ISI RAMALAN JAYABAYA

0

ISI RAMALAN JAYABAYA 




1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran - Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.

2. Tanah Jawa kalungan wesi -- Pulau Jawa berkalung besi.

3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang -- Perahu berjalan di angkasa.

4. Kali ilang kedhunge -- Sungai kehilangan mata air.

5. Pasar ilang kumandhang -- Pasar kehilangan suara.

6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak -- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.


7. Bumi saya suwe saya mengkeret -- Bumi semakin lama semakin mengerut.

8. Sekilan bumi dipajeki -- Sejengkal tanah dikenai pajak.

9. Jaran doyan mangan sambel -- Kuda suka makan sambal.

10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang -- Orang perempuan berpakaian lelaki.

11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman -- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik.


12. Akeh janji ora ditetepi -- Banyak janji tidak ditepati.

13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe -- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.

14. Manungsa padha seneng nyalah -- Orang-orang saling lempar kesalahan.

15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi -- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi (Gusti Allah swt)

16. Barang jahat diangkat-angkat -- Yang jahat dijunjung-junjung.

17. Barang suci dibenci -- Yang suci (justru) dibenci.

18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit -- Banyak orang hanya mementingkan uang.

19. Lali kamanungsan -- Lupa jati kemanusiaan.

20. Lali kabecikan -- Lupa hikmah kebaikan.

21. Lali sanak lali kadang -- Lupa sanak lupa saudara.

22. Akeh bapa lali anak -- Banyak ayah lupa anak.

23. Akeh anak wani nglawan ibu -- Banyak anak berani melawan ibu.

24. Nantang bapa -- Menantang ayah.

25. Sedulur padha cidra -- Saudara dan saudaratidak adil.

26. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil -- Banyak pejabat jahat dan ganjil

27. Akeh kelakuan sing ganjil -- Banyak ulah-tabiat ganjil

28. Wong apik-apik padha kapencil -- Orang yang baik justru tersisih.

29. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin -- Banyak orang kerja jujur justru merasa malu.

30. Luwih utama ngapusi -- Lebih mengutamakan menipu.

31. Wegah nyambut gawe -- Malas untuk bekerja.

32. Kepingin urip mewah -- Inginnya hidup mewah.

33. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka -- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.

34. Wong bener thenger-thenger -- Orang (yang) benar termangu-mangu.

35. Wong salah bungah -- Orang (yang) salah gembira ria.

36. Wong apik ditampik-tampik -- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).

37. Wong jahat munggah pangkat -- Orang (yang) jahat naik pangkat.

38. Wong agung kasinggung -- Orang (yang) mulia dilecehkan

39. Wong ala kapuja -- Orang (yang) jahat dipuji-puji.

40. Wong wadon ilang kawirangane -- perempuan hilang malu.

41. Wong lanang ilang kaprawirane -- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.

42. Akeh wong lanang ora duwe bojo -- Banyak laki-laki tak mau beristri.

43. Akeh wong wadon ora setya marang bojone -- Banyak perempuan ingkar pada suami.

44. Akeh ibu padha ngedol anake -- Banyak ibu menjual anak.

45. Akeh wong wadon ngedol awake -- Banyak perempuan menjual diri.

46. Akeh wong ijol bebojo -- Banyak orang gonta-ganti pasangan.

47. Wong wadon nunggang jaran -- Perempuan menunggang kuda.

48. Wong lanang linggih plangki -- Laki-laki naik tandu.

49. Randha seuang loro -- Dua janda harga seuang (seuang = 8,5 sen).

50. Prawan seaga lima -- Lima perawan lima picis.

51. Dhudha pincang laku sembilan uang -- Duda pincang laku sembilan uang.

52. Akeh wong ngedol ngelmu -- Banyak orang berdagang ilmu.

53. Akeh wong ngaku-aku -- Banyak orang mengaku diri.

54. Njabane putih njerone dhadhu -- Di luar putih di dalam jingga.

55. Ngakune suci, nanging sucine palsu -- Mengaku suci, tapi palsu belaka.

56. Akeh bujuk akeh lojo -- Banyak tipu banyak muslihat.

57. Akeh udan salah mangsa -- Banyak hujan salah musim.

58. Akeh prawan tuwa -- Banyak perawan tua.

59. Akeh randha nglairake anak -- Banyak janda melahirkan bayi.

60. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne -- Banyak anak lahir mencari bapaknya.

61. Agama akeh sing nantang -- Agama banyak ditentang.

62. Prikamanungsan saya ilang -- Perikemanusiaan semakin hilang.

63. Omah suci dibenci -- Rumah suci dijauhi.

64. Omah ala saya dipuja -- Rumah maksiat makin dipuja.

65. Wong wadon lacur ing ngendi-endi -- Perempuan lacur dimana-mana.

66. Akeh laknat -- Banyak kutukan.

67. Akeh pengkianat -- Banyak pengkhianat.

68. Anak mangan bapak -- Anak makan bapak.

69. Sedulur mangan sedulur -- Saudara makan saudara.

70. Kanca dadi mungsuh -- Kawan menjadi lawan.

71. Guru disatru -- Guru dimusuhi.

72. Tangga padha curiga --Tetangga saling curiga.

73. Kana-kene saya angkara murka -- Angkara murka semakin menjadi-jadi.

74. Sing weruh kebubuhan -- Barangsiapa tahu terkena beban.

76. Sing ora weruh ketutuh -- Sedang yang tak tahu disalahkan.

77. Besuk yen ana peperangan -- Kelak jika terjadi perang.

78. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor -- Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.

79. Akeh wong becik saya sengsara -- Banyak orang baik makin sengsara.

80. Wong jahat saya seneng -- Sedang yang jahat makin bahagia.

81. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul -- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.

82. Wong salah dianggep bener -- Orang salah dipandang benar.

83. Pengkhianat nikmat -- Pengkhianat nikmat.

84. Durjana saya sempurna -- Durjana semakin sempurna.

85. Wong jahat munggah pangkat -- Orang jahat naik pangkat.

86. Wong lugu kebelenggu -- Orang yang lugu dibelenggu.

87. Wong mulya dikunjara -- Orang yang mulia dipenjara.

88. Sing curang garang -- Yang curang berkuasa.

89. Sing jujur kojur -- Yang jujur sengsara.

90. Pedagang akeh sing keplarang -- Pedagang banyak yang tenggelam.

91. Wong main akeh sing ndadi -- Penjudi banyak merajalela.

92. Akeh barang haram -- Banyak barang haram.

93. Akeh anak haram -- Banyak anak haram.

94. Wong wadon nglamar wong lanang -- Perempuan melamar laki-laki.

95. Wong lanang ngasorake drajate dhewe -- Laki-laki memperhina derajat sendiri.

96. Akeh barang-barang mlebu luang -- Banyak barang terbuang-buang.

97. Akeh wong kaliren lan wuda -- Banyak orang lapar dan telanjang.

98. Wong tuku ngglenik sing dodol -- Pembeli membujuk penjual.

99. Sing dodol akal okol -- Si penjual bermain siasat.

100. Wong golek pangan kaya gabah diinteri -- Mencari rizki ibarat gabah ditampi.

101. Sing kebat kliwat -- Yang tangkas lepas.

102. Sing telah sambat -- Yang terlanjur menggerutu.

103. Sing gedhe kesasar -- Yang besar tersasar.

104. Sing cilik kepleset -- Yang kecil terpeleset.

105. Sing anggak ketunggak -- Yang congkak terbentur.

106. Sing wedi mati -- Yang takut mati.

107. Sing nekat mbrekat -- Yang nekat mendapat berkat.

108. Sing jerih ketindhih -- Yang hati kecil tertindih

109. Sing ngawur makmur -- Yang ngawur makmur

110. Sing ngati-ati ngrintih -- Yang berhati-hati merintih.

111. Sing ngedan keduman -- Yang main gila menerima bagian.

112. Sing waras nggagas -- Yang sehat pikiran berpikir.

113. Wong tani ditaleni -- Orang (yang) bertani diikat.

114. Wong dora ura-ura -- Orang (yang) bohong berdendang.

115. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane -- Raja ingkar janji, hilang wibawanya.

116. Bupati dadi rakyat -- Pegawai tinggi menjadi rakyat.

117. Wong cilik dadi priyayi -- Rakyat kecil jadi priyayi.

118. Sing mendele dadi gedhe -- Yang curang jadi besar.

119. Sing jujur kojur -- Yang jujur celaka.

120. Akeh omah ing ndhuwur jaran -- Banyak rumah di punggung kuda.

121. Wong mangan wong -- Orang makan sesamanya.

122. Anak lali bapak -- Anak lupa Ayah.

123. Wong tuwa lali tuwane -- Orang tua lupa ketuaan mereka.

124. Pedagang adol barang saya laris -- Jualan pedagang semakin laris.

125. Bandhane saya ludhes -- Namun harta mereka makin habis.

126. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan -- Banyak orang mati lapar di samping makanan.

127. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara -- Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.

128. Sing edan bisa dandan -- Yang gila bisa bersolek.

129. Sing bengkong bisa nggalang gedhong -- Si bengkok membangun mahligai.

130. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil -- Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.

131. Ana peperangan ing njero -- Terjadi perang di dalam.

132. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham -- Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.

133. Durjana saya ngambra-ambra -- Kejahatan makin merajalela.

134. Penjahat saya tambah -- Penjahat makin banyak.

135. Wong apik saya sengsara -- Yang baik makin sengsara.

136. Akeh wong mati jalaran saka peperangan -- Banyak orang mati karena perang.

137. Kebingungan lan kobongan -- Karena bingung dan kebakaran.

138. Wong bener saya thenger-thenger -- Si benar makin tertegun.

139. Wong salah saya bungah-bungah -- Si salah makin sorak sorai.

140. Akeh bandha musna ora karuan lungane -- Banyak harta hilang entah ke mana.

141. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe -- Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.

142. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram -- Banyak barang haram, banyak anak haram.

143. Bejane sing lali, bejane sing eling -- Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.

144. Nanging sauntung-untunge sing lali -- Tapi betapapun beruntung si lupa.

145. Isih untung sing waspada -- Masih lebih beruntung si waspada.

146. Angkara murka saya ndadi -- Angkara murka semakin menjadi.

147. Kana-kene saya bingung -- Di sana-sini makin bingung.

148. Pedagang akeh alangane -- Pedagang banyak rintangan.

149. Akeh buruh nantang juragan -- Banyak buruh melawan majikan.

150. Juragan dadi umpan -- Majikan menjadi umpan.

151. Sing suwarane seru oleh pengaruh -- Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.

152. Wong pinter diingar-ingar -- Si pandai direcoki.

153. Wong ala diuja -- Si jahat dimanjakan.

154. Wong ngerti mangan ati -- Orang yang mengerti makan hati.

155. Bandha dadi memala -- Hartabenda menjadi penyakit

156. Pangkat dadi pemikat -- Pangkat menjadi pemukau.

157. Sing sawenang-wenang rumangsa menang -- Yang sewenang-wenang merasa menang

158. Sing ngalah rumangsa kabeh salah -- Yang mengalah merasa serba salah.

159. Ana Bupati saka wong sing asor imane -- Ada raja berasal orang beriman rendah.

160. Patihe kepala judhi -- Maha menterinya benggol judi.

161. Wong sing atine suci dibenci -- Yang berhati suci dibenci.

162. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat -- Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.

163. Pemerasan saya ndadra -- Pemerasan merajalela.

164. Maling lungguh wetenge mblenduk -- Pencuri duduk berperut gendut.

165. Pitik angrem saduwure pikulan -- Ayam mengeram di atas pikulan.

166. Maling wani nantang sing duwe omah -- Pencuri menantang si empunya rumah.

167. Begal pada ndhugal -- Penyamun semakin kurang ajar.

168. Rampok padha keplok-keplok -- Perampok semua bersorak-sorai.

169. Wong momong mitenah sing diemong -- Si pengasuh memfitnah yang diasuh

170. Wong jaga nyolong sing dijaga -- Si penjaga mencuri yang dijaga.

171. Wong njamin njaluk dijamin -- Si penjamin minta dijamin.

172. Akeh wong mendem donga -- Banyak orang mabuk doa.

173. Kana-kene rebutan unggul -- Di mana-mana berebut menang.

174. Angkara murka ngombro-ombro -- Angkara murka menjadi-jadi.

175. Agama ditantang -- Agama ditantang.

176. Akeh wong angkara murka -- Banyak orang angkara murka.

177. Nggedhekake duraka -- Membesar-besarkan durhaka.

178. Ukum agama dilanggar -- Hukum agama dilanggar.

178. Prikamanungsan di-iles-iles -- Perikemanusiaan diinjak-injak.

179. Kasusilan ditinggal -- Tata susila diabaikan.

180. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi -- Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.

181. Wong cilik akeh sing kepencil -- Rakyat kecil banyak tersingkir.

182. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil -- Karena menjadi kurban si jahat si laknat.

183. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit -- Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.

184. Lan duwe prajurit -- Dan punya prajurit.

185. Negarane ambane saprawolon -- Lebar negeri seperdelapan dunia.

186. Tukang mangan suap saya ndadra -- Pemakan suap semakin merajalela.

187. Wong jahat ditampa -- Orang jahat diterima.

188. Wong suci dibenci -- Orang suci dibenci.

189. Timah dianggep perak -- Timah dianggap perak.

190. Emas diarani tembaga -- Emas dibilang tembaga.

191. Dandang dikandakake kuntul -- Gagak disebut bangau.

192. Wong dosa sentosa -- Orang berdosa sentosa.

193. Wong cilik disalahake -- Rakyat jelata dipersalahkan.

194. Wong nganggur kesungkur -- Si penganggur tersungkur.

195. Wong sregep krungkep -- Si tekun terjerembab.

196. Wong nyengit kesengit -- Orang busuk hati dibenci.

197. Buruh mangluh -- Buruh menangis.

198. Wong sugih krasa wedi -- Orang kaya ketakutan.

199. Wong wedi dadi priyayi -- Orang takut jadi priyayi.

200. Senenge wong jahat -- Berbahagialah si jahat.Susahe wong cilik---> Bersusahlah rakyat kecil.

201. Akeh wong dakwa dinakwa -- Banyak orang saling tuduh.

202. Tindake manungsa saya kuciwa -- Ulah manusia semakin tercela.

203. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi -- Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.

204. Wong Jawa kari separo -- Orang Jawa tinggal setengah.

205. Landa-Cina kari sejodho -- Belanda - Cina tinggal sepasang.

206. Akeh wong ijir, akeh wong cethil -- Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.

207. Sing eman ora keduman -- Si hemat tidak mendapat bagian.

208. Sing keduman ora eman -- Yang mendapat bagian tidak berhemat.

209. Akeh wong mbambung -- Banyak orang berulah dungu.

210. Akeh wong limbung -- Banyak orang limbung.

211. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka -- Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)