utawa dijaluki tulung.

46. Kena tinenga-tenga yaiku kena dijaluki pangayoman, Manawa ana kala mangsane nemu urip kang ora kepenak. Kena disambati.

47. Adhine ditungkulake yaiku ditilapake, ditinggal lunga kanthi dilimpekake.

48. Buntut kuwi rak ya mung manut sirahe yaiku pangkat cilik kuwi rak ya mung manut marang panggedhene (pimpinane)

49. Wis ora duwe ati (entek atine) yaiku kuwatir banget.

50. Atine metu wulune yaiku darbe sedya ala merga kadunungan rasa meri (drengki).

51. Mata dhuwiten yaiku petung banget.

52. Sekolahe mogul, kegiwang kincanging alis yaiku kepencut memanising wanita.

53. Cangkem gatel, arang mingkem yaiku seneng ngrasani alaning liyan,  seneng muni-muni nganggo tembung kasar utawa saru.

54. Cangkem rusak, godhong jati krasa opak yaiku sanadya ora lumrah dipangan, nanging meksa dipangan.

55. Ati kethul yaiku ati kang ora gampang mempan samangsa ditamakake ing kawruh /ilmu.





RURA BASA 

Kapethik saka buku Ngengrengan Kasusastran Jawa anggitane S. Padmosoekotjo, 1955.

Rura utawa rurah duwe teges padha, yaiku rusak.

Tembung rurabasa ateges basa rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake maneh, jalaran pancen ora lumrah dibenerake. Yen meksa dibenerake, malah banjur dadi basa sing ora lumrah, basa sing aneh, basa sing ora kaprah. Sanadyan bener, yen ora kaprah dianggep salah.

Tuladhane :

No Rurabasa Sing sakbenere

1. Nguleg sambel, Nguleg lombok, uyah, lan trasi supaya dadi sambel trasi, Nguleg lombok, uyah, lan bawang supaya dadi sambel bawang.

2. Adang thiwul, Adang glepung gaplek utawa babakan gaplek supaya dadi thiwul.

3. Ndheplok gethuk, Ndheplok tela sing wis digodhog supaya dadi gethuk.

4. Mikul dhawet, Mikul genthong sing isine dhawet.

5. Ngleles coban, Ngleles lulup supaya dadi coban.

6. Ndondomi clana, Ndondomi kain (lena, dril) supaya dadi clana.

7. Mbathik iket, Mbathik mori supaya dadi iket.

8. Ngenam klasa, Ngenam pandhan utawa godhong mendhong supaya dadi klasa.

9. Mbunteli tempe, Mbunteli kedhele sing wis digodhog lan dimomori ragi supaya dadi tempe.

10. Ngekum landha, Ngekum areng merang supaya sarine areng merang iku campur dadi siji karo banyu, dadi landha. Landha iku banyune awu merang gunane kanggo kramas rambut.

11. Nulis layang, Nulis ana dluwang utawa kertas supaya dadi laying (surat).

12. Menek krambil, Menek wit krambil, yaiku glugu.

13. Nggodhog wedang, Nggodhog banyu nganti mateng supaya dadi wedang.

14. Adang sega, Adang beras supaya dadi sega



TEMBUNG GARBA

Tembung Garba (Sandi)

Kapetik saka buku Ngengrengan Kasusastran Jawa, anggitane S. Padmosoekotjo, 1955.

Garba ateges    :               

1. Weteng (guwa garba, ateges weteng ing perangan dununge bayi).

2. Sesambungan, rerangken, gegandhengan.

Nggarba tembung yaiku nggandheng tembung loro utawa luwih, perlu kanggo nyuda cacahing wandane.

Tembung garba tegese tembung rerangken, tembung sesambungan, tembung kang kedadean saka tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji.

Tembung garba utawa sandi iku lumrahe tinemu ana ing kasusatran kang sinwung ing tembang utawa geguritan. Samangsa ana gatra kang kakehan guru wilangane, pangripta bisa ngelong cacahing wilangan iku sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra mau.

Tuladha :

1. Malbeng (malebeng) = malbu +ing = (malebu +ing)

2. Narpendah = narpa (ratu) + endah (ayu, linuwih, sulistya ing warna)

3. Murdantaji = murda + kita + aji ( murda = sirah, kita = kowe, aji=ratu). Murdantaji = sirahmu sang ratu.

4. Maskwari = mas + aku + ari. Maskwari = panyebut marang kekasih.

5. Kalokengrat = kaloka (misuwur/terkenal) + ing + rat (jagad/dunia).

6. Kebwalasan = kebo + alas an, tegese dudu kebo ingon.

7. Yeku = ya + iku.

8. Lagyantuk = lagi + antuk.

9. Sedyarsa = sedya + arsa, tegese niyat, arep.

10. Tumujweng = tumuju + ing.

11. Paksyarsa = paksa + arsa, tegese kumudu-kudu arep.

12. Jalwestri= jalu (lanang) + estri (wadon), tegese lanang lan wadon.

13. Sarwyanjoged = sarwi (kaliyan) + anjoged.

14. Lumakweng wuntat = lumaku + ing wuntat, tegese lumaku ing mburi.

15. Kajwareng praja = kajwara + ing praja, tegese misuwur ing sanagara.

16. Wadwaji = wadu + aji, tegese abdining ratu, utawa garwane ratu.

17. Maharsi = maha(linuwih) + resi(pandhita), tegese pandhita linuwih.

18. Mahraja = maha(linuwih) + raja(ratu), tegese ratu linuwih.

19. Mahmeru = maha(linuwih) + meru(gunung), saiki kasebut Semeru saka tembung Sumeru. Su = linuwih.

20. Dupyarsa = dupi (sareng) + arsa (badhe).

21. Nujwarip = nuju + arip (ngantuk), tegese lagi ngantuk.

22. Dhemennyar = dhemen + anyar, tegese dhemene (senenge) mung manawa isih anyar, sedhela bae banjur bosen.

23. Taksyalit = taksih + alit.

24. Dadyewuh = dadi / dadya + ewuh.

25. Ratwagung = ratu + agung, tegese ratu binathara.

26. Sudireng wirang = sudira (kendel) + ing wirang (isin), tegese ora wedi isin.

27. Kapindra = kapi (kethek) + endra (ratu), tegese retune kethek.

28. Kawindra = kawi (pujangga) + endra (ratu), tegese tetunggule pujangga. Tembunge liya : kawiwara, kawitana.

29. Ratwambek pinandhita = ratu + ambek (sifat) pinandhita, tegese ratu kang duwe sifat pandhita, yaiku sifat sabar, maklum, momot, mengku, berbudi bawa laksana.

30. Mardikengrat = mardika + ing + rat, tegese mardika ing jagad, uripe ana ing ndonya ora ana sing ngereh utawa mrentah.

Penget :

1. Tembung loro kang padha dene tanpa y , manawa dadine tembung sandi banjur mawa aksara y, diarani tembung garba sutraye, tuladha : lagi + antuk = lagyantuk.

2. Tembung loro kang padha dene tanpa w, manawa dadine tembung sandi  banjur mawa aksara w, diarani tembung garba sutrawam, tuladha jalu + estri = jalwestri.

3. Tembung kang kagarba karo tembung maha, menawa tembung maha iku banjur dadi mah, diarani garba warga-ha.



KIDUNGAN JANGKEP

(Dhandhanggula)

Kapyarsa kidung arerangin

Kelun alun ombaking samodra

Anut manuta lakune

Isi wasilahipun

Kanjeng Sunan sing Jaga Kali

Sung pituduh prayoga

Pambengkasing kewuh

Tumrap kang lagi anandhang

Kasangsaran miwah pacobaning urip

Syukur sabar narima.


Ana kidung rumeksa ing wengi

Teguh ayu luputa ing lara

Luput ing bilahi kabeh

Jim syaitan dhatan purun

Paneluhan tenung tan wani

Miwah panggawe ala

Gunane wong luput

Agni atemahan tirta

Maling adoh tan ana ngarah mring mami

Tuju dhudhuk pan sirna


Sagung pancabaya samya bali

Sakathahing ama amiruda

Wedi asih pandulune

Sakehing braja luput

Kira-kirapan wuk sakalir

Saliring wisa tawa

Sato kurda tutut

Kayu aeng lemah sangar

Songing landhak guwaning mong lemah miring

Myang pakekiponing merak.


Pagupakaning warak sakalir

Nadyan arga myang sagara alas

Temahan rahayu kabeh

Sarwa Sarira Ayu

Ingideran kang widadari

Renekseng Malaekat

Sakathahing Rasul

Pan dadia sarira tunggal

Ati Adam utekku Bagindha Esis

Pangucapku ya Musa


Napasku Nabi Isa Linuwih

Nabi Yakub pamiyarsaningwang

Yusuf ing rupaku reke

Nabi Dawud swaraku

Jeng Selaeman kasekten mami

Ibrahim kang anyawa

Idris ing rambutku

Said Ali kulitingwang

Abu Bakar getih Daging Umar Singgih

Balung Bagindha Usman


Lamun arsa tulus nandur pari

Puasa-a sawengi sadina

Iderana galengane

Wacanen kidung iku

Datan ana ama kang prapti

Lamun sira aperang

Wateken ing sekul

Antuka tigang pulukan

Kang amangan rineksa dening Hyang Widhi

Rahayu ing payudan.


Lamun ora bisa maca kaki

Sinempena kinarya azimat

Teguh ayu panemune

Yen binekta anglurug

Mungsuhira datan udani

Luput sanjata tawa

Iku safabipun

Sabarang pakaryanta

Pan rineksa dening Hyang Kang Maha Suci

Sakarsane tinekan.


Sungsum insun Fatimah linuwih

Aminah kang bebayuning angga

Ayub minangka ususe

Nabi Nuh ing jejantung

Ing sarira tunggal lan nabi

Cahyaku nur Muhammad

Panduluku Rasul

Pinayungan Adam syarak

Sampun jangkep sakathahing nabi wali

Dadia sarira tunggal


Wiji sawiji mulane dadi

Pencar dumadi isining jagad

Kasamadan dening Dzate

Singa maca myang ngrungu

Kang anurat tuwin nimpeni

Dadia hayuning jasad

Kinarya asembur

Sira wacakna ing toya

Kinarya dus rara tuwa gelis laki

Wong edan nuli waras.


Lamun ana wong kang kabanda kaki

Myang kadhendha lan kabotan utang

Miwah wong alara reke

Wacanen tengah dalu

Ping sawelas wilangan singgih

Luwar ingkang binanda

Kang didhendha wurung

Sadosane ingapura

Ingkang utang sinauran ing Hyang Widhi

Kang agring dadi waras.


Sing sapa reke arsa nglakoni

Amutiha lawan anawa-a

Patang puluh dina bae

Lan tangi wektu subuh

Miwah sabar syukur ing ati

Insya Allah tinekan

Sakarsanireku

Tumrap sanak rakyatira

Saking sawabing ilmu pangiket mami

Duk aneng Kalijaga


Pandongaku mring Hyang Maha Suci

Kanthi Ridlo lan Rakhmating Allah

Kinabulan panyuwune

Antuk barokahipun

Para Nabi lan para Wali

Myang leluhur sadaya

Ageng sawabipun

Mugi kalis sing rubeda

Kasembadan sedaya sedyaning urip

Slamet donya akherat.



TEMBUNG SAROJA

Kapethik saka buku Ngengrengan Kasusastran Jawa anggitane S. Padmosoekotjo 1955.

Saroja ateges :

1. Rangkep. 

2. Kembang tanjung, kembang, padma, trate, kumuda, pakadya (pangkadya).

Tembung Saroja ateges tembung rangkep utawa tembung loro kang padha tegese / meh padha tegese dianggo bebarengan.

Tuladha :

1. Tumpang-tindhih

2. Amrik-minging

3. Agah-prakosa

4. Teguh-sentosa

5. Tata-krama

6. Krama-niti

7. Arum-wangi

8. Mudha-pingging

8. Mudha-punggung

10. Mudha-dama

11. Jugul-mudha

12. Kongas-ngambar

13. Nistha-dama

14. Nistha-papa

15. andhap -asor

16. kukuh-bakuh

17. kengkeng-bangkeng

18. umyang-gumuruh

19. kajen-keringan

20. sungsun-timbun

21. ewuh-pakewuh

22. baya-pakewuh

23. godha-rencana

24. lir-pendah

25. tindak-tanduk

26. tandang-grayang

27. watak-wantu

28. lagak-lageyan

29. sabar-drana

30. rame-gumuruh

31. dhedhep-tidhem

32. sayuk-rukun

33. sih-tresna

34. tri-gumuruh

35. guna-kasantikan

36. sarat-masrut

37. kasep-lalu

38. nungsang-njempalik

39. solah-tingkah

40. akal-budi

41. mukti-wibawa

42. adi-luhung

43. mula-buka

44. buka-(sa)kawit

45. suka-rena

46. sinuba-sinukarta

47. tapak-tilas

48. glogok-sok

49. gepok-senggol

50. bojana-andrawina

51. japa-mantra

52. puji-pandonga

53. sato-kewan

54. gilir-gumanti

55. nenes-kenes

56. iguh-pratikel

57. papa-cintraka

58. malang-megung

59. tambal-sulam

60. pasang-rakit

61. sumbang-surung

62. campur-adhuk

63. sindhung-aliwawar

64. sindhung-riwut

65. angkat-junjung

66. njungkir-walik

67. sotya-retna

68. setya-tuhu

69. kebo-ndanu

70. dana-driyah

71. lalu-lungse

72. solah-bawa

73. tingkah-laku

74. kapok-kawus

75. endah-peni

76. Edi-peni

77. angkara-murka

78. budi-pekerti

79. sri-narendra

80. ciri-wanci

81. jebat-kasturi

82. dhawuh-timbalan

83. tata-trapsila

84. tepa-tuladha

85. tepa-palupi

86. rahayu-slamet

87. perang-pupuh

88. utang-selang

89. candhak-cekel

90. gandhes-luwes

91. tumpuk-undhung

92. sak-serik

93. sih-wilasa

94. wandu-wandawa

95. babak-bundhas

96. njarah-rayah

97. bayu-bajra

98. nila-widuri

100. wulang-wuruk

101. jubriya-kibir

102. geter-pater

103. guntur-ketug.


Akeh jenenge wong lan aranine tembang (gendhing) sing kedadean saka tembung saroja,

Kayata :

Ranutirta

Dipamanggala

Puspakusuma

Padmakusuma

Dipasena

Sutaatmaja

Gunasentika

Kartikarya

Sindutirta

Radayuda

Subakastawa

Biwaddhaminulya.



YOGYASWARA

Kapethik saka buku Ngengreng Kasusastran Jawa anggitane S. Padmosoekotjo 1955.

Yogya ateges : becik, prayoga, pantes, patut, apik.

Swara ateges uni, swanten (kramane).

Yogyaswara ateges swara apik, swara kang ngresepake marga becik utawa kepenak dirungokake.

Yogyaswara iku tembung loro kang meh padha pakecapane (lan uga panulise), mung beda wandane wekasan nganggo a lan i. lan duwe teges lanang-wadon.

Tuladha :

1. dewa-dewi

2. gana-gini

3. widadara-widadari

4. gedhana-gedhini (kedhana-kedhini)

5. bathara-bathari

6. apsara-apsari

7. prameswara-prameswari

8. yaksa-yaksi

9. pemudha-pemudhi

10. raseksa-raseksi



DASANAMA 1

Dasa nama iki kapethik saka buku Ngengrengan Kasusastran Djawa anggitanipun S.Padmosoekotjo, tahun 1955.

Dasa kalebu tembung wilangan kang ateges sepuluh. Nama ateges aran utawa jeneng. Dasa nama ateges jeneng nganti sepuluh darbeke wong siji. Uwong, kewan, utawa barang kang duwe jeneng luwih saka siji diarani dasanama.

Tembang Kinanthi ngisor iki ngemot tembung-tenbung dasanama. Tembung kang dikurung mung kanggo nyukupi guru wilangan lan guru lagu, ora katut kepetung dasa namane.

1. 

Pandhita maharsi wiku

dwija wipra ajar muni

yogiswara dwijawara

suyati resi mahyekti

Dewa apsara dewata

jawata sura hyang(luwih)

2. 

Widadari surawadu

apsari dewi bathari

Lanang jaler jalu priya

Wadon dyah wanita rini

kusuma retna juwita

wanudya dayinta gini

3. 

Uwong jana janma manus

Anak suta sunu siwi

tanaya weka atmaja

Ibu biyung biyang wibi

rena umi (myang) puyengan

Bapa yayah rama sdarmi*

4. 

Ratu aji katong dhatu

nata narendra narpati

sri pamasa nareswara

bumipala bumipati

narpa raja naradipa

buminata sri bupati

5. 

Prameswari narpawadu

narpapadmi natadewi

sori (lan) narpadayinta

(Dene) patih nindyamantri

mantrimuka mantriwredha

wrangkapraja mantringarsi

(ana bacute)


DASANAMA 2

6. 

Mungsuh parangmuka satru

Senapati pramugari

senapatya narawara

hulubalang bretyapati

Bala wadya wrahatbala

tantra balakoswa (sakti)

7. 

Buta dhitya yaksa diyu

klana asura dnawa wil

Jaran swa aswa turangga

kuda (lan) titihan wajik

Gajah dirada dipangga

asti liman dipa esti

8. 

Mati layon lalis lampus

lena pralaya ngemasi

padhem antaka palastra.

Mangan nadhah boga bukti

Lunga merad mentar mendra

linggar wisata les anis.

9. 

Perang rana yuda pupuh

laga bandayuda jurit

Kewuhan aweken kewran

Kanca rowang rewang kanthi

Nepsu bendu krodha duka

muntap bramantya amuring.

10. 

Keris katga criga suduk

patrem (kagem para putri)

Pedhang sabet (lan)candrasa

Gada bindi dhendha lori

Panah astra sara bana

warastra nraca jemparing

11. 

Gendhewa langkap (lan) busur

laras panglepas jempaing

Gaman badhama sanjata

Kareta rata pedhati

ratangga jana wimana

Siyaga samekta mranti

12. 

Kadhaton kraton kadhatun

dhatulaya pura puri

Omah panti syasa wisma

Seba marak ngadhep nangkil

Sitiluhur sitibentar

(iku ateges) sitinggil

13. 

Gunung ardi wukir meru

ancala parwata giri

prabata arga aldaka

Alas jenggala wanadri

Kali bengawan narmada

Udan warsa jawah riris

14. 

Segara samodra laut

tasik jladri jalanidhi

Iwak matswa ulam mina

Kaga kukila (twin) paksi

Ula sarpa (ya) taksaka

Cacing lusi (miwah) wrejit

15. 

Banyu warih tirta sindu

her arjuna we jahnawi

jala tuban (ya) udaka

Bledheg gelap erawati

Gludhug guntur grah gurnita

geter pater (nggegirisi)

16. 

Kebo mundhing misa ndanu

Kaya pindha pendah kardi

lir mimba (lan) yayah kadya

Galak rota krura (ugi)

wirodra lodra wiroda

Sakeh sagung sanggya salwir.

17. 

Becik tama adiluhung

yogya endah edi peni

Jeneng parab sambat asma

bisikan tengran wewangi

Bangke kunarpa kuwanda

Bojo kalulut kucumbi

18. 

Anjing sona srenggala asu

Kethek wre wanara kapi

juris rewanda palwaga

Macan mong sardula (kenging)

Kombang bremara sadpada

Lara roga gerah agring

19. 

Mlaku lumaksana laju

laksita mlampah lumaris

Turu sare guling nendra

Wruh wrin upiksa udani

myat anon uninga wikan

Arep arsa ayun apti

20. 

Omong micara amuwus

mojar nabda wacana ngling

Katon kawuryan kawangwang

kasatmata keksi kengis

Karep praja abipraja

sumedya parasdya kapti

21. 

Ati driya prana kalbu

nala tyas wardaya galih

Kendel sudira nirbaya

tatag tanggon sura wani

Kalah kasor kawon kandhap

kandhah kelindhih ketitih

22. 

Kasengsem lengleng wulangun

mangungkung kasmaran brangti

krungrungan brangta kandhuhan

Seneng trustha sukengkapti

harsaya harsana girang

Serik eru rengu runtik

23. 

Rusak rurah punah swuh rug

brastha remak rabasa (nir)

Sedhih turida duhkita

margiyuh rimang rudatin

tikbra rudita sungkawa

wigena katresan kingkin

24. 

Sumaput kantaka kantu

kapidhara datan eling

Slamet raharja yuwana

rahayu swasta basuki

Kwatir sumelang sandeya

wancakdriya walangati

25. 

Misuwur kaloka kasub

kondhang kasusra kawarti

kontap kalok kajuwara

kaonang-onang (linuwih)

kawentar kajana priya

Wedi wingwrin ulap giris

26. 

Pinter guna wignya putus

nimpuna widigda wasis

lebda limpad (tur) widura

Bodho blilu mudha pingging

kumprung punggung jugul dama

Dhewe priyangga pribadhi.

27. 

Sirah utamangga ulu

kumba murda mustaka (twin)

Gawe kardi karti karya

Sotya retna nila manik.

Cikben darapon supadya

supaya murih supadi

28. 

Awak raga angga tubuh

Mata soca netra eksi

Gulu tenggak jangga lungyan

Rambut rema keswa weni

Sikil paduka sampeyan

Tatu labet brana kanin

29. 

Bumi bantala (puniku)

pratala kisma pratiwi

mandhala buwana jagad

basundara basundari

Langit akasa gagana

antariksa wyat wiyati

30. 

Rembulan candra sitengsu

basanta lek badra sasi

sitaresmi sasadara.

Srengenge raditya rawi

radite baskara arka

diwangkara bagaspati

31. 

Lintang wintang sasa (kasbut)

kartika sudama (tuwin)

Sorot kirana ujwala

sunu senen anyunari

Padhang pranawa pramana

Ireng kresna (kenging) langkin.

32. 

Putih seta dwala pingul.

Ijo royo-royo wilis

Kuning jenar kapuranta.

Abang rekta dadu abrit.

merah jingga ambaranang

Obong wlagar tunu basmi

33.

Geni api brama apyu

dahana pawaka agni

Angin bajra samirana

sindhung riwut maruta (twin)

bayu barat aliwawar

Dalan enu dlanggung gili.

34. 

Wekasan satemah panutup

puwara wasana iti

Rampung palestha pulastha

Tansang anggung manggung titir

datan anggop sanityasa

Wangi arum amrik minging




Imajiner Nuswantoro 




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)