PITUTUR DJOWO KUNO

0

PITUTUR DJOWO KUNO



OJO GELO DILARANI

OJO GELO DIAPUSI

OJO GELO DICOCOTI

OJO GELO DIPAEKO

OJO GELO DIELEK-ELEK

OJO GELO DISIO-SIO

TETEP DADIO WONG APIK, APIK MARANG TITAHE GUSTI UGO APIK MARANG SAK PODHO-PODHO 

AMERGA DADI WONG APIK ORA ENEK RUGINE

URIP KUI MUBENG KOYODENE CAKROMANGGILINGAN, KABEH ONO WAYAH, KABEH ONO SAMPUR BAGIANE, KABEH BAKAL NGUNDUH WOHING PAKERTI


Wong Nrimo, Uripe Dowo

Wong Sabar, Rejekine Jembar

Wong Ngalah, Uripe bakal Berkah 

Sopo Sing Jujur, Uripe Makmur

Sopo Sing Suloyo, Uripe Sengsoro

Sopo Sing Sombong, Amale Bakal Kobong

Sopo Sing Telaten, Bakal Panen 

Ojo Podo Ngresulo, Mundak Gelis Tuwo

Sing Wes Lungo, Lalekno 

Sing Durung Teko, Entenono 

Sing Wis Teko, Syukurono

Iki pituture wong Djowo Kuno, ojo nganti lali, eling-elingono lan lakonono


Sejatine Urip iku amung perkoro sawang sinawang 

Sing ketok e penak urung mesti penak

Sing ora nduwe yo urung mesti gak nduwe 

Sing penting biso nyukuri opo sing ono


Urip iku sak dermo mampir ngombe

Yen ora biso ojo dipekso 

Dioyak sansayo adoh

Digelani ora bali 

Dipikir dadi kentir

Kabeh mau wes ono Sing Ngatur yoiku Sing Ngecet Lombok


Ojo lali ngrumat ati

Njogo landepe lati

Supoyo Gusti tansah krasan 

Jumeneng neng jero ati 


Ojo repot-repot ngurusi wong liyo 

Urusen anakmu dewe

Ben diajeni sak podo-podo manungso


Ojo ngaku pinter yen durung biso nggoleki lupute awake dewe 

Ojo ngaku unggul yen isih seneng ngrasokake wong liyo

Ojo ngaku suci yen durung biso manunggal ing Gusti


Sak apik-apike tumindhak mesti bakal ono wong sing maidho lan rasan-rasan 

Tetepo mlaku

Tetepo ngguyu

Lakoni dalan sae

Sing wis diyakini lan mugi dadi dalan berkahe Gusti Kang Akaryo Jagad 


Sing kulite ireng durung karuwan peteng nalar lan batine 

Sing kulite putih durung karuwan padhang pikire lan atine 

Ojo mung mandangi rai 

Nganti lali madhangi ati


Ngelmu tambah duwar tataran ngelmu tambah jembar wawasanipun

Tambah cedhake siro marang Gusti, wis sak mesteni tambahe andap asor lakune lan ngertos sajatine kito dudu sopo lan raiso opo

Ora duweni opo-opo tanpo oleh pitulunganipun Gusti Pengeran  Allah


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)