KSIRASAGARAMANTHANA (Wirangrong)

0

KSIRASAGARAMANTHANA

(Wirangrong)



Wangun carita sinandi

Pinetheng dhuwung katongton

Samudra mantana werdinipun

Tirtamerta sari

Pan ingkang denupadya

Pra dewa lan pra asura


Ksirasagara winarni

Debudheg dening sang katong

Dewa myang asura gugur gunung

Ngupadi tirtadi

Wekasab regejegan 

Rebutan tirta amerta


Nguni Hyang Wisnu kaeksi

Anyangga hardi kang tinon

Mandara kang sinangga rumuhun

Amemba ing warni

Dadya sang kura-kura

Badhawang nala winarna


Gibet naga vasuki

Tinarik bangsa sakloron

Pehit cinekelan pra dewa gung

Sirah gya tinarik

Dening bangsa asura

Kadya angudheg mentega


Kahanan nganeh-anehi

Mijil jejimating katong

Sirah naga mijil upasipun

Halahala nami

Anyembur pra asura

Kang anggeret ing mastaka


Hyang Siwa denira nuli

Halahala gya sinerot

Saking pamothahing Sang Hyang Vishnu

Jangganira malih

Esnu biru warnanya

Karan Sang Hyang Nilakantha


Kariyin mijileng rukmi

Laksmi garweng Vishnu maton

Apsara kang widadari tuhu

Katri kang Baruni

Sang dewi kang anyipta

Inumaning lali jiwa


Kamadenu wujud sapi

Pinaringken Vishnu katong

Marang para Resi sedyanipun

Pinerah sayekti

Susu karya sasajyan

Maharsi myang pra brahmana


Airavata winarni

Gajah wujudira maton

Warni seta dadya titihipun

Sang Indra dewaji

Uchaisrawa kang Kuda

Sirah sapta darbyasura


Kastoba inten winarni

Daya makuthaning katong

Vishnu dewa ing makuthanipun

Parijotha ugi

Denasteng Indraloka

Wit kang langgeng ing kusuma


Sarangga gandewa adi

Agung dayanira maton

Hyang Vishnu darbe agemanipun

Apang Sangka ugi

Jyesta Dewi mamelas

Songsong kasta Hyang Baruna


Giwang darbening Aditi

Putra Sang Hyang Indra Katong

Kalpataru miwah nidra tuhu

Taranggana keksi

Lintang kang kadi kukang

Candra denagem Hyang Siwa


Dhanwatari kang kaeksi

Angasta kendhaga tinon

Dadya geger samya karsa nggadhuh

Tirta perwita di

Sinaut sang garudha

Hyang Vishnu cancut ing karsa


Sigra memba wujud putri

Mohini sulistyeng katon

Kasil ngasta tirta suci tuhu

Pra asura nuli

Swarbanu malih rupa

Dadya dewa ngalap tirta


Koning Hyang Surya winarni

Miwah Hyang Candra kawongwong

Sigra matur mohini satuhu

Sinawata nuli

Kang cakra sudarsana

Pedhot dhel Swarbanu jangga


Kagyat kang samya mirsani

Sirahnya gesang katongton

Tirta merta tekeng jangganipun

Mestakanya urip

Rahu dadya arannya

Badan Ketu aranira


Mider anglanglang himandi

Amangan Surya katongton

Miwah candra uga datan luput

Bisa uwal yekti

Merga bolong jangganya

Wasana dadya grahana


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)