SERAT WIDYA WASKITHA

0

SERAT WIDYA WASKITHA




Gya rinungu lamun antuk sabdatama, tegese tembung satembung ginagas jroning nala.

Pamrihe dimen urip dadi tata lan raharja, mengkone


Lamun urip amung dhemen nguja hawa

Dadine

Nora nana laku sabar lan narima

Umume

Urip rongeh sarwa kurang saben dina

Lakune


Paugeran tatakrama pancen nyata, 

Kanggone

Nuntun laku kang anjok miring tata susila

Arane

Jalma tama pethingane pra satriya

Ancase


Rina wengi kebak syukur jroning driya

Tentreme

Ati jenjem urip ayem tanpa godha

Dongane

Katibihna pancabaya lan pangadha

Sranane


Kabeh-kabeh kang tumuwuh dadya tanja

Carane

Diupakara mrih lestari widada

Dalane

Aywa supe ndedonga mring Kang Kuwasa

Tentreme


Urip iku mung sadrema mbudidaya

Sarate

Ditaberi nggonira sregep makarya

Gunane

Urip cukup nora golek mrana-mrans

Nyatane


Kembang randhu ywa kemaruk polahira

Lekase

Ulat madhep ati katep tur prasaja gamane

Watak jujur jroning nala ngudarasa

Ampuhe


Aja wedi mbudidaya lan rekasa suprihe

Apa kang sinedya bisa kasembadan

Taline

Atetekan tekun murih bisa tekan

Sedyane


Ati siji lila legawa ing driya

Tangsule

Tajem tumanem tan teguh ing pangodha

Dayane

Bisa mimbuhi karekat ingkang Mulya

Ing tembe


Awya mingkuh tetep puguh jangkanira

Cahyane

Gumebyar mancorong pinangka

Sarana

Urube

Tekad gedhe bener becik kang sinedya

Arahe

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)