PITUTUR PENGANTEN ENGGAL

0

PITUTUR PENGANTEN ENGGAL




Bebakale arsa palakrama

Dwi nala gumolong

Madhep mantep manunggal sedayane

Nora kena ngrasa walangkapi

Golong gilig yekti

Sru tulus ing kalbu


Lamun yen ta, wus nunggal sayekti

Tansah mong-kinemong

Silih asih ing saben dinane

Esem tansah cumithak ing lathi

Silih amigati

Mring karemanipun


Tansah sabar ing sabarang karti

Aja gampang kagol

Gya dirembug, kepriye becike

Murih slaras kekapining ati

Jumbuh klawan Karsi

Kudu suyuk rukun

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)