SERAT PAMBEKANIPUN PARA NATA BINATHARA

0

SERAT PAMBEKANIPUN PARA NATA BINATHARA

Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping gangsal.

[109] Ingkang putra Kangjeng Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping sekawan, ing Surakarta. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1748: dumugi ing taun :1751:

 



Serat Pambekanipun Para Nata Binathara

[1]

Punika pambekanipun panjenengan nata binathara ing tanah Jawi, ingkang kadamel bebuka kala panjenenganipun nata Prabu Kresna Dipayana, inggih Prabu Abiyasa ing Ngastina. Jumenengipun kala ing taun :665: dumugi ing taun :686: Pambekanipun tanuhita kaliyan darmahita. Tegesipun remen ulah kapandhitan akaliyan remen ulah dhateng pengadilan. Ingkang kalampahan tansah amemulang dhateng wadyabalanipun amurih karaharjaning nagari kaliyan lestantuning panembah, awit Prabu Abiyasa amranata patraping panembah, kadosta: ingkang anembahing Sang Hyang Guru, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Siwah, Sang Hyang Bayu,

[2]

punika kapatrapaken ing papangkatanipun, utawi kenggena-ken sagolongan-sagolongan, sarta anindakaken sama beda dana dhendha, kadosta: yen paparing dhateng wadya bala kadamel sami. Manawi badhe hangaoti dhateng wadya bala kang kacelak, punika sanes dinten medal piyambakipun. Yen mamatah padamelan kadamel beda-beda. Ingkang lembat sami lembat, ingkang kasar sami kasar. Yen hangadili prakawis aming kadanakaken, boten mawi pamrih dhendha. Yen matrapaken paukuman boten mawi bahu kapine, nadyan putra santana, yen kaleres kokum, inggih kapatrapaken. Panjenenganipun nata Prabu Pandhu Dewanata ing Ngastina.

[3]

Jumeneng kala ing taun sangkala :686: dumugi taun :710: Pambekanipun samahita kaliyan darmahita. Tegesipun, remen ulah tata krami kaliyan pengadilan. Ingkang kalampahaken hanggelar tata krami miwah kasujanan. Panglepasing budi, patitising wicara, asih ing pawong mitra, adamel suka renaning wadyabala, sarta remen hangarjaken nagari. Amewahi wawangunaning praja. Yen nalika matrapaken pangadilan ingkang katindakaken sama beda dana dhendha, patrapipun kados ing nginggil wau. Panjenenganipun Prabu Dhastharata ing Ngastina. Jumenengipun kala ing taun :710: dumgi taun :726:

[4]

Pambekanipun tanuhita kaliyan samahita. Tegesipun remen ulah kapandhitan kaliyan ulah tata krami, sarta amurih karaharjaning nagari, kaliyan lestantuning panembah. Ingkang kalampahaken hanggelorak wewulang kadarmaning budi, hanyelakaken para tapa, hangraketaken kawula warga sami pinrih suka. Patraping pangadilan inggih taksih hanindakaken sama beda dana dhendha.

Panjenengan nata Prabu Suyudana ing Ngastina. Jumenengipun kala ing taun sangkala :726: dumugi ing taun :755:

[5]

Pambekanipun sarahita. Teges-ipun, remen ulah ka-prajuritan. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah para kawula warga sami kawulang pratingkahing gelar santosaning ngayuda sarta tataning wadyabala. Titi dhateng wawengkoning karaton. Ngati-ati lebet wedaling ka-gunganing nata. Manawi hang-ganjar dumunung ing damelipun. Lampahing pangadilan amung anindakaken dana wesi asat. Patrapipun dana manawi anindakaken pangadilan aming kadanakaken kemawon, boten mawi pamrih punapa-punapa. Wesi asat patrapipun manawi anindakaken paukuman, manawi sampun kaleres kokum inggih lajeng kaukum. Nadyan putra santana boten sanes paukumanipun.

[6]

Panjenenganipun nata Prabu Yudhistira ing Ngastina. Jumenengipun kala ing taun sangkala :755: dumugi ing taun :760: Pambekanipun tanuhita kaliyan samahita. Tegesipun karem ulah kapandhitan, kaliyan tata krami, amurih karaharjaning praja tuwin rahayuning wadyabalanipun. Ingkang kalampahaken anggung amumulang pratingkahing panembah, sarta hanebihaken para murka, hanyelakaken para sujana, saged hangecani manahing sasami, tuwin hanggelaraken patraping tata krami. Yen andhap boten kenging dipun andhapi, yen inggil boten kenging dipun ungkuli, sarta amirahaken dana lumintu sadinten-dintenipun.

[7]

Mirah hanglang-kungi santosaning panggalih. Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat. Lampahing pangadilan hanindakaken sama beda dana dhendha, hawekasan paramarta, kadosta: yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun. Yen sampun lajeng kaaksama. Panjenenganipun nata Prabu Parikesit, nama Prabu Dipayana, ajujuluk nama Prabu Darmasarana, inggih punika panjenenganipun ratu adil kapisan ing tanah Jawi, kadhaton ing Ngastina. Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :760: dumugi ing taun :796: Pambekanipun tanuhita, sama-hita, darmahita. Tegesipun, remen ulah kapandhitan,

[8]

remen puruhita kaliyan amemuja, miwah tata krami tuwin pangadilan. Ingkang kalampahaken ang-gung memulang patraping tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan, utawi anata agami, kamanggenaken piyambak-piyambak. denten lampahing agami kapatrapaken lampah-lampahipun, utawi awisanipun kados ingkang sampun kocap wonten ing serat Darmasarana, ingkang awit saking aturipun paramananing agami gangsal. Saupami wonten ingkang nedya mangsul agama, kadosta: ingkang agami Hendra, mangsul dhateng agami Brahma. Ingkang agami Brahma mangsul dhateng agami Wisnu,

[9]

kados makaten sapanunggilanipun punika mawi kapanca-karyana, tegesipun kaun-jukan toya gangsal warni: 1. toya saking manungsa; 2. Toya saking sato; 3. Toya saking tetuwuhan; 4. Toya saking bumi; 5. Toya saking latu. Mangka wonten ingkang sampun mangsul agami, nanging lajeng amangsuli agaminipun lami malih, punika panca-karyana wau kawewahan peresan talethong sarta erahing kewan. Kaliyan karsa amamangkat ka-wiryawaning wadyabala, amewahi pranataning punggawa, kapatah-patah ing dalemipun, kadosta: ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih sapanekaripun. Ingkang kajêjêraken wadya manginte kewuh, inggih sapanekaripun. Sapanung-gilanipun kados makaten. Utawi tansah

[10]

winulang panglepasan, wruh ing cipta sasmita, sami kapurih sageda nawung kridha sambegana. Sarta hanggelaraken sama beda. Lampahing pangadilan hanindakaken dana dhendha, utawi dana wesi asat. Pratelanipun kados ingkang kasebat ing nginggil wau. Sadaya dhawahing nata ingkang sampun kagelaraken, manawi wonten wadyabala ingkang boten anetepi ing kawajibanipun, kagantungan paukuman. Manawi wonten wadya ingkang kaleresan kagantungan ganjaran, utawi Prabu Darmasarana hanetepi ‘ber budi bawa leksana’, tegesipun, ber budi punika tansah hanggeganjar hangulawisudha ing wadya balanipun. Tegesipun ‘bawa laksana’

[11]

punika punapa ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat, kedah dipun laksanani. Panjenenganipun nata Prabu Yudayana ing Ngastina. Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :796: dumugi taun :809: Pambeganipun sarahita kaliyan darmahita. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, kaliyan remen dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken, para wadya bala ing Ngastina sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Hamatutaken aju unduring baris. Amewahi papangkataning prajurit. Sami ginala gala ing ngulik.

[12]

Manawi hangajar prang dhateng ing wana ngiras cangkrama. Kaliyan yen prang hangagem soratama sarta tansah hambingahaken wadya bala santana sadaya, amargi Prabu Yudayana hanetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, tansah hanggaganjar hangulawisudha, miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan hanin-dakaken ‘dana wesi asat’. Tegesipun, manawi nalika hangadili punika aming andanakaken kemawon, boten mawi pamrih punapa-punapa. Manawi andha-wahaken paukuman, boten mawi wigih-wigih. Manawi sampun kaleres kokum, boten ngetang putra santana kawula warga,

[13]

lajeng kapancasa engga amancas thuthukulan. Panjenenganipun nata Prabu Gendrayana, kala taksih jumeneng wonten ing Ngastina. Jumeneng kala ing taun sangkala :809: dumugi ing taun :824: Lajeng pindhah dhateng Mamenang kala ing taun sangkala :824: dumugi ing taun :839: Pambekanipun sarahita. Teges-ipun, ulah kaprajuritan. Ingkang kalampah-aken, sagunging wadya bala sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris. Amewahi papang-kataning prajurit. Manawi hangajar prang, wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ingajar lajeng sami ingupaboga. Wadya gung alit sami kinarsakaken prajurit. Manawi

[14]

hangajar prang, wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ingajar lajeng sami ingupaboga. Wadya gung alit sami kinarsakaken ing bojanandrawina wonten ing pancaniti. Saben dinten boten kenging lowong. Patraping pangadilan anindakaken dana wesi asat, patrapipun kados ingkang sampun kocap wonten ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang rayi Prabu Gendrayana, nama Prabu Sudarsana, jejuluk Prabu Yudayaka ing Ngastina. Jumeneng-ipun kala taun sangkala :824:

[15]

dumugi taun :838: Lajeng ngalih dhusun dhateng ing Jawa winastan ing Ngastina Enggal, kala ing taun sangkala :839: dumugi taun :840: Pambekanipun tanuhita kaliyan samahita. Tegesipun remen ulah kapandhitan, kaliyan remen ulah tata krami. Ingkang kalampahaken anggung amumulang wadya bala kinen sami hanetepi pratingkahing panembah. Sarta kawijang-wijang wijining agaminipun piyambak-piyambak, kadosta: ingkang agami Hendra inggih punapa sapatrapipun panembahipun agami Hendra. Ingkang agami Brahma, Wisnu, Kala, Siwah, Bayu, Sambu, patrapipun inggih punapa sapanembahipun piyambak-piyambak. Nadyan Prabu Yudayaka piyambak inggih anetepi ing panembahipun dhateng dewa.

[16]

Manawi wonten ingkang boten anetepi dhawuhing nata, kaplaksana sarta kagantungan paukuman. Manawi hangestokaken panem-bahipun mawi kagantungan ganjaran, amargi Prabu Yudayaka hanetepi ‘ber budi bawa laksana. Tegesipun anggung anggaganjar angula-wisudha ing wadya balanipun. ‘Bawa laksana’ hanetepi pangandikanipun ingkang sampun kawijil, boten kenging oncat, utawi merang yen tan kalampahan. Lam-pahing pangadilan taksih hanindak-aken ‘sama beda dana dhendha’. Patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau. Sarta hanggelaraken wuwulang tata kramining lalampahan, kapurih sami sageda nawung kridhaning saniskara,

[17]

kapatrapaken saking ‘ilat – ulat – ulah’. Patrapipun ing ‘ilat’, manawi hamuwus ingkang saged tata tembungipun ingkang titi wicaosan-ipun. Ingkang ngati-ati wedaling cacariyosanipun, ingkang saged amawas ing pasemon. Patrapipun ing ulat punika dipun pardi ingkang saged sumeh semunipun. Adamel remen rumaketing pawong mitra. Patrapipun ing ‘ulat’ ingkang saged tindak tanduk, ing wicara utawi ingkang saged patraping saniskara. Panjenenganipun nata Prabu Jaya-baya ing Mamenang, kasebut nama Bathara Aji Jayabaya, taksih hangadhaton ing Mamenang. Jume-nengipun kala ing taun sangkala :839: dumugi ing taun :873:

[18]

Ngalih kadhaton dhateng Dhusun Galuh tanah ing Mamenang, taksih winastan ing Mamenang. Pangalihipun kala ing taun sangkala :873: dumugi ing taun :886: Pambekanipun tanuhita, kali-yan samahita, miwah sarahita, tuwin darmahita. Tegesipun, remen ulah kapandhitan, remen dhateng pamuja, kaliyan karem ulah tata krami, miwah remen ulah kaprajuritan, tuwin remen ulah pangadilan. Ratu binathara titisipun Sang Hyang Wisnu. Ingkang kalampahaken tansah amumulang patraping pamuja, dhateng para putra santana punggawa tuwin para nata. Sarta anggelaraken jangka ning jaman ingkang dereng kalampahan ngantos dumugi ing dinten kiyamat,

[19]

amargi Prabu Jayabaya sampun puruita dhateng seh saking Arab, wasta Seh Ngali Samsuyen. Winulang rahsaning ngelmi makripat, miwah jangkaning jaman ingkang dereng kalampahan. Lajeng kagelaraken dhateng para putra kawula warga sadaya. Sarta remen hanyelakaken sakathahing para pandhita, tuwin hangraketaken para sujana, hane-bihaken para angkara murka. Kasusra kasudi-byanipun Prabu Jayabaya, malah para nata ingkang dereng kabawah sami anungkul boten kalawan pinukul prang. Sami kayungyun papoyaning kautaman. Tuhu yen ratu hamimpuni ing aguna, hanglimputi para marta, amatrapaken pari krama, amrih sukarenanipun sak siningrat sadaya.

[20]

Yen nalika mukul praja boten kalawan rekasa, sareh boten kasesa, ingkang mongka dadameling ngayuda, wiwit saking basa krama, wekasan sami anembah, utawi lampah-lampahing ngagesang punika wiwitan sami papathon sadaya. Lampahing pangadilan hanin-dakaken sama beda dana dhendha, utawi dana wesi asat. Amargi Prabu Jayabaya hanetepi ‘ber budi bawa laksana’, kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau. Kaliyan pauku-manipun wiwit boten kapesthi kokumipun, mawi kawijang wijining prakawis, awrat enthengipun ing dodosan, kadosta: tiyang colong pendhet, punika aming kawanakaken kemawon. Saminipun sami amawrat kathah kedhikipun ingkang kapendhet,

[21]

kadosta: kapipotong sapanunggi-lanipun, punika aming amanekaken sarta kadhendha kemawon. Ingkang kokum pejah punika inggih ingkang rajapejah kemawon, sapanunggi-lanipun. Sadaya sami kapathokan sadaya dening Bathara Aji Jayabaya, supados lestantuning karaharjaning nagari, amargi Prabu Jayabaya sampun kagungan pipiritan saking tanah Arab. Dados, Bathara Aji Jayabaya punika ing batos sampun islam, ananging ing lahiripun taksih anasabi. Mila sangsaya kasub kawignyanipun. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Yudayaka, nama Prabu Kijing-wahana, ajujuluk nama Prabu Sari-wahana, ing Ngastina. Jumenengipun kala ing taun sangkala :840: dumugi ing taun :858:

 [22]

Lajeng ngalih kadhaton dhateng Malawapati, tanah ing Medhangkamulan, kala ing taun sangkala :858: dumugi ing taun :860: Pambekanipun samahita kaliyan darmahita. Tegesipun, remen ulah tata krami kaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang dipun lampahaken anggung mumulang patraping tata krami, saged hangecani manahing sasami, amrih suka pirenaning wadya bala miwah sageda hamiluta dhateng para nata ingkang mancapraja, wekasan sami lulut asih sadaya, sarta anebihaken angkara murka, hanyelakaken para sujana tuwin para pandhita,

[23]

utawi remen hanglempakaken sakathahing cariyos, kaurutaken lampahipun. Para pujangga sakancanipun juru citra sami kinen hanggarap wonten ing papan. Lampahing pangadilan anin-dakaken sama beda dana dhendha, kaliyan dana wesi asat. Menggah patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Sariwahana nama Prabu Ajidarma ing Malawapati. Jumeneng-ipun nata kala ing taun sangkala :860: dumugi ing taun :866: Pambekanipun samahita kali-yan darmahita. Tegesipun remen ulah tata krami kaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken

[24]

anggung amumulang patraping tata krami. Saged hangecani manahing liyan, utawi andhap asor, tepa-tepa ing budi. Para wadya balanipun boten wonten ingkang sambat ngadhuh ngeres, amargi sami kalimputan dana paramartaning ratunipun. Mila wadya balanipun gung alit sami hangulahaken kagunan kasantikan, kasusastran, temah sami limpat ing cipta sasmita. Lampahing pangadilan taksih hanindakaken sama beda dana dhendha, utawi dana wesi asat. Tuwin anetepi ‘ber budi bawa laksana’, menggah patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Ajidarma nama Prabu Astradarma, ajujuluk nama Prabu Purusangkara, hangalih kedhaton dhateng ing Ngastina malih.

 [25]

Jumeneng nata kala ing taun sangkala :866: dumugi ing taun :868: Pambekanipun sarahita. Teges-ipun remen ulah kaprajuritan. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing aprang, pratingkah-ing gelar, sarta weweka dhateng samukawis. Patrap-patraping pra-tingkah, ngati-ati pranataning kraton. Para wadya balanipun temah sami widagda ing ngayuda. Putus ing reh parikrama kairingan sasamining nata. Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda dana dhendha, sarta anindakaken dana wesi hasat. Menggah patrapipun inggih taksih kados ingkang kasebat ing ngajeng wau. wesi

[26]

Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Jayabaya, nama Prabu Jayamijaya ing Mamenang. Jumeneng-ipun nata kala ing taun sangkala :886: ? (868) dumugi ing :890: Pambekanipun samahita kali-yan darmahita. Tegesipun remen ulah tata krami, kaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amamulang patraping tata krami, wedaling lesan, obahing badan. Sarta tepa-tepa, saged hangecani manahing liyan. Utawi hangati-ati wedaling wuwus, boten tilar wiweka. Hanengenaken ulah panglepasan. Sami putus salwiring suba sita, kaliyan amurih kara-harjaning nagari.

[27]

Sami tinata tataning pagriyan sauruting marga-marga, sami winangun binusana. Wawengkoning punggawa sinungan wisma ageng panggenaning wong lang-lang pringga. Pamengkuning wadya bala sadaya pinatut pamatahing karya. Boten wor suh sakathahing pada-melan. Sarta aremen hanyelakaken para sarjana sujana, sami kaecakaken manah-ipun. Anebihaken angkara murka, utawi pinacak ing papacuwan. Manawi wadya balanipun wonten ingkang angkara murka, lajeng winasesa, boten kalilan hangambah salebeting nagari. Sarta pinidana saengga ambucali ama. Utawi kados ambubuti dhukut katut malah oyotipun, boten wonten ingkang kantun. Lembat pambirating durjana dursila, sirna sami sakala. Manawi wonten wadya bala ingkang idhep kasujanan,

[28]

angidhep dhateng paparentahan, madhep dhateng sasembahan, punika anggung tampi ganjaran, taksih kinula wisudha. Mila wadya balanipun kathah ingkang sami nawung kridha sambegana. Tegesipun, ulah panglepasan kaliyan ulah kaengetaning manah. Prabu Jayamijaya anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Lampahing pang-adilan taksih anindakaken sama beda dana dhendha, utawi dana wesi hasat. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Jayamijaya, nama Prabu Jayamisesa ing Mamenang. Jumeneng-ipun nata kala ing taun sangkala :890: dumugi

[29]

ing taun :897: Pambekanipun sarahitakaliyan darmahita. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan, kaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amemulang pratingkahing aprang, miwah patraping gelar satunggal-tunggalipun, kamatuhaken sagunging wadya bala sadaya. Ananging Prabu Jayamisesa boten

angamungaken ulah kaptrajuritn kemawon, mawi ngrangkep remen ulah kasusastran, hangimpuni sakathahing cariyos ageng cariyos alit, sami kaklempak-aken dados satunggal. Lajeng kaurutaken ing lalampahanipun. Mila remen hanyelakaken para pandhita,

[30]

tuwin para sujana sarjana, ingkang sami tadhah kagunan, sami rinaketaken. Ingkang kinathik ipe nata, wasta Resi Sucitra, kaliyan hangathik para juru citra turunipun Empu Panuluh, kinen amemulang sakathahing aji jaya kawijayan. Miwah cakeping kawignyan, kasusastran, ginelaraken dhateng sagunging wadya bala, sadaya sami widagda. Lampahing pangadilan taksih anindakaken sama beda dana dhendha. Utawi menggah patrapipun kados ingkang kasebat ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Purusangkara, nama Prabu Anglingdarma, jejuluk nama Prabu Ajidarma ing Malawati, tanah ing Mamenang. Jumenengipun kala ing taun sangkala :890: dumugi ing taun :920: Pambeganipun tanuhita kaliyan darmahita.

[31]

Tegesipun, karem ulah kapandhitan, miwah remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amemulang patrap-patraping panembah, kaliyan anggelaraken kautamaning nata, kadosta: 1. Asring angganjar; 2. Remen angula wisudha ing wadya Remen angapura ing adosa; 4. Remen amranata lampah-lampahing nagari. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Anglingdarma, anama Prabu Anglingkusuma, ing Bojanegara. Jumenengipun kala ing taun sangkala :920: dumugi ing taun :923: Pambeganipun tanuhita kaliyan sarahita, tuwin darmahita. Teges-ipun, remen ulah kaprajuritan,

[32]

akaliyan karem ulah kapandhitan, akaliyan ulah tata krami amurih karaharjaning nagari kaliyan lestantuning panembah. Ingkang kalampahaken anggelaraken wewulang kadarmaning budi. Hanyelaka-ken para tapa, hang-raketaken kawula warga sami pinrih suka. Patraping pangadilan inggih taksih hanindakaken sama beda dana dhendha. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Anglingdarma, ingkang rayi Prabu Anglingkusuma, nama Prabu Danurwenda, nagari ing Kartanagara. Jumenengipun kala ing taun sangkala :920: dumugi ing taun :923: Pambeganipun sarahita kaliyan darmahita. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan,

[33]

kaliyan remen ulah dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken para wadya bala sami winulang tingkah-ing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar. Pinrih waskitha ing panempuh Amatuhaken aju unduring baris. Amewahi papang-kataning prajurit, sami ginala-gala ing ngulik. Manawi hangajar prang dhateng ing wana ngiras cangkrama. Sarta tansah ambi-ngahaken wadya bala santana sadaya, amargi Prabu Danurwenda anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, tansah angganjar angula-wisudha, miwah samuka-wis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Tegesipun, manawi nalika angadili punika aming kadanakaken kemawon.

[34]

Boten mawi pamrih punapa-punapa. Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wigah wigih. Manawi sampun kaleres kokum, boten mawi ngetang putra santana kawula warga. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Anglingkusuma, nama Prabu Gandakusuma ing Malawapati. Jumenengipun kala ing taun sangkala :920: dumugi taun :923: Pambeganipun ‘tanuhita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun remen ulah dhateng ing kapandhitan, akaliyan pangadilan, utawi tata krami. Ingkang kalampahaken anggung amumulang dhateng wadya bala, kinen anetepi

[35]

pratingkahing panembah. Nadyan Prabu Gandakusuma piyambak inggih anetepi ing panembahipun dhateng dewa. Manawi wonten ingkang boten anetepi dhawuhing nata kaplaksana sarta kagantungan paukuman. Manawi hangestokaken ing panembahipun, kagantungan ganjaran. Amargi Prabu Gandakusuma anetepi ‘bawa laksana’ (ber budi ?). Tegesipun, anggung angganjar angula-wisudha ing wadya-balanipun. ‘Bawa laksana’, anetepi pangandikanipun ingkang sampun kawijil, boten kenging uncat. Utawi merang yen tan kalampahan. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, patrapipun kados ingkang kasebat ing ngajeng wau.

[36]

Sarta anggelaraken wuwulang tata kramining lampah-lampah. Kapurih sami sageda nawung kridha saniskara, kapatrapaken saking ‘ilat-ulat-ulah’. Patrapipun ing ‘ilat’ manawi amuwus ingkang sageda ing tembungipun, ingkang titi wiraosipun, ingkang angati-ati wedaling cacariyosipun. Ingkang saged amawas ing pasemon, sapatrapipun ing ulat, punika dipun pardi ingkang saged sumeh semunipun, adamel resep rumaketing pawong mitra. Patrapipun ing ulah, ingkang saged tindak-tanduking wicara, utawi ingkang saged patraping saniskara.

[37]

Panjenenganipun Prabu Kusumawicitra. Ajujuluk nama Prabu Aji Pamasa, ingkang putra Prabu Jayamisesa ing Mamenang. Jumenengipun kala ing taun sangkala :924: dumugi ing taun :927: Sareng dumugining ing taun :928: ngalih kadhaton ing Pengging dumugi taun :952: Pambeganipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, kaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah wadya-balanipun sadaya sami winulang pratingkahing aprang, utawi pratikeling gelar. Sarta wiweka dhateng samukawis patrap-patraping pratingkah, ngati-ati patrap-patraping pratingkah, ngati-ati panataning karaton. Para wadya-balanipun temah sami widagda ing ngayuda, putus ing reh parikrama, kaeringan sasamining nata.

[38]

Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, sarta anindakaken ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun inggih taksih kados ingkang kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Kusumawicitra, ajujuluk nama Prabu Citrasana. Jumenengipun kala taun sangkala :953: dumugi ing taun :960: Pambeganipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan akaliyan remen ulah tata krami, tuwin remen ulah pangadilan. Ingkang kalam-pahaken anggung amamulang patraping tata krami.

[39]

Saged hangecani manahing liyan. Utawi, andhap asor, tepa-tepa ing budi. Para wadya-balanipun boten wonten ingkang sambat ngadhuh-ngeses, amargi sami kalimpudan dana paramartaning ratunipun. Mila wadyabalanipun gung alit sami angulahaken kagunan kasantikan, kasusastran, temah sami limpat ing cipta-sasmita. Lampahing pangadilan taksih hanindakaken ‘sama beda dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’, tuwin anetepi ‘ber budi bawa laksana. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Citrasoma, ajujuluk nama Prabu Pancadriya ing Pengging. Jumenengipun kala ing taun sangkala :961: dumugi ing taun :979:

[40]

Pambekanipun ‘tanuhita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan akaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amumulang patraping tata krami, kedhaling lesan, obah osiking badan, sarta tepa-tepa saged hangecani manahing kawula. Utawi hangati-ati wedaling wuwus. Boten tilar wiweka. Hanengenaken ulah panglepasan. Sami putus salwiring suba sita. Akaliyan amurih karaharjaning nagari, samya tinata tataning pagriyan. Saben sawa-wengkoning punggawa sinungan wisma ageng panggenaning wong langlang pringga. Pamengkuning wadya bala, sadaya sami pinatut patraping karya.

[41]

Boten wor suh sakathahing padamelan. Sarta remen hanyelakaken para sujana sarjana, sami kaecakaken manah-ipun. Anebihaken angkara murka. Utawi sami pinacak ing papacuhan. Manawi wonten wadya-balanipun ingkang angkara murka, lajeng sami winasesa. Boten kalilan angambah salebeting nagari. Sarta pinidana saengga ambucali ama. Utawi kados ambubuti dhukut katut oyotipun, boten wonten ingkang kantun. Lembat pambirating durjana dursila sirna sami sakala. Manawi wonten wadya bala ingkang idhep dhateng kasujanan hangidhep paparentahan punika anggung tampi ganjaran, tansah kinulawisudha.

[42]

Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun inggih kados ingkang kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Citrasoma, ajejuluk nama Prabu Pancadriya, ing Pengging. Jumenengipun kala ing taun sangkala :961: dumugi ing taun :979: Pambekanipun ‘tanuhita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan utawi karem ulah tata krami, tuwin dhateng para pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amamulang patrap-patraping panem-bah, kaliyan anggelaraken kau-tamaning nata. Kadosta: 1. Asring anggaganjar kaliyan remen; 2. Ulah angula-wisuda ing wadya bala; 3. Remen

[43]

angapura ing ngadosa; 4. Remen amranata lampah-lampahing nagari. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Anglingdriya, ajujuluk nama Prabu Sindhula, ing Galuh. Jumenengipun kala ing taun sangkala :982: dumugi ing taun :1019: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘samahita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan, tuwin remen ulah tata krami. Ingkang dipunlampah-aken anggung amumulang patraping tata krami. Saged angecani manahing sasami, amrih suka pirenaning wadya bala,

[44]

miwah saged amiluta dhateng para nata manca praja. Wekasan sami lulut asih sadaya. Sarta anebihaken para angkara murka, hanyelakaken para sujana tuwin para pandhita. Utawi remen anglempakaken saka-thahing carios kaurutaken lalam-pahanipun. Para pujangga sakancanipun juru citra sami kinen hanggarap wonten ing papan. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, kaliyan ‘dana wesi asat’. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Dipanata, ajujuluk nama Prabu Baka, ing Parambanan. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1015: dumugi ing taun :1017: Pambekanipun ‘sarahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan.

[45]

Ingkang kalampahaken dhateng para wadya kawula warga, sami kagulang pratingkahing paprangan santosaning ngayuda, sarta tataning wadya bala. Titi dhateng wawengkoning karaton. Ngati-ati dhateng lebet wedaling kagunganing nata. Manawi angga-ganjar dumunung ing damelipun. Lampahing pangadilan amung anindakaken ‘dana wesi asat’. Patraping dana, manawi anindak-aken pangadilan aming kadanaka-ken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa. ‘Wesi asat’ patrap-ipun manawi anindakaken pauku-man boten mawi wegah-wigih. Manawi sampun kaleres kokum, inggih lajeng kaukum. Nadyan putra santana manawi sampun kaleres kokum inggih boten sanes pukumanipun.

[46]

Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Darmapamasa, ajujuluk nama Prabu Darmamaya, ing Pengging. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1018: dumugi taun :1020: Pambekanipun ‘darmahita’ kaliyan ‘tanuhita’, saha ‘sarahita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan, utawi dhateng pangadilan, tuwin dhateng kaprajuritan. Ingkang dipunlampah-aken anggung memu-lang dhateng para wadya balanipun, pinrih sageda angeng-geni pambegan tigang prakawis wau. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’ kaliyan ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun inggih kados ingkang sampun kapratelakaken ing ngajeng.

[47]

Panjenenganipun nata Prabu Dewata Cengkar, ngadhaton ing Medhangkamulan. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1023: dumugi ing taun :1029: Pambekanipun ‘sarahita’. Te-gesipun karem ulah kaprajuritan. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang, miwah para wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing aprang, pratikeling gelar sarta wiweka dhateng samukawis. Patrap-patraping pra-tingkah, ngati-ati panataning karaton. Wadya balanipun temah sami widagda ing ngayuda. putus ing reh parikrama, kaeringan sasamining nata. Lampahing pangadilan taksih

[48]

anindakaken ‘ sama beda dana dhendha’ kaliyan ‘dana wesi asat’. Menggah patrap-ipun inggih kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata ingkang putra Empu Sangkala, ajujuluk nama Prabu Widhayaka, ing Medhangkamulan. Lajeng ngalih kadhaton ing Purwacarita. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1030: dumugi ing taun :1036: Pambekanipun ‘darmahita’ kaliyan ‘sarahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan utawi remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken, para wadya bala ing Purwacarita, sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris. [49] Hamewahi papangkataning prajurit, sami ginala-gala ing ngulik. Sarta tansah ambingahaken wadya bala santana sadaya. Amargi Prabu Widhayaka anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, tansah anggaganjar angulawisudha. Miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, kaliyan ‘dana wesi asat’. Tegesipun, manawi nalika hangadili punika aming kadanakaken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa. Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah wigih. Manawi sampun kaleres kokum boten mawi ngetang putra santana kawula warga. Lajeng kapancas saengga tetuwuhan

[50]

Panjenenganipun nata Prabu Suwelacala ingkang putra Prabu Anglingdriya, ing Purwacarita. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1044: dumuigi ing taun :1046: Pambekanipun ‘sarahita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalam-pahaken para wadya bala sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris. Amewahi pepangkataning prajurit, sarta ambingahaken wadya bala santana sadaya. Amargi Prabu Suwelacala anetepi ‘ber budi bawa laksana’.

[51]

Tegesipun, tansah anggaganjar miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘dana wesi asat’. Tegesipun, nalika angadili punika aming kadanakaken kemawon. Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah wigih. Manawi sampun kaleres kokum, boten mawi ngetang putra santana kawula warga. strategi Panjenenganipun nata Prabu Daneswara, nama Prabu Sri Mahapunggung. Ingkang putra Prabu Suwelacala, ing Purwacarita. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1046: dumugi ing taun :1061:

[52]

Pambekanipun ‘sarahita’ ‘darmahita’. Tegesipun karem ulah kaprajuritan tuwin dhateng pang-adilan, miwah patrap-patraping gelar. Pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju undur-ing baris. Amewahi papangkataning prajurit. Manawi angajar prang wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ing pangajar, lajeng sami ingupaboga. Wadya bala gung alit sami kinarsakaken bogandra-wina wonten ing pananiti. Saben dinten boten lowong. Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Patraping kados ingkang kasebat ing ngajeng. Panjenengnipun nata Prabu Sri Maha Punggung ingkang kaping kalih. Ingkang putra Prabu Daneswara ing Purwacarita. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1061: dumugi

[53]

taun :1078: Pambekanipun inggih ‘sara-hita’ ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan pangadilan. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah para kawula warga, sami kagulang pratingkahing gelar, santosaning ngayuda. Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Patrapipun, manawi anindakaken pangadilan aming kadanakaken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa. ‘Wesi asat’, patrapipun manawi anindakaken paukuman boten mawi wegah-wigih. Manawi sampun kaleres kokum, nadyan putra santana boten sanes paukumanipun.

[54]

Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Sri Maha Punggung kaping kalih, jejuluk nama Prabu Kandhiawan, ing Purwacarita. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1084: dumugi ing taun :1090: Pambekanipun ‘sarahita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan pangadilan. Ingkang dipunlampahaken, sagung-ing wadya bala sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap-patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris. Amewahi papangkataning prajurit. Manawi ngajar prang wonten ing wana ngiras cangkrama. Yen sampun luwar ing pangajar lajeng sami bojanandrawina wonten ing pancaniti, saben dinten boten

[55]

lowong. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘dana wesi asat’. Patrapipun kados ingkang kocap ing ngajeng. Panjenenganipun nata Prabu Tejalengkara, putranipun Prabu Jayalengkara, ing Majapura. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1090: dumugi ing :1094: Pambekanipun ‘sarahita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan akaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalam-pahaken dhateng para kadang miwah para kawula warga, sami kawulang pratingkahing gelar, miwah santosaning ngayuda, sarta tata tataning wadya bala. Titi dhateng wawengkoning karaton.

[56]

Ngati-ati lebet wedaling kagunganing nata. Manawi angganjar dumunung ing damel-ipun. Lampahing pangadilan amung nindakaken ‘dana wesi asat’. Patraping pangadilan aming andanakaken kemawon, boten mawi pamrih punpa-punapa. ‘Wesi asat’ patrapipun manawi anindakaken paukuman boten mawi wegah-wigih. Manawi sampun kaleres kokum, inggih lajeng kaukum. Nadyan putra santana, boten sanes paukumanipun. Panjenenganipun raja pandhita ing Jenggala, anama Resi Gathayu. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1094: dumugi ing taun :1109: Pambekanipun ‘tanuhita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan. Amurih karaharjaning nagari,

 [57]

tuwin rahayuning wadya balanipun. Ingkang kalampahken anggung amemulang pratingkahing panem-bah, sarta anebihaken para murka, anyelakaken para sujana. Saged hangecani manahing sasami, tuwin anggelaraken patraping tata krami. Patrapipun sakalangkung andhap asor, sarta amirahaken dana, lumintu sadinten-dintenipun. Miwah angling-kungi santosaning galih. Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, awekasan paramarta. Kadosta, yen wonten wadya bala ingkang kalepatan, ing sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun. Yen sampun, lajeng kaaksama. Panjenenganipun nata Prabu Lembu Amiluhur ingkang putra Resi Gathayu

[58]

ing Janggala. Jumenengipun nata Prabu Lembu Amiluhur wau anuju ing taun sangkala :1110: dumugi ing taun :1126: Pambekanipun ‘sarahita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan pang-adilan. ingkang kalampahaken tansah amemulang tingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris. Amewahi papang-kataning prajurit, sami ginala-gala ing ulik. Sarta tansah ambingah-aken wadya bala santana sadaya.

[59]

Tegesipun, tansah angga-ganjar angulawisudha, miwah samukawis ingkang sampun kadha-wahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘dana wesi asat’. Tegesipun, manawi hangadili, punika aming kadanakaken kemawon. Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah wigih. Manawi sampun kaleres kokum boten angetang putra santana kawula warga, lajeng kapancas saengga thethukulan. Panjenenganipun nata ingkang putra Prabu Lembu Amiluhur, anama Prabu Suryawisesa. Jume-nengipun kala ing taun sangkala :1144: dumugi ing taun :1156: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘samahita’ ‘darmahita’. Tegesipun karem ulah kaprajuritan

[60]

kaliyan ulah pangadilan tuwin tata krami. Ingkang kalampahaken anggung amemulang ing wadya balanipun, pinrih waskitha ing panempuh, miwah patrap-patraping gelar. amatuhaken aju unduring baris, amewahi papangkataning prajurit. Manawi angajar prang wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ing pangajar lajeng ingupa boga. Wadya gung alit sami kinarsakaken bojanandrawina wonten ing pancaniti. Saben dinten boten kendhat gaganjaran. Patraping pangadilan taksih anindakaken ‘dana wesi asat’. Patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau.

[61]

Panjenenganipun nata Prabu Laleyan, nama Prabu Suryamiluhur. Ingkang putra Prabu Suryawisesa. Ngadhaton ing Janggala. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1157: dumugi ing taun :1177: Pambekanipun ‘sarahita’ ‘sa-mahita’. Tegesipun, remen ulah kaprajuritan, akaliyan ulah tata krami. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing ngaprang, pratikeling gelar, sarta wiweka dhateng samukawis

[62]

patrap-patraping pratingkah. Ngati-ati tataning kara-ton. Para wadya balanipun temah sami widagda ing ngayuda, kae-ringan sasamaning nata. Lam-pahing pangadilan taksih anin-dakaken ‘sama beda dana dhendha’, sarta anindakaken ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun inggih taksih kados ingkang kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata Prabu Banjaransari, putranipun Prabu Mahesa Tandreman, ngadhaton ing Pajajaran. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1183: seweg dumugi ing taun:1186: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan. Ingkang kalam-pahaken anggung amemulang patraping ngayuda miwah patrap

[62]

pratikeling gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuh-aken aju unduring baris. Amewahi papangkataning prajurit. Manawi hangajar wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ing pangajar lajeng sami ingupaboga. Wadya gung alit sami kinarsakaken bojanandrawina, saben dinten boten lowong. Panjenenganipun nata Prabu Mundingsari, putranipun Prabu Banjaransari ing Pajajaran. Jumenengipun nata kala ing taun sangkala :1229: dumugi ing taun :1241: Pambekanipun ‘samahita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, karem ulah tata krami akaliyan remen ulah pang-adilan.

[63]

Ingkang kalam-pahaken anggung memulang patraping tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan, kaliyan karsa amamangkat kawirya-ning wadya bala. Amewahi pranataning punggawa. Kapatah patah ing damelipun. Kadosta, ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih sapanekaripun. Ingkang kajêjêrakên wadya mang-inte kewuh, inggih sapanekaripun, sapanunggilanipun kados makaten. Tuwin tansah winulang ing pang-lepasan. Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana, sarta anggelaraken ‘sama beda’. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Mundingwangi, putranipun Prabu Mundingsari.

[64]

Jumenengipun kala ing taun sangkala :1241: dumugi ing taun :1249: Pambekanipun ‘samahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah tata krami akaliyan remen ulah pangadilan, amurih karaharjaning praja tuwin rahayuning wadya balanipun. Ingkang kalampahaken anggung amumulang pratingkahing panembah, sarta anebihaken para murka. Hanyelakaken para sujana. Saged hangecani manahing sasami. Tuwin hanggelaraken patraping tata krami. Yen andhap boten kenging dipun andhapi, yen asor boten kenging dipun ungkuli. Sarta amirahaken dana, lumintu sadinten-dintenipun.

[65]

mirah hanglangkungi santosaning panggalih. Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, awekasan paramarta. Kadosta, yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun. Yen sampun lajeng kaaksama. Panjenenganipun nata Prabu Gandakusuma, putranipun Prabu Mundingwangi, apaparap Prabu Sundha Hanyakrawati. Kasebut Prabu Pamekas ing Pajajaran. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1249: dumugi ing taun :1282:

[66]

Pambekanipun ‘tanuhita’ ‘darmahita’ ‘samahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan, remen puruwita, kaliyan amemuja, akaliyan pangadilan, miwah tata krami. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan, kamang-genaken piyambak-piyambak. Kali-yan karsa amamangkat kawiryaning wadyabala, hamewahi pranataning punggawa. Kapatah-patah ing damelipun. Kadosta, ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih sapanekaripun. Ingkang kajêjêrakên wadya hanginte kewuh, inggih sapanekaripun, sapanunggilanipun kados makaten. Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing sipta sasmita. Kapurih sami sageda nawung kridha sambegana.

[67]

Sarta anggelaraken ‘sama beda’. Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Pratelanipun kados ingkang sampun kasebut ing nginggil wau. Sadaya lampah ingkang sampun kadhawahaken timbalaning nata ingkang sampun kagelaraken, manawi wonten wadya bala ingkang boten anetepi ing kawajibanipun, kagantungan paukuman. Manawi wonten wadya bala ingkang anetepi ing kawajibanipun, kagantungan ganjaran. Utawi Prabu Gandakusuma anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, ‘ber budi’ punika tansah hanggaganjar hangulawisudha ing wadyabalanipun. Tegesipun ‘bawa laksana’ punika

[68]

punapa ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat, kedah dipun Panjenenganipun nata Prabu Siyungwanara, nama Sri Maharaja Sakti, putranipun Prabu Gandakusuma ing Pajajaran. Jume-nengipun kala ing taun sangkala :1282: dumugi ing taun :1283: Pambekanipun ‘sarahita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun karem ulah kaprajuritan, akaliyan remen dhateng para pangadilan. ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, minrih waskitha ing panempuh. amatuhaken aju unduring baris. Amewahi papangkataning prajurit.

[69]

Manawi hangajar prang wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ing pangajar lajeng kinarsakaken bojanandrawina wonten ing pancaniti. Saben dinten boten kendhat paparingipun dhateng wadya bala. lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Panjenenganipun nata Prabu Jaka Suruh, jejuluk Prabu Bratana. Punika ugi putranipun Prabu Gandakusuma, ing Majapahit. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1283: dumugi ing taun :1298: Pambekanipun ‘sarahita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan pangadilan.

[70]

Ingkang kalampahaken anggung memulang ing wadya balanipun, pinrih wegig ing ngayuda, miwah patrap pratikeling gelar, sageda waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju undur-ing baris. Amewahi papangkatning prajurit, sami ginala gala ing ulik. Manawi angajar prang dhateng ing wana ngiras cangkrama. Sarta tansah ambingah-aken wadya bala santana sadaya. Amargi Prabu Jaka Suruh anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, tansah angganjar angula wisudha, miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘dana wesi asat’. Tegesipun, manawi angadili punika aming kadanakaken kemawon, boten mawi pamrih punapa-punapa.

[71]

Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah wigih. Manawi sampun kaleres kokum boten mawi ngetang putra santana kawula warga. Manawi sampun kaleres inggih lajeng katindakaken ing paukuman-ipun. Lampahing pang-adilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’. Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya kapisan ing Majapahit. Putranipun Prabu Bratana. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1300: dumugi ing taun :1315: Pambekanipun ‘sarahita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing ngayuda,

[72]

miwah patrap pratikeling gelar pinrih amatuhaken aju unduring baris, kaliyan anindakaken patraping pangadilan, sarta kedah patitis tindaking pangadilan. Amewahi papangkating prajurit. Manawi angajar wadya bala wonten salebeting praja. Sasampunipun luwar ing pangajaripun lajeng sami kaparingan gaganjaran. Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Panjenenganipun nata Prabu Bawijaya kaping kalih ing Majapahit. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1319: dumugi ing taun :1355: Pambekanipun ‘samahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, tansah ulah tata krami.

[73]

Kaliyan anindakaken lampahing pangadilan. ingkang kalampahaken anggung amemulang lampah-lampahing tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangdilan. Utawi karsa amamangkat kawiryaning wadya bala, amewahi pranataning pung-gawa, kapatah-patah ing pada-melanipun. Kadosta, ingkang kajêjêrakên wadya senapati, inggih sapanekaripun. Ingkang kajêjêrakên wadya manginte kewuh, inggih sapanekaripun. Sapanunggilanipun kados makaten. Tuwin tansah winulang panglepasan, wruh ing cipta sasmita. Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana, sarta anggelaraken ‘sama beda’. Lam-pahing pangadilan anindak-aken ‘dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’.

[74]

Pratelanipun kados ingkang kasebut ing nginggil wau. Sadaya dhawuhing nata ingkang sampun kagelaraken, manawi wonten wadya bala ingkang boten anetepi ing kawajibanipun kagantungan paukuman. Manawi wonten wadya ingkang anetepi ing kawajibanipun kagantungan ganjaran. Awit Prabu Brawijaya anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun,‘ber budi’ punika tansah anggung anggaganjar, angulawisudha ing wadya balanipun. Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya ingkang kaping tiga, ing Majapahit. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1355: dumugi ing taun :1370: Pambekanipun ‘darmahita’ kaliyan ‘samahita’. Tegesipun, anggung memulang lampahing tata krami,

[75]

akaliyan pangadilan. Amurih karaharjaning praja tuwin rahayuning wadya balanipun. Ingkang kalampahaken anggung memulang patrap pratikeling pangadilan. Utawi wadya balanipun kagulang tatas pratitising wicara, sarta saged hangecani manahing kawulanipun. Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda’, ‘dana dhendha’, awekasan paramarta. Yen wadya ingkang kalepatan, ing sanalika kapatrapaken ing kalepatanipun. Yen sampun lajeng kaaksama. Kang kaleresan ginanjar.

[76]

Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya ingkang kaping sekawan, ing Majapahit. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1370: dumugi ing taun :1374: Pambekanipun ‘samahita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, remen ulah tata krami kaliyan remen ulah dhateng para pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amemulang patrap pratingkahing tata krami. Sarta amamangkat kawiryaning wadya bala. Amewahi pranataning punggawa satunggal-satunggal. Kadosta, wadya senapati inggih dalah sapanekaripun. Ingkang kajêjêrakên wadya panginte kewuh, inggih sapanekaripun. Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing sipta sasmita, sarta anyelakaken para sarjana sujana, tuwin saged hangecani manahing sasami.

[77]

Miwah anglangkungi sentosaning panggalih. Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Tegesipun, tansah anggaganjar wadya balanipun. Panjenenganipun nata Prabu Brawijaya ingkang kaping gangsal ing Majapahit. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1374: dumugi ing taun :1440: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun karem ulah kapandhitan, tuwin dhateng para pangadilan. Amurih karaharjaning wadya balanipun. Ingkang kalampah-aken anggung memulang pratingkahing panembah. Sarta anebihaken para murka, hanyelakaken para sujana saged hangecani manahing

[78]

kawula. Tuwin anggelaraken tata krami. Yen sandhap boten kenging dipun andhapi, yen inggil boten kenging dipun ungkuli. Amirahaken dana, lumintu sadinten-dintenipun. Sarta anglangkungi santosaning panggalih. Yen sampun kapesthi ing karsa datan saged ewah. Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’. Yen wonten wadya ingkang kalepatan kapatrapaken ing paukumanipun. Yen sampun lajeng kaluwaran. Panjenenganipun nata Prabu Sah Ngalam Akbar ingkang kapisan. Punika ingkang putra Prabu Brawijaya ingkang kaping gangsal. Angadhaton ing Demak. Jumenengipun kala ing taun

[79]

sangkala :1440: dumugi ing taun :1445: Pambekanipun ‘tanuhita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah dhateng kapandhitan, akaliyan remen dhateng para pangadilan. Amurih karaharjaning nagari, tuwin rahayuning wadya balanipun. Ingkang kalampahaken tansah amemulang pratingkahing panembah, sarta anebihaken para murka, hanyelakaken para sujana. Saged angecani manahing kawula. Tuwin anggelaraken patraping tata krami. Miwah anglangkungi santosaning panggalih. Sarta amirahaken dana lumintu saben dinten. Sarta panggalihipun yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat.

[80]

Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’. Panjenenganipun nata Kanjeng Sultan Sah Ngalam Akbar ingkang kaping kalih, ingkang putra Kanjeng Sultan Sah Ngalam Akbar ingkang kaping pisan. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1445: dumugi ing taun :1447: Pambekanipun ‘tanuhita’, (‘darmahita’), ‘samahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan kaliyan ulah pengadilan, akaliyan tata krami. Amurih karaharjaning praja, tuwin rahayuning wadya balanipun. Ingkang kalampahaken anggung memulang pratingkahing pangadilan sarta anebihaken para murka, hanyelakaken para sujana. Tuwin anggelaraken patraping tata krami. Sarta saged angecani manahing sasami.

[81]

Yen sampun kapasthi ing karsa boten kenging kaewahan. Sarta amirahaken dana lumintu saben dinten-dintenipun. Miwah anglangkungi santosaning panggalih. Yen sampun kapesthi ing karsa boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, awekasan paramarta. Kadosta, yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing sanalika kapatrapan ing kalepatanipun. Yen sampun luwar ing paukumanipun lajeng kaaksama. Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Sah Ngalam Akbar ingkang kaping tiga. Punika ugi putranipun Sultan Sah Ngalam Akbar kapisan, ngadhaton ing Demak. Jumenengipun kala ing taun

[82]

sangkala :1447: dumugi ing taun :1480: Pambekanipun ‘tanuhita’ ‘sa-mahita’. Tegesipun karem ulah kapandhitan, akaliyan remen ulah tata krami. Ingkang kalampahaken anggung memulang dhateng wadya bala, kinen sami anetepi pratingkahing panembah. Sarta kawiyang-wiyang wijining agama-nipun. Nadyan Kangjeng Sultan Sah Ngalam Akbar piyambak inggih anetepi ing panembah. Manawi boten anetepi dhawuhing nata, lajeng kaplaksana sarta kagantungan paukuman. Manawi angestokaken ing panembahipun, kagantungan ganjaran. Amargi Kangjeng Sultan Sah Ngalam Akbar anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun anggung anggaganjar angula wisudha ing wadya balanipun.

[83]

‘Bawa laksana’ hanetepi pangandikanipun. Ingkang sampun kawijil boten kenging oncat. Utawi merang yen tan kalampahan. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’. Patrapipun kados ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Hadi Awijaya ing Pajang, ingkang putra Kyai Ageng Kebokenanga ing Pengging. Ngadhaton ing Pajang. Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :1503: dumugi ing taun :1536: Pambekanipun ‘tanuhita’ ‘dar-mahita’ ‘samahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan, remen purwita kaliyan amumuja, miwah tata krami,

[84]

tuwin pengadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan. Kaliyan karsa amamangkat kawiryaning wadya bala. Amewahi pranataning punggawa, kapatah-patah ing da-melipun. Kadosta, ingkang kajêjêr wadya senapati, inggih sapanekar-ipun. Ingkang kajêjêrakên wadya penginte kewuh, inggih sapa-nekaripun. Sapanunggilanipun, inggih makaten. Tuwin taksih winulang ing panglepasan, weruh ing cipta sasmita. Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana, sarta anggelaraken ‘sama beda’. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘dana dhendha’ utawi ‘dana wesi asat’. Pratelanipun kados ingkang kasebut ing nginggil wau.

[85]

Sadaya dhawahing nata ingkang sampun kagelaraken. Manawi wonten wadya bala ingkang boten anetepi ing kawajibanipun kagantungan pau-kuman. Manawi wonten ingkang kaleresan, kagantungan ganjaran. Utawi Kangjeng Sultan Hadi Awijaya anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun ‘ber budi’ punika tansah hanggaganjar hangulawisudha ing wadya balanipun. Tegesipun ‘bawa laksana’ punika punapa ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat, kedah dipun laksanani. Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Ngawantipura, ingkang putra Kangjeng Sultan Hadi Awijaya, ing Pajang. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1536: dumugi ing taun :1539: Pambekanipun ‘sarahita’ kali-yan ‘samahita’.

[86]

Tegesipun karem ulah kaprajuritan, akaliyan pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang para wadya bala ing Pajang. Sami winulang pratingkahing ngayuda, miwah patrap-patraping gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuh-aken aju unduring baris. Amewahi papangkataning prajurit, sami ginala-gala ing ulik. Manawi angajar prang dhateng wana, ngiras cangkrama. Sarta tansah ambingahaken wadya bala santana kawula warga sadaya. Amargi Prabu Ngawantipura anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, tansah anggaganjar angulawisudha ing wadya balanipun, miwah samukawis ingkang sampun kadhawahaken boten kenging oncat.

[87]

Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana wesi asat’. Tegesipun manawi hangadili punika aming kadhanakaken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa. Manawi andhawahaken paukuman boten mawi wegah wigih. Manawi sampun kaleres kokum, lajeng kapatrapaken ing paukumanipun. Boten ngetang kawula warga, manawi sampun kaleres ing kalepatanipun, inggih lajeng kapatrapaken Panjenenganipun nata Kangjeng Susuhunan Prabu Wijaya. Punika inggih putranipun Kangjeng Sultan Hadi Awijaya, ing Pajang. Jumenengipun kala ing taun sang-kala :1539: dumugi

[88]

 ing taun :1540: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, remen ulah kapandhitan akaliyan pang-adilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang dhateng wadya bala, kinen sami anetepi prating-kahing panembah. Nadyan Kangjeng Susuhunan Prabu Wijaya, inggih anetepi ing panembah. Manawi wonten wadya ingkang boten netepi dhawuhing nata, lajeng kaplaksana sarta kagantungan pau-kuman. Manawi angestokaken dhawuhing nata, kagantungan ganjaran. Utawi merang yen tan kalampahan. Amargi, Kangjeng Susuhunan Prabu Wijaya anetepi pangandikanipun ingkang sampun kawijil,

[89]

boten kenging oncat. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’. Patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau. Sarta anggelaraken wewulang tata kramining lampah-lampah, kapurih sageda nawung kridha saniskara, kapatrapaken saking ‘ilat, ulat, ulah’. Patrapipun ing ngilat, manawi amuwus ingkang sageda ing tembungipun, ingkang saged amawas ing pasemon. Utawi patrapipun ing ulat punika, dipun pardi ingkang saged sumeh semunipun. Ingkang ngati-ati weda-ling cacariyosan, adamel remen ru-maketing pawong mitra. Patrapipun ing ulah, ingkang saged tindak tanduking wicara. Utawi ingkang saged

[90]

patraping saniskara. Panjenenganipun Kangjeng Panembahan Senapati ing Ngalaga. Punika ingkang putra Ki Ageng ing Mataram. Inggih sampun angratu, nanging boten karsa anama ratu. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1540: dumugi ing taun :1544: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan, kaliyan pangadilan. Ingkang kalampahaken tansah amumulang ing wadya bala, sami winulang pratingkahing aprang, pratikeling gelar, sarta wiweka dhateng samukawis patrap-patraping pratingkah. Ngati-ati panataning karaton. Para wadya balanipun temah sami widagda ing ngayuda. Putus ing reh parikrama.

[91]

Kaeringan sasamining nata. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda dana dhendha', sarta anindakaken ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata Kangjeng Susuhunan Prabu Hanyakrawati. Punika ingkang putra Kangjeng Panembahan Senapati ing Mataram. Jumeneng-ipun kala ing taun sangkala :1543: dumugi ing taun :1553: Pambekanipun ‘sarahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun karem ulah kaprajuritan kaliyan pangadilan. Ingkang kalampahaken, para wadya bala kinen sami sageda tingkahing ngayuda, miwah patrap-patraping gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris.

[92]

Amewahi papangkataning jurit. Sarta tansah ambingahaken wadya bala santana sadaya. Awit, Kangjeng Sinuwun anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, tansah angga-ganjar angula wisudha ing wadya balanipun. Miwah aken boten kenging oncat. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘dana wesi asat’. Tegesipun, manawi angadili aming kadanak-aken kemawon. Boten mawi pamrih punapa-punapa. Manawi andha-wahaken paukuman boten mawi wegah-wigih. Manawi sampun kaleres kokum, boten mawi ngetang putra santana kawula warga sadaya. Manawi sampun kaleres ing paukumanipun

[93]

lajeng kapatrapaken. Panjenenganipun nata Kangjeng Sultan Agung Prabu Hanyakra Kusuma Senapati ing Ngalaga. Ingkang putra Prabu Hanyakrawati, ngadhaton ing Mataram. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1553: dumugi ing taun :1568: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan, kaliyan remen dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping pamuja. Tuwin saged angecani manahing kawula. Utawi lampahing pangadilan mawi kawiyang-wiyang wijining parka-wisipun. Amargi sami kalimpudan dana paramartaning ratunipun. Mila wadya balanipun

[94]

gung alit sami angulahaken kagunan kasantikan, temah sami limpat ing sipta sasmita. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Tuwin anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Amangkurat Kapisan, ingkang putra Kangjeng Sinuwun Sultan Agung, ngadhaton ing Mataram. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1568: dumugi ing taun :1600: Pambekanipun ‘samahita’ kaliyan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah tata krami, akaliyan pangadilan. ingkang kalampahaken anggung

[95]

memulang patraping tata krami. Saged angecani manahing sasami. Amrih suka pirenaning wadya bala miwah saged amiluta dhateng para nata manca praja, wekasan sami lulut asih sadaya. Sarta anebihaken angkara murka, anyelakaken para sujana tuwin para pandhita. Utawi remen anglempakaken sakathahing cariyos, kaurutaken lalampahan-ipun. Para pujangga sakancanipun juru citra sami kinen anggarap wonten ing papan. Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, kaliyan ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuwun Kangjeng

[96]

Susuhunan ing Ngalaga. Punika putranipun Kangjeng Susuhunan Amangkurat ingkang kapisan. Sareng jumeneng nata nama Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Mangkurat kaping kalih. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1601: sareng dumugi ing taun :1603: ngalih kadhaton ing Kartasura. Jumeneng-ipun kala ing taun :1603: dumugi ing taun :1627: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘darmahita’, ‘samahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan, remen puruwita kaliyan amumuja, miwah tata krami tuwin pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping tata krami, pratikeling pamuja, patitising pangadilan. Kaliyan karsa

[97]

amamangkat kawiryaning wadya bala, amewahi pranataning punggawa, kapatah-patah ing damelipun. Kadosta, ingkang kajêjêr-akên wadya senapati, inggih sapanekaripun. Inggih kajêjêr wadya manginte, inggih sapanekaripun. Sapanunggilanipun kados makaten. Utawi tansah winulang panglepasan, wruh ing sipta sasmita. Sami kapurih sageda nawung kridha sambegana. Sarta anggelaraken ‘sama beda’. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Pratelanipun kados ingkang kasebat ing nginggil wau. Sadaya dhawahing nata ingkang sampun kagelaraken boten kenging oncat. Sarta matrapaken paukuman. Manawi wonten wadya bala ingkang

[98]

boten anetepi ing kawajibanipun, kagantungan pau-kuman. Manawi wonten wadya bala ingkang anetepi ing kawajibanipun kagantungan ganjaran. Utawi Ingkang Sinuwun anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Tegesipun, ‘ber budi’ punika tansah anggung anggaganjar ing wadya balanipun. Tegesipun ‘bawa laksana’ punika, punapa ingkang sampun kadha-wahaken boten kenging oncat, ingkang kedah hangleksanani. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Amangkurat Mas. Punika ingkang putra Kangjeng Sinuwun Amangkurat kaping kalih, ngadhaton ing Kartasura. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1627: dumugi ing taun :1630: Pambekanipun

[99]

‘sarahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan. Ingkang kalampahaken, sagunging wadya bala sami winulang tingkahing ngayuda, miwah patrap-patraping gelar, pinrih waskitha ing panempuh. Amatuhaken aju unduring baris. Amewahi papangkataning prajurit. Manawi hangajar prang wonten salebeting praja. Yen sampun luwar ing pangajar lajeng sami ingupaboga. Wadya gung alit sami kinarsakaken ing pancaniti, saben dinten boten kendhat. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kapisan. Ingkang putra Kangjeng Sinuhun Amangkurat ingkang Kapisan, dados rayi Sinuhun Mangkurat kaping kalih,

[100]

ngadhaton ing Kartasura. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1630: dumugi ing taun :1643: Pambekanipun ‘tanuhita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan, kaliyan dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patrap-patraping panembah, kaliyan anggelaraken kautamaning nata. Kadosta, aring anggaganjar. Utawi remen angulawisudha ing wadya-bala. Remen angapura ing ngadosa. Remen amranata lampah-lampahing nagari. Lampahing pangadilan anindakaken ‘dana dhendha’, ‘sama beda’. Tegesipun, tansah angganjar ing wadya balanipun. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Amangkurat ingkang kaping tiga.

[101]

Punika ingkang putra Ingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kapisan, ngadhaton ing Kartasura. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1643: dumugi ing taun :1650: Pambekanipun ‘sarahita’ kali-yan ‘darmahita’. Tegesipun, karem ulah kaprajuritan akaliyan pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung amumulang pratingkahing aprang miwah patrap pratikeling gelar. Satunggal-tunggalipun kamatuhaken dhateng sagunging wadya bala sadaya. Ananging Kangjeng Sinuhun Amangkurat boten angamungaken ulah kapraju-ritan kemawon. Mawi ngrangkep remen ulah kasusastran. Hangim-puni sakathahing cariyos, ageng alit

[102]

sami kaklempak-aken dados satunggal, lajeng kaurutan lalampahanipun. Mila remen anyelakaken para pandhita tuwin para sujana sarjana ingkang sami tadhah kagunan. Sami rinaketaken ingkang sami kinathik ipe nata, kaliyan angathik juru citra, kinen amumulang sakathahing aji jaya kawijayan, miwah sangkeping kawignyan kasusastran. Ginelar-aken sagunging wadya bala, sadaya sami widagda. Lampahing pang-adilan taksih hanindakaken ‘sama beda dana dhendha’, utawi anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau.

[103]

Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping kalih. Punika putranipun Ingkang Sinuhun Amangkurat ingkang kaping tiga, ngadhaton ing Kartasura. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1650: dumugi ing taun :1667: Lajeng bedhahipun ing Kartasura, kajegan dening mengsah Jeng Susuhunan Mangkurat Prabu Kuning. Punika putranipun Kangjeng Pangeran Harya Tepasana. Dados kaleres wayahipun Sinuhun Amangkurat. Sareng saged anyirnakaken ratu seselan wau, ngadhaton ing Kartasura malih. jumenengipun kala ing taun sangkala :1668: dumugi ing taun :1670:

[104]

Boten antawis lami pindhah dhateng Surakarta, jumenengipun taksih tunggil warsa :1670: dumugi ing taun :1675: Pambekanipun ‘darmahita’ ‘sama-hita’. Tegesipun, remen ulah tata krami, akaliyan remen ulah pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping tata krami, kedhaling lisan, obah osiking badan, sarta tepa-tepa saged angecani manahing liyan. Utawi ngati-ati kedaling wuwus, boten tilar wiweka. Anengenaken ulah panglepasan. Sami putus salwiring subasita. Kaliyan amurih karahar-janing nagari. Sami tinata tataning pagriyan. Pamengkuning wadya bala sadaya pinatut pamatahing karya.

[105]

Boten wor suh sakathahing pandamelan. Sarta remen anyelakaken para sujana, sami kaecakaken manahipun. Sarta anebihaken angkara murka, utawi pinacak ing papacuwan. Manawi wadya balanipun wonten ingkang angkara murka, lajeng winisesa. Boten kalilan angambah salebeting nagari, sarta pinidana saengga bucali ama. Utawi kados ambubudi dhukut, katut dalah oyotipun. Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Menggah patrapipun inggih kados ingkang kasebut ing ngajeng. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping tiga.

[106]

Ingkang putra Kangjeng Sinuhun kaping kalih ing Surakarta. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1675: dumugi ing taun :1714: Pambekanipun ‘tanuhita’ ‘dar-mahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan tuwin dhateng pangadilan. Ingkang kalampahaken anggung memulang patraping pangadilan sarta patitising wicara. Saged hangecani manahing liyan. Utawi andhap asor, tepa-tepa ing budi. Para wadya balanipun boten wonten ingkang asasambat, amargi sami kalimpudan dana para-martaning ratunipun. Mila wadya balanipun gung alit sami angulahaken kagunan kasantikan, kasusastran, temah sami limpat ing sipta sasmita.

[107]

Lampahing pangadilan taksih anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, utawi ‘dana wesi asat’. Tuwin anetepi ‘ber budi bawa laksana’. Menggah patrapipun kados ingkang kasebut ing ngajeng wau. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping sekawan. Punika putranipun Ingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping tiga, ngadhaton ing Surakarta. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1714: dumugi ing taun :1747: Pambekanipun ‘tanuhita’ kali-yan ‘samahita’. Tegesipun, karem ulah kapandhitan kaliyan tata krami, amurih karaharjaning praja, tuwin rahayuning wadya balanipun. Ingkang kalampahaken anggung

[108]

memulang pratingkahing panembah, sarta anebihaken para murka, anyelakaken para sujana. Saged angecani manahing sasami, tuwin anggelaraken patraping tata krami. Sarta amirahaken dana, lumintu saben dinten-dintenipun. Miwah angling-kungi santosaning panggalih. Yen sampun kapesthi ing karsa, boten kenging oncat. Lampahing pangadilan anindak-aken ‘sama beda dana dhendha’, awekasan paramarta. Kadosta, yen wonten wadya ingkang kalepatan, ing nalika punika kapatrapaken ing paukumanipun. Yen sampun lajeng kaaksama. Panjenenganipun nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping gangsal.

[109]

Ingkang putra Kangjeng Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping sekawan, ing Surakarta. Jumenengipun kala ing taun sangkala :1748: dumugi ing taun :1751: Pambekanipun ‘sarahita’. Teges-ipun karem ulah kaprajuritan. Ingkang kalampahaken dhateng para kadang miwah para wadya balanipun sadaya, sami winulang pratingkahing aprang, pratikeling gelar, sarta wiweka dhateng samukawis patrap-patraping prating-kah. Ngati-ati panataning karaton. Para wadya balanipun temah sami widagda ing ngayuda, putus ing reh parikrama. Kaeringan sasamining nata. Lampahing pangadilan anindakaken ‘sama beda dana dhendha’, sarta anindakaken ‘dana wesi asat’.

[110]

Kaliyan tansah ambingahaken wadya balanipun, kapurih sageda nawung kridha sambegana.

 

 

 

 Imajiner Nuswantoro 


 

 

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)